PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt Éfésus 1:1-6:24
  • Éfésus

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Éfésus
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Éfésus

SURAT KANGGO JEMAAT ING ÉFÉSUS

1 Surat saka Paulus, sing dadi rasulé Kristus Yésus sesuai karo karepé Gusti Allah, kanggo wong-wong suci sing ana ing Éfésus,+ murid-muridé Kristus Yésus sing setya.

2 Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, lan Gusti Yésus Kristus apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem.

3 Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapaké Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé, diluhurké. Saka swarga, Dhèwèké wis mberkahi awaké dhéwé nganggo berkah sing asalé saka roh suci merga awaké dhéwé muridé Kristus.+ 4 Sakdurungé permulaané donya,* Dhèwèké wis milih awaké dhéwé bèn bersatu karo Kristus, mula awaké dhéwé kudu nduduhké katresnan, dadi suci, lan tetep ora salah+ ing ngarepé. 5 Saka awal, Gusti Allah wis nentokké bèn awaké dhéwé+ diangkat dadi anak-anaké+ liwat Yésus Kristus. Gusti Allah milih sesuai karo sing dikarepké lan disenengi.+ 6 Dadi, Gusti Allah bakal diluhurké merga Dhèwèké wis apikan banget+ marang awaké dhéwé. Sifat kuwi diduduhké liwat Anaké sing ditresnani.+ 7 Merga Gusti Allah apikan banget, awaké dhéwé ditebus nganggo getihé Anaké.+ Awaké dhéwé dibébaské, lan pelanggarané awaké dhéwé diapura.+

8 Gusti Allah wis apikan banget marang awaké dhéwé. Buktiné, Dhèwèké wis nggawé awaké dhéwé wicaksana* lan nduwé pengetahuan. 9 Dhèwèké ya ngandhani awaké dhéwé rahasia suci+ soal apa sing dikarepké. Sesuai karo apa sing Dhèwèké senengi, Dhèwèké wis mutuské 10 bèn sakwisé wektu sing ditentokké kuwi entèk, ana pengaturan kanggo ngumpulké kabèh sing ana ing swarga lan ing bumi+ marang Kristus. Kabèh bakal dikumpulké marang Kristus. 11 Aku bersatu karo Kristus lan dipilih dadi ahli waris bareng dhèwèké.+ Kèt awal, Gusti Allah wis milih aku sesuai karo rencanané, merga Dhèwèké nindakké apa waé sesuai karo karepé. 12 Dadi, Gusti Allah diluhurké lan dipuji liwat aku, yaiku wong-wong sing pertama nduwé iman marang Kristus. 13 Ning, kowé ya nduwé iman marang Kristus sakwisé kowé krungu ajaran sing bener, yaiku kabar apik soal Gusti Allah sing nylametké kowé. Sakwisé kowé percaya, Gusti Allah mènèhi meterai+ marang kowé nganggo roh suci sing wis dijanjèkké, lan Dhèwèké nindakké iki liwat Kristus. 14 Roh suci kuwi dadi jaminan nèk awaké dhéwé bakal nampa warisan.+ Gusti Allah nindakké iki bèn isa mbébaské umaté+ liwat tebusan,+ lan kuwi nggawé Dhèwèké dipuji lan diluhurké.

