-
Markus 14:66-68Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
66 Wektu Pétrus ana ing halaman, ana pembantuné wédok imam agung sing mara.+ 67 Pas ndelok Pétrus ing cedhak geni, wong wédok kuwi ngamati Pétrus, terus kandha, ”Kowé kan ya kancané Yésus wong Nazarèt kuwi, ta?” 68 Ning, Pétrus ora ngaku. Pétrus kandha, ”Aku ora kenal dhèwèké. Kowé kuwi ngawur.” Bar kuwi, Pétrus metu menyang gerbang.
-
-
Lukas 22:55-57Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
55 Ing tengah halaman omah kuwi, wong-wong nyumet geni lan lungguh ing sekitaré. Pétrus ya lungguh bareng karo wong-wong kuwi.+ 56 Tapi, ana pembantu wédok ndelok Pétrus lungguh ing cedhak geni. Dhèwèké ngamati Pétrus lan kandha, ”Wong iki kancané wong kuwi.” 57 Ning, Pétrus ora ngaku. Pétrus kandha, ”Dudu. Aku ora kenal dhèwèké.”
-