Mazmur
135 Hé kowé para abdiné Yéhuwah, pujinen Yah.*+
Pujinen jenengé Yéhuwah.
Pujinen Dhèwèké.
2 Kowé ngabdi ing omahé Yéhuwah,
Ing halaman omahé Gusti Allahé awaké dhéwé.+
3 Pujinen Yah merga Yéhuwah kuwi apikan.+
Kowé kudu nyanyi lagu pujian* kanggo jenengé merga kuwi nyenengké banget.
5 Aku ngerti tenan nèk Yéhuwah kuwi agung.
Gustiné awaké dhéwé kuwi luwih agung timbang kabèh allah liyané.+
6 Yéhuwah nindakké apa waé sing disenengi+
Ing langit, ing bumi, ing laut, lan ing njero laut.
7 Dhèwèké nggawé méga* munggah saka ujung-ujung bumi.
Dhèwèké nggawé kilat wektu ana* udan.
Dhèwèké ngetokké angin saka panggonané.+
8 Dhèwèké matèni anak pertamané manungsa lan kéwan+
Sing ana ing Mesir.
10 Dhèwèké ngalahké bangsa-bangsa+
Lan matèni raja-raja sing kuwat,+
11 Yaiku Sihon raja Amori,+
Og raja Basyan,+
Lan kabèh kerajaan sing ana ing Kanaan.
12 Dhèwèké mènèhké tanahé raja-raja kuwi
Dadi warisan kanggo Israèl umaté.+
13 Oh Yéhuwah, jeneng-Mu bakal ana saklawasé.
Oh Yéhuwah, jeneng-Mu bakal diéling-éling nganti saklawasé.+
15 Patung allahé bangsa-bangsa kuwi saka emas lan pérak,
Sing digawé manungsa.+
16 Patung kuwi nduwé cangkem tapi ora isa ngomong,+
Nduwé mata tapi ora isa ndelok,
17 Nduwé kuping tapi ora isa ngrungokké,
Lan nduwé irung tapi ora isa ambegan.+
19 Hé wong Israèl, pujinen Yéhuwah.
Hé keturunané Harun, pujinen Yéhuwah.
20 Hé keturunané Lèwi, pujinen Yéhuwah.+
Hé kowé wong sing wedi marang* Yéhuwah, pujinen Yéhuwah.
21 Muga-muga Yéhuwah dipuji saka Zion.+