15 Kuwi sebabé, kèt aku krungu soal imanmu marang Gusti Yésus lan katresnan sing mbok duduhké marang wong-wong suci, 16 aku ora mandheg ngucap syukur merga kowé. Aku terus ndongakké kowé 17 bèn Gusti Allah nggawé kowé wicaksana lan isa paham karo apa sing diduduhké Gusti Allah marang kowé. Dadi, kowé isa nduwé pengetahuan sing bener soal Dhèwèké.+ Gusti Allah kuwi Bapak sing mulya, Gusti Allahé Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé. 18 Gusti Allah wis mbukak atimu bèn kowé isa ngerti soal harapan sing diwènèhké marang kowé. Gusti Allah péngin kowé ngerti nèk berkah-berkah sing diwènèhké dadi warisan kanggo wong-wong suci kuwi mulya lan berharga banget.+ 19 Gusti Allah péngin kowé ngerti nèk kuwasané kuwi hébat banget, lan kuwi diwènèhké marang awaké dhéwé sing percaya.+ Kuwasa lan kekuwatané sing hébat kétok 20 wektu Dhèwèké nguripké manèh Kristus saka antarané wong mati lan ngongkon Kristus lungguh ing sebelah tengené+ ing swarga. 21 Gusti Allah nggawé dhèwèké luwih unggul timbang kabèh pamréntah, pejabat, penguasa, pemimpin, lan sebutan* apa waé,+ ora mung saiki,* ning ya sukmbèn. 22 Gusti Allah ya wis nggawé kabèh tundhuk marang wewenangé* Kristus+ lan ndadèkké dhèwèké kepalané kabèh sing ana hubungané karo jemaat.+ 23 Jemaat kuwi badané Kristus+ sing dadi lengkap liwat dhèwèké. Dhèwèké sing nggawé kabèh dadi lengkap.

2 Sakliyané kuwi, Gusti Allah wis mènèhi kowé urip, senajan kowé wis mati merga kesalahan lan dosa-dosamu.+ 2 Mbiyèn, uripmu kaya uripé wong-wong ing donya* iki. Kowé nindakké apa sing dipéngini penguasané donya iki.+ Pikirané wong-wong sing ora manut dipengaruhi karo penguasané donya iki, lan pikiran+ kuwi nyebar ing endi-endi kaya udara.+ 3 Mbiyèn, awaké dhéwé tumindak menurut kepénginan sing salah+ lan menurut pikirané awaké dhéwé.+ Kèt lair awaké dhéwé iki pantes dihukum*+ karo Gusti Allah kaya wong-wong liyané. 4 Ning, Gusti Allah ngrasa mesakké+ lan sayang banget karo awaké dhéwé.+ 5 Kuwi sebabé, senajan awaké dhéwé wis mati merga kesalahané awaké dhéwé,+ Dhèwèké mènèhi awaké dhéwé urip lan nggawé awaké dhéwé bersatu karo Kristus. Kowé dislametké merga Gusti Allah apikan banget. 6 Sakliyané kuwi, Gusti Allah wis nguripké manèh awaké dhéwé lan mènèhi awaké dhéwé panggonan ing swarga merga awaké dhéwé murid-muridé Kristus Yésus.+ 7 Dadi, ing jaman* sukmbèn Gusti Allah bakal nduduhké sifaté sing apikan banget wektu Dhèwèké nindakké apa sing apik kanggo awaké dhéwé sing dadi murid-muridé Kristus Yésus.

8 Kowé sing nduwé iman wis dislametké merga Gusti Allah apikan banget.+ Mula, nèk kowé isa slamet, kuwi dudu merga upayamu dhéwé, ning kuwi berkah saka Gusti Allah. 9 Kuwi dudu hasil saka tumindakmu,+ mula kuduné kowé ora sombong. 10 Merga awaké dhéwé murid-muridé Kristus Yésus,+ awaké dhéwé diciptakké+ kanggo nindakké apa sing apik. Kèt awal Gusti Allah wis nentokké bèn awaké dhéwé nindakké kuwi.

11 Mula, kowé kudu éling nèk kowé kuwi dudu wong Yahudi, lan ”wong-wong sing disunat” karo manungsa nyebut kowé ”wong-wong sing ora disunat”. 12 Wektu kuwi, kowé ora kenal karo Kristus, kepisah saka bangsa Israèl, lan ora termasuk ing perjanjian sing dhasaré saka janjiné Gusti Allah.+ Ing donya iki, kowé ora nduwé harapan lan ora kenal karo Gusti Allah.+ 13 Ning, saiki kowé kuwi murid-muridé Kristus Yésus. Kuwi sebabé, senajan kowé mbiyèn adoh saka Gusti Allah, kowé saiki cedhak karo Dhèwèké liwat getihé Kristus. 14 Kristus wis ngrukunké awaké dhéwé.+ Dhèwèké kuwi sing nggawé rong kelompok dadi siji+ lan ngrubuhké témbok sing misahké rong kelompok kuwi.+ 15 Kristus ngorbanké badané bèn Hukum Musa berakhir. Hukum kuwi isiné préntah sing nggawé rong kelompok kuwi mungsuhan. Dadi, dhèwèké ngrukunké lan nggawé rong kelompok kuwi dadi bangsa siji sing anyar.+ Rong kelompok kuwi murid-muridé Kristus. 16 Liwat cagak hukumané,*+ dhèwèké nggawé rong kelompok kuwi rukun karo Gusti Allah. Mula, liwat kematiané, rong kelompok kuwi isa dadi badan siji lan ora mungsuhan manèh.+ 17 Dhèwèké martakké kabar apik nèk kowé isa rukun karo Gusti Allah. Kabar apik kuwi diwartakké marang kowé, yaiku wong-wong sing adoh saka Gusti Allah. Kabar apik kuwi ya diwartakké marang wong-wong sing cedhak karo Gusti Allah. 18 Liwat Kristus, awaké dhéwé sing termasuk ing rong kelompok mau isa bébas ndonga marang Bapak merga awaké dhéwé nampa roh suci sing padha.

19 Mula, kowé dudu wong asing lan penduduk saka negara liya manèh.+ Ning, kowé kuwi warga negara+ kaya wong-wong suci liyané, lan kowé kuwi ya anggota keluargané Gusti Allah.+ 20 Kowé wis dibangun ing ndhuwuré pondhasi, yaiku para rasul lan para nabi.+ Ning, Kristus Yésus kuwi watu sing utama.*+ 21 Bagéan-bagéané bangunan kuwi bersatu.+ Merga bersatu karo Kristus, bangunan kuwi dadi saya gedhé lan dadi bait suci kanggo Yéhuwah.*+ 22 Merga kowé bersatu karo Kristus, kowé lan wong-wong suci liyané dibangun bareng-bareng dadi omahé Gusti Allah bèn isa dienggoni roh suci.+

3 Aku, Paulus, dipenjara+ demi Kristus Yésus lan demi kowé, yaiku wong-wong saka bangsa liya. 2 Kowé mesthi wis krungu nèk aku wis nampa tanggung jawab*+ kanggo mbantu kowé bèn kowé éntuk manfaat saka sifaté Gusti Allah sing apikan banget. 3 Gusti Allah wis nduduhké rahasia suciné marang aku, kaya sing wis tak omongké ing suratku sakdurungé. 4 Dadi wektu kowé maca surat iki, kowé bakal ngerti nèk aku paham rahasia suci+ soal Kristus. 5 Jaman* mbiyèn, Gusti Allah durung njelaské rahasia iki marang manungsa. Ning saiki, liwat roh suci, Dhèwèké wis njelaské rahasia iki marang para rasul lan para nabiné sing suci.+ 6 Rahasia kuwi yaiku: Wong-wong saka bangsa liya sing dadi murid-muridé Kristus Yésus bakal dadi ahli waris bareng karo Kristus lan dadi anggota saka badan sing padha.+ Merga nampa kabar apik, wong-wong kuwi ya bakal nampa janji sing padha kaya sing dijanjèkké Gusti Allah marang aku. 7 Aku dadi pelayan sing mbantu kowé bèn paham karo rahasia suci kuwi* merga Gusti Allah apikan banget marang aku, lan kuwi dadi berkah kanggo aku. Sifat kuwi diduduhké marang aku liwat kuwasané.+

8 Aku iki sing paling rendah ing antarané wong-wong suci,+ ning Gusti Allah apikan banget karo aku.+ Mula, aku isa martakké kabar apik marang bangsa-bangsa liya soal berkahé Kristus sing akèh banget. 9 Aku ya mbantu kabèh wong bèn ngerti piyé Gusti Allah, sing nyiptakké kabèh, nindakké rahasia suciné+ sing didhelikké kèt mbiyèn. 10 Gusti Allah nindakké iki bèn saiki, liwat jemaat,+ para pamréntah lan penguasa ing swarga isa ngerti soal kawicaksanané* Gusti Allah+ sing diduduhké nganggo akèh cara. 11 Kabèh kuwi sesuai karo karepé sing ana saklawasé. Sing dikarepké kuwi wis ditentokké bèn kelakon liwat Kristus+ Yésus Gustiné awaké dhéwé. 12 Merga nduwé iman marang dhèwèké, awaké dhéwé isa kendel wektu ngomong lan isa bébas ndonga+ marang Gusti Allah. 13 Mula, aku njaluk marang kowé bèn kowé ora cilik ati merga ngerti kesengsaraan sing tak alami demi kowé. Kesengsaraan sing tak alami iki bakal nggawé kowé dimulyakké.+

14 Aku sujud marang Bapak 15 merga Dhèwèké kuwi sing nggawé kabèh keluarga ing bumi lan ing swarga dadi ana.* 16 Aku ndonga marang Gusti Allah sing mulya bèn nggunakké kuwasané roh suci kanggo nguwatké ati lan pikiranmu.+ 17 Aku ya ndonga marang Gusti Allah supaya Kristus lan katresnan marang wong liya ana ing atimu+ merga kowé nduwé iman. Muga-muga kowé tetep kuwat+ lan kokoh ing ndhuwuré pondhasi kuwi,+ 18 bèn kaya wong-wong suci, kowé isa ngerti tenan sepira ambané, dawané, dhuwuré, lan jeroné ajaran sing bener. 19 Kowé ya isa ngerti soal katresnané Kristus+ sing luwih penting timbang pengetahuan. Dadi, kowé isa nduwé kabèh sifaté Gusti Allah sing diwènèhké marang kowé.

20 Liwat kuwasané sing diwènèhké marang awaké dhéwé,+ Gusti Allah isa nindakké luwih akèh timbang sing dijaluk utawa dipikirké awaké dhéwé.+ 21 Mula, Dhèwèké pantes nampa kemuliaan liwat jemaat lan liwat Kristus Yésus nganti saklawasé. Amin.

4 Aku, sing dipenjara+ merga dadi muridé Gusti, njaluk supaya kowé njaga tumindakmu bèn kowé pantes+ dadi wong-wong sing dipilih karo Gusti Allah. 2 Kowé kudu terus rendah hati,+ nduwé watak sing alus, lan sabar+ karo liyané merga tresna.+ 3 Roh suci wis nggawé kowé bersatu. Kowé kudu terus ngupaya tenanan bèn tetep bersatu lan rukun.+ 4 Mung ana harapan siji+ sing nggawé awaké dhéwé dipilih. Padha kaya kuwi, mung ana badan siji+ lan roh suci siji.+ 5 Mung ana Gusti siji,+ iman siji, baptisan siji. 6 Mung ana Gusti Allah siji sing dadi Bapaké kabèh wong. Dhèwèké kuwi luwih unggul timbang sapa waé. Dhèwèké tumindak liwat awaké dhéwé lan nggunakké kuwasané nganggo cara apa waé.

7 Saben wong ing antarané awaké dhéwé wis ngrasakké sifaté Gusti Allah sing apikan banget, lan awaké dhéwé isa nampa berkah kuwi merga Kristus.+ 8 Kitab Suci kandha, ”Wektu dhèwèké munggah ing panggonan sing dhuwur, dhèwèké nggawa wong-wong sing ditawan. Dhèwèké nggawé wong-wong kuwi dadi hadiah.”+ 9 Terus, apa maksudé ”dhèwèké munggah”? Kuwi berarti dhèwèké mudhun ing bumi sakdurungé kuwi. 10 Sing mudhun kuwi ya sing munggah+ menyang panggonan sing luwih dhuwur timbang langit,+ dadi dhèwèké isa nggawé kabèh kelakon.

11 Ing jemaat, ana sing diwènèhi tugas dadi rasul,+ dadi nabi,+ dadi penginjil,+ lan ya ana sing dadi gembala lan guru.+ 12 Tujuané yaiku kanggo mbantu* wong-wong suci nindakké apa sing bener, kanggo nglayani, lan kanggo mbangun badané Kristus.+ 13 Wong-wong kuwi bakal mbantu awaké dhéwé bèn nduwé iman sing padha lan nduwé pengetahuan sing bener soal Anaké Gusti Allah, nganti awaké dhéwé dadi wong+ sing imané kuwat* kaya Kristus. 14 Dadi, awaké dhéwé ora kaya bocah cilik manèh, merga wong sing manut karo ajaran sing ora bener+ sing asalé saka wong-wong sing licik kuwi kaya kapal sing diobat-abitké ombak ing laut. 15 Ning, awaké dhéwé kudu ngomongké apa sing bener lan nduduhké katresnan. Dadi, ing keadaan apa waé, awaké dhéwé isa saya kuwat imané* kaya Kristus, kepalané awaké dhéwé.+ 16 Liwat dhèwèké, kabèh anggota badan+ isa bersatu lan saben anggotané isa mbantu liyané kanggo nyukupi kebutuhané badan. Nèk saben anggota nindakké bagéané dhéwé-dhéwé, badan kuwi isa saya gedhé lan kuwat merga katresnan.+

17 Dadi, nganggo jenengé Gusti, iki sing tak omongké lan tak jelaské marang kowé: Kowé aja urip kaya wong-wong ing donya iki,+ merga wong-wong kuwi mung nuruti pikirané sing ora ana gunané.+ 18 Pikirané wong-wong kuwi peteng. Wong-wong kuwi ora nampa urip sing diwènèhké Gusti Allah marang awaké dhéwé merga wong-wong kuwi ora péngin kenal karo Gusti Allah lan atiné ora tanggap. 19 Wong-wong kuwi wis ora nduwé isin mula tumindaké kurang ajar.*+ Wong-wong kuwi péngin terus nindakké apa sing najis.

20 Ning, kowé wis sinau nèk Kristus ora kaya ngono. 21 Yésus mulangké apa sing bener. Nèk kowé krungu saka dhèwèké lan diwulang sesuai karo ajarané Yésus, kowé mesthi bener-bener ngerti soal kuwi. 22 Kowé wis diwulang bèn nyingkirké kepribadian sing lawas+ lan apa waé sing wis tau mbok tindakké mbiyèn, merga uripmu mbiyèn rusak lan kowé diapusi karo kepénginanmu dhéwé.+ 23 Kowé kudu terus berubah bèn pikiranmu dadi anyar.+ 24 Kowé ya kudu nganggo kepribadian sing anyar+ sing digawé sesuai karo karepé Gusti Allah. Kepribadian iki bener lan setya.

25 Saiki, sakwisé kowé nyingkirké kabèh sing ora bener, saben wong ing antaramu kudu ngomong jujur karo liyané+ merga awaké dhéwé iki anggotané badan siji.+ 26 Wektu kowé nesu, aja nggawé dosa.+ Aja terus-terusan nesu nganti matahari terbenam.+ 27 Aja mènèhi Iblis kesempatan.*+ 28 Wong sing seneng nyolong aja nyolong manèh. Dhèwèké kudu nyambut gawé sing tenanan lan nindakké apa sing apik+ bèn dhèwèké isa mbantu wong sing kekurangan.+ 29 Aja nganti kowé ngomong sing ora apik.+ Ning, kowé kudu terus ngomongké apa sing apik kanggo nguwatké bèn wong sing ngrungokké isa éntuk manfaat.+ 30 Aja nggawé roh suciné Gusti Allah dadi sedhih,+ merga kowé wis diwènèhi meterai+ nganggo roh suci bèn isa dislametké liwat tebusan ing dina pembébasan.+

31 Aja nganti kowé dendam,+ nesu, ngamuk, nggetak-nggetak, ngrèmèhké,+ utawa nindakké kabèh sing jahat.+ 32 Kowé kudu apikan karo wong liya, nduwé rasa mesakké,+ lan tulus ngapura wong liya kaya Gusti Allah wis tulus ngapura kowé liwat Kristus.+

5 Dadi, kowé kudu niru Gusti Allah+ merga kowé anak-anaké sing ditresnani. 2 Kowé kudu terus nduduhké katresnan kaya Kristus.+ Dhèwèké nresnani awaké dhéwé*+ lan masrahké uripé dadi persembahan lan korban sing wangi+ kanggo Gusti Allah demi kepentingané awaké dhéwé.*

3 Aja nganti kowé ngomongké soal hubungan sèks sing ora pantes,* kabèh tumindak sing najis, lan tumindak sing srakah+ merga kuwi ora pantes kanggo wong-wong suci.+ 4 Sakliyané kuwi, aja nindakké apa sing bejat,+ aja ngomongké apa sing ora ana gunané, lan aja guyonan soal sing saru-saru merga kuwi kabèh ora pantes. Ning, kowé kudu ngucap syukur.+ 5 Kowé dhéwé ngerti lan sadhar nèk wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes,*+ wong sing najis, lan wong sing srakah+ kuwi padha waé karo wong sing nyembah brahala, lan wong-wong kuwi ora bakal nampa warisan ing Kerajaané Gusti Allah sing dipréntah karo Kristus.+

6 Aja nganti kowé kapusan karo wong-wong sing omongané ora bener merga kuwi nggawé Gusti Allah nesu marang wong-wong sing ora manut. 7 Dadi, aja niru tumindaké* wong-wong kuwi. 8 Mbiyèn, kowé ana ing panggonan sing peteng, ning saiki kowé ana ing panggonan sing padhang+ merga wis dadi duwèké Gusti.+ Kowé kudu terus urip dadi anak-anaké cahaya, 9 merga cahaya ngasilké apa waé sing apik, adil, lan bener.+ 10 Kowé kudu terus mastèkké apa sing nggawé Gusti Allah seneng.+ 11 Aja mèlu-mèlu nindakké apa waé sing ditindakké pas peteng+ merga kuwi ora ana gunané. Kowé kudu nduduhké nèk tumindak kuwi ora bener. 12 Aku isin ngomongké soal sing meneng-meneng ditindakké wong-wong kuwi. 13 Tumindak sing ora bener kuwi dipadhangi karo cahaya, mula tumindak sing ora bener kuwi dadi kétok. 14 Kuwi sebabé, Kitab Suci kandha, ”Hé kowé sing turu kaya wong mati, ndang tangi.+ Kristus bakal madhangi kowé.”+

15 Mula, kowé kudu terus nggatèkké tumindakmu. Kowé kudu tumindak kaya wong sing wicaksana,* dudu kaya wong sing ora wicaksana. 16 Gunakna wektumu kanggo nindakké apa sing penting,*+ merga saiki awaké dhéwé urip ing jaman sing jahat. 17 Aja dadi wong sing ora masuk akal manèh. Ning, kowé kudu terus ngupaya bèn paham karo karepé Yéhuwah.*+ 18 Aja mabuk merga ngombé anggur.+ Kuwi bakal ngrusak uripmu.* Kowé kudu ngupaya bèn éntuk roh suci sing akèh. 19 Kowé kudu nguwatké wong liya* nganggo mazmur, lagu pujian kanggo Gusti Allah, lan lagu kanggo ngibadah. Nyanyia+ lagu pujian+ kanggo Yéhuwah* saka atimu.*+ 20 Kowé kudu terus ngucap syukur+ marang Gusti Allah, Bapaké awaké dhéwé, kanggo apa waé. Kowé kudu ngucap syukur nganggo jenengé Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé.+

21 Kowé kudu manut karo sing liyané+ merga ngajèni Kristus. 22 Wong wédok kudu manut karo bojoné+ kaya karo Gusti, 23 merga wong lanang kuwi kepalané bojoné,+ kaya Kristus kuwi kepalané jemaat,+ yaiku badané, sing wis dislametké. 24 Sakjané, kaya jemaat manut karo Kristus, wong wédok ya kudu manut karo bojoné soal apa waé. 25 Wong lanang, kowé kudu terus sayang karo bojomu,+ kaya Kristus sayang karo jemaat lan masrahké uripé kanggo jemaat.+ 26 Kristus nindakké kuwi supaya dhèwèké isa nggawé jemaat dadi suci lan resik nganggo omongané Gusti Allah+ sing dipadhakké kaya banyu. 27 Hasilé, jemaat dadi kétok apik kanggoné Yésus, ora reged, ora rusak, lan ora ana kekurangan liyané.+ Jemaat dadi suci lan ora ana cacadé.+

28 Wong lanang ya kudu kaya ngono. Wong lanang kudu sayang karo bojoné kaya sayang karo badané dhéwé. Wong lanang sing sayang karo bojoné berarti sayang karo badané dhéwé. 29 Ora ana wong sing sengit karo badané dhéwé, ning badané mesthi dijaga lan diopèni, kaya sing ditindakké Kristus marang jemaat. 30 Awaké dhéwé iki anggota badané Kristus.+ 31 ”Kuwi sebabé wong lanang bakal ninggalké bapak ibuné, terus bakal urip bareng* karo bojoné, lan loro-loroné bakal dadi siji.”*+ 32 Rahasia suci+ iki penting. Saiki, aku ngomong soal Kristus lan jemaat.+ 33 Ning, saben wong lanang ing antaramu kudu sayang karo bojoné+ kaya sayang karo badané dhéwé. Wong wédok ya kudu bener-bener ngajèni bojoné.+

6 Bocah-bocah, kowé kudu manut karo wong tuwamu+ kaya sing dikarepké Gusti, merga kuwi sing bener kanggoné Gusti Allah. 2 ”Kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu,”+ kuwi préntah pertama sing diwènèhké bareng karo janji iki: 3 ”Bèn uripmu kepénak* lan umurmu dawa ing bumi.” 4 Bapak-bapak, aja nggawé anak-anakmu lara ati.+ Ning, kowé kudu ndhidhik anakmu+ sesuai karo pathokan lan petunjuké Yéhuwah.*+

5 Budhak-budhak, kowé kudu manut karo majikanmu sing ana ing bumi.+ Kowé kudu ngajèni lan wedi karo majikanmu saktulusé atimu kaya karo Kristus, 6 ora mung pas ana sing ndelok merga péngin nyenengké manungsa.+ Ning, kowé kudu manut merga kowé kuwi budhaké Kristus sing nindakké karepé Gusti Allah saktulusé atimu.+ 7 Kowé kudu réla nglayani majikanmu kaya nglayani Yéhuwah,*+ dudu manungsa. 8 Kowé ngerti nèk budhak utawa wong sing bébas bakal padha-padha nampa upah saka Yéhuwah*+ sesuai karo tumindaké sing apik. 9 Kowé sing dadi majikan, kowé ya kudu nindakké sing padha marang budhak-budhakmu. Aja ngancam budhak-budhakmu merga kowé ngerti nèk kowé lan budhak-budhakmu nduwé Majikan ing swarga,+ lan Dhèwèké ora seneng mbédak-bédakké wong.

10 Sing terakhir, muga-muga Gusti mènèhi kowé kekuwatan+ merga kekuwatané kuwi gedhé banget. 11 Kowé kudu nganggo kabèh perlengkapan perang+ saka Gusti Allah bèn kowé isa terus kuwat wektu nglawan siasat liciké Iblis. 12 Awaké dhéwé ora berjuang*+ nglawan manungsa, ning nglawan roh-roh jahat+ ing swarga sing mréntah lan nguwasani donya sing peteng iki. 13 Kuwi sebabé, kowé kudu nganggo kabèh perlengkapan perang saka Gusti Allah+ bèn isa nglawan serangané mungsuh ing jaman sing jahat. Terus, sakwisé kowé rampung nyiapké kabèh kuwi, kowé isa terus kuwat.

14 Mula, kowé kudu terus kuwat. Kowé kudu nganggo sabuk yaiku apa sing bener,+ nganggo tutup dhadha yaiku tumindak sing bener,+ 15 lan nganggo sepatu bèn kowé siap martakké kabar apik sing nggawé ayem.+ 16 Sakliyané kuwi, kowé kudu nggawa tamèng gedhé yaiku iman+ bèn kowé isa matèni kabèh panah geni saka Sétan.*+ 17 Kowé kudu nganggo topi wesi yaiku harapan+ nèk bakal dislametké Gusti Allah. Kowé ya kudu nggunakké pedhang saka roh suci* yaiku omongané Gusti Allah.+ 18 Nganggo donga sing béda-béda,*+ kowé kudu terus ndonga nganggo tuntunané roh suci+ ing saben kesempatan. Kowé kudu terus jaga-jaga lan ndonga kanggo kepentingané kabèh wong suci. 19 Tulung aku ya didongakké, bèn wektu aku ngomong, aku isa kendel martakké rahasia suci soal kabar apik.+ 20 Gusti Allah sing ngutus aku kanggo martakké kabar apik.+ Kuwi sebabé aku diranté kaya ngéné. Dadi, dongakna aku bèn aku isa kendel martakké kabar apik, kaya sing pancèn kudu tak tindakké.

21 Tikhikus,+ sedulur sing ditresnani lan sing setya ngabdi marang Gusti, bakal ngandhani kowé soal kegiatan lan keadaanku.+ 22 Aku ngutus dhèwèké marani kowé bèn dhèwèké isa ngandhani kowé soal keadaanku. Dhèwèké ya bakal menghibur kowé.

23 Muga-muga Gusti Allah, Bapaké awaké dhéwé, lan Gusti Yésus Kristus nggawé para sedulur ngrasa ayem, nduwé katresnan, lan nduwé iman. 24 Muga-muga Gusti Allah apikan banget karo kabèh wong sing bener-bener nresnani Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé.

Deloken ctn. ing Mat 25:34.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”jeneng”.

Utawa ”mung ing sistem donya iki”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”tundhuk ing ngisor sikilé”.

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”iki anak-anak sing pantes diamuk”.

Utawa ”ing sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Deloken ”Watu Pojokan” ing Daftar Istilah.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”wis dadi pengurus”.

Utawa ”Generasi-generasi”.

Lit.: ”pelayan kanggo rahasia suci”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”merga kabèh keluarga ing bumi lan ing swarga utang jeneng marang Dhèwèké”.

Utawa ”nglatih”.

Utawa ”sing déwasa”.

Utawa ”saya déwasa”.

Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Yunani: aselgeia. Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”panggonan”.

Utawa mungkin ”kowé”.

Utawa mungkin ”kowé”.

Yunani: porneia. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa ”aja kekancan karo”.

Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”Tukunen wektu”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”bakal ora isa dikendhalèni”.

Utawa mungkin ”awakmu dhéwé”.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”ing atimu”.

Deloken ctn. ing PD 2:24.

Lit.: ”sak daging”.

Utawa ”makmur”.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”ora gelut”.

Lit.: ”si jahat”.

Lit.: ”pedhang roh”.

Lit.: ”Nganggo saben bentuk donga”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim