Mazmur
Lagu sing digawé Asaf.+
83 Oh Gusti Allah, aja meneng waé.+
Oh Gusti Allah sing Mahakuwasa, tulung Njenengan ngomong lan tumindak.
2 Mungsuh-Mu wis siap-siap nyerang.+
Wong-wong sing sengit marang Njenengan padha sombong.*
3 Wong-wong kuwi meneng-meneng nggawé rencana licik kanggo nglawan umat-Mu.
Wong-wong kuwi nggawé rencana kanggo nglawan umat-Mu sing mbok lindhungi.*
4 Wong-wong kuwi ngomong, ”Ayo matèni bangsa kuwi,+
Bèn jenengé Israèl ora diéling-éling manèh.”
5 Wong-wong kuwi setuju nggawé rencana jahat.
Malah, wong-wong kuwi sepakat* kanggo nglawan Njenengan.+
6 Wong-wong kuwi yaiku wong Édom, wong Ismaèl, wong Moab,+ wong Hagri,+
7 Wong Gébal, wong Ammon,+ wong Amalèk,
8 Wong Asiria+ ya nggabung karo wong-wong kuwi.
Kabèh wong kuwi ndhukung* keturunané Lot.*+ (Sela)
9 Tulung Njenengan ngukum wong-wong kuwi kaya Njenengan ngukum Midian,+
10 Wong-wong kuwi dipatèni ing Èn-dor+
Lan dadi kaya tai ing lemah.
11 Gawénen para pejabaté dadi kaya Orèb lan Zéèb,+
Lan gawénen para pemimpiné dadi kaya Zébah lan Zalmuna,+
12 Merga wong-wong kuwi kandha, ”Ayo ngrebut tanah sing dienggoni Gusti Allah.”
13 Oh Gusti Allahku, gawénen wong-wong kuwi kaya suket garing+
Lan jerami sing kabur kena angin.
14 Kaya geni sing ngobong hutan,
Kaya geni sing ngobong gunung nganti gosong,+
15 Muga-muga Njenengan ngoyak* wong-wong kuwi nganggo badai-Mu+
Lan nggawé wong-wong kuwi wedi nganggo angin-Mu sing gedhé banget.+
16 Oh Yéhuwah, tulung Njenengan ngrendhahké wong-wong kuwi,
Bèn wong-wong kuwi nggolèki Njenengan.*
17 Muga-muga wong-wong kuwi digawé isin lan ngrasa wedi saklawasé.
Muga-muga wong-wong kuwi direndhahké lan mati.