-
Yudas 12, 13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Wektu wong-wong kuwi ana bareng kowé ing pésta-péstamu,*+ wong-wong kuwi kaya watu sing berbahaya ing njero banyu, kaya gembala sing mung mikirké kepentingané dhéwé,*+ kaya méga sing kena angin tapi ora dadi udan,+ lan kaya wit sing ora metu buahé pas musimé, sing wis bener-bener mati* lan akaré dicabut. 13 Wong-wong kuwi kaya ombak gedhé ing laut sing nggawa regedan ing pantai, lan kuwi kuduné nggawé wong-wong mau isin.+ Wong-wong mau ya kaya bintang sing ora ana jaluré, sing didèlèhké ing petengan kanggo saklawasé.+
-