PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g20 No. 3 hlm. 8-9
  • Nggatèkké Apa sing Apik saka Wong Liya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nggatèkké Apa sing Apik saka Wong Liya
  • Gatèkna!—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Faktané
  • Kandhané Alkitab
  • Sing Isa Njenengan Tindakké
  • Apa Njenengan Nduwé Prasangka?
    Gatèkna!—2020
  • Terus Rukun Kaya Yésus lan Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Ngupaya Dadi Wong sing Rendah Hati
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Nggolèki Faktané
    Gatèkna!—2020
Delok Kabèh
Gatèkna!—2020
g20 No. 3 hlm. 8-9
Kumpulan gambar: 1. Suami istri sing nesu merga ana wong wuta sing ngalangi dalané. 2. Bar kuwi, suami istri sing padha, nggumun karo wong wédok wuta sing lagi main selo ing konser.

Nggatèkké Apa sing Apik saka Wong Liya

Faktané

Sikap égois kuwi isa nggawé njenengan nduwé prasangka. Wong sing égois isa nganggep dhèwèké luwih apik ketimbang wong liya. Kabèh wong isa dadi égois. Buku Encyclopædia Britannica kandha, ”Akèh kelompok nganggep nèk panganan, klambi, lingkungan, lan kepercayaané kuwi luwih apik ketimbang kelompok liyané.” Piyé carané bèn awaké dhéwé ora nduwé cara mikir sing kaya ngono?

Kandhané Alkitab

”Kanthi andhap asor nganggep wong liya luwih unggul ketimbang kowé.”​—FILIPI 2:3.

Apa artiné? Awaké dhéwé kudu rendah hati. Aja ngrasa nèk awaké dhéwé luwih apik ketimbang wong liya.

Gatèkna contoné Stefan sing digedhèkké ing negara Komunis. Dhèwèké ngupaya bèn ora nduwé prasangka karo wong-wong saka negara sing dudu Komunis. Dhèwèké kandha, ”Aku yakin nèk aku nganggep wong liya luwih apik, kuwi isa nggawé aku dadi ora nduwé prasangka. Malah aku isa sinau akèh saka wong-wong kuwi.”

Sing Isa Njenengan Tindakké

Aja nganggep nèk njenengan ora tau salah. Terus, aja nganggep nèk kabèh wong nduwé kelemahan sing padha. Njenengan kudu sadhar nèk wong liya isa nindakké luwih apik ketimbang njenengan.

Ketimbang mikir èlèk soal wong saka kelompok liya, njenengan isa takon:

Njenengan kudu sadhar nèk wong liya isa nindakké luwih apik ketimbang njenengan

  • ’Apa aku ora seneng karo wong kuwi mung merga dhèwèké nduwé sipat sing béda karo aku?’

  • ’Apa wong kuwi ya isa nggolèki kesalahanku?’

  • ’Ketrampilan apa sing nggawé wong kuwi luwih hébat ketimbang aku?’

Nèk njenengan jujur wektu njawab pitakonan-pitakonan kuwi, njenengan isa nyingkirké prasangka. Malah, njenengan isa ngajèni wong-wong kuwi.

Pengalaman: Nelson (Amerika Serikat)

”Kèt cilik aku manggon ing dhaérah sing wong-wongé nduwé latar belakang sing padha. Ning, wektu umurku 19 taun aku pindhah ing kutha kanggo kerja ing pabrik. Ing kana, aku kerja karo wong-wong saka suku, latar belakang, lan budaya sing béda-béda.

”Merga aku akrab karo kanca kerjaku, aku dadi ngerti nèk werna kulit, basa, lan bangsa, ora ana pengaruhé karo sepira sregepé dhèwèké kerja, kejujurané, lan cara mikiré wong-wong kuwi.

”Bar kuwi aku nikah karo wong wédok sing latar belakangé béda karo aku. Aku seneng banget isa ngerti akèh lagu lan panganan saka bangsa liya. Aku ya dadi ngerti nèk sakjané kabèh wong nduwé kelemahan lan kelebihan. Jujur waé, aku dadi wong sing luwih apik merga sinau saka wong-wong sing béda suku lan budaya.”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim