Apa Pengaruhé Tèknologi Kanggo Suami Istri?
Nèk nganggoné bener, tèknologi isa bermanfaat kanggo suami istri. Misalé, merga ana tèknologi, suami istri isa tetep komunikasi senajan ora ketemu. Dadi, hubungané suami istri isa tetep cedhak.
Tapi, nèk nganggoné ora bener, tèknologi malah isa nggawé suami istri dadi . . .
sibuk dhéwé-dhéwé.
terus-terusan ngurusi gawéan padahal wis ing omah.
ora jujur utawa malah saling curiga.
SING KUDU DIPIKIRKÉ
WEKTU LAGI WONG LORO
Ana suami sing jenengé Michael crita, ”Kadhang aku lagi karo bojoku, tapi dhèwèké malah sibuk dhéwé. Dhèwèké sibuk ndeloki HP, terus ngomong, ’Sik tak mbukak iki sik, kèt mau durung sempet ngecèk.’” Terus, ana suami sing jenengé Jonathan sing ngomong nèk pas ngono kuwi ”suami karo istri kétoké lagi lungguh jèjèr tapi rasané adoh banget”.
COBA DIPIKIR: Apa ing HP-ku kerep ana télpon, pesan masuk, utawa notifikasi sing ngganggu wektu aku lagi karo bojoku?—ÉFÉSUS 5:33.
GAWÉAN
Ana wong-wong sing kudu selalu siap nampa télpon utawa e-mail soal gawéan, bahkan pas wis ora jam kerja. Sing liyané mungkin ora kaya ngono, tapi kadhang tetep ngurusi gawéan padahal wis ing omah. Ana suami sing jenengé Lee sing kandha, ”Kadhang aku wis nyisihké wektu karo bojoku kanggo ngobrol wong loro, tapi nèk ana télpon utawa pesan masuk soal gawéan, gelem ra gelem ya tetep kudu tak bukak.” Terus, ana istri sing jenengé Joy sing kandha, ”Aku kerja saka omah, dadi aku kudu berupaya nggo ngatur wektu bèn ora ngurusi gawéan terus.”
COBA DIPIKIR: Nèk bojoné njenengan lagi ngejak omong, apa njenengan nggatèkké tenanan?—LUKAS 8:18.
KUDU SETYA
Akèh sing ngomong nèk suami istri isa saling curiga lan akhiré padu gara-gara média sosial. Wong-wong kuwi pas ditakoni ana beberapa sing ngomong nèk postingané ing média sosial sengaja diatur bèn ora isa didelok karo bojoné.
Akèh sing setuju nèk média sosial kuwi isa berbahaya kanggo hubungané suami istri, bahkan gara-gara média sosial wong-wong isa selingkuh. Makané beberapa pengacara perceraian kandha nèk akèh sing pegatan gara-gara média sosial.
COBA DIPIKIR: Apa njenengan meneng-meneng kerep télponan utawa chatting-an karo lawan jenis?—WULANG BEBASAN 4:23.
SING PERLU DIUPAYAKKÉ
NGUTAMAKKÉ SING LUWIH PENTING
Komunikasi kuwi isa dipadhakké kaya mangan. Mangan kuwi penting bèn awaké tetep séhat. Komunikasi ya penting bèn hubungané suami istri tetep apik.—Éfésus 5:28, 29.
KANDHANÉ ALKITAB: ”Kowé [kudu] isa mastèkké endi sing luwih penting.”—FILIPI 1:10.
Bèn hubungané suami istri ora terganggu gara-gara perangkat èlèktronik, njenengan isa ngrembug karo bojoné njenengan saran endi sing péngin dicoba. Njenengan ya isa nambahi dhéwé ing ngisoré.
Mangan bareng saben dina, ora kétang sepisan
Aja nyekel HP terus, ing wektu-wektu tertentu HP-né disèlèhké
Nggawé rencana kanggo berduaan, misalé jalan-jalan utawa mangan bareng
Nèk bengi pas mèh turu HP-né dipatèni
HP-né dipatèni, paling ora 15 menit saben dina, bèn isa ngobrol wong loro
Ing wektu-wektu tertentu Internèté dipatèni