PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 3 hlm. 14-hlm. 15 par. 3
  • Adam lan Hawa Ora Manut Gusti Allah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Adam lan Hawa Ora Manut Gusti Allah
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Urip ing Firdaus Kuwi Kaya Apa?
    Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
  • Piyé Kahanané Wong Mati?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Bagéan 3
    Rungokna Gusti Allah
  • Kenapa Manungsa Dadi Tuwa lan Mati?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
Delok Kabèh
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 3 hlm. 14-hlm. 15 par. 3
Adam lan Hawa diusir saka Taman Èden

PELAJARAN 3

Adam lan Hawa Ora Manut Gusti Allah

Adam nyekel buah sing ora éntuk dipangan sing diwènèhké karo Hawa

Pas lagi dhèwèkan, Hawa dijak omong karo ula. Ula takon, ʼGusti Allah nglarang kowé mangan buah saka kabèh wit ing kéné, ta?’ Hawa njawab, ʼAku karo bojoku éntuk mangan buah saka wit-wit ing kéné. Sing ora éntuk mung siji. Nèk mangan buah kuwi, aku karo bojoku bakal mati.’ Ula ngomong, ʼKowé ora bakal mati. Nèk mangan buah saka wit kuwi, kowé bakal kaya Gusti Allah.’ Apa kuwi bener? Ora. Ula kuwi ngapusi, tapi Hawa percaya. Merga terus-terusan ndelok buah kuwi, Hawa dadi kepéngin mangan. Buahé akhiré dipangan, terus separoné diwènèhké Adam. Sakjané Adam ngerti nèk ora manut Yéhuwah, dhèwèké bakal mati. Tapi, Adam tetep mangan buah kuwi.

Pas Adam lan Hawa diusir saka Taman Èden, ana malaékat lan pedhang sing ana geniné ing pintu masuk Taman Èden

Wektu wis soré, Yéhuwah ngomong karo Adam lan Hawa. Yéhuwah takon kenapa Adam lan Hawa ora manut. Adam nyalahké Hawa, terus Hawa nyalahké ula. Merga ora manut Yéhuwah, Adam lan Hawa diusir saka taman kuwi. Yéhuwah ora péngin Adam lan Hawa bali manèh ing taman kuwi. Yéhuwah ngongkon malaékat njaga pintu masuk Taman Èden. Ing kono ya ana pedhang sing ana geniné.

Yéhuwah ngomong nèk sing ngapusi Hawa ya bakal dihukum. Sakjané sing ngomong karo Hawa dudu ula tenanan. Yéhuwah ora nggawé ula isa ngomong. Sing ngomong kuwi sakjané malaékat sing jahat. Malaékat kuwi péngin ngapusi Hawa. Malaékat sing jahat kuwi akhiré disebut Sétan si Iblis. Sukmbèn, Yéhuwah bakal nyingkirké Sétan saklawasé bèn ora isa mempengaruhi wong-wong manèh.

”Iblis . . . kuwi tukang matèni kèt dhèwèké mulai mbrontak. Dhèwèké ya nyimpang saka apa sing bener, merga apa sing bener ora ana ing njero atiné.”​—Yohanes 8:44

Pertanyaan: Kenapa Hawa mangan buah sing ora éntuk dipangan? Merga ora manut Yéhuwah, Adam lan Hawa diapakké? Sétan si Iblis kuwi sapa?

Purwaning Dumadi 3:1-24; Yohanes 8:44; 1 Yohanes 3:8; Wahyu 12:9

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim