PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 28
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 2 Babad

      • Ahaz raja Yéhuda (1-4)

      • Wong Yéhuda dikalahké Siria lan Israèl (5-8)

      • Odèd ngélikké Israèl (9-15)

      • Yéhuda direndhahké (16-19)

      • Ahaz nyembah brahala; Ahaz mati (20-27)

2 Babad 28:1

Réferènsi Silang

  • +Hos 1:1; Mi 1:1; Mat 1:9
  • +2Raj 16:2

2 Babad 28:2

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”patung déwa-déwa Baal saka logam sing dilebur”.

Réferènsi Silang

  • +1Raj 12:26, 28; 16:33
  • +Pa 34:17

2 Babad 28:3

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken ”Géhéna” ing Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +2Bb 33:1, 6; Yér 7:31
  • +PT 12:31

2 Babad 28:4

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +Km 26:30
  • +Yés 57:4, 5

2 Babad 28:5

Réferènsi Silang

  • +2Raj 16:5, 6; 2Bb 24:24
  • +2Sam 8:6; 1Bb 18:5

2 Babad 28:6

Réferènsi Silang

  • +2Raj 15:37; Yés 7:1
  • +2Bb 15:2; Mzm 73:27

2 Babad 28:8

Réferènsi Silang

  • +1Raj 16:23, 24; 22:51

2 Babad 28:9

Réferènsi Silang

  • +PH 2:14; 3:8

2 Babad 28:10

Réferènsi Silang

  • +Km 25:39, 46; 2Bb 8:9

2 Babad 28:14

Réferènsi Silang

  • +2Bb 28:8

2 Babad 28:15

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”wuda”.

2 Babad 28:16

Réferènsi Silang

  • +2Raj 16:7, 8; Yés 7:10-12

2 Babad 28:18

Réferènsi Silang

  • +2Bb 26:1, 6
  • +2Bb 26:10
  • +Yos 15:10, 12
  • +2Bb 11:10
  • +PH 14:1

2 Babad 28:20

Réferènsi Silang

  • +2Raj 15:29; 16:7, 8; 1Bb 5:26
  • +2Raj 17:5; Yés 7:20

2 Babad 28:21

Réferènsi Silang

  • +2Raj 18:15, 16; 2Bb 12:9

2 Babad 28:23

Réferènsi Silang

  • +2Bb 25:14
  • +2Raj 16:10-13
  • +Yér 44:18

2 Babad 28:24

Réferènsi Silang

  • +2Raj 16:17
  • +1Raj 6:33, 34; 2Bb 29:7

2 Babad 28:25

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +1Raj 14:22, 23; 2Raj 15:32, 35; 2Bb 21:5, 11; 33:1, 3

2 Babad 28:26

Réferènsi Silang

  • +2Raj 16:19

2 Babad 28:27

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Réferènsi Silang

  • +2Bb 21:16, 20; 33:20

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

2 Bb. 28:1Hos 1:1; Mi 1:1; Mat 1:9
2 Bb. 28:12Raj 16:2
2 Bb. 28:21Raj 12:26, 28; 16:33
2 Bb. 28:2Pa 34:17
2 Bb. 28:32Bb 33:1, 6; Yér 7:31
2 Bb. 28:3PT 12:31
2 Bb. 28:4Km 26:30
2 Bb. 28:4Yés 57:4, 5
2 Bb. 28:52Raj 16:5, 6; 2Bb 24:24
2 Bb. 28:52Sam 8:6; 1Bb 18:5
2 Bb. 28:62Raj 15:37; Yés 7:1
2 Bb. 28:62Bb 15:2; Mzm 73:27
2 Bb. 28:81Raj 16:23, 24; 22:51
2 Bb. 28:9PH 2:14; 3:8
2 Bb. 28:10Km 25:39, 46; 2Bb 8:9
2 Bb. 28:142Bb 28:8
2 Bb. 28:162Raj 16:7, 8; Yés 7:10-12
2 Bb. 28:182Bb 26:1, 6
2 Bb. 28:182Bb 26:10
2 Bb. 28:18Yos 15:10, 12
2 Bb. 28:182Bb 11:10
2 Bb. 28:18PH 14:1
2 Bb. 28:202Raj 15:29; 16:7, 8; 1Bb 5:26
2 Bb. 28:202Raj 17:5; Yés 7:20
2 Bb. 28:212Raj 18:15, 16; 2Bb 12:9
2 Bb. 28:232Bb 25:14
2 Bb. 28:232Raj 16:10-13
2 Bb. 28:23Yér 44:18
2 Bb. 28:242Raj 16:17
2 Bb. 28:241Raj 6:33, 34; 2Bb 29:7
2 Bb. 28:251Raj 14:22, 23; 2Raj 15:32, 35; 2Bb 21:5, 11; 33:1, 3
2 Bb. 28:262Raj 16:19
2 Bb. 28:272Bb 21:16, 20; 33:20
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
2 Babad 28:1-27

