Mikha
6 Tulung rungokna omongané Yéhuwah.
Kowé kudu siap-siap nggawé pembélaan ing ngarepé gunung-gunung,
Lan bukit-bukit ya bèn padha krungu swaramu.+
2 Hé gunung-gunung lan pondhasiné bumi sing kuwat,+
Rungokna kasus hukum saka Yéhuwah
Merga Yéhuwah nduwé kasus hukum karo umaté.
Dhèwèké bakal nuntut Israèl,+
3 ”Hé umat-Ku, Aku salah apa?
Apa Aku tau nggawé kowé susah?+
Tulung, jawaben Aku.
4 Aku wis nggawa kowé metu saka Mesir.+
Aku wis nebus kowé saka panggonan wektu kowé dadi budhak.+
Aku wis ngutus Musa, Harun, lan Miriam marang kowé.+
Élinga apa sing wis kelakon ing Syitim+ nganti Gilgal,+
Bèn kowé ngerti nèk sing ditindakké Yéhuwah kuwi bener.”
6 Aku kudu nggawa apa wektu ngadhep Yéhuwah?
Aku kudu nggawa apa wektu sujud marang Gusti Allah sing ana ing swarga?
Apa aku kudu nggawa persembahan bakaran
Utawa anak sapi sing umuré setaun?+
7 Apa Yéhuwah seneng nampa domba sing jumlahé akèh banget,
Utawa minyak sing akèh banget?+
Apa aku kudu mènèhké anakku lanang sing pertama kanggo kesalahanku?
Apa aku kudu mènèhké anakku dhéwé kanggo dosaku?+
8 Hé manungsa, Gusti Allah wis ngandhani kowé apa sing apik.
Apa sing dijaluk Yéhuwah saka kowé?
Dhèwèké mung njaluk bèn kowé tumindak adil,+ setya,*+
Lan rendah hati+ ing ngarepé Gusti Allahmu.+
9 Yéhuwah mbengok marang wong-wong ing kutha.
(Wong-wong sing wicaksana bakal ngajèni* jenengé Njenengan.)
Gatèkna hukuman* lan gatèkna Dhèwèké sing wis netepké hukuman kuwi.+
10 Apa ing omahé wong jahat isih ana harta sing asalé saka kejahatané?
Apa ing kono isih ana takeran éfa sing kurang, sing disengiti Gusti Allah?
11 Apa aku isa dianggep bener* nèk nggunakké timbangan sing ora pas,
Utawa nyimpen sak kanthong watu timbangan sing isa tak enggo ngapusi wong?+
12 Wong-wong sugih ing kana kerep nindakké kejahatan,
Penduduké ngomongké sing ora bener+
13 ”Aku bakal mènèhi kowé hukuman sing abot,+
Lan Aku bakal nggawé kowé telantar merga dosa-dosamu.
14 Kowé bakal mangan ning ora puas.
Kowé bakal mindhah barang-barang bèn aman, ning tetep ora ana sing aman,
Lan apa waé sing berhasil mbok amanké bakal Tak serahké mungsuhmu.
15 Kowé bakal nyebar benih, ning ora bakal manèn.
Kowé bakal ngidak-idak zaitun, ning ora bakal nggunakké minyaké.
Kowé bakal nggawé anggur anyar, ning ora bakal ngombé anggur.+
16 Merga kowé manut préntahé Omri lan niru kelakuané keluargané Ahab+
Lan kowé ya manut omongané wong-wong kuwi,
Kuwi sebabé Aku bakal ngukum kowé.
Wong-wong bakal kagèt merga apa sing bakal Tak tindakké marang kowé.