Wulang Bebasan
2 Wong sing ora nduwé pengetahuan kuwi ora apik,+
Lan wong sing kesusu tumindak bakal nggawé dosa.
3 Merga bodho, ana wong sing nindakké apa sing salah,
Lan ing njero atiné, dhèwèké nesu karo Yéhuwah.
4 Wong sugih akèh kancané,
Ning wong mlarat malah ditinggalké kancané dhéwé.+
5 Wong sing mènèhi keterangan sing ora bener mesthi bakal dihukum,+
Lan wong sing terus-terusan ngapusi ora bakal bébas saka hukuman.+
6 Akèh wong sing péngin njupuk atiné para pejabat,*
Lan kabèh wong péngin dadi kancané wong sing seneng mènèhi hadiah.
7 Wong mlarat disengiti karo kabèh seduluré.+
Malah dhèwèké ya diedohi kanca-kancané.+
Dhèwèké terus-terusan njaluk tulung, ning ora ana sing perduli.
8 Wong sing nduwé pertimbangan sing apik sayang karo dhèwèké dhéwé,+
Lan wong sing terus nduduhké pertimbangan bakal berhasil.+
9 Wong sing mènèhi keterangan sing ora bener mesthi bakal dihukum,
Lan wong sing terus-terusan ngapusi mesthi bakal dipatèni.+
10 Wong sing bodho ora pantes urip méwah,
Lan pembantu ora pantes mréntah para pemimpin.+
11 Pemahaman nggawé wong ora gampang nesu.+
Lan dhèwèké bakal diajèni nèk gelem ngapura kesalahan.*+
12 Raja sing nesu kuwi kaya singa* sing nyuwara banter,+
Ning raja sing apikan kuwi kaya embun ing tanduran.
13 Kanggoné bojoné, wong wédok sing seneng padu* kuwi kaya atap sing terus-terusan bocor.+
Anak sing bodho nggawé bapaké susah.+
16 Wong sing manut karo préntah bakal terus urip.+
Wong sing ora perduli karo akibat saka tumindaké mesthi bakal mati.+
17 Nèk wong apikan karo wong mlarat, kuwi nggawé Yéhuwah utang karo wong sing apikan kuwi,+
18 Dhidhiken anakmu mumpung isih ana kesempatan.+
Nèk ora, kowé sing bakal tanggung jawab nèk* dhèwèké mati.+
19 Wong sing gampang nesu bakal kena akibaté.
Nèk kowé ngupaya nglindhungi dhèwèké saka akibaté, kuwi kudu mbok tindakké ping bola-bali.+
22 Wong sing nduduhké katresnan* bakal disenengi wong liya.+
Luwih apik dadi wong mlarat timbang seneng ngapusi.
23 Wong sing wedi marang* Yéhuwah bakal terus urip.+
Wong sing kaya ngono turuné bakal pénak, lan dhèwèké ora bakal kena bahaya.+
24 Wong sing kesèd mung ndèlèhké tangané ing mangkok,
Lan saking kesèdé, dhèwèké wegah nglebokké panganan ing cangkemé.+
25 Kowé kudu nggebug wong sing seneng ngécé,+ bèn wong sing ora nduwé pengalaman dadi isa mikir lan ora mèlu-mèlu tumindaké,+
Lan kowé kudu ngandhani wong sing nduwé pemahaman bèn pengetahuané dadi luwih akèh.+
26 Wong sing kasar karo bapaké lan ngusir ibuné
27 Anakku, nèk kowé ora gelem ngrungokké dhidhikan manèh,
Kowé bakal kélangan pengetahuan sing wis mbok duwèni.