2 Babad

28 Pas mréntah dadi raja, Ahaz+ umuré 20 taun lan mréntah 16 taun suwéné ing Yérusalèm. Dhèwèké ora kaya Daud nènèk moyangé, merga dhèwèké ora nindakké sing bener nurut pandhangané Yéhuwah.+ 2 Dhèwèké niru tumindaké raja-raja Israèl.+ Dhèwèké malah nggawé patung logam+ déwa-déwa Baal.* 3 Dhèwèké ya nggawé asap korban ing Lembah Putra Hinom* lan mènèhké anak-anaké kanggo diobong+ dadi korban kaya kebiasaan sing njijiki sing ditindakké bangsa-bangsa+ sing diusir Yéhuwah saka ngarepé wong Israèl. 4 Dhèwèké terus mènèhké korban lan nggawé asap korban ing panggonan dhuwur,*+ ing bukit-bukit, lan ing ngisoré wit sing rimbun.+

5 Mula, Yéhuwah Gusti Allahé nyerahké dhèwèké marang raja Siria.+ Wong Siria ngalahké dhèwèké lan nggawa akèh tawanan menyang Damaskus.+ Dhèwèké ya diserahké marang raja Israèl sing matèni wong akèh banget. 6 Mung sedina, Pékah+ anaké Rémalia matèni wong 120.000 ing Yéhuda. Kabèh sing dipatèni kuwi wong sing kendel. Wong-wong kuwi dipatèni merga ninggalké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé.+ 7 Sakliyané kuwi, Zikhri pejuang Éfraim matèni Maaséya anaké raja, Azrikam pengawas istana, lan Èlkana wong sing nomer loro sakwisé raja. 8 Wong Israèl ya nawan sedulur-seduluré 200.000, termasuk wong wédok, anak lanang, lan anak wédok. Wong-wong kuwi ya njupuk akèh banget jarahan lan nggawa jarahan kuwi menyang Samaria.+

9 Ning, ing kana ana nabiné Yéhuwah sing jenengé Odèd. Dhèwèké nemoni para prajurit sing teka ing Samaria lan kandha, ”Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu nesu banget karo Yéhuda, mula Dhèwèké nyerahké wong-wong kuwi marang kowé.+ Tapi, kowé kejem banget lan matèni wong-wong kuwi, nganti Gusti Allah ing swarga ngerti soal kuwi. 10 Kowé ya péngin ndadèkké wong Yéhuda lan wong Yérusalèm dadi budhakmu lanang lan wédok.+ Apa kowé ora rumangsa nèk kowé kuwi ya wis salah merga wis nglarani Yéhuwah Gusti Allahmu? 11 Mula saiki rungokna aku. Balèkna sedulur-sedulurmu sing mbok tawan kuwi, merga Yéhuwah nesu banget.”

12 Wektu krungu kuwi, sebagéan pemimpiné wong Éfraim, yaiku Azaria anaké Yéhohanan, Bérékhia anaké Mésyilémot, Yéhizkia anaké Syalum, lan Amasa anaké Hadlai marani wong-wong sing mulih saka perang kuwi 13 lan kandha, ”Para tawanan kuwi aja mbok gawa mréné, merga kuwi isa nggawé awaké dhéwé salah ing ngarepé Yéhuwah. Apa sing péngin mbok lakoni kuwi bakal nambahi dosa lan kesalahané awaké dhéwé, merga dosané awaké dhéwé wis gedhé banget, lan Gusti Allah nesu banget marang Israèl.” 14 Mula, para prajurit sing nggawa senjata kuwi nyerahké para tawanan lan jarahan+ kuwi marang pejabat lan wong-wong sing padha ngumpul ing kono. 15 Bar kuwi, wong-wong sing wis ditugasi padha mangkat lan njupuk para tawanan mau, terus nyedhiakké klambi saka jarahan kanggo para tawanan sing klambiné ora layak.* Para tawanan kuwi ya diwènèhi klambi, sandhal, panganan, minuman, lan minyak bèn diolèské ing kulité. Sakliyané kuwi, wong-wong sing lemah diunggahké ing keledai. Kabèh tawanan kuwi digawa menyang sedulur-seduluré ing Yérikho, kutha wit palem. Sakwisé kuwi, wong-wong sing ditugasi mau padha bali menyang Samaria.

16 Wektu kuwi, Raja Ahaz njaluk bantuan marang raja-raja Asiria.+ 17 Wong Édom nyerang Yéhuda manèh lan nggawa lunga para tawanan. 18 Wong Filistin+ ya ngremuk kutha-kutha ing Syéféla+ lan Nègèb ing Yéhuda lan ngrebut Bèt-syèmès,+ Aiyalon,+ Gédérot, Soko lan kutha-kutha ing sekitaré, Timna+ lan kutha-kutha ing sekitaré, karo Gimzo lan kutha-kutha ing sekitaré. Terus, wong-wong kuwi manggon ing kono. 19 Yéhuwah ngrendhahké Yéhuda merga Ahaz raja Israèl. Ahaz nggawé Yéhuda babar blas ora setya marang Yéhuwah, lan Yéhuda dadi saya bejat.

20 Tilgat-pilnèsèr+ raja Asiria ora mbantu, ning malah nyerang Ahaz lan nggawé susah.+ 21 Ahaz njarah omahé Yéhuwah, istana,+ lan omahé para pejabat, terus jarahan kuwi diwènèhké marang Raja Asiria, ning kuwi ora ana gunané. 22 Wektu ngalami kesusahan kuwi, Raja Ahaz malah saya ora setya marang Yéhuwah. 23 Dhèwèké mulai mènèhké korban marang allah-allahé Damaskus+ sing ngalahké dhèwèké.+ Dhèwèké kandha, ”Merga allah-allahé raja Siria wis mbantu raja-raja kuwi, mula aku bakal mènèhké korban kanggo allah-allah kuwi bèn mbantu aku.”+ Ning, kuwi kabèh nggawé dhèwèké lan wong Israèl dadi cilaka. 24 Sakliyané kuwi, Ahaz ngumpulké peralatan sing ana ing omahé Gusti Allah sing bener+ lan ngremuk peralatan kuwi. Dhèwèké nutup lawang-lawang ing omahé Yéhuwah+ lan nggawé mézbah ing saben pojok-pojok dalan ing Yérusalèm. 25 Ing kabèh kutha Yéhuda, dhèwèké nggawé panggonan-panggonan dhuwur* kanggo nggawé asap korban marang allah-allah liya,+ lan dhèwèké nglarani atiné Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé.

26 Sejarah liyané soal Ahaz, termasuk kabèh sing ditindakké saka awal nganti akhir, ditulis ing Buku Raja-Raja Yéhuda lan Israèl.+ 27 Akhiré, Ahaz mati* lan dikubur ing kutha bareng karo nènèk moyangé, ing Yérusalèm, merga dhèwèké ora dikubur ing kuburané para raja Israèl.+ Terus, Hizkia anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim