Yésaya
56 Yéhuwah ngomong ngéné,
”Kowé kudu adil+ lan nindakké apa sing bener
Merga sedhéla manèh Aku bakal nylametké kowé.
Kabèh bakal padha ngerti nèk Aku adil.+
2 Wong sing nindakké kuwi mau
Lan sing manut karo hukum-Ku kuwi wong sing bahagia.
Wong sing ngrayakké Sabat, ora nglanggar hukum soal dina Sabat,+
Lan ora nindakké kabèh sing jahat kuwi wong sing bahagia.
3 Wong asing sing ngibadah marang Yéhuwah+ aja nganti ngomong ngéné,
’Yéhuwah mesthi bakal misahké aku saka umaté.’
Wong lanang sing mandhul* aja nganti ngomong, ’Aku kaya wit garing.’”
4 Yéhuwah ngomong ngéné soal wong lanang sing mandhul sing ngrayakké Sabat, sing nindakké apa sing dikarepké,* lan sing manut karo perjanjiané,
5 ”Wong-wong kuwi bakal Tak wènèhi panggonan ing omah-Ku, lan jenengé bakal Tak éling-éling.
Kuwi luwih apik timbang anak lanang lan anak wédok.
Jenengé wong-wong kuwi bakal Tak tulis.
Kuwi bakal ana nganti saklawasé lan ora bakal dihapus.
6 Wong asing sing ngibadah lan ngabdi marang Yéhuwah,
Sing sayang karo Yéhuwah lan jenengé,+
Sing gelem dadi abdi-Ku,
Sing ngrayakké Sabat lan ora nglanggar hukum soal dina Sabat,
Sing manut karo perjanjian-Ku,
7 Bakal Tak gawa ing gunung-Ku sing suci+
Lan Tak gawé seneng ing omah-Ku sing dienggo ndonga.
Kabèh persembahan bakaran lan korban sing diwènèhké wong kuwi bakal Tak tampa ing mézbah-Ku,
Merga omah-Ku bakal disebut omah sing dienggo ndonga wong-wong saka kabèh bangsa.”+
8 Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah sing ngumpulké wong Israèl+ sing mencar-mencar ngomong ngéné,
”Sakliyané wong-wong sing wis Tak kumpulké, Aku bakal ngumpulké sing liyané manèh.”+
9 Hé kabèh kéwan liar ing padhang lan ing hutan,+
Mrénéa lan mangana.
10 Para penjagané wuta+ lan ora nggatèkké sing arep kelakon.+
Kabèh wong kuwi kaya asu sing bisu, ora isa njegog,+
Sing menggèh-menggèh, turonan, lan seneng turu.
11 Wong-wong kuwi kaya asu sing nggragas
Lan ora tau ngrasa puas.
Wong-wong kuwi kaya gembala sing ora ngerti apa-apa,+
Padha nuruti karepé dhéwé.
Kabèh padha nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur. Wong-wong kuwi ngomong ngéné,
12 ”Mrénéa, tak jupukké anggur.
Ayo ngombé minuman keras nganti mabuk.+
Sésuk bakal kaya dina iki, malah luwih apik timbang dina iki.”