Wulang Bebasan
20 Wong sing kakèhan ngombé anggur dadi seneng ngécé,+ lan wong sing kakèhan ngombé alkohol dadi tumindak sak karepé dhéwé.+
Wong sing tumindak salah merga ngombé kuwi mau ora wicaksana.+
2 Kaya singa* sing nggero-nggero, raja nggawé rakyaté dadi wedi banget.+
Wong sing nggawé raja nesu nyilakani dhèwèké dhéwé.+
3 Wong sing ora gelem kepancing padu kuwi pantes dihormati,+
Tapi wong sing bodho gampang kepancing padu.+
4 Wektu musim dingin, wong sing kesèd ora gelem mbajak.
Mula pas musim panèn, dhèwèké ngemis merga ora nduwé apa-apa.*+
5 Rancangan* sing ana ing atiné manungsa kuwi kaya banyu sing jero,
Ning wong sing nduwé pemahaman isa nimba kuwi.
6 Akèh wong ngaku nèk nduwé katresnan,*
Ning, angèl banget nemokké wong sing setya.
7 Wong sing bener kuwi tetep setya.+
Anak putuné bakal bahagia.+
8 Wektu raja lungguh ing takhtané kanggo ngadili wong,+
Dhèwèké nliti tenanan bèn isa nyingkirké kabèh kejahatan.+
9 Sapa sing isa kandha, ”Aku wis ngresiki atiku.+
Aku ora dosa manèh.”+
10 Yéhuwah sengit karo wong sing nggunakké
Timbangan lan takeran sing ukurané ora bener.+
12 Yéhuwah nyiptakké kuping kanggo ngrungokké
Lan mripat kanggo ndelok.+
13 Aja turu terus, bèn kowé ora dadi mlarat.+
Tangia bèn kowé nduwé akèh panganan.+
14 Wong sing tuku kandha, ”Iki ora apik. Iki ora apik.”
Tapi bar kuwi dhèwèké lunga lan nyombongké dhiri.+
15 Ana emas lan akèh banget watu sing berharga saka laut,
Ning wong sing omongané wicaksana luwih berharga saka kuwi.+
16 Wong sing mènèhi jaminan kanggo wong sing ora dikenal kudu mbok jupuk klambiné.+
Rebuten jaminan sing diwènèhké marang wong wédok sing bejat.*+
17 Roti hasil ngapusi kuwi énak rasané,
Ning bar kuwi, cangkemé kebak krikil.+
18 Rencana* bakal berhasil nèk dirembug dhisik,+
Lan wektu perang, kowé kudu manut karo petunjuké wong sing trampil.*+
19 Wong sing seneng mitnah mbongkar rahasiané wong liya.+
Aja bergaul karo wong sing seneng nggosip.*
20 Wong sing ngutuki bapak lan ibuné,
Lampuné bakal dipatèni pas petengan.+
21 Wong sing srakah awalé éntuk warisan,
Tapi akhiré ora diberkahi.+
22 Aja kandha, ”Aku bakal mbales kejahatan.”+
Kowé kudu berharap marang Yéhuwah,+ lan Dhèwèké bakal nulungi kowé.+
23 Yéhuwah sengit karo wong sing nggunakké timbangan sing ukurané ora bener,*
Lan timbangan sing ukurané ora pas kuwi ora apik.
24 Yéhuwah nuntun uripé manungsa.+
Apa manungsa isa ngerti sing kudu ditindakké?*
25 Nèk wong kesusu nggawé janji marang Gusti Allah,+
Terus bar kuwi lagi mikirké janjiné mau, dhèwèké bakal cilaka.+
26 Raja sing wicaksana bakal nyingkirké wong jahat,+
Kaya nglindhes biji-bijian bèn pisah saka kulité.+
27 Perasaané manungsa sing diomongké* kuwi kaya lampu saka Yéhuwah,
Sing isa nduduhké apa sing ana ing njero atiné.
28 Raja sing setya lan nduduhké katresnan* bakal dilindhungi.+