1 Samuèl
26 Terus, wong-wong Zif+ marani Saul ing Gibéah+ lan kandha, ”Daud lagi ndhelik ing Bukit Hakhila sing ngadhep Yésyimon.”*+ 2 Saul terus lunga menyang Padhang Belantara Zif+ bareng karo 3.000 wong pilihan saka Israèl merga arep nggolèki Daud ing kana. 3 Saul kémah ing Bukit Hakhila sing ngadhep Yésyimon, ing pinggir dalan. Wektu kuwi, Daud lagi manggon ing padhang belantara. Daud krungu nèk Saul mara ing padhang belantara kuwi arep nggolèki dhèwèké. 4 Mula, Daud ngirim mata-mata kanggo mastèkké apa Saul pancèn teka. 5 Terus, Daud lunga menyang panggonané Saul kémah lan ndelok panggonané Saul lan pemimpin pasukané, yaiku Abnèr+ anaké Nèr, lagi turu. Saul turu ing perkémahan, lan pasukané kémah ing sak ubengé. 6 Bar kuwi, Daud takon marang Ahimèlèkh wong Hèt+ lan Abisyai+ anaké Zéruya+ seduluré Yoab, ”Sapa sing arep mèlu aku menyang perkémahané Saul?” Abisyai njawab, ”Aku mèlu njenengan.” 7 Bengi kuwi, Daud lan Abisyai lunga menyang perkémahan kuwi lan ndelok Saul lagi turu. Ing cedhak sirahé Saul, ana tombaké sing nancep ing lemah. Abnèr karo para prajurité turu ing sak ubengé.
8 Terus, Abisyai kandha marang Daud, ”Dina iki Gusti Allah bakal nggawé njenengan menang nglawan mungsuh.+ Dadi, bèn waé dhèwèké tak tancepké ing lemah nganggo tombaké sepisan waé, ora perlu nganti ping loro.” 9 Ning Daud kandha, ”Saul aja mbok apak-apakké. Sapa waé sing nyilakani wong sing dilantik Yéhuwah+ mesthi bakal dianggep salah.”+ 10 Daud ngomong manèh, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, Yéhuwah dhéwé sing bakal matèni dhèwèké,+ utawa akhiré dhèwèké mati+ kaya wong liyané, utawa dhèwèké maju perang terus mati.+ 11 Iki dudu karepé Yéhuwah. Aku ora mungkin nyilakani wong sing dilantik Yéhuwah.+ Ayo awaké dhéwé njupuk tombak sing ana ing cedhak sirahé Saul lan wadhah ombèné terus lunga.” 12 Daud njupuk tombak lan wadhah ombé sing ana ing cedhak sirahé Saul, terus lunga saka kono. Ora ana wong sing ndelok,+ nggatèkké, utawa tangi merga lagi padha turu angler. Yéhuwah nggawé wong-wong kuwi turu angler. 13 Terus, Daud nyabrang ing sisih liyané lembah lan ngadeg ing pucuk bukit, sing jaraké rada adoh saka panggonané Saul.
14 Daud mbengoki Abnèr+ anaké Nèr lan pasukané, ”Abnèr, apa kowé krungu swaraku?” Abnèr njawab, ”Sapa kowé sing mbengok-mbengok ngganggu Raja?” 15 Daud kandha marang Abnèr, ”Kowé kuwi wong lanang sing kendel, ta? Apa ana wong ing Israèl sing isa nandhingi kowé? Dadi, ngapa kok kowé ora njaga rajamu? Mau ana prajurit sing mara arep matèni rajamu.+ 16 Kowé wis gagal nindakké tugasmu. Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, kowé kabèh pantes mati merga ora njaga rajamu, wong sing dilantik Yéhuwah.+ Saiki, coba deloken, endi tombak lan wadhah ombé+ duwèké Raja sing mauné ana ing cedhak sirahé?”
17 Saul ngerti nèk kuwi swarané Daud. Saul takon, ”Apa kuwi swaramu, anakku Daud?”+ Daud njawab, ”Ya, Raja.” 18 Daud kandha manèh, ”Ngapa njenengan ngoyak* abdimu iki?+ Salahku apa?+ 19 Rajaku, tulung rungokna abdimu iki. Nèk pancèn Yéhuwah sing ngongkon njenengan nglawan aku, aku bakal mènèhké persembahan biji-bijian marang Dhèwèké. Ning, nèk sing ngojok-ojoki njenengan+ kuwi manungsa, wong-wong kuwi bakal dikutuk ing ngarepé Yéhuwah. Wong-wong kuwi wis misahké aku saka umaté* Yéhuwah.+ Kaya-kayané wong-wong kuwi kandha, ’Kana ngabdia marang allah-allah liyané!’ 20 Aja nganti aku mati pas adoh saka Yéhuwah. Raja Israèl nggolèk tuma+ siji kaya lagi ngoyak* manuk liar ing gunung.”
21 Terus Saul kandha, ”Aku wis dosa.+ Kowé isa mulih, anakku Daud. Aku ora bakal nyilakani kowé manèh, merga dina iki kowé wis nganggep nyawaku berharga.+ Tumindakku ora bener, lan aku wis nggawé kesalahan.” 22 Daud njawab, ”Tombaké Raja ana ing kéné. Kongkonen salah siji wong mréné lan njupuk iki. 23 Yéhuwah sing bakal mbales saben wong sesuai karo tumindaké dhéwé-dhéwé, yaiku tumindak sing bener+ lan sing setya. Dina iki Yéhuwah wis nyerahké njenengan marang aku, ning aku ora gelem nyilakani wong sing dilantik Yéhuwah.+ 24 Kaya nyawané njenengan berharga kanggo aku dina iki, muga-muga nyawaku ya berharga kanggoné Yéhuwah. Muga-muga Dhèwèké nylametké aku saka kesusahan iki.”+ 25 Saul njawab Daud, ”Muga-muga kowé diberkahi, anakku Daud. Kowé mesthi bakal nindakké perkara-perkara sing hébat, lan kowé mesthi bakal berhasil.”+ Terus Daud lunga, lan Saul mulih.+