PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • kr bab 17 hlm. 182-191
  • Nglatih Para Penginjil Kratoné Allah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nglatih Para Penginjil Kratoné Allah
  • Kratoné Allah Wis Mréntah
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ’Sing Takwarahké Miturut Kaya AnggonKu Wis Diwulang RamaKu’
  • Nglatih Abdiné Allah Dadi Penginjil
  • Nglatih Sedulur Lanang Nindakké Tanggung Jawab Kusus
  • Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nampa Pelatihan-Pelatihan?
    Pertanyaané Wong-Wong soal Seksi-Seksi Yéhuwah
  • Ana Sekolah Apa Waé kanggo Para Perintis?
    Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
  • Terus Ngupaya Éntuk Pendidikan sing Paling Apik
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2019
  • Manfaaté Sekolah Giléad kanggo Para Sedulur
    Carané Sumbangané Njenengan Digunakké
Kratoné Allah Wis Mréntah
kr bab 17 hlm. 182-191

BAB 17

Nglatih Para Penginjil Kratoné Allah

INTINÉ BAB IKI

Sekolah-sekolah téokratis nglatih para penginjil Kratoné Allah kanggo nindakké tugasé

1-3. Piyé carané Yésus ngatur bèn gawéan nginjil isa ditindakké nèng luwih akèh panggonan, lan pitakonan apa sing mungkin panjenengan pikirké?

SAKSUWÉNÉ rong taun, Yésus nginjil ing akèh kutha lan désa nèng dhaérah Galiléa. (Wacanen Matéus 9:35-38.) Yésus mulang wong-wong ing papan pangibadah lan nginjil bab Kratoné Allah. Ing endi waé Yésus nginjil, akèh wong nyedhaki Yésus. Yésus kandha, ”Panèné gedhé,” lan luwih akèh manèh penginjil sing dibutuhké.

2 Piyé carané Yésus ngatur bèn gawéan nginjil isa ditindakké nèng luwih akèh panggonan? Carané yaiku, ngutus 12 rasul kanggo ”martakaké Kratoning Allah”. (Lk. 9:1, 2) Para rasul mungkin bingung piyé carané nindakké gawéan iki, mula sakdurungé ngutus, Yésus nglatih dhisik murid-muridé. Kuwi padha kaya Yéhuwah wis nglatih Yésus.

3 Pelatihan apa sing Yésus tampa saka Bapaké? Piyé Yésus nglatih para rasulé? Lan saiki, apa Sang Raja uga nglatih para muridé kanggo nindakké gawéan nginjil? Nèk iya, piyé carané?

’Sing Takwarahké Miturut Kaya AnggonKu Wis Diwulang RamaKu’

4. Kapan lan nèng endi Yésus diwulang Bapaké?

4 Yésus ngakoni nèk dhèwèké diwulang karo Bapaké. Wektu nginjil Yésus kandha, ”Apa kang Dakwarahaké iku miturut kaya anggonKu wus diwulang déning RamaKu.” (Yo. 8:28) Kapan lan nèng endi Yésus diwulang? Kétoké, Putra mbarepé Allah iki mulai dilatih ora suwé sakwisé digawé. (Kl. 1:15) Ing swarga, Sang Putra wis nggunakké wektuné sing suwé banget kanggo ngrungokké lan nggatèkké ’Pamulangé’, yaiku Bapaké. (Yé. 30:20) Hasilé, Sang Putra nampa pendhidhikan sing paling dhuwur bab sipat-sipat, gawéan, lan tujuané Bapaké.

5. Piyé Yéhuwah mulang Putrané bab apa sing kudu ditindakké wektu ing bumi?

5 Nèk wis tekan wektuné, Yéhuwah mulang Putrané bab apa sing kudu ditindakké wektu ing bumi. Gatèkna ramalan sing nggambarké hubungan antarané Pamulang lan Putra mbarepé. (Wacanen Yésaya 50:4, 5.) Ramalan kuwi kandha nèk Yéhuwah mulang Putrané ”saben ésuk”. Ukara kuwi nggambarké guru sing nangèkké muridé ésuk-ésuk kanggo mulang dhèwèké. Ana réferènsi Alkitab sing kandha, ”Yéhuwah . . . kaya-kayané nggawa nèng sekolah, lan mulang Yésus carané nginjil.” Ing ”sekolah” nèng swarga iki, Yéhuwah mulang Putrané apa ’sing kudu dikandhakké utawa diwulangké’. (Yo. 12:49, BJP) Bapaké uga nglatih Putrané carané mulang.a Pelatihan saka Yéhuwah kuwi ora mung mbantu Yésus nindakké kagiyatan nginjilé ing bumi, ning uga mbantu Yésus nglatih para muridé bèn murid-muridé isa nindakké kagiyatan nginjilé.

6, 7. (a) Piyé carané Yésus nglatih para rasulé bèn isa nginjil, lan kuwi nggawé para rasulé siyap nindakké apa? (b) Yésus mastèkké para muridé jaman saiki nampa pelatihan apa?

6 Piyé carané Yésus nglatih para rasulé kanggo nginjil? Miturut Matéus bab 10, Yésus mènèhi tuntunan kusus. Tuntunan kuwi klebu: nèng endi nginjilé (ayat 5, 6), apa sing kudu diwartakké (ayat 7), apa perlu kuwatir bab kebutuhané (ayat 9, 10), piyé carané ngomong karo wong-wong (ayat 11-13), piyé nèk ditolak (ayat 14, 15), lan kudu piyé nèk dianiaya? (ayat 16-23).b Pelatihan sing jelas kuwi bener-bener nggawé para rasulé Yésus siyap nginjil ing abad kapisan Masèhi.

7 Nèk saiki piyé? Yésus, Sang Raja ing Kratoné Allah, wis mènèhi para muridé tugas sing paling penting, yaiku martakké ”Injiling Kraton . . . ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabèhing bangsa”. (Mt. 24:14) Sang Raja mesthi wis nglatih awaké dhéwé nindakké gawéan sing penting kuwi. Saka swarga, Yésus mastèkké para muridé nampa pelatihan bab carané nginjil marang wong-wong lan piyé nindakké tanggung jawab ing jemaat.

Nglatih Abdiné Allah Dadi Penginjil

8, 9. (a) Apa tujuan utama Sekolah kanggo Mulang Alkitab? (b) Piyé pakumpulan ibadah Urip lan Nginjilé Wong Kristen wis mbantu panjenengan bèn luwih apik nginjilé?

8 Wiwit mbiyèn, pakumpulané Yéhuwah wis nglatih umaté Allah kanggo nginjil. Akèh pelatihan disedhiyakké liwat kebaktian-kebaktian lan pakumpulan ibadah, contoné Piwulang kanggo Nginjil. Ning wiwit taun 1940-an, sedulur-sedulur sing dadi pengawas ing kantor pusat mulai ngatur akèh sekolah kanggo nglatih umaté Allah.

9 Sekolah kanggo Mulang Alkitab. Kaya sing wis dirembug ing bab sakdurungé, sekolah iki mulai ana taun 1943. Apa tujuan sekolah iki mung kanggo nglatih murid-muridé bèn isa ngekèki ceramah sing apik nèng pakumpulan ibadah? Ora. Sakjané, tujuan utama sekolah iki kanggo nglatih umaté Allah bèn isa muji Yéhuwah liwat gawéan nginjil. (Ms. 150:6) Sedulur-sedulur sing mèlu sekolah iki dilatih bèn dadi penginjil sing saya trampil. Saiki, pelatihan iki disedhiyakké liwat pakumpulan ibadah Urip lan Nginjilé Wong Kristen.

10, 11. Saiki, sapa waé sing isa ndaftar ing Sekolah Giléad, lan apa tujuan kurikulum Sekolah Giléad?

10 Sekolah Alkitab Giléad Menara Pengawal. Kelas kapisan Sekolah Alkitab Giléad Menara Pengawal iki diwiwiti dina Senèn tanggal 1 Februari 1943. Mauné, sekolah iki digawé kanggo nglatih para perintis lan abdi-abdi kusus liyané sing bakal diutus dadi utusan injil. Ning wiwit Oktober 2011, sekolah iki mung kanggo sedulur-sedulur sing wis dadi abdi kusus, contoné, perintis istiméwa, pinituwa wilayah lan bojoné, anggota keluarga Bètel, lan utusan injil sing durung mèlu sekolah iki.

11 Apa tujuan kurikulum Sekolah Giléad? Salah siji sedulur sing wis suwé dadi instruktur Giléad njawab, ”Kanggo nguwatké imané para murid liwat sinau Alkitab sing tliti. Lan kanggo mbantu para murid bèn nduwé sipat-sipat sing luwih apik supaya isa ngadhepi akèh tantangan ing tugasé. Tujuan penting liyané sekolah iki yaiku kanggo nggawé pepénginané murid-murid nindakké gawéan nginjil saya gedhé.”—Éf. 4:11.

12, 13. Apa pengaruh saka Sekolah Giléad iki marang gawéan nginjil sakdonya? Wènèhana conto.

12 Apa pengaruh saka Sekolah Giléad iki marang gawéan nginjil sakdonya? Wiwit taun 1943, ana luwih saka 8.500 sedulur sing wis dilatih ing sekolah iki.c Lan para lulusan Sekolah Giléad kuwi wis diutus nèng luwih saka 170 negara. Para utusan injil kuwi bener-bener nggunakké kabèh pelatihan sing wis ditampa, dadi tuladha sing apik bab gawéan nginjil, lan nglatih wong liya bèn semangat nginjil. Kerep-kerepé, para utusan injil ditugaské nèng dhaérah sing penginjilé mung sithik, utawa sing blas ora ana penginjilé.

13 Gatèkna sing kelakon ing Jepang. Wektu ana Perang Donya II, kagiyatan nginjil sing wis diatur mèh mandheg. Ing sasi Agustus 1949, jumlah penginjil ing Jepang ora nganti sepuluh. Ning wektu akir taun kuwi, ana 13 lulusan Giléad sing nginjil ing Jepang lan bar kuwi ana luwih akèh utusan injil sing teka. Mauné, utusan injil luwih fokus nginjil ing kutha gedhé, terus pindhah ing kutha-kutha liyané. Para utusan injil uga ngekèki naséhat marang sing sinau Alkitab kanggo dadi perintis. Upaya sing semangat kuwi hasilé akèh banget. Saiki, ana luwih saka 216.000 penginjil ing Jepang, lan mèh 40 persèné ngabdi dadi perintis.d

14. Sekolah-sekolah liyané kuwi mbuktèkké apa? (Deloken kothak ”Sekolah kanggo Nglatih Para Penginjil”, kaca 188.)

14 Sekolah téokratis liyané. Sekolah kanggo Perintis, Sekolah Alkitab bagi Saudara Lajang, lan Sekolah Alkitab bagi Pasangan Kristen wis mbantu para sedulur nggawé kemajuan rohani lan dadi tuladha bab semangat nindakké gawéan nginjil.e Kabèh sekolah-sekolah iki mbuktèkké nèk Sang Raja bener-bener wis nyedhiyakké pelatihan bèn murid-muridé isa nindakké gawéan nginjil.​—2 Tm. 4:5.

Nglatih Sedulur Lanang Nindakké Tanggung Jawab Kusus

15. Piyé sedulur-sedulur sing nduwé tanggung jawab niru tuladhané Yésus?

15 Élinga ramalané Yésaya bab Yésus sing diwulang Yéhuwah. Ing ”sekolah” kuwi, Sang Putra sinau bèn isa ”nyantosakaké wong kang lemes lesu kalawan tembung”. (Yé. 50:4) Yésus ngetrapké piwulangé Yéhuwah. Wektu nèng bumi, Yésus nggawé ayem ”para wong kang kesayahan lan kamomotan”. (Mt. 11:28-30) Kaya Yésus, para sedulur lanang sing nduwé tanggung jawab kudu dadi sumber katentreman kanggo kabèh sedulur ing jemaat. Bèn isa mbantu para sedulur lanang luwih trampil nglayani sedulur-seduluré ing jemaat, akèh sekolah dianakké.

16, 17. Apa tujuan Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat? (Deloken uga cathetan.)

16 Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat. Kelas kapisan sekolah kuwi mulai dianakké tanggal 9 Maret 1959, ing South Lansing, New York. Pinituwa wilayah lan hamba sidang (saiki koordinator pinituwa) diundang kanggo mèlu sekolah iki sing suwéné sesasi. Akiré, sekolah iki diterjemahké saka basa Inggris nèng basa liyané, bèn sedulur-sedulur liya ing sakdonya uga éntuk paédah.f

Sedulur Lloyd Barry mulang ing Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat ing Jepang taun 1970

Sedulur Lloyd Barry mulang ing Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat ing Jepang taun 1970

17 Buku Tahunan Saksi-Saksi Yehuwa 1962 (basa Inggris) nerangké tujuané sekolah kuwi, ”Ing donya sing sibuk banget iki, sedulur sing dadi pengawas ing jemaat Seksi-Seksi Yéhuwah kudu sedulur sing isa ngatur uripé bèn isa nggatèkké para sedulur ing jemaat lan dadi berkah kanggo jemaat. Ning aja nganti nglalèkké keluargané dhéwé mung merga péngin ngutamakké jemaat, mula kudu nggunakké cara mikir sing bener. Hamba sidang ing sakdonya nduwé kesempatan sing apik banget kanggo dilatih ing sekolah iki. Pelatihan iki bakal mbantu hamba sidang nindakké tanggung jawabé kaya sing ditulis ing Alkitab.”​—1 Tm. 3:1-7; Tt. 1:5-9.

18. Piyé sedulur-sedulur liyané uga isa éntuk paédah saka Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat?

18 Sedulur-sedulur liyané uga isa éntuk paédah saka Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat. Kok isa? Nèk ngetrapké apa sing wis disinaoni, para pinituwa lan abdiné jemaat isa dadi sumber katentreman kanggo sedulur ing jemaaté, kaya sing wis ditindakké Yésus. Panjenengan mesthi ngajèni omongané para sedulur kuwi sing apikan, upayané kanggo ngrungokké masalahé panjenengan, utawa kunjungané sing nguwatké panjenengan. (1 Ts. 5:11) Para sedulur kuwi berkahé Yéhuwah kanggo jemaat.

19. Sekolah apa manèh sing diawasi Panitya Pendhidhikan, lan sekolah kuwi digawé kanggo apa?

19 Sekolah téokratis liyané. Panitya Pendhidhikan saka Pengurus Pusat ngawasi sekolah-sekolah liyané sing dianakké kanggo nglatih para sedulur lanang sing nduwé tanggung jawab ing pakumpulan. Sekolah-sekolah iki mbantu pinituwa jemaat, pinituwa wilayah, lan anggota Panitya Cabang bèn luwih trampil nindakké tanggung jawabé. Sekolah Alkitab iki ngandhani para sedulur kuwi kanggo nguwatké kerohaniané dhéwé lan ngetrapké pathokané Alkitab wektu angon wedhus-wedhus sing wis dipercayakké Yéhuwah marang sedulur-sedulur kuwi.​—1 Pt. 5:1-3.

Kelas kapisan Sekolah Pelatihan Pelayanan ing Malawi

Kelas kapisan Sekolah Pelatihan Pelayanan ing Malawi taun 2007

20. Yésus isa kandha nèk awaké dhéwé kabèh ’diwulang Allah’, lan apa tékadé panjenengan?

20 Cetha banget nèk Sang Raja wis nglatih para muridé. Yésus isa kandha nèk awaké dhéwé kabèh ’diwulang Allah’, merga pelatihan sing diwènèhké Yésus marang murid-muridé kuwi pelatihan sing Yéhuwah paringké marang Yésus. (Yo. 6:45; Yé. 54:13) Muga-muga awaké dhéwé nduwé tékad kanggo ngetrapké kabèh pelatihan sing wis disedhiyakké Sang Raja ing pakumpulan ibadah, utawa akèh sekolah liya sing dirembug ing bab iki. Tujuan utama kabèh sekolah iki yaiku kanggo mastèkké awaké dhéwé kuwat rohaniné lan isa nindakké tugas nginjil kanthi apik.

a Awaké dhéwé isa ngerti nèk Bapak nglatih Putrané carané mulang. Yésus kerep nggunakké umpama wektu mulang, kuwi nggenepi ramalan sing ditulis atusan taun sakdurungé Yésus lair. (Ms. 78:2; Mt. 13:34, 35) Ramalan iki dingendikakké karo Yéhuwah, mula cetha nèk Yéhuwah mastèkké dhisik nèk Putrané bakal mulang nganggo umpama.​—2 Tm. 3:16, 17.

b Pirang-pirang sasi sakwisé, Yésus milih ”wong pitung puluh manèh” lan ”padha diutus ngloro-ngloro” kanggo nginjil. Yésus uga nglatih para muridé.​—Lk. 10:1-16.

c Ana sing wis mèlu Sekolah Giléad luwih saka ping pisan.

d Kanggo katrangan luwih akèh bab pengaruh utusan injil lulusan Sekolah Giléad kanggo gawéan manèn ing sakdonya, deloken buku Saksi-Saksi Yehuwa—Pemberita Kerajaan Allah, bab 23.

e Loro sekolah sing disebutké pungkasan wis diganti dadi Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah.

f Saiki, kabèh pinituwa éntuk paédah saka Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat. Sekolah iki dianakké pirang-pirang taun sepisan lan suwéné isa béda-béda. Wiwit taun 1984, abdiné jemaat uga dilatih ing sekolah iki.

Sepira Nyatané Kratoné Allah kanggo Panjenengan?

  • Pelatihan apa sing ditampa Yésus saka Bapaké?

  • Piyé Sang Raja nglatih para muridé kanggo dadi penginjil?

  • Piyé para sedulur lanang sing netepi syarat dilatih kanggo nindakké tanggung jawabé?

  • Piyé panjenengan nduduhké nèk ngajèni pelatihan sing wis disedhiyakké Sang Raja?

SEKOLAH KANGGO NGLATIH PARA PENGINJIL

URIP LAN NGINJILÉ WONG KRISTEN

Tujuan: Nglatih bèn dadi penginjil lan guru sing trampil.

Suwéné: Sakterusé.

Panggonané: Balé Ibadah.

Syarat ndaftar: Kabèh sing wis ajeg teka ing jemaat, setuju karo wulangané Alkitab, lan urip manut pathokané Alkitab. Kanggo ndaftar, kandhanana pengawas Pakumpulan Ibadah Urip lan Nginjil.

Gunané: Pakumpulan ibadah iki mulang awaké dhéwé sinau Alkitab luwih tliti lan ngomongké katrangan nganggo cara sing gampang dingertèni. Awaké dhéwé uga sinau ngrungokké lan nggatèkké kebutuhan rohaniné wong liya, ora mung kebutuhané dhéwé.

Sedulur Arnie sing wis suwé dadi pinituwa wilayah kandha, ”Kèt cilik aku gagap, lan ora wani ndelok mripaté wong wektu omongan. [Pakumpulan ibadah] iki wis mbantu aku bèn percaya dhiri. Nganggo bantuané Yéhuwah, aku dilatih carané ambegan lan carané konsèntrasi. Matur nuwun banget merga isa muji Yéhuwah ing jemaat lan wektu nginjil.”

Penginjil enom maca Alkitab ing Sekolah kanggo Mulang Alkitab

SEKOLAH KANGGO PINITUWA JEMAATg

Tujuan: Mbantu para pinituwa bèn saya kuwat rohaniné lan isa nindakké tanggung jawab ing jemaat.

Suwéné: Limang dina.

Panggonan: Diputuské karo kantor cabang, biyasané nèng Balé Ibadah sing paling cedhak utawa ing Balé Kebaktian.

Syarat ndaftar: Kantor cabang sing ngundang pinituwa-pinituwa.

Gunané: Gatèkna kandhané sedulur-sedulur saka kelas kaping 92 sekolah iki ing Patterson, New York, AS:

”Sekolah iki bener-bener migunani, merga mbantu aku mriksa awakku dhéwé lan ngerti carané ngayomi wedhus-wedhusé Yéhuwah.”

”Saksuwéné urip, aku bakal ngetrapké apa sing wis tak tampa ing pelatihan iki.”

SEKOLAH KANGGO PERINTIS

Tujuan: Mbantu para perintis nindakké kabèh kagiyatan nginjilé luwih apik manèh.​—2 Tm. 4:5.

Suwéné: Enem dina.

Panggonan: Ditemtokké kantor cabang, biyasané nèng Balé Ibadah sing paling cedhak.

Syarat ndaftar: Kabèh sing wis dadi perintis biasa paling ora setaun wis otomatis kedaftar, lan bakal dikandhani karo pinituwa wilayahé. Sakwisé limang taun utawa luwih, para perintis sing wis suwé ngabdi isa diundang manèh kanggo mèlu sekolah iki.

Gunané: Lily kandha, ”Sekolah iki wis mbantu aku ngadhepi tantangan ing uripku lan wektu nginjil. Caraku sinau, caraku mulang, lan caraku nggunakké Alkitab dadi saya trampil. Aku saiki luwih siyap mbantu wong liya, ndhukung para pinituwa, lan mbantu jemaat saya maju.”

Brenda, sing wis mèlu sekolah iki ping pindho kandha, ”Sekolah iki mbantu aku sinau bab-bab rohani luwih akèh, nguwatké hati nuraniku, lan fokus mbantu wong liya. Cetha nèk Yéhuwah bener-bener loma.”

SEKOLAH BÈTEL

Tujuan: Mbantu anggota Bètel sing anyar suksès ngabdi ing Bètel.

Suwéné: Patang dina, saben dina suwéné patang jam.

Panggonan: Bètel.

Syarat ndaftar: Anggota tetap keluarga Bètel lan sukarélawan sementara kanggo wektu sing suwé (setaun utawa luwih) otomatis kedaftar.

Gunané: Demetrius, sing mèlu sekolah iki taun 1980-an kandha, ”Sekolah iki mbantu aku luwih ajeg sinau lan mbantu aku bèn terus ngabdi ing Bètel. Instrukturé, kurikulumé, lan naséhaté sing isa langsung ditrapké nggawé aku yakin nèk Yéhuwah bener-bener tresna lan péngin aku suksès ngabdi ing Bètel.”

SEKOLAH KANGGO PENGINJILÉ KRATONÉ ALLAHh

Tujuan: Mènèhi pelatihan kusus marang sedulur-sedulur sing dadi abdi kusus lan perintis biasa (sing bebojoan, sedulur lanang lan wadon sing isih legan) bèn isa digunakké luwih akèh karo Yéhuwah lan pakumpulané. Akèh lulusan saka sekolah iki bakal ditugasi kanggo ngabdi ing dhaérah sing luwih mbutuhké penginjil ing negarané. Lulusan sing umuré durung nganti 50 taun isa ngabdi dadi perintis istiméwa sementara kanggo nginjil ing dhaérah plosok.

Suwéné: Rong sasi.

Panggonan: Ditemtokké karo kantor cabang, biyasané ing Balé Ibadah utawa Balé Kebaktian.

Sedulur wadon lagi nginjil

Sedulur-sedulur éntuk paédah saka sekolah téokratis

Syarat ndaftar: Abdi kusus lan perintis biasa sing umuré 23 nganti 65 taun, sing séhat, lan gelem ngabdi nèng dhaérah sing luwih mbutuhké penginjil, uga nduwé tékad ”Sumangga, mugi karsaa ngutus kawula!” isa ndaftar. (Yé. 6:8) Kabèh sing péngin mèlu sekolah iki, klebu sedulur sing legan lan sing bebojoan kudu wis dadi perintis paling ora rong taun tanpa mandheg. Sedulur sing wis nduwé bojo kudu wis nikah paling ora rong taun. Sedulur lanang kudu wis ngabdi dadi pinituwa utawa abdiné jemaat paling ora rong taun. Nèk sekolah iki dianakké ing wilayah cabangé panjenengan, bakal ana rapat sing dianakké ing kebaktian gabungan wilayah kanggo mènèhi katrangan bab sedulur-sedulur sing péngin ndaftar.

Gunané: Akèh tanggepan apik saka sedulur-sedulur sing wis mèlu Sekolah Alkitab bagi Saudara Lajang lan Sekolah Alkitab bagi Pasangan Kristen. Ing taun 2013, Pengurus Pusat nggabungké rong sekolah iki dadi Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah. Saiki, luwih akèh perintis sing setya klebu sedulur wadon sing isih legan sing isa éntuk paédah saka sekolah iki.

SEKOLAH ALKITAB GILÉAD MENARA PENGAWAL

Tujuan: Lulusan Giléad bakal ditugaské dadi pinituwa wilayah, utusan injil, utawa ngabdi ing Bètel. Nèk pelatihan sing wis ditampa kuwi ditrapké, para lulusan Giléad isa mèlu ndhukung lan nggawé suksès gawéan nginjil uga gawéan ing kantor cabang.

Suwéné: Limang sasi.

Panggonan: Pusat Pendhidhikan Menara Pengawal, Patterson, New York.

Sedulur-sedulur ing Sekolah Giléad lagi ngrungokké instrukturé

Sekolah Giléad—Patterson, New York

Syarat ndaftar: Kabèh sing wis dadi abdi kusus, klebu sing wis bebojoan, sedulur lanang, lan wadon sing isih legan isa mèlu sekolah iki. Utusan injil sing durung tau mèlu sekolah iki, perintis istiméwa, anggota Bètel, utawa pinituwa wilayah lan bojoné, isa diundang karo Panitya Cabang kanggo ndaftar. Kabèh sing arep mèlu sekolah iki kudu isa ngomong lan nulis nganggo basa Inggris.

Gunané: Sedulur Lade lan bojoné yaiku Monique saka Amerika Serikat sing wis pirang-pirang taun ngabdi ing panggonan tugasé, kandha:

”Sekolah Giléad nyiapké aku lan bojoku kanggo lunga nèng negara ngendi waé, siyap nindakké apa waé, lan nyambut gawé bareng karo sedulur-sedulur,” kandhané Lade.

Monique uga kandha, ”Wektu ngetrapké kabèh sing tak sinaoni saka Sabdané Gusti Allah, aku isa seneng nindakké tugasku. Aku nganggep nèk rasa seneng kuwi bukti katresnané Yéhuwah.”

SEKOLAH KANGGO PINITUWA LAN ABDINÉ JEMAAT

Tujuan: Nglatih pinituwa wilayah, pinituwa, lan abdiné jemaat nindakké tanggung jawabé kanggo ngawasi lan ngatur jemaat. (PR. 20:28) Sing dirembug ing kono yaiku bab kahanan, masalah sing saiki lagi umum, lan apa sing dibutuhké jemaat-jemaat. Sekolah iki dianakké pirang-pirang taun sepisan, ditemtokké karo Pengurus Pusat.

Suwéné: Pirang-pirang taun iki, suwéné sekolah iki béda-béda.

Panggonan: Biyasané ing Balé Ibadah utawa ing Balé Kebaktian sing paling cedhak.

Syarat ndaftar: Pinituwa wilayah ngandhani pinituwa lan abdiné jemaat. Kantor cabang ngundang para pinituwa wilayah.

Gunané: ”Senajan sekolah iki bahané akèh lan mung sedhéla, ning iki mbantu para pinituwa bèn tetep seneng lan tumindak dadi wong lanang wektu nindakké tugas saka Yéhuwah. Para pinituwa, sing isih anyar utawa sing wis suwé, diajari carané angon jemaat sing maédahi lan nduwé pikiran sing padha.”​—Quinn.

”Pelatihan iki bener-bener seimbang, nggawé aku saya nduwé akèh pangertèn, ngélingké aku saka akèh bebaya, lan nyedhiyakké naséhat sing isa langsung ditrapké kanggo ngayomi jemaat.”​—Michael.

SEKOLAH KANGGO PINITUWA WILAYAH LAN BOJONÉi

Tujuan: Mbantu pinituwa wilayah ngabdi luwih apik, ngupaya luwih tenanan ing bab ”kotbah lan memulang”, lan angon sedulur-sedulur ing wilayahé.​—1 Tm. 5:17; 1 Pt. 5:2, 3.

Suwéné: Sesasi.

Panggonan: Ditemtokké karo kantor cabang.

Syarat ndaftar: Kantor cabang sing ngundang pinituwa wilayah lan bojoné.

Gunané: ”Aku lan bojoku luwih ngajèni Yésus sing dadi pemimpiné jemaat. Aku diélingké kanggo nyemangati sedulur-sedulur lan nguwatké kerukunan ing jemaat. Senajan pinituwa wilayah kudu terus mènèhi naséhat lan ngandhani sedulur-sedulur, ning tujuan utamané yaiku kanggo ngélingké nèk Yéhuwah nresnani sedulur-sedulur kuwi.”​—Joel lan Connie, kelas kapisan, taun 1999.

SEKOLAH KANGGO PANITYA CABANG LAN BOJONÉ

Tujuan: Mbantu anggota Panitya Cabang bèn luwih apik wektu nyambut gawé ngawasi Bètel, nggatèkké kabèh sing bakal mengaruhi jemaat-jemaat, lan ngawasi wilayah ing dhaérahé.​—Lk. 12:48b.

Suwéné: Rong sasi.

Panggonan: Pusat Pendhidhikan Menara Pengawal, Patterson, New York.

Syarat ndaftar: Panitya Penginjilan saka Pengurus Pusat ngundang anggota Panitya Cabang utawa Panitya Negeri lan bojoné.

Gunané: Sedulur Lowell lan Cara mèlu kelas sing kaping 25. Saiki ngabdi nèng Nigeria.

”Aku diélingké ora masalah sepira sibuké utawa tugas apa sing taktampa, kunci kanggo nyenengké Yéhuwah kuwi mung kerohanian sing apik,” kandhané Sedulur Lowell.

Sedulur Cara ngéling-éling piwulang sing ditampa saka sekolah iki, jaréné, ”Nèk aku ora isa nerangké topik nganggo cara sing sedherhana, aku kudu sinau dhisik sakdurungé nerangké kuwi marang wong liya.”

g Durung kabèh negara nganakké sekolah iki.

h Durung kabèh negara nganakké sekolah iki.

i Durung kabèh negara nganakké sekolah iki.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim