Mazmur
2 Aja nganti bangsa-bangsa takon,
”Endi Gusti Allahé wong-wong kuwi?”+
3 Gusti Allahku ana ing swarga.
Dhèwèké nindakké apa waé sing disenengi.
4 Patung allahé bangsa-bangsa kuwi saka emas lan pérak,
Sing digawé manungsa.+
5 Patung kuwi nduwé cangkem tapi ora isa ngomong,+
Nduwé mata tapi ora isa ndelok,
6 Nduwé kuping tapi ora isa ngrungokké,
Nduwé irung tapi ora isa ngambu,
7 Nduwé tangan tapi ora isa nyekel,
Nduwé sikil tapi ora isa mlaku,+
Lan nduwé tenggorokan tapi ora isa ngetokké swara.+
9 Hé bangsa Israèl, kowé kudu percaya marang Yéhuwah,+
Merga Dhèwèké sing dadi tamèngmu lan sing nulungi kowé.+
10 Hé keturunané Harun,+ kowé kudu percaya marang Yéhuwah,
Merga Dhèwèké sing dadi tamèngmu lan sing nulungi kowé.
11 Hé kowé sing wedi marang* Yéhuwah, kowé kudu percaya marang Yéhuwah,+
Merga Dhèwèké sing dadi tamèngmu lan sing nulungi kowé.+
12 Yéhuwah kèlingan karo awaké dhéwé lan bakal mberkahi awaké dhéwé.
Dhèwèké bakal mberkahi keturunané Israèl.+
Dhèwèké bakal mberkahi keturunané Harun.
18 Tapi aku bakal muji Yah
Saka saiki nganti saklawasé.
Pujinen Yah.*