PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • nwt 2 Pétrus 1:1-3:18
  • 2 Pétrus

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 2 Pétrus
  • Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
2 Pétrus

SURAT KELORO SAKA PÉTRUS

1 Surat saka Simon Pétrus, yaiku budhak lan rasulé Yésus Kristus. Surat iki kanggo kowé kabèh sing wis nampa ajaran sing bener sing berharga kaya sing tak tampa. Aku nampa kuwi merga Gusti Allah lan Yésus Kristus sing nylametké awaké dhéwé kuwi adil.

2 Muga-muga Gusti Allah apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem merga kowé nduwé pengetahuan sing bener+ soal Gusti Allah lan soal Yésus Gustiné awaké dhéwé. 3 Kuwasané Gusti Allah wis mènèhi* apa waé sing awaké dhéwé butuhké bèn isa nggunakké urip kanggo ngabdi marang Gusti Allah. Awaké dhéwé nampa kuwi merga awaké dhéwé nduwé pengetahuan sing bener soal Gusti Allah, sing wis milih awaké dhéwé+ merga Dhèwèké mulya lan apikan. 4 Liwat kabèh kuwi, Gusti Allah wis mènèhi* awaké dhéwé janji-janji sing berharga lan luar biasa+ bèn kowé isa nampa kemuliaan kaya sing diduwèni Gusti Allah.+ Gusti Allah nindakké kuwi merga kowé wis ngupaya bèn ngedohi tumindak sing bejat saka donya iki, sing asalé saka kepénginan* sing salah.

5 Kuwi sebabé, kowé kudu nduwé iman. Nèk wis nduwé iman, kowé kudu ngupaya tenanan kanggo nindakké apa sing apik.+ Nèk wis nindakké apa sing apik,+ kowé kudu ngupaya tenanan bèn nduwé pengetahuan.+ 6 Nèk wis nduwé pengetahuan, kowé kudu ngupaya tenanan bèn isa ngendhalèni dhiri. Nèk wis isa ngendhalèni dhiri,+ kowé kudu ngupaya tenanan bèn isa sabar. Nèk wis sabar, kowé kudu ngupaya tenanan kanggo ngabdi marang Gusti Allah.+ 7 Nèk wis ngabdi marang Gusti Allah, kowé kudu ngupaya tenanan sayang karo sedulur liya. Nèk wis sayang karo sedulur liya,+ kowé kudu ngupaya tenanan nresnani kabèh wong. 8 Nèk kowé kerep nduduhké sifat-sifat kuwi, kowé bakal nggunakké pengetahuan sing bener soal Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé. Mula, kowé bakal kaya wit sing ngasilké buah lan ora bakal dadi males.+

9 Nèk wong sing ora nduwé sifat-sifat kuwi, dhèwèké wuta merga mripaté ditutupi bèn ora ndelok cahaya.*+ Dhèwèké lali nèk dosa-dosané+ mbiyèn wis diapura. 10 Mula sedulur-sedulur, kowé kudu ngupaya tenanan bèn kowé tetep dadi wong sing dipilih lan diundang.*+ Nèk kowé terus nindakké kuwi, kowé mesthi ora bakal ninggalké iman.+ 11 Nèk kowé nindakké kuwi, kowé bakal nampa berkah sing akèh banget lan bakal mlebu menyang Kerajaan sing ana saklawasé+ duwèké Yésus Kristus Gusti sing nylametké awaké dhéwé.+

12 Kuwi sebabé, aku péngin terus ngélingké kowé soal iki, senajan sakdurungé kowé wis ngerti lan percaya banget karo ajaran sing bener sing wis mbok sinau. 13 Ning, aku ngrasa nèk aku kudu mènèhi kowé naséhat+ saksuwéné aku ana ing badan*+ iki, 14 merga aku ngerti nèk ora suwé manèh aku bakal ninggalké badan* iki, kaya sing wis jelas banget diomongké Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé marang aku.+ 15 Aku bakal terus ngupaya tenanan, supaya sakwisé aku lunga, kowé isa ngéling-éling soal kuwi.

16 Wektu aku ngandhani kowé soal kuwasané Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé lan soal wektuné dhèwèké bali,* sing tak omongké kuwi dudu crita-crita palsu sing digawé manungsa. Ning, aku wis ndelok dhéwé kemuliaané Gusti.+ 17 Dhèwèké nampa kehormatan lan kemuliaan saka Gusti Allah, Bapaké awaké dhéwé, wektu Gusti Allah sing mulya ngomong kaya ngéné karo dhèwèké, ”Iki Anak-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé Aku seneng.”+ 18 Aku krungu kata-kata kuwi saka langit wektu aku ana bareng karo dhèwèké ing gunung sing suci.

19 Kuwi sebabé aku dadi saya yakin nèk omongané Gusti Allah* mesthi bakal kelakon. Kowé kudu nggatèkké kuwi kabèh. Omongané Gusti Allah kudu ana ing njero atimu lan dadi kaya lampu+ sing bersinar ing petengan. Kuwi kudu terus mbok upayakké nganti dinané mulai padhang lan bintang ésuk+ kétok. 20 Kowé mesthi ngerti nèk omongané Gusti Allah* sing ana ing Kitab Suci asalé dudu saka pikirané manungsa. 21 Omongané Gusti Allah* ora tau diomongké menurut karepé manungsa.+ Ning, apa sing diomongké manungsa kuwi asalé saka Gusti Allah merga wong-wong kuwi dituntun roh suci.+

2 Jaman mbiyèn ana nabi-nabi palsu ing antarané umaté Gusti Allah. Ing antaramu ya bakal ana guru-guru palsu.+ Meneng-meneng, wong-wong kuwi bakal nggawé kelompok-kelompok agama sing ngrusak imanmu, lan malah ora ngakoni wong sing nebus* wong-wong kuwi,+ mula wong-wong kuwi bakal ndang disingkirké. 2 Sakliyané kuwi, bakal ana akèh wong sing mèlu-mèlu tumindak kurang ajar*+ kaya wong-wong kuwi. Akibaté, ajaran sing bener bakal dièlèk-èlèk.+ 3 Sakliyané kuwi, merga wong-wong kuwi srakah, wong-wong kuwi bakal ngapusi kowé nggunakké kata-kata sing ora bener. Ning, hukuman sing ditentokké kèt mbiyèn+ kanggo wong-wong kuwi ora bakal telat, lan wong-wong kuwi mesthi bakal disingkirké.+

4 Gusti Allah ngukum para malaékat sing nindakké dosa,+ lan nguncalké para malaékat kuwi ing Tartarus,*+ ngranté para malaékat kuwi ing panggonan sing peteng banget* kanggo ditahan nganti para malaékat kuwi dihukum.+ 5 Gusti Allah ya ngukum donya jaman mbiyèn.+ Gusti Allah nggawé banjir gedhé ing donya sing isiné wong-wong sing ora ngajèni Gusti Allah.+ Ning, Gusti Allah nylametké Nuh, yaiku wong sing martakké apa sing bener,+ bareng karo wong pitu liyané.+ 6 Sakliyané kuwi, Gusti Allah ngukum+ kutha Sodom lan Gomora. Gusti Allah nggawé kutha-kutha kuwi dadi awu. Kuwi nduduhké apa sing bakal dialami wong-wong sing ora ngajèni Dhèwèké.+ 7 Dhèwèké nylametké Lot,+ wong bener sing sengsara banget merga tumindak kurang ajar* sing ditindakké wong-wong jahat. 8 Saben dina, wong bener kuwi sedhih banget merga kejahatan sing didelok lan dirungokké saksuwéné dhèwèké manggon ing antarané wong-wong jahat kuwi. 9 Dadi, Yéhuwah* ngerti carané nylametké wong-wong sing ngabdi marang Dhèwèké saka cobaan,+ lan ngerti carané nyimpen wong-wong jahat kanggo disingkirké ing dina pengadilan,+ 10 utamané wong-wong sing ngupaya nggawé najis badané wong liya+ lan sing ngrèmèhké wong-wong sing nduwé wewenang.*+

Wong-wong kuwi wani banget lan tumindak sak karepé dhéwé. Wong-wong kuwi ora wedi ngèlèk-èlèk wong-wong sing mulya.* 11 Malah para malaékat waé, senajan luwih kuwat lan luwih kuwasa, ora tau nudhuh lan ora tau ngécé guru-guru palsu kuwi merga para malaékat ngajèni Yéhuwah.*+ 12 Ning, wong-wong kuwi kaya kéwan sing ora nduwé akal sing mung nuruti naluri, sing lair mung kanggo ditangkep lan dipatèni. Wong-wong kuwi ngrèmèhké apa sing ora dingertèni.+ Wong-wong kuwi bakal disingkirké merga tumindaké sing ora apik, 13 lan bakal dihukum merga tumindaké sing jahat.

Wong-wong kuwi seneng urip méwah,*+ malah nindakké kuwi pas awan. Wong-wong kuwi kaya regedan lan cacad ing antaramu. Wong-wong kuwi seneng banget nyritakké ajaran palsu wektu mangan bareng karo kowé.+ 14 Wong-wong kuwi péngin banget laku jina,+ ora isa mandheg nindakké dosa, lan mengaruhi wong-wong sing imané lemah.* Atiné wong-wong kuwi bener-bener srakah.* Wong-wong kuwi bakal dihukum Gusti Allah. 15 Wong-wong kuwi ninggalké apa sing bener lan digawé kesasar. Wong-wong kuwi niru tumindaké Biléam+ anaké Béor, sing seneng nindakké apa sing salah merga péngin banget éntuk upah.+ 16 Ning, dhèwèké diélikké merga pelanggarané.+ Keledai sing ora isa ngomong dadi isa ngomong kaya manungsa lan ngalang-alangi tumindaké nabi sing ora waras kuwi.+

17 Wong-wong kuwi kaya sumber banyu sing asat lan kaya kabut sing kena angin gedhé. Wong-wong kuwi bakal ana ing panggonan sing peteng banget.+ 18 Omongané wong-wong kuwi kétoké hébat, ning sakjané ora ana artiné. Wong-wong kuwi tumindak kurang ajar* lan nggawé wong-wong nduwé kepénginan sing salah manèh.+ Wong-wong kuwi mengaruhi wong-wong sing lagi waé mertobat bèn nindakké apa sing salah.+ 19 Wong-wong kuwi janji nèk arep mènèhi kebébasan, padahal sakjané wong-wong kuwi dhéwé budhaké dosa.+ Nèk wong dikuwasani karo wong liya, dhèwèké dadi budhaké wong kuwi.+ 20 Nèk misalé wong-wong kuwi wis bébas saka tumindak sing najis saka donya iki+ merga nduwé pengetahuan sing bener soal Yésus Kristus, yaiku Gusti sing nylametké awaké dhéwé, ning wong-wong kuwi mèlu-mèlu manèh lan dikendhalèni karo tumindaké sing najis kuwi, keadaané wong-wong kuwi bakal dadi luwih parah timbang sakdurungé.+ 21 Mendhing wong-wong kuwi ora tau ngerti soal apa sing bener, timbang ngerti jelas soal kuwi tapi ninggalké préntah sing suci sing wis ditampa wong-wong kuwi.+ 22 Wong-wong kuwi padha kaya peribahasa iki: ”Asu mangan manèh apa sing wis dimuntahké, lan babi sing wis diadusi gulung-gulung manèh ing lumpur.”+

3 Sedulur-sedulur sing tak sayangi, iki surat keloro sing tak tulis marang kowé. Kaya suratku sing pertama, aku péngin mènèhi naséhat+ bèn kowé tetep semangat lan nduwé pikiran sing jernih. 2 Aku nindakké iki bèn kowé éling karo kata-kata sing sakdurungé wis diomongké karo nabi-nabi sing suci, lan éling karo préntahé Gusti sing nylametké awaké dhéwé sing disampèkké liwat rasul-rasulmu. 3 Kowé kudu ngerti nèk ing akhir jaman bakal ana wong-wong sing seneng ngécé lan tumindak sak karepé dhéwé.+ 4 Wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké janji nèk bakal bali,* lha terus saiki dhèwèké ing endi?+ Kèt nènèk moyangku mati,* keadaané tetep padha kaya wektu donya iki diciptakké.”+

5 Wong-wong kuwi sengaja ora nggatèkké nèk langit wis ana kèt mbiyèn lan nèk bumi kepisah saka banyu lan diubengi banyu merga préntahé Gusti Allah.+ 6 Kabèh kuwi sing matèni wong-wong ing jaman mbiyèn. Iki kelakon wektu banyu nutupi bumi.+ 7 Merga préntah sing padha saka Gusti Allah, langit lan bumi sing saiki ana bakal dihancurké nganggo geni. Langit lan bumi bakal tetep ana nganti dina pengadilan lan dina kanggo nyingkirké wong-wong sing ora ngajèni Gusti Allah.+

8 Tapi, sedulur-sedulur sing tak sayangi, aja lali nèk kanggoné Yéhuwah* sedina kuwi padha karo sèwu taun, lan sèwu taun kuwi padha karo sedina.+ 9 Yéhuwah* kuwi ora telat nepati janjiné,+ senajan ana sing mikir ngono. Ning, Dhèwèké sabar marang kowé merga Dhèwèké ora péngin ana wong sing disingkirké. Dhèwèké péngin kabèh wong mertobat.+ 10 Dinané Yéhuwah*+ bakal teka kaya maling.+ Wektu kuwi, langit bakal hancur+ lan ana swara sing banter banget. Apa waé sing mbentuk langit lan bumi bakal melèlèh merga saking panasé, ning bumi lan kabèh sing ditindakké manungsa ing bumi bakal kétok jelas.+

11 Merga kabèh bakal melèlèh kaya ngono, kowé kuduné mikirké tumindakmu lan apa sing kuduné mbok tindakké. Kowé kudu dadi suci lan mbuktèkké nèk kowé ngabdi marang Gusti Allah. 12 Kowé kudu ngentèni lan terus mikirké* tekané dinané Yéhuwah.*+ Ing dina kuwi, langit bakal hancur+ merga geni, lan apa waé sing mbentuk langit lan bumi bakal melèlèh merga saking panasé. 13 Ning, sesuai karo janjiné Gusti Allah sing awaké dhéwé entèni,+ ana langit anyar lan bumi anyar. Ing kana wong-wong bakal terus nindakké apa sing bener.+

14 Mula, sedulur-sedulur sing tak sayangi, merga kowé ngentèni kabèh iki, kowé kudu ngupaya tenanan bèn pas didelok Gusti Allah kowé resik, ora ana cacadé, lan nduwé hubungan sing apik karo Dhèwèké.+ 15 Sakliyané kuwi, merga Gustiné awaké dhéwé sabar, anggepen nèk kuwi kesempatan bèn kowé isa slamet. Paulus, sedulur sing awaké dhéwé sayangi, wis nulis soal kuwi ing suraté kanggo kowé menurut kawicaksanan sing diwènèhké Gusti Allah marang dhèwèké.+ 16 Ing surat-suraté, dhèwèké wis nulis soal kabèh kuwi. Ning, ana sing angèl dipahami. Wong-wong sing ora nduwé pengetahuan lan sing imané lemah mènèhi keterangan sing salah soal kuwi. Wong-wong kuwi ya mènèhi keterangan sing salah soal ayat-ayat liyané ing Kitab Suci. Mula, wong-wong kuwi bakal disingkirké.

17 Mula, sedulur-sedulur sing tak sayangi, merga kowé wis ngerti soal iki, kowé kudu tetep waspada bèn kowé ora diblasukké bareng wong-wong kuwi nganggo ajaran palsuné wong-wong sing nglanggar hukum, merga kuwi isa nggawé imanmu dadi ora kokoh.+ 18 Ning, kowé kudu ngupaya bèn Gusti Allah terus apikan banget karo kowé lan bèn kowé éntuk pengetahuan soal Yésus Kristus, yaiku Gusti sing nylametké awaké dhéwé. Muga-muga dhèwèké dimulyakké saiki lan saklawasé. Amin.

Utawa ”mènèhi tanpa njaluk bayaran”.

Utawa ”mènèhi tanpa njaluk bayaran”.

Utawa ”nafsu”.

Utawa mungkin ”dhèwèké wuta, rabun jauh”.

Utawa ”diceluk”.

Lit.: ”tabernakel”.

Lit.: ”tabernakel”.

Yunani: parousia. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”ramalan”.

Lit.: ”ramalan”.

Lit.: ”Ramalan”.

Lit.: ”majikané”. Maksudé, Yésus.

Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Bentuk jamak kata Yunani aselgeia. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Daftar Istilah.

Utawa mungkin ”ing lubang”.

Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Yunani: aselgeia. Deloken Daftar Istilah.

Deloken Lamp. A5.

Utawa ”ngrèmèhké wewenang”.

Maksudé, wong-wong sing nduwé tanggung jawab ing jemaat.

Deloken Lamp. A5.

Maksudé, mangan, ngombé, lan pésta bébas.

Utawa ”wong-wong sing ora kokoh”.

Utawa ”Atiné wong-wong kuwi wis dilatih bèn srakah”.

Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Bentuk jamak kata Yunani aselgeia. Deloken Daftar Istilah.

Yunani: parousia. Deloken Daftar Istilah.

Lit.: ”turu ing kematian”.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Deloken Lamp. A5.

Lit.: ”lan nggawé saya cepet”.

Deloken Lamp. A5.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim