Zéfanya
2 Sakdurungé keputusané Gusti Allah ditindakké,
Sakdurungé telat merga wektuné cepet banget kaya jerami sing kabur kena angin,
Sakdurungé Yéhuwah nesu banget marang kowé,+
Sakdurungé teka wektuné Yéhuwah nesu marang kowé,
3 Golèka tuntunané Yéhuwah,+ kowé wong-wong sing rendah hati ing bumi,
Sing nindakké Hukumé sing bener.
Ngupayaa nindakké apa sing bener, lan duduhna sifat rendah hati.
Mungkin kowé bakal dilindhungi pas Yéhuwah nesu.+
4 Gaza bakal dadi kutha sing telantar.
Askélon bakal ora ana sing ngenggoni.+
Penduduk Asdod bakal diusir pas awan,
Lan Ékron bakal disingkirké.+
5 ”Cilaka bangsa Khèrèti+ sing manggon ing dhaérah pinggir laut.
Yéhuwah wis kandha nèk bakal ngukum kowé.
Kanaan, tanahé wong Filistin, kowé ya bakal Tak hancurké,
Nganti ora ana manèh sing manggon ing kono.
6 Dhaérah pinggir laut bakal dadi padhang rumput.
Ing kono ya bakal ana sumur kanggo para gembala lan kandhang watu kanggo domba.
7 Kuwi bakal dadi wilayahé wong Yéhuda sing slamet.+
Wong-wong kuwi bakal mangan ing kono.
Wektu bengi, wong-wong kuwi bakal turu ing omah-omah ing Askélon,
Merga Yéhuwah, Gusti Allahé wong-wong kuwi, bakal nggatèkké wong-wong kuwi,
Lan bakal nglumpukké manèh wong-wong sing ditawan.”+
8 ”Aku wis krungu wong Moab+ lan wong Ammon+ padha ngrèmèhké lan ngécé umat-Ku,
Padha nantang umat-Ku lan karo sombong ngancam arep ngrebut wilayahé umat-Ku.”+
9 Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, kandha, ”Mula demi Aku sing urip,
Moab bakal dadi kaya Sodom,+
Lan Ammon kaya Gomora,+
Lemahé akèh uyahé, kebak tanduran liar, lan gersang saklawasé.+
Barang-barangé wong-wong kuwi bakal dijarah karo umat-Ku sing slamet,
Lan dhaérahé bakal direbut karo bangsa-Ku sing slamet.
10 Iki sing bakal dialami wong Moab lan Ammon merga sombong,+
Merga ngécé lan rumangsa luwih hébat timbang umaté Yéhuwah Gusti Allah pemimpiné pasukan.
11 Aku, Yéhuwah, bakal nindakké perkara sing luar biasa.*
Aku bakal nyingkirké kabèh déwa ing bumi.
12 Wong-wong Étiopia, kowé ya bakal dipatèni nganggo pedhang-Ku.”+
13 Dhèwèké bakal ngethungké tangané ing arah lor lan nyingkirké Asiria.
Dhèwèké bakal nggawé Niniwé telantar+ lan gersang kaya gurun.
14 Akèh ternak lan kéwan liar bakal manggon ing kutha kuwi.
Manuk pelikan lan landak bakal turu ing cedhak reruntuhan cagak-cagaké.
Bakal ana swara manuk* ing jendhéla.
Bakal ana reruntuhan ing pintu masuk.
Papan-papan saka kayu arasé* bakal kena udan lan panas.
15 Kuwi keadaané kutha sing sombong lan sing penduduké ngrasa aman,
Sing mbatin, ’Aku iki sing paling hébat, ora ana sing nandhingi aku.’
Wong-wong bakal ora percaya wektu ndelok apa sing mbok alami.
Kéwan-kéwan liar bakal manggon ing kono.
Saben wong sing liwat bakal ngécé lan gèdhèg-gèdhèg.+