PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g20 No. 3 hlm. 14-15
  • Prasangka Isa Ilang

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Prasangka Isa Ilang
  • Gatèkna!—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Pamréntahan sing Paling Apik
  • 1. Mulang Apa sing Bener
  • 2. Nyingkirké Tumindak Ora Adil
  • 3. Nduwé Pemimpin sing Apik
  • 4. Nggawé Kabèh Wong Bersatu
  • Apa Njenengan Nduwé Prasangka?
    Gatèkna!—2020
  • Terus Rukun Kaya Yésus lan Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
Gatèkna!—2020
g20 No. 3 hlm. 14-15
Wong-wong saka umur lan latar belakang sing béda lagi padha senyum.

Prasangka Isa Ilang

Jutaan wong wis ngetrapké pathokan-pathokan sing dirembug ing artikel-artikel sakdurungé lan ngupaya nggawé perubahan kanggo nyingkirké prasangka. Ning, nyatané awaké dhéwé ora isa bener-bener nyingkirké prasangka nganggo upayané dhéwé. Dadi, apa kuwi artiné awaké dhéwé ora isa nyingkirké prasangka?

Pamréntahan sing Paling Apik

Pamréntahané manungsa wis kebukti ora isa nyingkirké prasangka. Ning, apa kuwi artiné ora ana pamréntahan sing isa nyingkirké prasangka?

Pamréntahan sing péngin nyingkirké prasangka kudu:

  1. 1. Mbantu wong-wong ngubah cara mikir lan pandangané karo wong liya.

  2. 2. Nyingkirké penyebab tumindak ora adil.

  3. 3. Nduwé pemimpin sing adil.

  4. 4. Nggawé kabèh wong bersatu.

Alkitab nggawé awaké dhéwé yakin nèk Gusti Allah wis nggawé pamréntahan sing kaya ngono ing swarga. Pamréntahan kuwi disebut ”Kratoné Allah.”​—Lukas 4:43.

Gatèkna apa sing bakal ditindakké pamréntahan kuwi.

1. Mulang Apa sing Bener

”Ingkang manggen ing jagad sami badhé sinau kaleresan.”​—YÉSAYA 26:9.

”Ing ngendi ana kabeneran ing kono bakal ana tentrem rahayu, mangka wahaning kabeneran iku kaayeman lan katentreman kanggo ing salawas-lawasé.”​—YÉSAYA 32:17.

Apa artiné? Kratoné Allah bakal mulang wong-wong soal apa sing bener. Piwulang kuwi isa nggawé sikapé wong-wong berubah lan bakal nggawé wong-wong ngerti nèk sing paling penting kuwi nresnani wong liya.

2. Nyingkirké Tumindak Ora Adil

Gusti Allah ”bakal ngusapi sakèhé luh saka mripaté wong-wong kuwi. Lan pati ora bakal ana manèh. Kasusahan, tangisan, lan rasa lara uga ora bakal ana manèh. Perkara-perkara sing mbiyèn kelakon wis ora ana manèh.”​—WAHYU 21:4.

Apa artiné? Kratoné Allah bakal nyingkirké kabèh kesusahan merga tumindak ora adil. Wong-wong sing dadi korban tumindak ora adil ora bakal nduwé alesan kanggo nduwé rasa sengit manèh.

3. Nduwé Pemimpin sing Apik

”Panjenengané ora bakal ngadili mung waton pamirsané satléraman baé utawa ndhawahaké putusna manut paturaning wong. Nanging bakal ngakimi para wong sèkèng kalawan kaadilan, sarta bakal ndhawahaké putusan tumrap para wong kang katindhes ana ing nagara kono kalawan kajujuran.”​—YÉSAYA 11:3, 4.

Apa artiné? Yésus Kristus, sing dadi Raja Kratoné Allah, bakal mréntah nganggo cara sing adil. Yésus ora bakal ngunggulké siji bangsa lan kabèh wong bakal manut préntahé.

4. Nggawé Kabèh Wong Bersatu

Kratoné Allah mulang wong-wong bèn nduwé ”pikiran lan katresnan sing padha, bener-bener nyawiji lan sak pikiran.”​—FILIPI 2:2.

Apa artiné? Kabèh rakyaté Gusti Allah bakal bersatu. Wong-wong kuwi bakal ”bener-bener nyawiji” merga nresnani siji lan sijiné.

Apa awaké dhéwé isa percaya nèk bakal ana pamréntahan sing kaya ngono?

Isa. Ning, bèn isa percaya njenengan kudu sinau dhisik soal pamréntahan kuwi. Njenengan isa nindakké telung cara iki:

  • Njaluk salah siji Seksi-Seksi Yéhuwah kanggo mènèhi bukti nèk Kratoné Allah bakal nggenepi kabèh janji sing ditulis ing Alkitab.

  • Deloken vidéo Apa Kratoné Gusti Allah Iku? ing jw.org/jv.

  • Teka ing pakumpulan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah lan njenengan isa ngrasakké dhéwé nèk wong-wong ing kono rukun lan bersatu.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim