SURAT KANGGO JEMAAT ING FILIPI
1 Surat saka Paulus lan Timotius, budhaké Kristus Yésus, kanggo kabèh wong suci ing Filipi+ sing dadi muridé Yésus, termasuk para pengawas lan abdiné jemaat.+
2 Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, lan Gusti Yésus Kristus apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem.
3 Aku terus ngucap syukur marang Gusti Allah wektu aku kèlingan kowé. 4 Saben aku ndonga, aku mesthi ngrasa bahagia wektu ndongakké kowé.+ 5 Kuwi merga kowé wis mèlu martakké kabar apik kèt dina pertama kowé ngrungokké kuwi nganti saiki. 6 Aku yakin nèk Gusti Allah bakal ngrampungké gawéan sing apik sing dimulai ing antaramu+ nganti Kristus Yésus teka.+ 7 Aku pancèn pantes mikir kaya ngéné iki soal kowé, merga kowé ana ing atiku. Kowé ndhukung aku wektu aku dipenjara+ lan wektu aku nggunakké hukum kanggo mbéla kabar apik.+ Awaké dhéwé ya padha-padha éntuk manfaat merga Gusti Allah apikan banget karo awaké dhéwé.
8 Gusti Allah ngerti nèk aku kangen banget karo kowé. Aku sayang karo kowé kaya Kristus Yésus sayang karo kowé. 9 Aku terus ndonga bèn kowé nduwé katresnan sing saya gedhé,+ nduwé pengetahuan sing bener,+ lan nduwé pertimbangan sing apik.+ 10 Aku ya ndonga bèn kowé isa mastèkké endi sing luwih penting.+ Dadi, kowé isa tetep tulus lan ora nggawé wong liya tersinggung+ nganti Kristus teka. 11 Aku ndonga bèn kowé luwih akèh nindakké apa sing bener* nganggo bantuané Kristus,+ supaya Gusti Allah dipuji lan diluhurké.
12 Sedulur-sedulur, aku péngin ngandhani kowé nèk kabèh sing tak alami kuwi nggawé kabar apik saya nyebar ing endi-endi. 13 Para Pengawal Kerajaan+ lan kabèh wong liyané wis ngerti+ nèk aku dipenjara merga dadi muridé Kristus. 14 Akèh sedulur sing ngabdi marang Gusti dadi dikuwatké merga aku dipenjara, lan wong-wong kuwi dadi saya kendel martakké omongané Gusti Allah lan ora wedi.
15 Pancèn, ana wong-wong sing martakké soal Kristus merga iri lan saingan, ning sing liyané nduwé niat sing apik wektu nindakké kuwi. 16 Wong-wong kuwi martakké soal Kristus merga nduwé katresnan. Wong-wong kuwi ngerti nèk aku wis dipilih kanggo mbéla kabar apik.+ 17 Ning, wong-wong sing iri lan saingan kuwi martakké soal Kristus merga wong-wong kuwi seneng padu, dudu merga niat sing apik. Wong-wong kuwi péngin nggawé aku tambah susah wektu aku ing penjara. 18 Apa hasilé? Kristus terus diwartakké, ora soal niaté wong-wong kuwi tulus apa ora. Kuwi nggawé aku seneng, lan aku bakal terus ngrasa seneng, 19 merga aku ngerti nèk dongamu+ lan dhukungané roh suci saka Yésus Kristus+ bakal nggawé aku slamet. 20 Aku yakin lan berharap nèk aku ora bakal digawé isin. Ning, merga aku kendel wektu ngomong, aku* isa ngluhurké Kristus kaya sakdurungé, ora soal aku urip utawa mati.+
21 Nèk aku urip, aku urip kanggo Kristus,+ lan nèk aku mati, kuwi luwih apik kanggo aku.+ 22 Nèk aku isih urip ing donya iki, aku bakal isa tumindak luwih akèh kanggo Kristus. Ning, aku ora bakal ngandhani kowé endi sing bakal tak pilih. 23 Saka rong pilihan kuwi, aku ora ngerti endi sing bakal tak pilih. Aku péngin dibébaské lan ana bareng karo Kristus,+ merga kuwi mesthi luwih apik.+ 24 Ning, demi kepentinganmu, luwih apik nèk aku tetep urip ing donya iki. 25 Mula, merga aku yakin soal kuwi, aku ngerti nèk aku bakal tetep urip lan terus ana bareng karo kowé, bèn kowé nindakké luwih akèh wektu ngabdi marang Gusti Allah lan ngrasa bahagia merga imanmu. 26 Wektu aku bali marani kowé manèh, kowé bakal saya bahagia, merga kowé kuwi muridé Kristus Yésus.
27 Tumindakmu kudu cocog karo kabar apik soal Kristus.+ Dadi, ora soal aku teka nemoni kowé apa ora, aku isa krungu laporan sing apik nèk kowé terus kuwat, bersatu, lan nduwé tujuan sing padha.+ Aku ya isa krungu laporan nèk kowé bareng-bareng ngupaya tetep nduwé iman marang kabar apik. 28 Aja wedi karo mungsuh-mungsuhmu. Kuwi dadi bukti nèk mungsuh-mungsuhmu bakal disingkirké,+ ning kowé bakal dislametké.+ Bukti iki asalé saka Gusti Allah. 29 Kowé wis diwènèhi kehormatan, ora mung kanggo nduwé iman marang Kristus, ning ya kanggo ngalami kesengsaraan demi dhèwèké.+ 30 Kowé wis ndelok piyé aku berjuang ngadhepi kesusahan,+ lan kowé ya berjuang ngadhepi kesusahan kaya sing tak alami. Kowé ya krungu nèk aku isih berjuang nganti saiki.
2 Kowé kudu ngupaya tenanan kanggo nguwatké liyané merga bersatu karo Kristus. Kowé ya kudu perduli karo sedulur seiman, mènèhi penghiburan merga tresna, nduwé rasa sayang, lan nduwé rasa mesakké. 2 Aku bakal seneng banget nèk kowé nindakké kuwi. Kowé kudu rukun, nresnani liyané, bener-bener bersatu, lan nduwé pikiran sing padha.+ 3 Aja seneng iri+ lan mikirké kepentinganmu dhéwé.+ Ning, kowé kudu rendah hati nganggep wong liya luwih unggul timbang kowé.+ 4 Gatèkna kepentingané wong liya,+ dudu mung kepentinganmu dhéwé.+
5 Kowé kudu nduwé pikiran sing padha karo Kristus Yésus.+ 6 Senajan dhèwèké kaya Gusti Allah,+ dhèwèké ora tau mikir kanggo ngrebut kedudukané Gusti Allah bèn isa dadi padha karo Gusti Allah.+ 7 Dhèwèké ninggalké kabèh sing diduwèni lan gelem dadi kaya budhak.+ Dhèwèké dadi manungsa.+ 8 Malah wektu dadi manungsa, dhèwèké ngrendhahké dhiri lan manut nganti mati,+ yaiku mati ing cagak hukuman.*+ 9 Kuwi sebabé Gusti Allah mènèhi dhèwèké kedudukan sing luwih dhuwur timbang sing sakdurungé+ lan mènèhi dhèwèké jeneng sing luwih unggul timbang kabèh jeneng liyané.+ 10 Gusti Allah nindakké kuwi bèn kabèh sing ana ing swarga, ing bumi, lan ing ngisor lemah*+ ngajèni jenengé Yésus. 11 Kabèh kudu ngakoni ing ngarepé wong akèh nèk Yésus Kristus kuwi Gusti+ bèn isa ngluhurké Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé.
12 Sedulur-sedulur sing tak tresnani, kowé terus manut wektu aku ana bareng karo kowé, lan saiki kowé luwih manut wektu aku ora ana bareng karo kowé. Kowé kudu ngupaya tenanan bèn dislametké, lan kowé kudu terus ngajèni lan ngrasa wedi wektu nindakké kuwi. 13 Gusti Allah nguwatké kowé bèn kowé isa nyenengké Dhèwèké. Dhèwèké ya mènèhi kowé kepénginan lan kekuwatan kanggo nindakké kuwi. 14 Aja sambat+ utawa padu+ wektu nindakké apa waé, 15 bèn kowé isa dadi anak-anaké Gusti Allah+ sing murni lan ora salah. Nèk kowé tetep ora salah, kowé bakal dadi kaya cahaya sing bersinar+ senajan kowé urip ing antarané wong-wong* sing jahat lan bejat.+ 16 Kowé kudu urip manut karo* omongané Gusti Allah sing marahi urip.+ Mula, aku nduwé alesan kanggo ngrasa seneng wektu Kristus teka, merga aku ngerti nèk upaya lan kerja kerasku mesthi ana gunané. 17 Senajan aku dadi kaya persembahan minuman+ sing diesokké ing ndhuwuré korbanmu,+ yaiku tugas suci sing mbok tindakké merga kowé nduwé iman, aku ngrasa seneng lan bahagia bareng kowé kabèh. 18 Mula, kowé ya kudu ngrasa bahagia bareng aku.
19 Aku berharap Gusti Yésus ngéntukké aku ngutus Timotius+ marani kowé bèn aku isa dikuwatké wektu krungu kabarmu. 20 Ora ana wong liya sing isa tak utus sing sikapé kaya dhèwèké, sing bakal tulus nggatèkké kebutuhanmu. 21 Kabèh wong liyané mung mikirké kepentingané dhéwé, dudu kepentingané Kristus Yésus. 22 Ning, kowé ngerti nèk Timotius wis mbuktèkké dhèwèké kerja keras demi kabar apik bareng karo aku, kaya anak+ karo bapaké. 23 Sakwisé aku ngerti apa sing bakal tak alami mengko, aku berharap isa ndang ngutus dhèwèké marani kowé. 24 Sakjané, aku yakin nèk Gusti bakal ngéntukké aku teka marani kowé sedhéla manèh.+
25 Saiki, aku mikir nèk aku perlu ngutus Épafroditus marani kowé. Dhèwèké kuwi sedulurku, kanca sing nyambut gawé bareng aku, lan kanca sing berjuang bareng aku. Dhèwèké mbiyèn mbok utus kanggo ngurus kebutuhanku.+ 26 Dhèwèké péngin banget ketemu karo kowé. Dhèwèké sedhih banget merga kowé krungu nèk dhèwèké lara. 27 Dhèwèké pancèn lara nganti mèh mati. Ning, Gusti Allah ngrasa mesakké karo dhèwèké lan karo aku, bèn aku ora tambah sedhih. 28 Dadi, aku cepet-cepet ngutus dhèwèké marani kowé, bèn kowé isa seneng wektu ketemu karo dhèwèké. Aku ya dadi ora pati kuwatir manèh. 29 Mula, kowé kudu ngrasa seneng lan apikan wektu dhèwèké teka, kaya sing biasa mbok tindakké wektu murid-muridé Gusti teka. Kowé kudu terus nresnani sedulur-sedulur sing kaya ngono kuwi.+ 30 Dhèwèké nganti mèh mati merga ngabdi marang Kristus.* Dhèwèké ya toh nyawa kanggo ngurus kebutuhanku. Dhèwèké nggantèni kowé merga kowé ora ana ing kéné.+
3 Akhiré, sedulur-sedulurku, kowé kudu terus ngrasa bahagia merga Gusti.+ Aku ora kesel nulis surat sing padha marang kowé. Iki kanggo nglindhungi kowé.
2 Kowé kudu ngati-ati karo wong-wong sing bejat,* wong-wong sing jahat, lan wong-wong sing péngin bèn kowé disunat.*+ 3 Awaké dhéwé iki wong sing wis bener-bener disunat,+ merga awaké dhéwé nindakké tugas suci nganggo bantuané roh suci lan ngendelké Kristus Yésus.+ Awaké dhéwé ora ngendelké kemampuané manungsa, 4 senajan sakjané aku nduwé alesan kanggo ngendelké kemampuané manungsa.
Nèk dibandhingké karo liyané, aku nduwé luwih akèh alesan kanggo ngendelké kemampuané manungsa: 5 Aku disunat ing dina kewolu,+ aku keturunan Israèl saka suku Bènyamin, aku wong Ibrani, lan wong tuwaku ya wong Ibrani.+ Nèk soal hukum, aku wong Farisi.+ 6 Aku semangat banget nganiaya jemaat.+ Aku nindakké apa sing bener menurut hukum lan ora nggawé kesalahan. 7 Ning merga Kristus, apa waé sing mbiyèn tak anggep berharga wis tak anggep ora berharga manèh.*+ 8 Malah, aku nganggep kabèh kuwi ora ana gunané nèk dibandhingké karo pengetahuan sing berharga banget soal Kristus Yésus Gustiku. Demi dhèwèké, aku wis ninggalké kabèh lan nganggep kuwi dadi sampah, bèn aku isa cedhak karo Kristus* 9 lan dikenal dadi muridé. Aku dianggep bener karo Gusti Allah,+ dudu merga aku nindakké Hukum Musa, ning merga aku nduwé iman+ marang Kristus.+ 10 Aku péngin kenal karo Kristus lan péngin ngerti soal kuwasa sing nguripké dhèwèké saka antarané wong mati.+ Aku péngin mèlu sengsara+ kaya dhèwèké lan mati kaya dhèwèké,+ 11 bèn aku nduwé kesempatan diuripké luwih dhisik saka antarané wong mati.+
12 Aku pancèn durung nampa hadiah kuwi lan durung dadi sampurna. Ning, aku terus ngupaya+ bèn éntuk hadiah kuwi, merga aku ngerti nèk Kristus wis milih aku bèn éntuk hadiah kuwi.+ 13 Sedulur-sedulur, aku ora rumangsa nèk aku wis nampa hadiah kuwi. Ning, aku yakin soal iki: Aku nglalèkké apa waé sing ana ing mburi+ lan ngupaya bèn éntuk apa waé sing ana ing ngarep.+ 14 Aku ngupaya tenanan bèn éntuk hadiah kuwi,+ yaiku urip ing swarga, sing bakal diwènèhké marang wong-wong sing dipilih+ Gusti Allah liwat Kristus Yésus. 15 Mula, awaké dhéwé sing imané kuwat+ kuduné nduwé pikiran kaya ngono. Nèk kowé mikirké sing liyané, Gusti Allah bakal mbantu kowé nduwé pikiran sing bener. 16 Sing penting, awaké dhéwé terus maju kaya sing wis awaké dhéwé tindakké nganti saiki.
17 Sedulur-sedulur, kowé kudu niru aku+ lan nggatèkké wong-wong sing uripé manut karo conto sing wis tak wènèhké marang kowé. 18 Akèh wong ngrèmèhké kematiané Kristus ing cagak hukuman.* Aku wis kerep ngomongké soal wong-wong kuwi, ning saiki aku ngomongké soal wong-wong kuwi manèh karo nangis. 19 Wong-wong kuwi bakal disingkirké. Wetengé wong-wong kuwi dadi allahé wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi bangga karo apa sing kuduné nggawé wong-wong kuwi isin, lan wong-wong kuwi mung mikirké soal kabèh sing ana ing donya iki.+ 20 Ning, awaké dhéwé iki warga negara+ swarga.+ Awaké dhéwé lagi ngentèni Gusti Yésus Kristus sing ana ing swarga sing bakal nylametké awaké dhéwé.+ 21 Dhèwèké bakal nggunakké kuwasané sing gedhé kanggo ngubah badané awaké dhéwé sing lemah iki dadi kaya badané,+ yaiku badan sing mulya. Dhèwèké ya bakal nggunakké kuwasané bèn kabèh tundhuk marang dhèwèké.+
4 Mula, sedulur-sedulur sing tak sayangi lan tak kangeni, kowé kuwi sing nggawé aku bahagia, lan kanggoku kowé kaya mahkota.+ Sedulur-sedulur sing tak sayangi, kowé kudu terus setya+ dadi muridé Gusti.
2 Aku njaluk tenanan marang Éuodia lan Sintikhé bèn rukun wektu ngabdi marang Gusti.+ 3 Aku ya njaluk marang kowé kabèh, kanca nyambut gawéku sing sejati, bèn kowé terus mbantu sedulur-sedulur wédok kuwi. Sedulur-sedulur wédok kuwi wis kerja keras bareng aku demi kabar apik lan bareng karo Klémen lan kanca-kanca nyambut gawéku sing liyané, sing jenengé ana ing buku kehidupan.+
4 Kowé kudu terus bahagia merga Gusti. Kowé tak kandhani manèh: Kowé kudu bahagia.+ 5 Kowé kudu nduduhké marang kabèh wong nèk kowé seneng ngalah.*+ Gusti kuwi cedhak. 6 Aja nguwatirké apa waé.+ Tapi, ing kabèh keadaan, kowé kudu terus ndonga njaluk tuntunané Gusti Allah+ lan terus ngucap syukur. 7 Nèk kowé nindakké kuwi, Gusti Allah bakal mènèhi kowé rasa ayem+ sing ora isa dipahami manungsa. Terus, liwat Kristus Yésus, Gusti Allah bakal njaga ati+ lan pikiranmu.
8 Mula, sedulur-sedulurku, terus pikirna apa waé sing bener, sing penting, sing adil, sing murni, sing nggawé awaké dhéwé nresnani wong liya, sing terhormat, sing apik, lan sing pantes dialem.+ 9 Kowé kudu nindakké+ apa waé sing wis mbok sinau, mbok tampa, mbok rungokké, lan mbok delok saka aku, supaya Gusti Allah sing nggawé ayem mberkahi kowé.
10 Aku seneng banget lan ngucap syukur marang Gusti merga kowé mulai mikirké aku manèh.+ Mbiyèn kowé terus mikirké aku, ning kowé ora nduwé kesempatan kanggo mbantu aku. 11 Aku ngomong kaya ngéné dudu merga aku lagi kekurangan. Aku wis ngerti carané bèn ngrasa puas* ing keadaan apa waé.+ 12 Pas aku nduwé sithik+ utawa nduwé akèh, aku tetep bahagia. Ing keadaan apa waé, ora soal aku ngelih* utawa wareg, nduwé sithik utawa akèh, aku wis ngerti carané bèn ngrasa puas. 13 Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé, merga Gusti mènèhi aku kekuwatan.+
14 Ning, kowé apikan banget merga wis mbantu aku wektu aku sengsara. 15 Sedulur-sedulur ing Filipi, kowé wis ngerti nèk wektu aku mangkat saka Makédonia sakwisé kowé pertama kali sinau soal kabar apik, mung kowé jemaat sing mbantu aku lan gelem nampa bantuanku.+ 16 Pas aku ana ing Tésalonika, kowé ngirim bantuan kanggo aku, ora mung ping pisan, ning ping loro. 17 Iki ora berarti aku péngin éntuk hadiah saka kowé. Ning, aku péngin kowé seneng mènèhi bèn kowé éntuk akèh manfaat. 18 Tapi, aku nduwé kabèh sing tak butuhké, malah nganti akèh banget. Saiki aku ora kekurangan apa-apa sakwisé Épafroditus+ mènèhké kiriman saka kowé. Kuwi kaya korban sing wangi+ lan nyenengké Gusti Allah. 19 Merga Gusti Allahku sugih banget, Dhèwèké bakal nyedhiakké kabèh kebutuhanmu+ liwat Kristus Yésus. 20 Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, diluhurké saklawasé. Amin.
21 Aku titip salam kanggo wong-wong suci sing dadi muridé Kristus Yésus. Sedulur-sedulur sing ana bareng karo aku ya ngirim salam kanggo kowé. 22 Kabèh wong suci, khususé sing ana ing istanané Kaisar,+ ya ngirim salam kanggo kowé.
23 Muga-muga Gusti Yésus Kristus apikan banget karo kowé merga kowé terus nduwé semangat.
Lit.: ”kowé kebak karo buah sing bener”.
Lit.: ”badanku”.
Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, wong mati sing bakal diuripké manèh.
Lit.: ”generasi”.
Lit.: ”kudu nggegem kenceng”.
Utawa mungkin ”mèh mati demi gawéané Gusti”.
Lit.: ”karo asu-asu”.
Utawa ”wong-wong sing ngiris badan”.
Utawa mungkin ”wis réla tak tinggalké ”.
Lit.: ”éntuk Kristus”. Maksudé, nampa berkah merga dadi muridé Kristus.
Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”kowé masuk akal”.
Utawa ”ngrasa cukup”.
Utawa ”luwé”.