PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g18 No. 3 hlm. 4-5
  • Sing Mungkin Dirasakké

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Sing Mungkin Dirasakké
  • Gatèkna!—2018
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SING DIALAMI
  • APA BAKAL SEDHIH TERUS?
  • Saran kanggo sing Bar Ditinggal Mati
    Gatèkna!—2018
  • Rasané Hancur
    Gatèkna!—2018
  • Piyé Bèn Aku Ora Sedhih Terus?
    Pitakonané Cah Enom
  • Pembuka
    Gatèkna!—2018
Delok Kabèh
Gatèkna!—2018
g18 No. 3 hlm. 4-5
Suami istri sing lagi sedhih

SARAN KANGGO SING BAR DITINGGAL MATI

Sing Mungkin Dirasakké

Ditinggal mati kuwi mesthi sedhih banget. Tapi, ora berarti wong sing nangis terus kuwi luwih sedhih ketimbang wong sing kétoké tegar. Soalé, carané wong berduka kuwi béda-béda. Kuwi tergantung karo budaya, kepribadian, pengalaman, lan penyebab kematiané.

SING DIALAMI

Biasané apa waé sing dirasakké wong sing ditinggal mati?

Sedhih banget. Isa waé dadi nangis terus utawa kangen karo wongé. Mungkin ya tiba-tiba sedhih nèk kèlingan utawa ngimpi soal wongé. Biasané wong sing ditinggal mati kuwi awalé ora trima lan ora percaya. Misalé Tina. Bojoné, Timo, ngerti-ngerti mati. Tina crita, ”Awalé aku ora isa nangis. Tapi rasané sesek banget. Aku ora trima bojoku mati.”

Nesu karo gela. Ivan crita, ”Anakku sing umuré 24 taun mati. Aku karo bojoku wektu kuwi nesu banget. Kami ya gela soalé ora isa nulungi anakku.” Bojoné Alejandro ya mati merga lara. Alejandro crita, ”Awalé aku ngrasa lagi dihukum Gusti Allah. Tapi bar kuwi aku gela merga wis nesu karo Gusti Allah.” Kostas crita, ”Awalé aku nesu karo bojoku merga aku ngrasa dhèwèké ninggalké aku. Tapi bar kuwi aku ya gela merga sakjané iki dudu salahé dhèwèké.”

Mbayangké sing ora-ora. Misalé, mungkin ngrasa isa ndelok utawa isa krungu swarané wong sing wis mati kuwi. Terus, isa waé dadi gampang lali lan angèl konsèntrasi. Tina crita, ”Kadhang pas aku lagi ngobrol, pikiranku ing endi-endi. Aku mung mikirké bojoku.”

Pénginé dhèwèkan. Mungkin rasané males utawa ora nyaman nèk lagi karo wong liya. Kostas crita, ”Nèk lagi ngobrol karo wong-wong sing wis nikah, aku ngrasa kesepian. Tapi nèk aku ngobrol karo wong-wong sing durung nikah, ya padha waé. Aku ya ngrasa ora nyaman.” Yolanda crita, ”Aku jèngkèl nèk ana wong sing sambat. Soalé nèk dibandhingké karo masalahku, kuwi ora ana apa-apané. Terus nèk ana sing crita soal anaké aku ya seneng, tapi ya sedhih merga aku kèlingan karo anakku.”

Gampang lara. Ana sing dadi mangan terus, tapi ya ana sing ora gelem mangan. Sing liyané ana sing turu terus, tapi ya ana sing ora isa turu. Andre crita, ”Turuku ora isa nyenyak. Saben bengi mesthi tangi, merga kèlingan bapakku.”

Alejandro crita, ”Aku ngrasa awakku ora pénak, terus aku ing dokter. Tapi ternyata aku ora apa-apa.” Mémang, wong sing lagi sedhih biasané dadi gampang lara.

Répot. Ivan crita, ”Pas anakku, Eric, mati, kami kudu ngabari keluarga, kanca-kanca, terus ya bosé. Kami ya kudu ngurus surat-surat penting, terus mbèrèsi barang-barangé. Kami dadi répot banget, padahal sakjané isih kesel lan sedhih.”

Nèk ana sing biasané diurus karo wong sing wis mati kuwi, saiki keluargané sing kudu ngurus. Tina crita, ”Biasané masalah bank karo gawéan kuwi bojoku sing ngurusi. Tapi merga dhèwèké wis ora ana, aku sing kudu ngurus dhéwé. Aku dadi tambah strès.”

Mémang nèk ditinggal mati kuwi ora mung sedhih thok. Isa dadi strès, kesel, bahkan ya isa lara. Tapi njenengan isa tetep tabah. Ora kabèh wong sing berduka ngrasakké kabèh sing disebutké mau. Tapi nèk njenengan ngrasakké kabèh, ya ora apa-apa.

APA BAKAL SEDHIH TERUS?

Sing mungkin njenengan rasakké: Njenengan ora bakal sedhih terus. Suwé-suwé, rasa sedhihé isa berkurang. Mémang isa waé tiba-tiba sedhih nèk kèlingan wongé, misalé pas tanggal kematiané utawa pas ulang taun pernikahané. Tapi, njenengan isa semangat manèh nèk terus berupaya lan didhukung karo keluarga lan kanca.

Tapi nganti kapan sedhihé? Ana sing nganti beberapa bulan. Tapi ya ana sing bertaun-taun.a Alejandro ngomong, ”Nganti telung taun aku isih sedhih banget.”

Njenengan kudu sabar. Ora apa-apa nèk butuh wektu bèn isa pulih lan semangat manèh. Ing artikel berikuté ana saran-saran sing isa mbantu bèn semangat manèh.

Nèk njenengan sedhih, péngin nangis, lan ngrasa ora karuan, kuwi ora apa-apa

a Malah saking sedhihé, ana sing nganti butuh bantuané dokter.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim