PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g20 No. 3 hlm. 12-13
  • Nduduhké Katresnan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nduduhké Katresnan
  • Gatèkna!—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Faktané
  • Kandhané Alkitab
  • Sing Isa Njenengan Tindakké
  • Wong-Wong sing Isa Nyingkirké Prasangka
    Gatèkna!—2020
  • Apa Njenengan Nduwé Prasangka?
    Gatèkna!—2020
  • Aku Mbéla Keadilan
    Kuwasané Alkitab
  • Terus Rukun Kaya Yésus lan Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
Delok Kabèh
Gatèkna!—2020
g20 No. 3 hlm. 12-13
Wong wédok India mbantu wong wédok Kaukasian sing wis tuwa munggah tangga karo nggawakké blanjaané.

Nduduhké Katresnan

Faktané

Nyingkirké prasangka kuwi ora gampang. Njenengan butuh wektu lan upaya. Dadi, apa sing isa njenengan tindakké bèn isa nyingkirké prasangka?

Kandhané Alkitab

Kumpulan gambar: 1. Wong lanang Asia mbukakké lawang kanggo wong kulit ireng sing lagi nggawa kopi. 2. Wong lanang kulit ireng sing padha lagi mbagi-mbagi kopi kanggo kanca kerjané, termasuk wong wédok India.

”Duduhna katresnan, merga katresnan kuwi nggawé wong-wong bener-bener nyawiji.”​—KOLOSE 3:14.

Apa artiné? Apikan karo wong liya kuwi isa nggawé rukun. Nèk njenengan apikan, njenengan isa nyingkirké prasangka lan rasa sengit karo wong liya.

Sing Isa Njenengan Tindakké

Kumpulan gambar: 1. Wong lanang Asia mbukakké lawang kanggo wong kulit ireng sing lagi nggawa kopi. 2. Wong lanang kulit ireng sing padha lagi mbagi-mbagi kopi kanggo kanca kerjané, termasuk wong wédok India.

Njenengan isa apikan lan nresnani wong-wong saka kelompok sing njenengan anggep èlèk. Njenengan ora perlu nggunakké cara sing angèl. Cobanen cara-cara iki:

Njenengan isa nyingkirké prasangka nggunakké cara sing sederhana

  • Mbukakké lawang utawa mènèhi lungguhan wektu ing bis.

  • Ngupaya ngejak ngobrol senajan wong kuwi ora lancar nggunakké basané njenengan.

  • Tetep sabar wektu tumindaké wong kuwi kétok anèh.

  • Ngrungokké tenanan wektu wong kuwi crita soal masalahé.

Pengalaman: Nazaré (Guinea-Bissau)

”Mbiyèn aku nduwé prasangka karo para imigran. Aku ngomong nèk para imigran kuwi kerep ngapusi pamréntah bèn isa éntuk dhuwit lan akèh-akèhé ya dadi penjahat. Kuwi nggawé aku ora seneng karo wong-wong kuwi. Merga akèh wong ya nduwé pandangan sing padha, aku ora sadhar nèk jebulé wis nduwé prasangka.

”Saiki aku sadhar nèk sakjané aku wis nduwé prasangka karo para imigran. Ning, merga ngetrapké pathokané Alkitab, aku dadi gelem ngobrol lan péngin luwih cedhak karo wong-wong kuwi. Saiki, aku malah nganggep wong-wong kuwi kaya sedulur.”

”Aku péngin nglawan tumindak ora adil”

Rafika Morris.

Rafika mèlu kelompok sing péngin nglawan tumindak ora adil. Ning, wektu teka ing kebaktiané Seksi-Seksi Yéhuwah, dhèwèké ndelok nèk sakjané kabèh wong isa rukun.

Deloken vidéo Rafika Morris: Dulu Saya Mau Melawan Ketidakadilan. Njenengan isa nggolèki vidéoné ing jw.org/id.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim