Mazmur
Lagu sing digawé Daud.
103 Aku arep muji Yéhuwah.
Aku arep muji jenengé sing suci sak tulusé atiku.
2 Aku arep muji Yéhuwah.
Muga-muga aku ora lali karo kabèh sing wis ditindakké Dhèwèké.+
4 Dhèwèké nylametké aku* bèn aku ora mati.+
Dhèwèké nresnani* lan mesakké karo aku.+
5 Dhèwèké nggawé aku puas merga aku éntuk berkah+ sakjegé uripku,
Bèn aku tetep enom lan kuwat kaya manuk elang.+
9 Dhèwèké ora seneng nggolèk-nggolèk kesalahan.+
Dhèwèké ora terus-terusan nesu.+
10 Dhèwèké ora ngukum sesuai karo dosané awaké dhéwé+
Lan ora mbales sesuai karo kesalahané awaké dhéwé.+
11 Katresnané* marang wong sing wedi marang* Dhèwèké kuwi+
Kaya langit sing luwih dhuwur timbang bumi.
12 Dhèwèké nyingkirké dosané awaké dhéwé nganti adoh banget,+
Adohé kaya wétan karo kulon.
13 Yéhuwah mesakké karo wong sing wedi marang Dhèwèké,+
Kaya bapak sing mesakké karo anaké.
14 Dhèwèké ngerti awaké dhéwé diciptakké saka apa.+
Dhèwèké éling nèk awaké dhéwé iki mung debu.+
16 Ning pas kena angin, kuwi ora ana manèh,
Kaya ora tau thukul ing kono.*
17 Tapi katresnané Yéhuwah* marang wong sing wedi marang Dhèwèké+
Bakal ana saklawasé,*
Lan Dhèwèké apikan marang anak putuné wong kuwi,+
18 Marang wong sing manut karo perjanjiané Gusti Allah,+
Lan marang wong sing tenanan nindakké préntahé.
19 Yéhuwah terus mréntah ing swarga saklawasé.+
Kerajaané nguwasani sak kabèhé.+
20 Pujinen Yéhuwah, hé kowé para malaékaté+ sing kuwat,
21 Pujinen Yéhuwah, hé kowé para pasukané,+
Para abdiné sing nindakké apa sing dikarepké Gusti Allah.+
22 Pujinen Yéhuwah, hé kowé kabèh ciptaané Gusti Allah
Sing ana ing dhaérah kekuasaané.
Aku arep muji Yéhuwah sak tulusé atiku.