Yésaya
Bèn ngalahké bangsa-bangsa,+
Njupuk senjatané* raja-raja,
Lan mbukak lawang ing ngarepé,
Supaya gerbang-gerbang ora ditutup,
2 ”Aku bakal ndhisiki kowé.+
Bukit-bukit bakal Tak ratakké.
Lawang saka tembaga bakal Tak hancurké,
Lan palang wesi bakal Tak tugel.+
3 Aku bakal mènèhi kowé harta sing ana ing panggonan sing peteng
Lan mènèhi harta sing ana ing panggonan rahasia,+
Bèn kowé ngerti nèk Aku iki Yéhuwah,
Gusti Allahé Israèl,
4 Kanggo kepentingané Yakub abdi-Ku lan Israèl umat sing Tak pilih,
Aku ngundang kowé nganggo jenengmu.
Aku bakal nggawé kowé diajèni, senajan kowé ora kenal karo Aku.
5 Aku Yéhuwah, lan ora ana sing liyané.
Ora ana Gusti Allah sakliyané Aku.+
Aku bakal nguwatké kowé,* senajan kowé ora kenal karo Aku,
6 Bèn wong-wong padha ngerti
Nèk saka wétan nganti kulon
Ora ana Gusti Allah liya sakliyané Aku.+
Aku Yéhuwah, lan ora ana sing liyané.+
7 Aku nggawé padhang+ lan peteng.+
Aku nggawé rukun+ lan bencana.+
Aku Yéhuwah sing nindakké kabèh kuwi.
8 Hé langit, gawéa udan sing deres.+
Muga-muga apa sing bener dadi kaya udan sing mudhun ing bumi.
Kaya bumi sing éntuk udan lan ngasilké panènan sing akèh,
Umat-Ku bakal dislametké lan ngrasakké keadilan.+
Aku, Yéhuwah, sing nggawé kabèh kuwi kelakon.”
9 Cilaka nèk wong nglawan* sing mbentuk* dhèwèké,
Merga dhèwèké kuwi mung pecahan wadhah saka tanah liat
Ing antarané pecahan-pecahan liyané sing ana ing lemah.
Apa pantes tanah liat ngomong karo pengrajin tanah liat,* ”Ngapa kok kowé nggawé aku kaya ngéné?”+
Apa pantes wadhah sing digawé ngomong, ”Dhèwèké ora isa apa-apa”?*
10 Cilaka wong sing ngomong karo bapaké, ”Kok kowé isa nduwé anak kaya ngono?”
Cilaka wong sing ngomong karo ibuné, ”Kok kowé isa nglairké anak kaya ngono?”
11 Yéhuwah, Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci,+ sing mbentuk Israèl, ngomong ngéné,
”Apa kowé ora percaya nèk omongan-Ku mesthi bakal kelakon?
Kok kowé ngatur-ngatur apa sing kudu Tak tindakké marang anak-Ku+ lan ciptaan-Ku?
12 Aku nggawé bumi+ lan nyiptakké manungsa sing manggon ing kono.+
Aku nggelar langit kaya nggelar kain nganggo tangan-Ku,+
13 Yéhuwah pemimpiné pasukan ngomong, ”Merga Aku bener,+ ana wong sing bakal Tak kongkon bèn tumindak.
Aku bakal nyingkirké kabèh sing ngalangi dalané.
Dhèwèké sing bakal mbangun kutha-Ku.+
Dhèwèké bakal mbébaské+ umat-Ku sing ditawan senajan ora dibayar utawa disuap.”+
14 Yéhuwah ngomong ngéné,
”Keuntungan sing ditampa Mesir lan barang dagangané Étiopia bakal dadi duwèkmu,
Lan wong Séba sing awaké dhuwur bakal teka ing panggonanmu.
Wong-wong kuwi bakal mlaku ing mburimu karo diranté.
Wong-wong kuwi bakal teka lan sujud marang kowé.+
Wong-wong kuwi bakal ngajèni kowé lan ngomong, ’Gusti Allah pancèn ndhukung kowé.+
Ora ana Gusti Allah liya.’”
15 Oh Gusti Allah sing nylametké Israèl,+
Njenengan ora mesthi ngandhani apa sing mbok tindakké.
16 Wong-wong sing nggawé patung bakal isin+ lan direndhahké.
Kabèh wong kuwi bakal lunga lan digawé isin.
17 Tapi, hé Israèl, Yéhuwah bakal nylametké kowé saklawasé.+
Kowé ora bakal digawé isin lan ora bakal direndhahké nganti saklawasé.+
18 Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener,
Sing Nyiptakké langit,+ Sing Mbentuk bumi,
Lan sing nggawé bumi bèn ana sakterusé.+
Dhèwèké nyiptakké bumi merga ana tujuané,* yaiku bèn dienggoni manungsa.+
Dhèwèké ngomong ngéné, ”Aku Yéhuwah, ora ana liyané.
19 Aku ora ngomong ing panggonan sing peteng lan ora mbok ngertèni.+
Aku ora ngomong karo keturunané* Yakub,
’Golèkana Aku, ning upayamu ora bakal ana gunané.’
Aku Yéhuwah, sing ngomongké soal keadilan lan soal apa sing bener.+
20 Hé kowé, wong-wong sing bébas saka bangsa-bangsa,+
Kowé kudu ngumpul lan teka mréné.
Wong-wong sing wira-wiri nggawa patung allahé kuwi ora ngerti apa-apa.
Wong-wong kuwi ndonga marang allah sing ora isa nylametké wong-wong kuwi.+
21 Kowé kudu ngomongké penjelasanmu.
Kuwi kudu mbok rembug bareng-bareng.
Sapa sing mbiyèn
Ngandhani apa sing bakal kelakon?
Kuwi Aku, Yéhuwah.
Ora ana Gusti Allah sakliyané Aku.
Aku Gusti Allah sing bener lan sing nylametké kowé,+ ora ana liyané.+
22 Hé kowé kabèh wong ing bumi, kowé kudu mertobat bèn isa dislametké.+
Aku Gusti Allah, ora ana liyané.+
23 Apa sing wis Tak omongké kuwi mesthi bener
Lan mesthi bakal kelakon.+
Aku tenanan sumpah:
Kabèh wong bakal sujud marang Aku
Lan nggawé sumpah nèk bakal setya karo Aku.+
24 Kabèh wong kuwi bakal ngomong, ’Yéhuwah kuwi pancèn Gusti Allah sing kuwat lan tumindaké bener.
Kabèh sing nesu marang Dhèwèké bakal ngrasa isin ing ngarepé.
25 Merga Yéhuwah, kabèh keturunané* Israèl bakal dianggep bener.+
Kabèh sing wis ditindakké Gusti Allah kanggo wong-wong kuwi nggawé wong-wong kuwi bangga.’”