Mazmur
71 Oh Yéhuwah, aku berlindung marang Njenengan.
Aja nganti aku digawé isin.+
2 Slametna lan bébasna aku merga Njenengan kuwi bener.
Rungokna* aku lan slametna aku.+
3 Dadia kaya bèntèng sing ana ing gunung watu
Sing isa tak parani kapan waé.
Tulung Njenengan ngongkon wong bèn nylametké aku,
Merga Njenengan tebing watu lan bèntèngku.+
4 Oh Gusti Allahku, tulung slametna aku saka wong sing jahat,+
Saka wong sing ora adil lan seneng nindhes.
5 Oh Yéhuwah, Gusti sing Mahakuwasa, aku mung berharap marang Njenengan.
Aku percaya marang Njenengan kèt aku isih enom.+
6 Aku ngendelké Njenengan kèt aku lair.
Njenengan sing ngetokké aku saka wetengé ibuku.+
Aku terus muji Njenengan.
7 Akèh wong nggumun wektu ndelok apa sing tak alami.
Ning Njenengan sing dadi perlindunganku.
8 Aku bakal terus muji Njenengan.+
Saben dina aku bakal nyritakké tumindak-Mu sing luar biasa.
9 Aja ninggalké aku nèk aku wis tuwa.+
Aja ninggalké aku pas aku ora nduwé kekuwatan manèh.+
10 Mungsuh-mungsuhku ngèlèk-èlèk aku
Lan bareng-bareng nggawé rencana matèni aku.+
11 Wong-wong kuwi kandha, ”Gusti Allah wis ninggalké dhèwèké.
Oyaken* lan cekelen dhèwèké. Ora ana sing isa nylametké dhèwèké.”+
12 Oh Gusti Allah, aja adoh-adoh saka aku.
Oh Gusti Allahku, cepet tulungi aku.+
13 Muga-muga wong sing nglawan aku
Digawé isin lan mati.+
Muga-muga wong sing péngin nyilakani aku
Digawé isin lan dirèmèhké.+
14 Tapi aku, aku bakal sabar ngentèni Njenengan.
Aku bakal saya luwih muji Njenengan.
15 Saben dina aku bakal terus-terusan crita soal tumindak-Mu sing bener+
Lan nyritakké wektu Njenengan nylametké aku.
Kuwi ana akèh banget nganti ora isa tak étung.+
16 Oh Yéhuwah, Gusti sing Mahakuwasa,
Aku bakal nyritakké tumindak-Mu sing luar biasa.
Aku bakal nyebutké soal tumindak-Mu sing adil, mung soal tumindak-Mu sing adil.
17 Oh Gusti Allah, Njenengan mulang aku kèt aku isih enom,+
Lan nganti saiki aku terus nyritakké tumindak-Mu sing luar biasa.+
18 Oh Gusti Allah, aja ninggalké aku senajan aku wis tuwa lan uwanen.+
Muga-muga aku isa nyritakké kuwasa-Mu* marang keturunan* sakwisé aku
Lan nyritakké kekuwatan-Mu marang wong-wong sing bakal lair sukmbèn.+
19 Oh Gusti Allah, tumindak-Mu sing bener kuwi hébat banget.+
Njenengan wis nindakké kegiatan sing luar biasa.
Oh Gusti Allah, sapa sing isa nandhingi Njenengan?+
20 Senajan Njenengan wis nggawé aku susah lan sengsara,+
Tulung wènèhi aku kekuwatan manèh.
Gawanen aku metu saka panggonan* sing jero ing bumi.+
21 Muga-muga Njenengan nggawé aku luwih diajèni.
Tulung lindhungi lan hibur aku.
22 Aku bakal muji Njenengan nganggo alat musik bersenar
Merga Njenengan kuwi setya, oh Gusti Allahku.+
Oh Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci,
Aku bakal nyanyi lagu pujian* nganggo harpa.