PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Hagai 1:1-2:23
  • Hagai

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Hagai
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Hagai

HAGAI

1 Ing taun keloro pamréntahané Raja Darius, ing dina pertama sasi keenem, Yéhuwah kandha liwat Nabi Hagai*+ marang gubernur Yéhuda, yaiku Zérubabèl+ anaké Syéaltièl, lan marang Imam Agung Yosua anaké Yéhozadak. Iki sing diomongké:

2 ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha ngéné, ’Bangsa iki kandha, ”Saiki durung wektuné mbangun* omahé* Yéhuwah.”’”+

3 Yéhuwah kandha manèh liwat Nabi Hagai,+ 4 ”Lha saiki apa ya wis wektuné kowé manggon ing omah sing dilapisi kayu sing apik, padahal omah-Ku remuk?+ 5 Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, ’Gatèkna tumindakmu. 6 Benih sing mbok sebar akèh, ning sing mbok panèn mung sithik.+ Kowé mangan, ning ora nganti wareg. Kowé ngombé, ning ora nganti puas. Kowé nganggo klambi, ning ora krasa anget. Wong sing nyambut gawé nyimpen upahé ing kanthong sing bolong.’”

7 ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, ’Gatèkna tumindakmu.’

8 ”Yéhuwah kandha, ’Munggaha gunung, lan jupuken kayu.+ Terus, bangunen omah-Ku+ bèn Aku seneng lan diluhurké.’”+

9 ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Kowé péngin éntuk hasil panèn akèh, ning mung éntuk sithik. Kuwi mbok gawa mulih ing omahmu, ning kuwi Tak sirnakké.+ Kenapa? Merga omah-Ku hancur, ning kowé malah sibuk ngurusi omahmu dhéwé.+ 10 Mula ora ana embun saka langit, lan tanah ora ngetokké hasilé. 11 Aku bakal terus nggawé tanahmu lan gunungmu dadi gersang, mula kowé dadi kekurangan biji-bijian, anggur, minyak, lan tanduran. Kowé lan ternakmu sengsara, lan kabèh kerja kerasmu ora ana gunané.’”

12 Zérubabèl+ anaké Syéaltièl,+ Imam Agung Yosua anaké Yéhozadak,+ lan kabèh wong saka bangsa kuwi manut omongané Yéhuwah Gusti Allahé lan omongané Hagai, merga Yéhuwah Gusti Allahé wis ngutus Hagai. Bangsa kuwi dadi wedi marang Yéhuwah.

13 Terus, kaya sing dipréntahké Yéhuwah, Hagai utusané Yéhuwah nyampèkké pesen iki marang bangsa kuwi: ”’Yéhuwah kandha, ’Aku ndhukung kowé kabèh.’”+

14 Mula, Yéhuwah ngarahké+ Zérubabèl anaké Syéaltièl, gubernur Yéhuda+ kuwi, lan Yosua+ anaké Yéhozadak, imam agung kuwi, lan kabèh wong saka bangsa kuwi. Wong-wong kuwi mulai mbangun omahé Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé wong-wong kuwi.+ 15 Kuwi kabèh kelakon ing dina ke-24 sasi ke-6, ing taun keloro paméntahané Raja Darius.+

2 Ing dina ke-21 sasi ke-7, Yéhuwah kandha liwat Nabi Hagai,+ 2 ”Takona marang Zérubabèl+ anaké Syéaltièl, gubernur Yéhuda+ kuwi, lan Imam Agung Yosua+ anaké Yéhozadak,+ lan kabèh wong saka bangsa kuwi: 3 ’Sapa ing antaramu sing isih kèlingan karo keindahané omah-Ku mbiyèn?+ Nèk saiki piyé? Dibandhingké sing mbiyèn, saiki ora ana apa-apané, ta?’+

4 ”Yéhuwah kandha, ’Kowé kudu kuwat Zérubabèl, lan kowé ya kudu kuwat Imam Agung Yosua anaké Yéhozadak.’

”Yéhuwah kandha manèh, ’Kabèh rakyat ing tanah iki,+ kowé kabèh kudu kuwat lan nyambut gawéa,’

”’Merga Aku ndhukung kowé’,+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan. 5 ’Élinga janji-Ku wektu kowé metu saka Mesir,+ lan saiki Aku isih nuntun kowé nganggo kuwasa-Ku.+ Aja wedi.’”+

6 ”Merga iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, ’Ora suwé manèh, Aku arep nggoncangké langit, bumi, laut, lan darat sepisan manèh.’+

7 ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Aku arep nggoncangké kabèh bangsa, lan harta sing berharga saka kabèh bangsa bakal mlebu+ menyang omah iki. Aku bakal ngebaki omah iki nganggo kemuliaan.’+

8 ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Pérak kuwi duwèk-Ku, emas kuwi ya duwèk-Ku.’

9 ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Kemuliaané omah iki bakal ngluwihi sing sakdurungé.’+

”’Aku bakal mènèhi kowé kedamaian ing panggonan iki,’+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.”

10 Ing dina ke-24 sasi ke-9, ing taun keloro pamréntahané Darius, Yéhuwah kandha marang Nabi Hagai,+ 11 ”Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, ’Takona marang para imam soal Hukum iki:+ 12 ”Nèk ana wong sing nggawa daging sing suci* ing jubahé, terus jubahé kuwi ngenani roti, sop, anggur, minyak, utawa panganan apa waé, apa panganan kuwi ya bakal dadi suci?”’”

Para imam njawab, ”Ora.”

13 Terus Hagai takon, ”Nèk panganan kuwi didemèk wong sing najis merga ndemèk mayat, apa panganan kuwi ya bakal dadi najis?”+

Para imam njawab, ”Ya, kuwi bakal dadi najis.”

14 Mula Hagai kandha, ”Yéhuwah kandha, ’Ya ngono kuwi umat-Ku lan bangsa iki. Ya ngono kuwi kabèh sing dihasilké wong-wong kuwi nganggo tangané. Apa waé sing diwènèhké wong-wong kuwi dadi persembahan, kuwi kabèh najis.’

15 ”’Ning saiki, mulai dina iki, gatèkna tenanan: Sakdurungé baité Yéhuwah mulai dibangun manèh,+ 16 piyé keadaané? Pas wong teka kanggo njupuk gandum 20 taker, sing ana mung 10. Terus, pas wong teka menyang panggonan meres anggur kanggo njupuk anggur 50 taker, sing ana mung 20.+ 17 Kabèh sing mbok hasilké nganggo tanganmu bakal Tak hukum nganggo angin sing panas banget, hama jamur,+ lan udan ès. Ning, ora ana wong siji-sijia sing bali marang Aku,’ kandhané Yéhuwah.

18 ”’Dina iki, dina ke-24 sasi ke-9, pondhasi baité Yéhuwah dibangun.+ Gatèkna tenanan apa sing bakal kelakon mulai dina iki: 19 Apa isih ana benih ing gudhang-gudhang?+ Wit anggur, ara, delima, lan zaitun ya durung metu buahé, ta? Mulai dina iki, Aku bakal mènèhi berkah.’”+

20 Terus Yéhuwah kandha manèh marang Hagai ing dina ke-24 sasi kuwi,+ 21 ”Kandhanana Zérubabèl, gubernuré Yéhuda, ’Aku bakal nggoncangké langit lan bumi.+ 22 Aku bakal nyingkirké takhtané kerajaan-kerajaan lan nyingkirké kekuwatan kerajaané bangsa-bangsa.+ Aku bakal nyingkirké kréta perang lan sing numpaki. Jaran-jarané bakal padha tiba, lan sing numpaki bakal patèn-patènan nganggo pedhang.’”+

23 ”Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ’Wektu kuwi Aku bakal nggunakké kowé, abdi-Ku Zérubabèl+ anaké Syéaltièl.’+ Yéhuwah kandha, ’Aku bakal ndadèkké kowé kaya cincin meterai, merga kowé sing wis Tak pilih,’ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.”

Artiné ”Lair Pas Perayaan”.

Utawa ”mbangun manèh”.

Utawa ”baité”.

Maksudé, daging kéwan sing wis diwènèhké dadi korban marang Gusti Allah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim