Yésaya
38 Pas Hizkia lara lan arep mati,+ Nabi Yésaya+ anaké Amoz ngomong karo dhèwèké, ”Yéhuwah ngomong ngéné, ’Kowé kudu rembugan karo keluargamu, merga kowé ora bakal mari.+ Kowé bakal mati.’” 2 Terus Hizkia madhep témbok lan ndonga marang Yéhuwah, 3 ”Oh Yéhuwah, tulung éling+ nèk aku wis setya lan saktulusé ati+ ngabdi marang Njenengan. Aku ya wis nindakké sing bener, kaya sing mbok karepké.” Terus Hizkia nangis banter banget.
4 Bar kuwi, Yéhuwah ngomong karo Yésaya, 5 ”Kowé kudu marani Hizkia+ manèh lan ngomong ngéné, ’Yéhuwah Gusti Allahé Daud nènèk moyangmu ngomong ngéné, ”Aku wis krungu dongamu+ lan ndelok kowé nangis.+ Umurmu* bakal Tak tambahi 15 taun manèh,+ 6 lan Aku bakal nylametké kowé lan kutha iki saka raja Asiria. Aku bakal nglindhungi kutha iki.+ 7 Iki tandha saka Yéhuwah nèk Yéhuwah bakal nepati janjiné:+ 8 Aku bakal nggawé bayangan matahari sing mudhun saka undhak-undhakané* Ahaz munggah manèh sepuluh langkah.”’”+ Akhiré, bayangan matahari munggah manèh sepuluh langkah.
9 Iki sing ditulis Hizkia raja Yéhuda sakwisé mari saka larané.
10 Aku kandha, ”Aku durung tuwa,
Ning wis arep mati.*
Uripku ora suwé manèh.”
11 Aku kandha, ”Aku ora bakal ndelok Yah,* ndelok Yah pas aku isih urip.+
Aku ora bakal ndelok manungsa manèh,
Merga aku ana ing antarané wong-wong sing wis mati.
12 Uripku kaya kémahé gembala
Sing dibongkar lan digawa lunga.+
Uripku kaya kain sing digulung tukang tenun.
Nyawaku kaya benang sing dikethok saka alat tenun.
Saka awan nganti bengi, Gusti Allah terus nggawé aku susah.+
13 Nganti ésuk, aku terus ngupaya bèn isa tenang.
Dhèwèké kaya singa sing ngremuk balung-balungku.
Saka awan nganti bengi, Dhèwèké terus nggawé aku susah.+
14 Aku nangis merga sedhih+ kaya manuk walèt lan manuk liyané.*
Aku ngetokké swara kaya manuk dara.+
Aku wis kesel ngentèni bantuané.+
’Oh Yéhuwah, aku susah banget.
15 Aku kudu piyé manèh?
Lha wong Dhèwèké wis ngomong karo aku lan wis tumindak.
Aku bakal rendah hati sakjegé uripku,
Merga aku ngalami kesusahan.
16 ’Oh Yéhuwah, wong-wong isa urip merga Njenengan apikan.
Aku ya isa urip merga Njenengan apikan.
Njenengan bakal nggawé aku séhat manèh lan ora mati.+
17 Aku ora tenang lan ngrasa susah banget.
Njenengan nylametké aku bèn aku ora mati,+
Merga Njenengan sayang karo aku.
Njenengan ora ngéling-éling manèh dosaku.*+
18 Ing njero Kuburan,* ora ana sing isa ngluhurké Njenengan.+
Wong mati ora isa muji Njenengan.+
Wong mati ya ora isa berharap Njenengan setya karo wong-wong kuwi.+
19 Mung wong sing isih urip sing isa muji Njenengan,
Kaya sing tak tindakké saiki.
Bapak isa nyritakké marang anaké nèk Njenengan kuwi setya.+
20 Oh Yéhuwah, slametna aku.
21 Terus Yésaya ngomong, ”Jupuken buah ara garing sing wis dialuské, terus kuwi kudu diolèské ing bisulé bèn dhèwèké mari.”+ 22 Sakdurungé kuwi, Hizkia tau takon, ”Apa tandhané nèk aku bakal lunga ing omahé Yéhuwah?”+