Pengantar Bagian 2
Kenapa mbiyèn Yéhuwah ngukum manungsa nganggo banjir? Kèt mbiyèn, Sétan ngojok-ojoki manungsa bèn ora manut karo Yéhuwah. Ana sing milih manut Sétan, kaya Adam, Hawa, lan anaké sing jenengé Kain. Tapi ya ana sing milih manut Yéhuwah, kaya Habèl lan Nuh. Saya suwé wong jahat dadi saya akèh, mula Yéhuwah mutuské kanggo ngukum wong-wong kuwi. Ing bagian iki, awaké dhéwé bakal sinau nèk Yéhuwah ngerti sapa waé sing manut karo Dhèwèké, lan Dhèwèké bakal ngukum wong-wong sing ora manut.