PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 26
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

Intiné Buku 2 Babad

      • Uzzia raja Yéhuda (1-5)

      • Kekuwatan militèré Uzzia  (6-15)

      • Uzzia dadi sombong lan akhiré lara kusta (16-21)

      • Uzzia mati (22, 23)

2 Babad 26:1

Réferènsi Silang

  • +Mat 1:8
  • +2Raj 14:21

2 Babad 26:2

Cathetan Ngisor

  • *

    Maksudé, Amazia bapaké.

  • *

    Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Réferènsi Silang

  • +1Raj 9:26; 2Raj 16:6
  • +2Raj 14:22

2 Babad 26:3

Réferènsi Silang

  • +Yés 1:1; 6:1
  • +2Raj 15:2

2 Babad 26:4

Réferènsi Silang

  • +2Raj 14:1, 3

2 Babad 26:5

Réferènsi Silang

  • +2Bb 14:7; Mzm 1:2, 3

2 Babad 26:6

Réferènsi Silang

  • +2Sam 8:1; 2Bb 21:16; Yés 14:29
  • +1Bb 18:1
  • +Yos 15:11, 12
  • +Yos 15:20, 46; 1Sam 5:1

2 Babad 26:7

Réferènsi Silang

  • +2Bb 17:11

2 Babad 26:8

Réferènsi Silang

  • +PD 19:36, 38; PH 11:15

2 Babad 26:9

Réferènsi Silang

  • +2Bb 14:2, 7
  • +2Raj 14:13; Yér 31:38; Za 14:10
  • +Néh 3:13

2 Babad 26:10

Cathetan Ngisor

  • *

    Utawa ”lan motong kanggo nggawé”, mungkin motong watu.

Réferènsi Silang

  • +2Raj 9:17

2 Babad 26:11

Réferènsi Silang

  • +Wi 1:2, 3; 2Sam 24:9
  • +2Bb 24:11

2 Babad 26:13

Réferènsi Silang

  • +2Bb 11:1; 13:3; 14:8; 17:14; 25:5

2 Babad 26:14

Cathetan Ngisor

  • *

    Deloken ”Bandhil” ing Daftar Istilah.

Réferènsi Silang

  • +2Bb 11:5, 12
  • +1Sam 17:4, 5
  • +PH 20:16; 1Sam 17:49; 1Bb 12:1, 2

2 Babad 26:15

Réferènsi Silang

  • +2Bb 14:2, 7

2 Babad 26:16

Réferènsi Silang

  • +Wi 1:51

2 Babad 26:18

Réferènsi Silang

  • +Wi 16:39, 40; 18:7
  • +Pa 30:7; 1Bb 23:13

2 Babad 26:19

Réferènsi Silang

  • +2Bb 16:10; 25:15, 16
  • +Wi 12:10; 2Raj 5:27

2 Babad 26:21

Réferènsi Silang

  • +2Raj 15:5-7
  • +Km 13:45, 46; Wi 5:2; 12:14, 15

2 Babad 26:22

Réferènsi Silang

  • +Yés 1:1; 6:1

2 Babad 26:23

Cathetan Ngisor

  • *

    Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.

Réferènsi Silang

  • +2Raj 15:32

Terjemahan Liya

Klik ayat kanggo ndelok ayat sing padha saka Alkitab liya.

Keterangan Liya

2 Bb. 26:1Mat 1:8
2 Bb. 26:12Raj 14:21
2 Bb. 26:21Raj 9:26; 2Raj 16:6
2 Bb. 26:22Raj 14:22
2 Bb. 26:3Yés 1:1; 6:1
2 Bb. 26:32Raj 15:2
2 Bb. 26:42Raj 14:1, 3
2 Bb. 26:52Bb 14:7; Mzm 1:2, 3
2 Bb. 26:62Sam 8:1; 2Bb 21:16; Yés 14:29
2 Bb. 26:61Bb 18:1
2 Bb. 26:6Yos 15:11, 12
2 Bb. 26:6Yos 15:20, 46; 1Sam 5:1
2 Bb. 26:72Bb 17:11
2 Bb. 26:8PD 19:36, 38; PH 11:15
2 Bb. 26:92Bb 14:2, 7
2 Bb. 26:92Raj 14:13; Yér 31:38; Za 14:10
2 Bb. 26:9Néh 3:13
2 Bb. 26:102Raj 9:17
2 Bb. 26:11Wi 1:2, 3; 2Sam 24:9
2 Bb. 26:112Bb 24:11
2 Bb. 26:132Bb 11:1; 13:3; 14:8; 17:14; 25:5
2 Bb. 26:142Bb 11:5, 12
2 Bb. 26:141Sam 17:4, 5
2 Bb. 26:14PH 20:16; 1Sam 17:49; 1Bb 12:1, 2
2 Bb. 26:152Bb 14:2, 7
2 Bb. 26:16Wi 1:51
2 Bb. 26:18Wi 16:39, 40; 18:7
2 Bb. 26:18Pa 30:7; 1Bb 23:13
2 Bb. 26:192Bb 16:10; 25:15, 16
2 Bb. 26:19Wi 12:10; 2Raj 5:27
2 Bb. 26:212Raj 15:5-7
2 Bb. 26:21Km 13:45, 46; Wi 5:2; 12:14, 15
2 Bb. 26:22Yés 1:1; 6:1
2 Bb. 26:232Raj 15:32
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
  • 1
  • 2
  • 3
  • 4
  • 5
  • 6
  • 7
  • 8
  • 9
  • 10
  • 11
  • 12
  • 13
  • 14
  • 15
  • 16
  • 17
  • 18
  • 19
  • 20
  • 21
  • 22
  • 23
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
2 Babad 26:1-23

2 Babad

26 Terus, kabèh wong Yéhuda ngangkat Uzzia+ sing umuré 16 taun dadi raja nggantèni Amazia bapaké.+ 2 Uzzia mbangun Élot+ manèh, lan kuwi didadèkké bagéan saka Yéhuda sakwisé Raja* mati.*+ 3 Pas mréntah dadi raja, Uzzia+ umuré 16 taun lan mréntah 52 taun suwéné ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Yékolia saka Yérusalèm.+ 4 Uzzia terus nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah, kaya sing ditindakké Amazia bapaké.+ 5 Dhèwèké terus nglayani Gusti Allah saksuwéné uripé Zakharia, yaiku wong sing ngajari dhèwèké bèn wedi marang Gusti Allah sing bener. Gusti Allah sing bener nggawé dhèwèké makmur nèk dhèwèké nglayani Yéhuwah.+

6 Dhèwèké perang nglawan wong Filistin+ lan ngrubuhké témbok Gat,+ témbok Yabné,+ lan témbok Asdod.+ Bar kuwi, dhèwèké mbangun kutha-kutha ing dhaérah Asdod lan ing antarané wong Filistin. 7 Gusti Allah sing bener bola-bali mbantu dhèwèké nglawan wong Filistin, wong Arab+ sing manggon ing Gurbaal, lan wong Méunim. 8 Wong Ammon+ mulai mbayar pajeg marang Uzzia. Dhèwèké dadi terkenal nganti tekan Mesir merga kuwasané saya gedhé. 9 Sakliyané kuwi, Uzzia mbangun menara-menara+ ing Yérusalèm ing cedhak Gerbang Sudut,+ cedhak Gerbang Lembah,+ lan cedhak Penyangga, lan kuwi kabèh dibèntèngi. 10 Dhèwèké ya mbangun menara-menara+ ing padhang belantara lan nggali* akèh sumur (merga ternaké akèh). Dhèwèké ya nindakké kuwi ing Syéféla lan dataran tinggi. Dhèwèké nduwé petani lan kebon anggur ing gunung-gunung lan ing Karmèl, merga dhèwèké seneng karo pertanian.

11 Sakliyané kuwi, Uzzia nduwé pasukan sing disiapké kanggo perang. Wong-wong kuwi maju perang lan dibagi ing kelompok-kelompok. Wong-wong kuwi diétung lan didaftar+ karo Yéièl, yaiku sekretaris,+ lan Maaséya. Wong loro kuwi dipimpin Hanania, salah siji pejabat raja. 12 Ana 2.600 pemimpin keluarga pihak bapak sing mimpin para pejuang hébat kuwi. 13 Wong-wong kuwi mimpin pasukan sing nganggo senjata sing jumlahé 307.500 wong sing siap perang, pasukan sing kuwat lan siap ndhukung Raja kanggo nglawan mungsuh.+ 14 Uzzia mènèhi kabèh pasukan kuwi tamèng, tombak,+ topi wesi, klambi perang,+ busur panah, lan watu kanggo mbandhil.*+ 15 Terus ing Yérusalèm, dhèwèké nggawé alat-alat perang sing dirancang karo para ahli. Alat-alat kuwi didèlèhké ing menara-menara+ lan ing pojok-pojokané témbok. Alat-alat kuwi isa manah lan nguncalké watu-watu gedhé. Mula, dhèwèké terkenal nganti tekan panggonan-panggonan sing adoh merga dibantu Gusti Allah lan dadi kuwat.

16 Ning sakwisé dhèwèké dadi kuwat, dhèwèké dadi sombong. Kuwi sing nggawé dhèwèké cilaka. Dhèwèké nindakké dosa marang Yéhuwah Gusti Allahé wektu mlebu ing baité Yéhuwah kanggo mbakar dupa ing mézbah dupa.+ 17 Imam Azaria lan 80 imamé Yéhuwah sing kendel langsung mlebu ngetutké dhèwèké. 18 Para imam kuwi marani Raja Uzzia lan kandha, ”Uzzia, kowé ora pantes mbakar dupa kanggo Yéhuwah.+ Mung para imam sing éntuk mbakar dupa, merga para imam kuwi keturunané Harun,+ yaiku wong-wong sing wis disucèkké. Metua saka panggonan suci iki, merga kowé wis ora setya. Kowé ya ora bakal nampa kemuliaan saka Yéhuwah merga nindakké iki.”

19 Ning, Uzzia sing lagi nyekel wadhah dupa kanggo mbakar dupa malah nesu banget.+ Pas dhèwèké lagi nyenèni para imam ing cedhak mézbah dupa ing omahé Yéhuwah, kusta+ metu ing bathuké ing ngarepé para imam. 20 Pas imam kepala Azaria lan kabèh imam ndelok dhèwèké, kabèh imam kuwi ndelok nèk dhèwèké kena kusta ing bathuké. Mula, para imam kuwi cepet-cepet nggawa Uzzia metu. Uzzia ya cepet-cepet metu saka kono, merga Yéhuwah ngukum dhèwèké.

21 Raja Uzzia terus sengsara merga kusta kuwi nganti dhèwèké mati. Dhèwèké terus manggon ing salah siji omah sing kepisah karo liyané merga dhèwèké lara kusta.+ Dhèwèké ya ora éntuk mlebu ing omahé Yéhuwah manèh. Yotam anaké ngawasi istana lan dadi hakimé rakyat ing tanah kuwi.+

22 Sejarah liyané soal Uzzia, saka awal nganti akhir, ditulis karo Nabi Yésaya+ anaké Amoz. 23 Akhiré, Uzzia mati* lan dikubur bareng karo nènèk moyangé. Dhèwèké dikubur ing cedhak kuburané nènèk moyangé, ning ing tanah kuburan duwèké para raja, merga wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké lara kusta.” Terus, Yotam+ anaké dadi raja nggantèni dhèwèké.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim