SURAT KANGGO TITUS
1 Surat saka Paulus, budhaké Gusti Allah lan rasulé Yésus Kristus, sing imané padha karo imané wong-wong sing dipilih Gusti Allah. Imanku ya sesuai karo pengetahuan sing bener soal apa sing bener. Saka pengetahuan kuwi, awaké dhéwé isa ngerti carané ngabdi marang Gusti Allah. 2 Dhasaré imanku kuwi harapan urip saklawasé.+ Gusti Allah sing ora isa ngapusi+ wis njanjèkké kuwi kèt mbiyèn. 3 Ing wektu sing wis ditentokké, Gusti Allah mènèhi aku tugas kanggo nginjil+ bèn wong-wong isa ngerti omongané Gusti Allah. Kuwi sesuai karo préntahé Gusti Allah sing nylametké awaké dhéwé. 4 Surat iki kanggo Titus, sedulur seiman sing wis kaya anakku dhéwé.
Muga-muga Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, lan Kristus Yésus sing nylametké awaké dhéwé apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem.
5 Aku ninggalké kowé ing Pulau Kréta bèn kowé ngurusi masalah sing kudu dirampungké lan nglantik pinituwa-pinituwa ing saben kutha, sesuai karo petunjukku iki: 6 Pengawas kudu njaga tumindaké tetep apik bèn ora ana sing nyalahké dhèwèké, lan bojoné mung siji. Anak-anaké kudu seiman lan ora ditudhuh bejat* utawa seneng mbrontak.+ 7 Merga dadi pengurus sing dilantik Gusti Allah, pengawas kudu njaga tumindaké tetep apik bèn ora ana sing nyalahké dhèwèké, ora tumindak sak karepé dhéwé,+ ora gampang nesu,+ ora seneng mabuk, ora kasar,* ora mata dhuwiten, ora nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur, 8 murah hati,+ seneng karo apa sing apik, nduwé pertimbangan sing apik,+ nindakké apa sing bener, setya,+ lan isa ngendhalèni dhiri.+ 9 Wektu mulang, pengawas ya kudu manut karo ajaran sing isa dipercaya,+ bèn dhèwèké isa nguwatké* wong-wong nganggo wulangan sing bener+ lan isa ngélikké+ wong-wong sing nentang wulangan kuwi.
10 Ana akèh wong sing seneng mbrontak, seneng ngomongké apa waé sing ora ana gunané, seneng ngapusi, lan ngomong nèk disunat kuwi penting.+ 11 Cangkemé wong-wong kuwi kudu dibungkem merga wong-wong kuwi terus ngrusak imané keluarga-keluarga. Wong-wong kuwi mulang soal apa waé sing kuduné ora diwulangké merga wong-wong kuwi mata dhuwiten lan nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur. 12 Salah siji saka wong Kréta, yaiku nabiné wong-wong kuwi dhéwé, kandha, ”Wong Kréta kuwi tukang ngapusi, kéwan buas sing medèni, lan gawéané mung mangan lan turu.”
13 Sing diomongké kuwi bener. Mula, kowé kudu terus tegas ngélikké wong-wong ing Kréta bèn wong-wong kuwi nduwé iman sing kuwat, 14 ora nggatèkké dongèng-dongèngé wong Yahudi, lan ora nggatèkké préntahé wong-wong sing ninggalké apa sing bener. 15 Apa waé resik kanggo wong-wong sing resik.+ Ning, kanggo wong-wong sing najis lan ora nduwé iman, ora ana sing resik merga pikiran lan hati nuraniné wong-wong kuwi wis najis.+ 16 Ing ngarepé wong akèh, wong-wong kuwi ngaku nèk kenal karo Gusti Allah, ning tumindaké nduduhké nèk wong-wong kuwi ora kenal karo Gusti Allah+ merga wong-wong kuwi njijiki banget, ora manut, lan ora pantes nindakké apa waé sing apik.
2 Ning, kowé kudu terus ngomongké apa sing sesuai karo ajaran sing bener.+ 2 Wong-wong lanang sing wis tuwa kudu isa ngendhalèni kebiasaané, serius, nduwé pertimbangan sing apik, nduwé iman sing kuwat, nresnani wong liya, lan sabar ngadhepi kesusahan. 3 Tumindaké wong-wong wédok sing wis tuwa kudu ngajèni Gusti Allah. Wong-wong kuwi ya aja seneng mitnah, aja ketagihan ngombé anggur, lan kudu mulangké apa sing apik. 4 Dadi, wong-wong wédok kuwi isa mènèhi naséhat marang* wong-wong wédok sing luwih enom bèn nresnani bojoné, nresnani anak-anaké, 5 ngurusi omahé, nduwé pertimbangan sing apik, murni, nindakké apa sing apik, lan manut karo bojoné.+ Tujuané bèn omongané Gusti Allah ora dièlèk-èlèk.
6 Kowé kudu terus ngélikké wong-wong lanang sing luwih enom bèn nduwé pertimbangan sing apik.+ 7 Ing kabèh tumindakmu, kowé kudu dadi conto soal nindakké apa sing apik. Kowé kudu serius wektu mulang soal apa sing murni.*+ 8 Sing mbok wulangké kuwi kudu bener bèn ora ana sing nyalahké kowé.+ Wong-wong sing nentang ya bakal dadi isin merga ora isa ngomongké sing èlèk soal awaké dhéwé.+ 9 Budhak-budhak kudu bener-bener tundhuk karo majikané,+ ngupaya nyenengké majikané, ora mbantah, 10 lan ora nyolong.+ Budhak-budhak kuwi kudu isa bener-bener dipercaya bèn budhak-budhak kuwi isa ngluhurké ajarané Gusti Allah sing nylametké awaké dhéwé.+
11 Gusti Allah wis nduduhké sifaté sing apikan banget bèn kabèh wong isa dislametké.+ 12 Sifaté sing apikan kuwi nglatih awaké dhéwé kanggo nolak apa waé sing ora cocog karo karepé Gusti Allah lan nolak kepénginan sing ora apik saka donya iki.+ Kuwi ya nglatih awaké dhéwé bèn nduwé pertimbangan sing apik, nindakké apa sing bener, lan ngabdi marang Gusti Allah ing antarané wong-wong ing donya* iki.+ 13 Awaké dhéwé ya ngentèni harapan sing nyenengké+ lan ngentèni kemuliaan sing bakal diduduhké Gusti Allah sing Mahakuwasa lan Yésus Kristus sing nylametké awaké dhéwé. 14 Yésus Kristus wis masrahké uripé+ kanggo mbébaské*+ awaké dhéwé saka kabèh tumindak sing nglanggar hukum. Dhèwèké nggawé awaké dhéwé dadi resik bèn awaké dhéwé isa dadi umaté Gusti Allah sing istiméwa, sing semangat nindakké apa sing apik.+
15 Kowé kudu terus mulang soal iki, mènèhi naséhat, lan ngélikké wong liya merga kowé nduwé wewenang+ kanggo nindakké kuwi. Aja nganti ana sing ngrèmèhké kowé.
3 Kowé kudu terus ngélingké wong-wong kuwi bèn manut karo pamréntah lan wong sing nduwé wewenang,+ siap nindakké apa sing apik, 2 ora ngèlèk-èlèk sapa waé, ora seneng padu, seneng ngalah,+ lan alus marang kabèh wong.+ 3 Mbiyèn awaké dhéwé ya ora nduwé pemahaman, ora manut, kapusan, manut karo kepénginané dhéwé, urip mung seneng-seneng, nindakké apa sing ora apik, iri, dadi wong sing tumindaké èlèk banget, lan sengit karo liyané.
4 Ning, Gusti Allah+ sing nylametké awaké dhéwé sayang lan apikan karo manungsa, 5 dudu merga awaké dhéwé nindakké apa sing apik,+ ning merga Dhèwèké pancèn apikan.+ Dhèwèké nylametké awaké dhéwé wektu ngresiki awaké dhéwé nganggo banyu sing nggawé awaké dhéwé urip.+ Dhèwèké nggawé awaké dhéwé dadi anyar liwat roh suci.+ 6 Dhèwèké mènèhi akèh banget roh suciné marang awaké dhéwé liwat Yésus Kristus sing nylametké awaké dhéwé.+ 7 Dadi, sakwisé dianggep bener merga Gusti Allah apikan banget,+ awaké dhéwé isa nampa warisan+ urip saklawasé, sesuai karo harapané awaké dhéwé.+
8 Sing tak omongké kuwi isa dipercaya. Aku péngin kowé tegas wektu ngomongké kuwi bèn kabèh wong sing percaya marang Gusti Allah isa tetep fokus nindakké apa sing apik. Kabèh kuwi apik lan ana manfaaté kanggo manungsa.
9 Ning, aja mèlu-mèlu debat soal apa waé sing ora ana gunané. Aja debat soal daftar jenengé nènèk moyang lan aja padu soal Hukum Musa, merga kuwi ora ana gunané lan ora ana untungé.+ 10 Nèk ana sing nggawé kelompok-kelompok agama+ lan wis mbok élikké nganti ping loro,+ kowé kudu ngedohi wong kuwi.+ 11 Wong sing kaya ngono kuwi wis ninggalké apa sing bener, nindakké dosa, lan mbuktèkké nèk dhèwèké salah.
12 Wektu aku ngongkon Artémas utawa Tikhikus+ marani kowé, kowé kudu ngupaya tenanan nemoni aku ing Nikopolis merga aku wis mutuské kanggo manggon ing kana saksuwéné musim dingin. 13 Tulung kowé nyiapké kebutuhané Zénas sing ngerti akèh soal Hukum Musa lan nyiapké kebutuhané Apolos, bèn wong-wong kuwi ora kekurangan apa-apa ing perjalanan.+ 14 Sedulur-seduluré awaké dhéwé kuduné ya sinau bèn isa terus nindakké apa sing apik. Dadi, pas ana sing bener-bener mbutuhké,+ sedulur-seduluré awaké dhéwé mau isa mbantu lan terus nindakké apa sing apik.+
15 Kabèh sing ana bareng karo aku ngirim salam kanggo kowé. Tulung sampèkké salamku kanggo sedulur-sedulur sing nresnani aku.
Muga-muga Gusti Allah apikan banget karo kowé.
Utawa ”ditudhuh tumindak sak karepé dhéwé”.
Utawa ”ora seneng ngantemi”.
Utawa ”isa mènèhi naséhat marang”.
Utawa ”isa ngélingké; isa nglatih”.
Utawa mungkin ”mulang nganggo cara sing murni”.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”nebus”.