PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g21 No. 2 hlm. 4-6
  • Apa Pengaruhé Tèknologi kanggo Hubungan karo Wong Liya?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Pengaruhé Tèknologi kanggo Hubungan karo Wong Liya?
  • Gatèkna!—2021
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SING PERLU DIPIKIRKÉ
  • SING PERLU DIUPAYAKKÉ
  • Apa Pengaruhé Média Sosial kanggo Aku?
    Pitakonané Cah Enom
  • Anak-Anak lan Média Sosial—Bagéan 1: Apa Anakku Éntuk Nganggo Média Sosial?
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Piyé Nèk Wong Tuwaku Ora Ngijinké Nganggo Média Sosial?
    Pitakonané Cah Enom
  • Anak-Anak lan Média Sosial—Bagéan 2: Ngajari Anak Bèn Ngati-ati Pas Nganggo Média Sosial
    Bantuan kanggo Keluarga
Delok Kabèh
Gatèkna!—2021
g21 No. 2 hlm. 4-6
Wong-wong saka negara sing béda-béda lagi ngobrol léwat video call.

Apa Pengaruhé Tèknologi Kanggo Hubungan Karo Wong Liya?

Tèknologi kuwi mémang bermanfaat. Merga ana tèknologi kaya SMS, chatting, e-mail, video call, lan média sosial, komunikasi dadi luwih gampang, bahkan awaké dhéwé isa komunikasi karo wong sing manggon ing negara liya.

Tapi, nèk komunikasi utawa bergaulé mung nganggo tèknologi, wong-wong isa dadi . . .

  • kurang perduli karo kancané.

  • kesepian lan ngrasa ora berharga.

  • égois.

SING PERLU DIPIKIRKÉ

Cah wédok mbukaki média sosial bengi-bengi. Dhèwèké mbukak postingané wong liya sing jumlah viewer-é 723.000.

PERDULI KARO WONG LIYA

Wong sing perduli seneng mikirké wong liya. Tapi, nèk terlalu sibuk SMS-an, chatting-an, utawa ndeloki média sosial, awaké dhéwé dadi ora nduwé wektu kanggo mikirké wong liya.

Nèk pesan masuké terlalu akèh, mbalesiné dadi mung asal-asalan, dadi ora isa bener-bener ngerti piyé keadaané kancané. Nèk wis ngono, dadi ora ngerti nèk ana kanca sing butuh bantuan.

COBA DIPIKIR: Nèk komunikasiné karo kanca-kanca nganggo perangkat èlèktronik, piyé carané bèn njenengan ”isa ngrasakké apa sing dirasakké wong liya”?​—1 PÉTRUS 3:8.

NGRASA ORA BERHARGA

Menurut penelitian, bar ndelok postingané wong-wong ing média sosial, akèh sing ngrasa nèk uripé nelangsa. Jaréné bar ndeloki postingan ing média sosial, wong-wong kuwi dadi ”ngrasa nèk uripé mung ngono-ngono waé”.

Terus, ndeloki foto-fotoné wong liya sing diposting kuwi isa marahi iri. Mungkin ana sing ngrasa nèk uripé ora nyenengké, merga mbandhingké karo uripé wong liya sing kétoké luwih pénak.

COBA DIPIKIR: Wektu ndeloki postingané wong-wong ing média sosial, piyé carané bèn njenengan ora nganti iri karo wong liya?​—GALATIA 6:4.

MIKIRKÉ KEPENTINGANÉ DHÉWÉ

Ana guru sing crita nèk murid-muridé ana sing égois lan gelem kancanan mung nèk ana untungé thok. Wong sing kaya ngono kuwi mung mikirké kepentingané dhéwé. Kanca-kancané dianggep kaya alat sing digolèki mung nèk pas dibutuhké thok.

COBA DIPIKIR: Nèk njenengan mèh posting sesuatu, apa tujuané mung kanggo pamèr lan saingan?​—GALATIA 5:26.

SING PERLU DIUPAYAKKÉ

PIKIRNA APA PENGARUHÉ TÈKNOLOGI KANGGO NJENENGAN

Nèk nganggoné bener, tèknologi isa mbantu njenengan bèn luwih akrab karo kanca-kancané njenengan.

KANDHANÉ ALKITAB: ”Wong sing nduwé katresnan kuwi . . . ora mung mikirké kepentingané dhéwé.”​—1 KORINTUS 13:4, 5.

Sing endi sing péngin njenengan coba? Njenengan ya isa nambahi dhéwé ing ngisoré.

  • Daripada mung SMS-an, chatting-an, utawa ngirim e-mail, mendhing ketemu langsung

  • Pas lagi ngobrol, HP-né disimpen sik (utawa disetèl mode diam)

  • Aja kerep-kerep ndeloki média sosial

  • Nèk ana sing ngomong, ya dirungokké tenanan

  • Nèk ngerti ana kanca sing lagi susah, ya coba dihubungi

PIKIRNA . . .

  • Apa aku nduwé kanca sing bener-bener perduli karo aku, lan apa aku ya perduli karo dhèwèké?

  • Apa ing HP-ku kerep ana télpon, pesan masuk, utawa notifikasi sing ngganggu pas aku lagi ngobrol karo wong liya?

  • Nèk didelok saka foto-foto utawa kata-kata sing tak posting ing média sosial, apa aku mung mikirké kepentinganku dhéwé?

  • Apa sing tak rasakké bar ndeloki postingané wong-wong ing média sosial?

  • Piyé carané bèn aku ora terlalu sibuk merga kerep nggunakké tèknologi nganti ora nduwé wektu kanggo bergaul?

    KANDHANÉ ALKITAB: ”Gatèkna kepentingané wong liya, dudu mung kepentinganmu dhéwé.”​—FILIPI 2:4.

Emily.

”Nggolèk sahabat kuwi ora gampang, dadi mungkin sing isa dadi sahabat mung sithik. Tapi, sithik ora apa-apa sing penting isa dadi kanca sing sejati. Kanca sing sejati kuwi bener-bener perduli karo kowé lan kowé ya perduli karo dhèwèké.”​—EMILY

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim