PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 25
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 2 Babad

      • Amazia raja Yéhuda (1-4)

      • Perang nglawan Édom (5-13)

      • Amazia nyembah brahala (14-16)

      • Perang nglawan Yéhoas raja Israèl (17-24)

      • Amazia mati (25-28)

2 Babad 25:1

Réferènsi Silang

  • +2Raj 14:1-6

2 Babad 25:3

Réferènsi Silang

  • +2Bb 24:26

2 Babad 25:4

Réferènsi Silang

  • +PT 24:16

2 Babad 25:5

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”pilihan”.

Réferènsi Silang

  • +1Sam 8:11, 12
  • +Wi 1:2, 3

2 Babad 25:6

Cathetan Ngisor

  • *

    1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.

2 Babad 25:7

Réferènsi Silang

  • +2Bb 19:2

2 Babad 25:8

Réferènsi Silang

  • +2Bb 14:11; 20:6

2 Babad 25:9

Réferènsi Silang

  • +1Sam 2:7; WB 10:22; Hag 2:8

2 Babad 25:11

Réferènsi Silang

  • +2Sam 8:13; Mzm 60:superskripsi
  • +2Raj 14:7; 2Bb 20:10, 11

2 Babad 25:13

Réferènsi Silang

  • +2Bb 25:9
  • +1Raj 16:29
  • +2Bb 8:3, 5

2 Babad 25:14

Réferènsi Silang

  • +Pa 20:3, 5; PT 7:25; 2Bb 28:22, 23

2 Babad 25:15

Réferènsi Silang

  • +2Bb 24:20; Mzm 115:8; Yér 2:5; 10:5

2 Babad 25:16

Réferènsi Silang

  • +2Bb 16:10; 18:25, 26
  • +Yés 30:10
  • +1Sam 2:25; WB 29:1

2 Babad 25:17

Réferènsi Silang

  • +2Raj 14:8-10

2 Babad 25:19

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”kowé”.

Réferènsi Silang

  • +2Bb 25:11

2 Babad 25:20

Réferènsi Silang

  • +2Raj 14:11-14
  • +2Bb 22:7
  • +2Bb 25:14

2 Babad 25:21

Réferènsi Silang

  • +Yos 21:8, 16; 1Sam 6:19

2 Babad 25:22

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”kémahé”.

2 Babad 25:23

Cathetan Ngisor

  • *

    Jeneng liyané yaiku Ahazia.

  • *

    Kira-kira 178 m. Deloken Lamp. B14.

Réferènsi Silang

  • +Néh 8:16; 12:38, 39
  • +2Bb 26:9; Yér 31:38; Za 14:10

2 Babad 25:24

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”diawasi”.

Réferènsi Silang

  • +1Raj 7:51; 15:18; 2Raj 24:12, 13; 25:13-15; 2Bb 12:9

2 Babad 25:25

Réferènsi Silang

  • +2Raj 14:1
  • +2Raj 13:10
  • +2Raj 14:17-20

2 Babad 25:27

Réferènsi Silang

  • +2Raj 12:20; 15:8, 10; 21:23

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

2 Bb. 25:12Raj 14:1-6
2 Bb. 25:32Bb 24:26
2 Bb. 25:4PT 24:16
2 Bb. 25:51Sam 8:11, 12
2 Bb. 25:5Wi 1:2, 3
2 Bb. 25:72Bb 19:2
2 Bb. 25:82Bb 14:11; 20:6
2 Bb. 25:91Sam 2:7; WB 10:22; Hag 2:8
2 Bb. 25:112Sam 8:13; Mzm 60:superskripsi
2 Bb. 25:112Raj 14:7; 2Bb 20:10, 11
2 Bb. 25:132Bb 25:9
2 Bb. 25:131Raj 16:29
2 Bb. 25:132Bb 8:3, 5
2 Bb. 25:14Pa 20:3, 5; PT 7:25; 2Bb 28:22, 23
2 Bb. 25:152Bb 24:20; Mzm 115:8; Yér 2:5; 10:5
2 Bb. 25:162Bb 16:10; 18:25, 26
2 Bb. 25:16Yés 30:10
2 Bb. 25:161Sam 2:25; WB 29:1
2 Bb. 25:172Raj 14:8-10
2 Bb. 25:192Bb 25:11
2 Bb. 25:202Raj 14:11-14
2 Bb. 25:202Bb 22:7
2 Bb. 25:202Bb 25:14
2 Bb. 25:21Yos 21:8, 16; 1Sam 6:19
2 Bb. 25:23Néh 8:16; 12:38, 39
2 Bb. 25:232Bb 26:9; Yér 31:38; Za 14:10
2 Bb. 25:241Raj 7:51; 15:18; 2Raj 24:12, 13; 25:13-15; 2Bb 12:9
2 Bb. 25:252Raj 14:1
2 Bb. 25:252Raj 13:10
2 Bb. 25:252Raj 14:17-20
2 Bb. 25:272Raj 12:20; 15:8, 10; 21:23
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
  • 24
  • 25
  • 26
  • 27
  • 28
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
2 Babad 25:1-28

2 Babad

25 Pas mréntah dadi raja, Amazia umuré 25 taun lan mréntah suwéné 29 taun ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Yéhoadan saka Yérusalèm.+ 2 Dhèwèké terus nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah, ning ora saktulusé ati. 3 Sakwisé wewenangé dadi raja saya kukuh, dhèwèké matèni para pelayan sing mbiyèn matèni Raja, yaiku bapaké.+ 4 Ning, dhèwèké ora matèni anak-anaké wong-wong sing matèni mau. Tumindak kuwi cocog karo préntahé Yéhuwah sing ditulis ing Hukum, ing kitab Musa, yaiku, ”Bapak ora éntuk mati merga dosané anaké, lan anak ora éntuk mati merga dosané bapaké. Saben wong kudu mati merga dosané dhéwé.”+

5 Terus, Amazia nglumpukké wong Yéhuda lan ngongkon wong-wong kuwi ngadeg sesuai karo keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi dipimpin karo pemimpiné wong sèwu lan pemimpiné wong satus. Kuwi ditindakké marang kabèh wong Yéhuda lan Bènyamin.+ Dhèwèké ndaftar wong-wong kuwi saka sing umuré 20 taun munggah.+ Jebulé ana prajurit 300.000 sing terlatih* sing isa perang lan nggunakké tombak lan tamèng gedhé. 6 Dhèwèké ya nyéwa prajurit sing hébat saka Israèl 100.000, regané 100 talènta* pérak. 7 Ning, ana abdiné Gusti Allah sing bener sing marani dhèwèké lan kandha, ”Raja, pasukan Israèl kuwi aja mbok jak lunga bareng njenengan, merga Yéhuwah ora ndhukung wong Israèl.+ Ora ana keturunané Éfraim sing didhukung Gusti Allah. 8 Njenengan isa mangkat dhéwé. Njenengan kudu mangkat lan kendel pas perang. Gusti Allah sing bener nduwé kuwasa kanggo mbantu njenengan.+ Ning, Gusti Allah ya isa nggawé njenengan dikalahké mungsuhé njenengan.” 9 Wektu krungu kuwi, Amazia kandha marang abdiné Gusti Allah sing bener, ”Lha terus piyé 100 talènta sing wis tak kèkké marang pasukan Israèl kuwi?” Abdiné Gusti Allah sing bener njawab, ”Yéhuwah isa mènèhi njenengan luwih akèh timbang kuwi.”+ 10 Mula, Amazia mbubarké pasukan sing wis teka saka Éfraim lan ngongkon wong-wong kuwi mulih. Wong-wong kuwi nesu banget karo Yéhuda. Dadi, wong-wong kuwi mulih karo jèngkèl banget.

11 Amazia ngupaya bèn kendel lan mimpin pasukané dhéwé menyang Lembah Garam,+ terus matèni wong Séir 10.000.+ 12 Sakliyané kuwi, wong Yéhuda nyekel urip-urip wong 10.000. Kabèh digawa menyang puncak tebing lan diuncalké saka kono, mula dadi padha ajur. 13 Pasukan sing dikongkon Amazia mulih mau, sing ora mèlu perang,+ padha nyerang kutha-kutha Yéhuda saka Samaria+ nganti Bèt-horon.+ Wong-wong kuwi matèni wong 3.000 lan njupuk akèh jarahan.

14 Ning sakwisé Amazia bali saka ngalahké wong Édom, dhèwèké nggawa allah-allahé wong Séir lan ndadèkké kuwi allah-allahé.+ Dhèwèké mulai sujud lan nggawé asap korban kanggo allah-allah kuwi. 15 Mula, Yéhuwah nesu banget karo Amazia lan ngutus nabi kanggo kandha, ”Ngapa kowé nyembah allah-allahé bangsa kuwi sing ora nylametké umaté saka tanganmu?”+ 16 Pas nabi kuwi isih ngomong, Raja kandha, ”Apa kowé kuwi diangkat dadi penaséhaté Raja?+ Menenga!+ Nèk ora, kowé bakal dipatèni.” Terus nabi kuwi meneng. Ning sakdurungé, nabi kuwi kandha, ”Saiki aku ngerti nèk Gusti Allah wis mutuské arep nyingkirké njenengan merga njenengan wis nindakké iki lan ora ngrungokké naséhatku.”+

17 Sakwisé omong-omongan karo para penaséhaté, Amazia raja Yéhuda ngirim pesen marang Yéhoas anaké Yéhoahaz anaké Yéhu raja Israèl, kandhané, ”Ayo perang nglawan aku.”+ 18 Bar kuwi, Yéhoas raja Israèl ngirim pesen iki marang Amazia raja Yéhuda: ”Suket eri ing Lébanon ngirim pesen marang wit aras ing Lébanon, ’Wènèhna anakmu wédok bèn dadi bojoné anakku lanang.’ Ning, ana kéwan liar ing Lébanon liwat lan ngidak-ngidak suket eri kuwi. 19 Kowé wis kandha, ’Deloken, aku* wis ngalahké Édom.’+ Mula, kowé dadi sombong lan péngin dimulyakké. Ning, kowé kudu tetep manggon ing istanamu. Ngapa kok kowé kudu nggolèk masalah lan nggawé Yéhuda lan awakmu dhéwé kena bencana?”

20 Ning Amazia ora gelem ngrungokké,+ merga kuwi wis dadi karepé Gusti Allah sing bener. Gusti Allah péngin nyerahké wong-wong kuwi marang mungsuhé+ merga wong-wong kuwi nyembah allah-allahé wong Édom.+ 21 Mula, Yéhoas raja Israèl maju lan perang nglawan Amazia raja Yéhuda ing Bèt-syèmès,+ ing dhaérah Yéhuda. 22 Israèl ngalahké Yéhuda, mula para prajurité Yéhuda padha mlayu menyang omahé* dhéwé-dhéwé. 23 Yéhoas raja Israèl nangkep Amazia raja Yéhuda, yaiku anaké Yéhoas anaké Yéhoahaz,* ing Bèt-syèmès. Terus, Yéhoas nggawa Amazia menyang Yérusalèm lan ngambrukké sebagéan témbok Yérusalèm saka Gerbang Éfraim+ nganti tekan Gerbang Sudut,+ dawané 400 hasta.* 24 Dhèwèké njupuk kabèh emas, pérak, lan barang-barang sing ana ing omahé Gusti Allah sing bener sing diurusi* Obèd-édom lan sing ana ing panggonan nyimpen harta ing istana.+ Dhèwèké ya nyandera wong-wong. Terus, dhèwèké bali menyang Samaria.

25 Amazia+ anaké Yéhoas raja Yéhuda isih urip 15 taun manèh sakwisé Yéhoas+ anaké Yéhoahaz raja Israèl mati.+ 26 Sejarah liyané soal Amazia, saka awal nganti akhir, kuwi ditulis ing Buku Raja-Raja Yéhuda lan Israèl. 27 Kèt Amazia ninggalké Yéhuwah, wong-wong padha sekongkol+ nglawan dhèwèké ing Yérusalèm. Dhèwèké mlayu menyang Lakhis, ning wong-wong kuwi ngirim utusan menyang Lakhis lan matèni dhèwèké ing kana. 28 Mula, wong-wong kuwi ndèlèhké mayaté ing ndhuwur jaran, terus nggawa kuwi bali. Dhèwèké dikubur bareng karo nènèk moyangé ing kutha Yéhuda.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim