PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • g21 No. 2 hlm. 7-9
  • Apa Pengaruhé Tèknologi kanggo Anak-Anak?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Pengaruhé Tèknologi kanggo Anak-Anak?
  • Gatèkna!—2021
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SING PERLU DIPIKIRKÉ
  • SING ISA DIUPAYAKKÉ
  • Anak-Anak lan HP—Bagéan 1: Apa Anakku Kudu Nduwé HP?
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Anak-Anak lan HP—Bagéan 2: Carané Bèn Anak-Anak Isa Ngati-ati Pas Dolanan HP
    Bantuan kanggo Keluarga
  • Anak-Anak lan Média Sosial—Bagéan 1: Apa Anakku Éntuk Nganggo Média Sosial?
    Bantuan kanggo Keluarga
Gatèkna!—2021
g21 No. 2 hlm. 7-9
Bocah-bocah pilih dolanan gadget daripada dolanan liyané utawa olahraga.

Apa Pengaruhé Tèknologi Kanggo Anak-anak?

Nèk soal nggunakké tèknologi, bocah-bocah biasané luwih pinter timbang wong tuwa, merga jaman saiki kèt cilik bocah-bocah wis biasa nggunakké tèknologi.

Tapi, bocah-bocah sing kerep nggunakké Internèt akhiré isa . . .

  • kecanduan perangkat èlèktronik.

  • dadi pelaku utawa korban bully liwat Internèt.

  • ndelok pornografi, sengaja utawa ora sengaja.

SING PERLU DIPIKIRKÉ

Cah lanang nyekeli HP karo alon-alon nutup lawang kamaré pas ibuké liwat.

KECANDUAN

Wong-wong isa kecanduan dolanan game utawa internètan merga mémang kuwi dirancang bèn sing nganggo péngin dolanan utawa mbukak terus. Buku Reclaiming Conversation kandha, ”Aplikasi-aplikasi ing HP mémang dirancang bèn awaké dhéwé ndeloki HP terus.” Wong sing nggawé iklan éntuké dhuwit nèk iklané ditonton. Dadi saya kerep awaké dhéwé mbukak aplikasi sing ana iklané, sing nggawé iklan ya saya untung.

COBA DIPIKIR: Apa anaké njenengan kecanduan dolanan HP? Piyé carané ngajari anak bèn ora dolanan HP terus, tapi wektuné isa dienggo kegiatan liya sing luwih penting?​—ÉFÉSUS 5:15, 16.

BULLY LIWAT INTERNÈT

Nèk liwat Internèt wong-wong biasané dadi luwih kendel, blak-blakan, lan ora perduli karo perasaané wong liya. Terus akhiré wong-wong sing kaya ngono isa dadi pem-bully.

Ana wong-wong sing kelakuané anèh-anèh ing média sosial merga péngin dadi terkenal. Sing liyané mungkin ana sing ngrasa dijahati nèk ngerti ana kancané sing nggawé acara tapi dhèwèké ora dijak.

COBA DIPIKIR: Piyé kelakuané anaké njenengan ing Internèt? (Éfésus 4:31) Piyé perasaané anaké njenengan nèk ana kancané sing nggawé acara tapi dhèwèké ora dijak?

PORNOGRAFI

Pornografi kuwi akèh banget ing Internèt. Senajan wong tuwa isa ngatur HP utawa komputeré bèn anak-anaké ora ndelok sing saru-saru, ning kuwi ora jaminan.

Ana manèh sing disebut sexting, yaiku ngirimi wong liya foto lan gambar sing saru-saru, biasané liwat HP. Sexting kuwi isa dianggep kejahatan. Dadi, wong sing ngirimi foto sing saru-saru isa dihukum merga dianggep nyebarké pornografi.

COBA DIPIKIR: Piyé carané ngajari anak-anak bèn aja nganti ndelok utawa ngirim gambar sing saru-saru?​—ÉFÉSUS 5:3, 4.

SING ISA DIUPAYAKKÉ

AJARANA ANAKÉ NJENENGAN

Meskipun bocah-bocah luwih pinter nggunakké tèknologi, tapi tetep perlu diarahké. Buku Indistractable kandha nèk bocah dikèki HP utawa perangkat èlèktronik padahal dhèwèké durung ngerti carané nganggo sing bener, ”kuwi kaya ngongkon dhèwèké nyemplung ing kolam renang padahal dhèwèké durung isa renang”.

KANDHANÉ ALKITAB: ”Cah enom kudu mbok ajari bèn isa nindakké sing bener. Nganti tuwa dhèwèké ora bakal nindakké sing ora bener.”​—WULANG BEBASAN 22:6.

Sing endi sing péngin njenengan coba? Njenengan ya isa nambahi dhéwé ing ngisoré.

  • Bocah-bocah dikandhani nèk mèh posting utawa komentar ing Internèt kudu dipikir sik

  • Bocah-bocah diajari bèn ora nesu utawa sedhih nèk ana kancané sing nggawé acara tapi dhèwèké ora dijak

  • Aplikasi-aplikasiné diatur bèn bocah-bocah ora isa mbukak situs utawa kontèn sing anèh-anèh

  • Kerep-kerep ngecèk HP-né bocah-bocah

  • Saben dina bocah-bocah nganggoné HP perlu dibatesi

  • Bocah-bocah dikèki aturan ora éntuk dolanan HP ing kamar nganti bengi

  • Nggawé aturan nèk lagi mangan bareng sak keluarga ora ana sing éntuk nyekel HP

PITAKONAN-PITAKONAN KANGGO DIREMBUG WONG TUWA

  • Bocah-bocah dicekeli HP utawa perangkat èlèktronik liyané apa mung bèn anteng lan bèn ora ngganggu?

  • Bocah-bocah apa mémang perlu nganggo Internèt? Nèk iya nggo apa?

  • Apa awaké dhéwé isa nukokké bocah-bocah perangkat èlèktronik sing isa dienggo internètan?

  • Bocah-bocah apa wis isa dipercaya, misalé ngerti kapan kudu mandheg nèk pas dolanan HP?

  • Apa bocah-bocah jujur lan tanggung jawab?

  • Awaké dhéwé perlu nggawé aturan apa kanggo bocah-bocah?

  • Bocah-bocah isa dikèki kegiatan apa bèn ora dolanan HP terus?

    KANDHANÉ ALKITAB: ”Wong sing wis déwasa . . . terus nggunakké pikirané. Dadi, pikirané dilatih bèn isa mbédakké sing bener lan sing salah.”​—IBRANI 5:14.

Laureta lan David.

”Ngapa kok bocah-bocah péngin nyekel HP? HP-né njenengan biasané dienggo ngapa karo bocah-bocah? Biasané bocah-bocah mbukaki situs apa? Terus dolanan game apa? Nèk dolanan HP biasané nganti pirang jam? Nèk mèh dicekeli HP, bocah-bocah kudu wis isa dipercaya lan tanggung jawab.”​—LAURETA KARO DAVID, BOJONÉ.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim