PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bt bab 8 hlm. 60-67
  • Kabèh Jemaat ”Ngrasakké Ayem Tentrem”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kabèh Jemaat ”Ngrasakké Ayem Tentrem”
  • ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”Ngapa Kok Kowé Nganiaya Aku?” (Kis. 9:1-5)
  • ”Saul, Sedulurku, Gusti Yésus . . . Wis Ngutus Aku” (Kis. 9:6-17)
  • ”Dhèwèké Langsung Martakké . . . Nèk Yésus Kuwi Anaké Gusti Allah” (Kis. 9:18-30)
  • ”Akèh Wong Dadi Percaya” (Kis. 9:31-43)
  • Yésus Milih Saul
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Daud lan Saul
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Kristus Ana ing Sisih Tengené Gusti Allah
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Raja Israèl sing Pertama
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
bt bab 8 hlm. 60-67

BAB 8

Kabèh Jemaat ”Ngrasakké Ayem Tentrem”

Saul sing mbiyèné kejem nganiaya muridé Yésus saiki dadi penginjil sing semangat

Kisah 9:1-43

1, 2. Saul ngapa ing Damaskus?

ANA wong-wong sing niaté jahat sing teka ing Damaskus. Meréka lagi nggolèki murid-muridé Yésus. Pas ketemu, murid-murid kuwi langsung disèrèt metu saka omahé, tangané diiket, lan digawé isin. Terus, meréka digawa ing Sanhèdrin kanggo diadili.

2 Sing mimpin wong-wong kuwi jenengé Saul.a Durung suwé iki Saul ya mèlu-mèlu wektu Stéfanus dipatèni. (Kis. 7:57–8:1) Saul ora mung péngin nganiaya murid-muridé Yésus ing Yérusalèm, tapi dhèwèké ya péngin nganiaya murid-muridé Yésus ing dhaérah liyané. Saul nduwé tékad arep matèni kabèh muridé Yésus sing disebut pengikuté ”Dalan sing Bener”.​—Kis. 9:1, 2; deloken kothak ”Saul Nduwé Wewenang ing Damaskus”.

3, 4. (a) Apa sing dialami Saul? (b) Pertanyaan apa waé sing bakal dirembug?

3 Wektu kuwi ujug-ujug ana cahaya sing bersinar ing sekitaré Saul. Wong-wong sing lunga bareng karo Saul kagèt lan ora isa ngomong apa-apa. Terus Saul dadi wuta lan tiba ing lemah. Meskipun ora isa ndelok apa-apa, Saul isa krungu swara saka swarga, ”’Saul, Saul, ngapa kok kowé nganiaya aku?’ Saul kandha, ’Njenengan sapa, Pak?’ Swara kuwi njawab, ’Aku Yésus, sing mbok aniaya.’” Pas krungu kuwi, Saul mesthi kagèt banget.​—Kis. 9:3-5; 22:9.

4 Apa sing isa dipelajari saka omongané Yésus karo Saul kuwi? Apa manfaaté mbahas peristiwa-peristiwa pas Saul mertobat? Sakwisé Saul mertobat lan jemaat-jemaat isa ngrasakké ayem tentrem, meréka ngapa waé bar kuwi? Apa sing isa dipelajari saka kisah kuwi?

SAUL NDUWÉ WEWENANG ING DAMASKUS

Kok isa Saul nduwé wewenang kanggo nyekel wong-wong Kristen ing dhaérah-dhaérah liya? Sanhèdrin lan imam agung kuwi sing berhak ngadili wong Yahudi sing ana ing endi waé, bahkan imam agung ya nduwé kuwasa nggawa wong jahat kanggo diadili ing Yérusalèm. Nah, Saul diwènèhi surat karo imam agung bèn para pinituwa ing sinagogé-sinagogé Damaskus isa kerja sama karo Saul kanggo nyekel wong-wong sing dianggep jahat karo imam agung.​—Kis. 9:1, 2.

Pamréntah Roma ngéntukké wong Yahudi nduwé pengadilan dhéwé. Buktiné, wong Yahudi éntuk ngukum Paulus ping lima. Saben hukuman, Paulus ”digebugi nganti ping 39”. (2 Kor. 11:24) Buku 1 Makabe ya nyebutké suraté pejabat Roma kanggo penguasa Mesir yaiku Ptolemeus VIII pas taun 138 SM. Isi suraté, ”Nèk ana wong-wong jahat saka Yudéa sing mlayu mrono, kowé kudu nggawa wong-wong kuwi ngadhep Imam Agung Simon. Dhèwèké bakal ngukum wong-wong kuwi.” (1 Mak. 15:21) Taun 47 SM, Julius Caesar ya ngomong nèk sing éntuk njelaské soal tradhisi-tradhisi Yahudi kuwi imam agung.

”Ngapa Kok Kowé Nganiaya Aku?” (Kis. 9:1-5)

5, 6. Apa sing isa dipelajari saka omongané Yésus?

5 Pas Saul perjalanan arep ing Damaskus, Yésus ora ngomong, ”Ngapa kok kowé nganiaya murid-muridku?” tapi Yésus ngomong, ”Ngapa kok kowé nganiaya aku?” (Kis. 9:4) Yésus tau dianiaya, dadi Yésus ngerti sing dirasakké murid-muridé pas meréka dianiaya.​—Mat. 25:34-40, 45.

6 Nèk njenengan lagi dianiaya merga tetep setya karo Yéhuwah, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah karo Yésus ngerti sing njenengan rasakké. (Mat. 10:22, 28-31) Yéhuwah mungkin ora langsung nyingkirké masalahé. Misalé, Yésus mesthi ngerti pas Stéfanus dipatèni lan pas murid-muridé Yésus disèrèt metu saka omahé dhéwé-dhéwé. (Kis. 8:3) Yésus mémang ora langsung bertindak wektu kuwi. Tapi Yéhuwah, liwat Yésus, isa mènèhi Stéfanus lan murid-murid liyané kekuwatan bèn isa tetep setya.

7. Piyé carané bèn isa kuwat ngadhepi penganiayaan?

7 Ana sing isa nggawé njenengan kuwat ngadhepi penganiayaan. (1) Tetep setya ora soal keadaané piyé. (2) Njaluk bantuané Yéhuwah. (Flp. 4:6, 7) (3) Percaya nèk Yéhuwah sing nduwé hak kanggo mbales. (Rm. 12:17-21) (4) Yakin nèk Yéhuwah bakal nguwatké awaké dhéwé nganti Yéhuwah nyingkirké kabèh penganiayaan.​—Flp. 4:12, 13.

”Saul, Sedulurku, Gusti Yésus . . . Wis Ngutus Aku” (Kis. 9:6-17)

8, 9. Piyé perasaané Ananias pas dikèki tugas sing penting, lan kenapa?

8 Sakwisé njawab pertanyaané Saul, ”Njenengan sapa, Pak?” Yésus ngomong, ”Ngadega lan mlebua menyang kutha. Mengko ana wong sing bakal ngandhani kowé apa sing kudu mbok tindakké.” (Kis. 9:6) Terus, Saul sing wuta dituntun lan dijak mlebu Damaskus. Ing kono, dhèwèké pasa lan ndonga nganti telung dina. Wektu kuwi, Yésus ya ngomongké soal Saul karo salah siji muridé sing jenengé Ananias. Kabèh wong Yahudi ing Damaskus ngomong nèk Ananias kuwi ”wong sing apik”.​—Kis. 22:12.

9 Perasaané Ananias mesthi dadi ora karuan. Dhèwèké dijak omong langsung karo Yésus sing wis diuripké manèh lan sing dadi Kepalané jemaat, apa manèh saiki Ananias dikèki tugas sing penting. Pas Ananias dikongkon ngomong karo Saul, Ananias ngomong, ”Gusti, aku wis krungu soal wong iki saka akèh wong. Dhèwèké kuwi jahat banget karo murid-muridmu ing Yérusalèm. Saiki dhèwèké éntuk wewenang saka para imam kepala kanggo nangkep kabèh wong sing percaya marang jenengmu.”​—Kis. 9:13, 14.

10. Apa sing isa dipelajari saka sikapé Yésus sakwisé ngrungokké jawabané Ananias?

10 Yésus ora nesu karo jawabané Ananias. Yésus langsung njelaské alesané Ananias dipilih kanggo tugas sing penting iki lan njelaské dhèwèké kudu ngapa. Terus Yésus ngomong karo Ananias, ”Aku wis milih [Saul] kanggo martakké jenengku marang bangsa-bangsa liya, raja-raja, lan wong Israèl. Aku bakal nduduhké marang dhèwèké nèk dhèwèké bakal ngalami akèh kesengsaraan merga jenengku.” (Kis. 9:15, 16) Ananias manut karo Yésus. Bar kuwi, Ananias nemoni Saul lan kandha, ”Saul, sedulurku, Gusti Yésus sing nemoni kowé ing dalan wis ngutus aku bèn kowé isa ndelok manèh lan dituntun roh suci.”​—Kis. 9:17.

11, 12. Apa sing isa dipelajari saka ceritané Yésus, Ananias, lan Saul iki?

11 Apa sing isa dipelajari saka ceritané Yésus, Ananias, lan Saul iki? Awaké dhéwé isa sinau nèk Yésus kuwi bener-bener ngarahké gawéan nginjil. (Mat. 28:20) Meskipun saiki Yésus ora langsung ngarahké gawéan nginjil sak donya, tapi dhèwèké tetep mènèhi arahan liwat budhak sing setya. (Mat. 24:45-47) Saiki Pengurus Pusat ngarahké para penginjil lan para perintis bèn isa terus nginjil ing endi waé. Kaya sing disebutké ing bab sakdurungé, meréka bakal ketemu karo wong-wong sing ndonga njaluk bantuané Gusti Allah.​—Kis. 9:11.

12 Ananias gelem nampa tugas saka Yésus kuwi lan diberkahi Yéhuwah. Apa njenengan ya gelem nginjil meskipun ngrasa tugas kuwi abot? Ana sing wedi nginjil ing omah-omah lan ketemu karo wong sing ora dikenal. Ana manèh sing ngrasa ora trampil nginjil ing dhaérah bisnis, ing pinggir dalan, liwat télpon, utawa liwat surat. Meskipun awalé wedi, tapi Ananias ngupaya bèn ora wedi manèh lan akhiré dhèwèké isa mbantu Saul nampa roh suci.b Ananias isa berhasil merga dhèwèké percaya karo Yésus lan nganggep nèk Saul kuwi isa dadi sedulur seiman. Kaya Ananias, awaké dhéwé isa tetep kendel nèk yakin Yésus sing ngarahké gawéan nginjil, perduli karo wong liya, lan nganggep kabèh wong isa dadi sedulur seiman.​—Mat. 9:36.

”Dhèwèké Langsung Martakké . . . Nèk Yésus Kuwi Anaké Gusti Allah” (Kis. 9:18-30)

13, 14. Nèk njenengan durung dibaptis, piyé carané njenengan niru Saul?

13 Saul langsung ngetrapké apa sing dipelajari. Sakwisé Saul isa ndelok manèh, dhèwèké dibaptis lan bergaul karo murid-murid ing Damaskus. Tapi ora mung kuwi, ”dhèwèké langsung martakké ing sinagogé-sinagogé nèk Yésus kuwi Anaké Gusti Allah”.​—Kis. 9:20.

14 Nèk njenengan durung dibaptis, apa njenengan gelem niru Saul sing langsung ngetrapké apa sing dipelajari? Sakwisé Yésus nggawé mukjijat marèkké Saul, kuwi nggawé Saul kepéngin dibaptis lan mulai nginjil. Tapi mbiyèn pas Yésus marèkké wong lanang sing tangané lumpuh, wong Farisi ora percaya. Terus pas Yésus nguripké manèh Lazarus, wong Yahudi ya ora percaya. Wong Farisi lan wong Yahudi malah nentang Yésus. (Mrk. 3:1-6; Yoh. 12:9, 10) Kenapa Saul gelem berubah tapi sing liyané ora? Saul wedi karo Gusti Allah. Dhèwèké ya ngrasakké dhéwé nèk Yésus sayang karo dhèwèké. (Flp. 3:8) Nèk njenengan niru Saul, ora soal kaya apa keadaané, njenengan mesthi gelem mèlu nginjil lan ngupaya bèn isa dibaptis.

15, 16. (a) Saul ngapa ing sinagogé-sinagogé? (b) Piyé tanggepané wong-wong ing Damaskus?

15 Piyé perasaané wong-wong sing ndelok Saul nyritakké soal Yésus ing sinagogé-sinagogé? Meréka mesthi kagèt lan nesu. Meréka ngomong, ”Lho, iki kan wong sing nganiaya murid-muridé Yésus ing Yérusalèm, ta?” (Kis. 9:21) Wektu Saul njelaské kenapa kok dhèwèké gelem dadi muridé Yésus, penjelasané Saul masuk akal. Buktiné, dhèwèké isa ”mbuktèkké nèk Yésus kuwi Kristus”. (Kis. 9:22) Tapi wong-wong kuwi tetep ora gelem nampa penjelasané Saul merga meréka sombong utawa luwih ngutamakké tradhisi-tradhisi. Meskipun tanggepané wong-wong kaya ngono, tapi Saul ora nyerah.

16 Telung taun bar kuwi, wong Yahudi ing Damaskus isih nentang Saul. Meréka péngin matèni Saul. (Kis. 9:23; 2 Kor. 11:32, 33; Gal. 1:13-18) Wektu ngerti nèk arep dipatèni, Saul nggawé keputusan sing wicaksana kanggo lunga saka kutha kuwi. Saul diedhunké nganggo kranjang gedhé liwat jendhéla ing témbok kutha. Kaya sing ditulis Lukas, sing ngedhunké Saul nganggo kranjang kuwi ”murid-muridé Saul”. (Kis. 9:25) Kuwi berarti ing Damaskus ana wong-wong sing gelem nampa kabar apik sing disampèkké Saul lan akhiré dadi muridé Yésus.

17. (a) Piyé tanggepané wong-wong wektu awaké dhéwé nyritakké soal Alkitab? (b) Apa sing isa awaké dhéwé upayakké, lan kenapa?

17 Pas njenengan nyritakké soal Alkitab karo keluarga, kanca, lan liyané, mungkin njenengan berharap meréka gelem nampa merga ajaran ing Alkitab kuwi masuk akal. Mémang ana sing nampa, tapi ya akèh sing ora gelem nampa. Malah njenengan mungkin dimungsuhi karo anggota keluarga. (Mat. 10:32-38) Tapi, nèk njenengan ngupaya luwih trampil pas njelaské isiné Alkitab lan ngupaya nduwé sipat-sipat sing apik, wong-wong sing mbiyèné nentang mungkin dadi ora nentang manèh.​—Kis. 17:2; 1 Ptr. 2:12; 3:1, 2, 7.

18, 19. (a) Wektu Barnabas nyritakké piyé Saul isa dadi muridé Yésus, piyé tanggepané para rasul? (b) Piyé awaké dhéwé isa niru Barnabas lan Saul?

18 Pas Saul teka ing Yérusalèm, murid-muridé Yésus sing liyané ora percaya nèk Saul wis dadi muridé Yésus. Tapi, sakwisé Barnabas nyritakké piyé Saul isa dadi muridé Yésus, para rasul ya percaya soal kuwi. Terus, Saul sementara manggon bareng karo para rasul. (Kis. 9:26-28) Mémang Saul kuwi wongé ngati-ati pas nginjil, tapi dhèwèké ya ora isin martakké kabar apik. (Rm. 1:16) Dhèwèké kendel nginjil ing Yérusalèm padahal mbiyèn dhèwèké dhéwé sing nganiaya murid-muridé Yésus ing kono. Ternyata wong Yahudi ngerti nèk wong sing mbiyèné mimpin nganiaya muridé Yésus saiki malah dadi muridé Yésus. Terus meréka dadi péngin matèni Saul. Ing Alkitab disebutké, ”Pas ngerti soal iki, para sedulur ngeterké [Paulus] menyang Kaisaréa bèn dhèwèké lunga menyang Tarsus.” (Kis. 9:30) Saul manut arahané Yésus liwat para rasul. Hasilé kabèh ngrasakké manfaaté.

19 Saka kisah kuwi, awaké dhéwé ngerti nèk Barnabas gelem mbantu Saul. Mula, meréka isa akrab lan nglayani Yéhuwah bareng-bareng. Njenengan ya isa niru Barnabas. Ing jemaat, ana sedulur-sedulur sing lagi waé dadi penginjil utawa lagi waé dibaptis. Njenengan isa nginjil bareng lan mbantu sedulur-sedulur kuwi bèn isa nduwé iman sing kuwat. Nèk gelem mbantu, Yéhuwah bakal mberkahi upayané njenengan. Terus nèk njenengan lagi waé dadi penginjil, tirunen Saul sing gelem dibantu sedulur liya. Nèk njenengan nginjil karo sedulur liya sing luwih trampil, njenengan ya bakal tambah trampil nginjil, bahagia, lan akrab karo sedulur-sedulur.

”Akèh Wong Dadi Percaya” (Kis. 9:31-43)

20, 21. Wektu keadaané ”ayem tentrem”, umaté Yéhuwah jaman mbiyèn lan saiki ngapa?

20 Sakwisé Saul mertobat lan lunga ing Tarsus, ”kabèh jemaat ing Yudéa, Galiléa, lan Samaria ngrasakké ayem tentrem”. (Kis. 9:31) Pas ”keadaané apik”, murid-murid piyé? (2 Tim. 4:2) Ing Alkitab disebutké nèk meréka ”saya semangat”. Para rasul lan sedulur-sedulur lanang mbantu murid-murid liyané bèn imané kuwat, ”wedi marang Yéhuwah, lan nampa penghiburan saka roh suci”. Misalé, Pétrus nguwatké murid-murid ing kutha Lida, sing ana ing Dataran Syaron. Hasilé ing kono ana wong-wong sing dadi ”muridé Gusti”. (Kis. 9:32-35) Murid-murid mung fokus nginjil lan nguwatké liyané. Mula, jumlahé murid-murid dadi ”saya akèh”.

21 Sekitar taun 1990, Seksi-Seksi Yéhuwah ing akèh negara ya ”ngrasakké ayem tentrem”. Pamréntah sing puluhan taun nindhes Seksi-Seksi Yéhuwah wis ora berkuasa manèh lan Seksi-Seksi Yéhuwah isa luwih bébas nginjil. Mula akèh sing semangat nginjil lan akèh banget sing dadi Seksi-Seksi Yéhuwah.

22. Pas keadaané ayem tentrem, njenengan kudu piyé?

22 Apa njenengan tetep ngutamakké gawéan nginjil pas keadaané ayem tentrem? Nèk ing dhaérahé njenengan bébas nginjil, Sétan péngin bèn njenengan fokus nggolèk dhuwit sing akèh timbang nglayani Yéhuwah. (Mat. 13:22) Aja gelem dipengaruhi Sétan. Mumpung isih isa bébas nginjil, njenengan kudu semangat nginjil lan nguwatké sedulur-sedulur. Élinga nèk keadaané awaké dhéwé ujug-ujug isa berubah.

23, 24. (a) Apa sing isa dipelajari saka kisahé Tabita? (b) Apa tékadé awaké dhéwé?

23 Saiki ayo mbahas muridé Yésus sing jenengé Tabita, utawa Dorkas. Dhèwèké manggon ing Yopa, yaiku kutha ing cedhaké Lida. Ing Alkitab disebutké, ”Dhèwèké kuwi wong sing apikan lan seneng mènèhi sedhekah.” Tapi ujug-ujug dhèwèké lara lan mati.c Para murid ing Yopa sedhih banget, terutama randha-randha sing tau dibantu Tabita. Pas Tabita arep dimakamké, Pétrus teka lan nggawé mukjijat. Pétrus ndonga lan nguripké manèh Tabita. Kuwi nggawé murid-murid liyané kagum. Bayangna, para randha lan murid-murid liyané mesthi seneng banget wektu ngerti Tabita urip manèh. Peristiwa iki mesthi nguwatké meréka kanggo ngadhepi penganiayaan sing bakal kelakon. Akhiré, ”Kabèh wong ing dhaérah Yopa ngerti soal peristiwa kuwi, lan akèh wong dadi percaya marang Gusti”.​—Kis. 9:36-42.

Mbak-mbak ngekèki kembang mbah-mbah.

Piyé carané niru Tabita?

24 Ana sing isa dipelajari saka kisahé Tabita. (1) Urip kuwi mung sedhéla, awaké dhéwé isa ujug-ujug lara lan mati. Mula mumpung isih isa, awaké dhéwé mesthi péngin nggawé Yéhuwah seneng. (Pkh. 7:1) (2) Yéhuwah mesthi nguripké manèh wong sing wis mati. Yéhuwah ngerti nèk Tabita kuwi apikan lan Yéhuwah mberkahi dhèwèké. Yéhuwah ya ngerti nèk awaké dhéwé wis nggawé pengorbanan kanggo nglayani Yéhuwah. Dadi nèk misalé sakdurungé Armagédon awaké dhéwé mati, Yéhuwah ya bakal nguripké manèh. (Ibr. 6:10) Embuh ’keadaané èlèk’ utawa lagi ”ngrasakké ayem tentrem”, awaké dhéwé kudu nduwé tékad kanggo semangat nginjil.​—2 Tim. 4:2.

SAUL KUWI WONG FARISI

Ana ”cah lanang sing jenengé Saul” sing disebutké ing buku Kisah. Dhèwèké mèlu-mèlu pas Stéfanus dibandhemi watu. Dhèwèké kuwi asalé saka Tarsus. Tarsus kuwi ibu kota provinsi Romawi sing jenengé Kilikia. Saiki kutha Tarsus ana ing sisih kidulé Turkiye. (Kis. 7:58) Ana akèh wong Yahudi sing manggon ing Tarsus. Saul tau ngomong, ”Aku disunat ing dina kewolu, aku keturunan Israèl saka suku Bènyamin, aku wong Ibrani, lan wong tuwaku ya wong Ibrani. Nèk soal hukum, aku wong Farisi.” Saka omongané Saul, awaké dhéwé ngerti nèk Saul kuwi wong Yahudi sing diajèni.​—Flp. 3:5.

Saul wong Farisi.

Tarsus kuwi kutha sing gedhé, makmur, lan akèh sing dagang ing kono. Tarsus ya dadi pusat kebudayaan Yunani. Makané Saul isa basa Yunani soalé kèt cilik manggon ing kono. Kétoké pas cilik, Saul sekolahé ing sekolah Yahudi. Ing Tarsus biasané wong-wong nggawé kémah, makané Saul ya sinau ketrampilan kuwi. Mungkin pas isih cilik, Saul diajari nggawé kémah karo bapaké.​—Kis. 18:2, 3.

Ing buku Kisah disebutké nèk kèt lair Saul wis dadi warga negara Romawi. (Kis. 22:25-28) Kuwi berarti embuh piyé ceritané, mbah-mbahé Saul wis dadi warga negara Romawi. Makané keluargané Saul dianggep dudu rakyat biasa. Nah, saka penjelasan soal tempat tinggal, keluarga, lan pendidikané Saul, awaké dhéwé isa paham kenapa kok Saul ngerti tenan budayané wong Yahudi, Yunani, lan Romawi.

Kétoké sakdurungé umur 13, Saul pindhah ing Yérusalèm sing adohé 840 kilomèter saka Tarsus. Dhèwèké pindhah kanggo nglanjutké sekolah ing kono. Ing Yérusalèm, Saul dadi muridé Gamalièl, yaiku guru Farisi sing diajèni banget.​—Kis. 22:3.

Nèk jaman saiki, sekolahé Saul pas dadi muridé Gamalièl kuwi padha kaya kuliah. Ing sekolah kuwi dhèwèké diajari petunjuk-petunjuk saka Kitab Suci lan hukumé wong Yahudi. Saul isa waé suksès merga kétoké dhèwèké kuwi muridé Gamalièl sing pinter. Saul nulis, ”Ing agama Yahudi aku luwih maju timbang akèh wong sing sak umuran lan sak bangsa karo aku, lan aku luwih semangat nindakké tradhisiné nènèk moyangku.” (Gal. 1:14) Merga Saul semangat sinau tradhisiné wong Yahudi, makané dhèwèké nganiaya murid-muridé Yésus.

TABITA KUWI ”WONG SING APIKAN”

Tabita seneng mènèhi bantuan kanggo wong liya sing mbutuhké.

Tabita kuwi salah siji muridé Yésus sing ana ing Yopa. Yopa kuwi kutha sing ana pelabuhané. Murid-murid liyané sayang karo Tabita soalé dhèwèké kuwi ”wong sing apikan lan seneng mènèhi sedhekah”. (Kis. 9:36) Wong Yahudi sing manggon ing dhaérah sing campur karo wong sing dudu Yahudi biasané nduwé jeneng loro. Tabita ya nduwé jeneng loro, ing basa Yunani utawa Latin jenengé ”Dorkas” lan ing basa Ibrani utawa Aram jenengé ”Tabita”. Loro-loroné artiné ”Kidang”.

Wektu kuwi Tabita lara lan ujug-ujug mati. Kaya kebiasaané wong Yahudi, wong sing mati biasané diadusi sik. Bar diadusi, mayaté Tabita didèlèhké ing kamar ndhuwur. Kétoké kuwi ing omahé Tabita dhéwé. Merga ing dhaérah Timur Tengah kuwi panas, dadi wong sing mati kudu langsung dimakamké dina kuwi utawa sésuké. Wong-wong Kristen ing Yopa ngerti nèk Pétrus lagi ing cedhaké Lida. Saka Yopa ing Lida adohé 18 kilomèter, nèk mlaku kira-kira patang jam. Dadi Pétrus isih isa mrono sakdurungé Tabita dimakamké. Makané sedulur-sedulur ngutus wong loro kanggo ngandhani Pétrus bèn Pétrus gèk ndang teka mrono. (Kis. 9:37, 38) Ana ahli Alkitab sing ngomong, ”Nurut kebiasaané wong Yahudi mbiyèn, sing diutus kanggo nyampèkké berita kuwi kudu wong loro bèn isa mbuktèkké nèk berita sing disampèkké kuwi bener.”

Ing Alkitab dicritakké, pas wis tekan, ”Pétrus dijak menyang kamar ndhuwur. Kabèh randha sing ana ing kono nemoni Pétrus. Karo nangis, para randha kuwi nduduhké akèh jubah lan klambi liyané sing digawé Tabita wektu isih urip”. (Kis. 9:39) Salah siji alesané Tabita disayang sedulur-sedulur ing jemaat merga Tabita kerep nggawèkké jubah lan klambi liyané kanggo sedulur-sedulur kuwi. Embuh dhèwèké njait sisan nukokké bahané apa mung njait thok, sing jelas dhèwèké disayang karo sedulur-sedulur merga dhèwèké wong sing apikan lan ”seneng mènèhi sedhekah”.

Pas ing kamar ndhuwur, Pétrus mesthi mèlu sedhih. Ahli Alkitab sing jenengé Richard Lenski ngomong, ”Pas anaké Yairus mati, omahé Yairus kuwi ramé banget. Ana wong-wong sing dikongkon kanggo nangis nggero-nggero lan ngunèkké suling. Dadi wong-wong sing ana ing omahé Yairus kuwi ora bener-bener sedhih. Makané suasana pas anaké Yairus mati kuwi béda banget karo suasana pas Tabita mati.” (Mat. 9:23) Pas Tabita mati, wong-wong ing kono kétok bener-bener sedhih. Ing Alkitab ora tau disebutké soal bojoné Tabita. Dadi kétoké Tabita durung nduwé bojo.

Pas ngongkon murid-muridé nginjil, Yésus ya mènèhi kuwasa murid-muridé kanggo ’nguripké wong mati’. (Mat. 10:8) Mémang Pétrus wis tau ndelok pas Yésus nguripké manèh anaké Yairus, tapi sakwisé peristiwa kuwi, ing Alkitab durung tau disebutké nèk para rasul isa nguripké manèh wong mati. (Mrk. 5:21-24, 35-43) Nah, saiki Pétrus ngongkon wong-wong sing ana ing kamar ndhuwur metu, terus dhèwèké ndonga tenanan. Bar kuwi Tabita melèk lan lungguh. Wong-wong Kristen lan para randha ing Yopa mesthi seneng banget pas Pétrus isa nguripké manèh Tabita sing disayangi sedulur-sedulur.​—Kis. 9:40-42.

a Deloken kothak ”Saul Kuwi Wong Farisi”.

b Biasané roh suci diwènèhké liwat para rasul, tapi ing kisah iki Yésus ngekèki Ananias wewenang kanggo mènèhké roh suci kanggo Saul, wong sing ’dipilih’ Yésus. Sakwisé mertobat, Saul kétoké isa tetep nginjil meskipun durung ketemu karo salah siji saka 12 rasulé Yésus. Dadi jelas nèk Yésus sing mènèhi Saul ketrampilan sing dibutuhké bèn isa nginjil.

c Deloken kothak ”Tabita Kuwi ’Wong sing Apikan’”.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim