PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wulang Bebasan 15:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Jawaban sing alus nggawé wong dadi ora nesu manèh,+

      Ning omongan sing kasar* nggawé wong dadi nesu.+

  • Galatia 6:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Sedulur-sedulur, nèk ana wong sing ora sadhar nèk tumindaké ngarah marang sing salah, kowé sing dituntun roh suci kudu mbantu dhèwèké supaya nindakké sing bener manèh. Kowé kudu alus wektu mbantu wong kuwi.+ Kowé ya kudu ngati-ati+ bèn ora kegodha nindakké sing salah.+

  • Éfésus 4:1, 2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Aku, sing dipenjara+ merga dadi muridé Gusti, njaluk supaya kowé njaga tumindakmu bèn kowé pantes+ dadi wong-wong sing dipilih karo Gusti Allah. 2 Kowé kudu terus rendah hati,+ nduwé watak sing alus, lan sabar+ karo liyané merga tresna.+

  • 1 Timotius 6:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Ning kowé, abdiné Gusti Allah, kowé kudu ngedohi kabèh kuwi. Kowé kudu ngupaya tenanan kanggo ngabdi marang Gusti Allah lan nindakké apa sing bener. Kowé ya kudu ngupaya tenanan bèn nduwé iman, katresnan, kesabaran, lan watak sing alus.+

  • 2 Timotius 2:24, 25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Budhaké Gusti ora perlu padu, ning kudu alus marang kabèh wong,+ trampil wektu mulang, ora balas dendam wektu ana sing tumindak ora apik marang dhèwèké,+ 25 lan alus wektu mulang wong-wong sing seneng mbrontak,+ merga mungkin Gusti Allah bakal ngéntukké wong-wong kuwi mertobat lan akhiré nduwé pengetahuan sing bener soal apa sing bener.+

  • 1 Pétrus 3:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Kowé kudu ngakoni ing atimu nèk Kristus kuwi Gusti lan dhèwèké kuwi suci. Kowé kudu siap mènèhi jawaban marang wong-wong sing takon karo kowé soal harapanmu. Ning, kowé kudu alus+ lan ngajèni wektu njawab.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim