Wulang Bebasan
6 Anakku, nèk kowé nanggung utangé wong liya,+
Nèk kowé nggawé perjanjian karo wong sing ora mbok kenal,+
2 Nèk kowé kejebak merga janjimu dhéwé,
Lan nèk kowé kejebak karo omonganmu dhéwé,+
3 Berarti kowé wis dikuwasani wong liya.
Anakku, bèn kowé isa bébas, kowé kudu ngéné:
Kowé kudu cepet-cepet marani wong kuwi lan tenanan njaluk bèn dhèwèké mesakké kowé.+
4 Aja nganti kowé turu,
Lan aja nganti mripatmu merem.
5 Kowé kudu mbébaské awakmu, kaya kidang sing mlayu saka pemburu,
Kaya manuk sing isa mlayu saka wong sing nangkep manuk.
6 Wong kesèd, deloken semut.+
Deloken kegiatané semut, lan dadia wicaksana.*
7 Senajan ora nduwé komandan, mandor, utawa pemimpin,
8 Semut nyimpen bahan pangan pas musim panas+
Lan ngumpulké bahan pangan pas musim panèn.
9 Wong kesèd, nganti kapan kowé mung turonan waé?
Kapan kowé bakal tangi?
10 Turu sedhéla manèh, merem sedhéla manèh,
Lèyèh-lèyèh sedhéla manèh.+
11 Terus, kowé bakal ujug-ujug dadi mlarat, kaya perampok sing ujug-ujug nyerang kowé,
Lan kowé bakal ngalami kekurangan, kaya nèk kabèh hartamu dijupuk wong sing nggawa senjata.+
12 Wong sing jahat lan sing ora ana gunané wira-wiri karo ngapusi.+
13 Dhèwèké ngedhèpi,+ mènèhi tandha nganggo sikilé, lan nunjuk-nunjuk nganggo drijiné.
15 Mula, ujug-ujug dhèwèké bakal kena bencana.
Dhèwèké bakal ujug-ujug cilaka lan ora isa pulih manèh.+
16 Ana enem sing disengiti Yéhuwah.
Malah, ana pitu sing bener-bener disengiti:
17 Sifat sombong,+ ngapusi,+ matèni wong sing ora salah,+
18 Nggawé rencana jahat,+ cepet-cepet nindakké kejahatan,
19 Seneng ngapusi wektu dadi seksi,+
Lan seneng nggawé padu ing antarané para sedulur.+
21 Kuwi kudu terus mbok simpen ing atimu.
Kuwi kudu kaya kalung sing mbok pasang ing gulumu.
22 Kuwi bakal nuntun kowé wektu kowé mlaku.
Kuwi bakal nglindhungi kowé wektu kowé turu.
Kuwi bakal mulang* kowé wektu kowé tangi.
Naséhat lan dhidhikan kuwi nuntun kowé bèn isa terus urip.+
24 Kuwi bakal nglindhungi kowé saka wong wédok sing jahat,+
25 Aja kepéncut karo dhèwèké merga dhèwèké ayu,+
Aja kegodha karo mripaté.
26 Gara-gara pelacur, wong lanang bakal dadi mlarat banget nganti nduwéné mung roti siji,*+
Lan wong wédok sing selingkuh bakal nggawé wong kélangan nyawané sing berharga.
27 Apa mungkin wong ndèlèhké geni ing dhadhané, ning klambiné ora kobong?+
28 Apa mungkin wong mlaku ing ndhuwuré bara api, ning sikilé ora kobong?
29 Ya ngono kuwi wong lanang sing selingkuh karo bojoné wong liya.
Wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo wong wédok kuwi kudu dihukum.+
30 Maling sing nyolong merga ngelih*
Ora bakal diécé.
31 Ning, nèk konangan, dhèwèké kudu ngganti rugi ping pituné barang sing dicolong.
Kabèh barang berharga sing ana ing omahé kudu diwènèhké.+
32 Wong sing laku jina* kuwi wong sing bodho.
Wong kuwi nggawé uripé dhéwé dadi susah banget.+
33 Dhèwèké bakal diécé lan ngalami kesusahan.+
Dhèwèké ya bakal terus ngrasa isin.+
34 Merga cemburu, wong lanang dadi nesu.
Dhèwèké bakal mbales tanpa rasa mesakké.+
35 Dhèwèké ora gelem nampa ganti rugi.*
Dhèwèké ora gelem damai, senajan kowé mènèhi hadiah sing larang banget.