PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lvs bab 4 hlm. 45-59
  • Manut karo Sing Nduwé Wewenang

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Manut karo Sing Nduwé Wewenang
  • Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • APA SEBABÉ KUWI ABOT?
  • APA SEBABÉ MANUT KARO YÉHUWAH?
  • WEWENANG ING KELUARGA
  • WEWENANG ING JEMAAT
  • WEWENANGÉ PAMRÉNTAH
  • Apa Saling Menghargai Kuwi Isih Penting?
    Gatèkna!—2024
  • Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Diatur lan Ditata Manut Alkitab
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Ngerti Pathokané Yéhuwah soal Wewenang ing Jemaat
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
lvs bab 4 hlm. 45-59
Bapak sing lagi mènèhi naséhat marang anaké

BAB 4

Manut karo Sing Nduwé Wewenang

”Ajènana kabèh wong, tresnaa marang kabèh sedulur seiman, wedia marang Gusti Allah, lan ajènana raja.”​—1 PÉTRUS 2:17.

1, 2. (a) Awaké dhéwé kudu manut karo tuntunané sapa? (b) Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing bab iki?

WEKTU isih cilik, mungkin njenengan wis tau dikongkon wong tuwané njenengan nglakoni tugas sing ora disenengi. Merga sayang karo wong tuwa, njenengan ngerti nèk kudu manut. Senajan ngono, njenengan tetep ngrasa abot nèk dikon manut.

2 Awaké dhéwé ngerti nèk Yéhuwah tresna karo awaké dhéwé. Yéhuwah nggatèkké lan nyukupi kabèh kebutuhané awaké dhéwé bèn uripé awaké dhéwé kepénak. Yéhuwah mènèhi tuntunan bèn awaké dhéwé bahagia. Kadhang kala, Yéhuwah nggunakké manungsa kanggo mènèhi tuntunan. Awaké dhéwé kudu manut tuntunané Yéhuwah. (Wulang Bebasan 24:21) Ning, apa sebabé kadhang kala rasané abot nèk dikon manut? Apa sebabé Yéhuwah péngin awaké dhéwé manut karo tuntunané? Lan apa buktiné nèk awaké dhéwé manut karo Yéhuwah?​—Deloken Cathetan 9.

APA SEBABÉ KUWI ABOT?

3, 4. Apa sebabé manungsa dadi ora sampurna? Apa sebabé rasané abot nèk dikon manut?

3 Manungsa biasané seneng mbrontak. Kuwi sing nggawé Adam lan Hawa nindakké dosa. Senajan sampurna, Adam lan Hawa ora manut karo Yéhuwah. Akibaté, kabèh manungsa dadi ora sampurna. Merga ora sampurna, awaké dhéwé dadi ngrasa abot nèk dikon manut karo Yéhuwah lan wong liya. Awaké dhéwé ya ngrasa abot merga wong-wong sing digunakké Yéhuwah kanggo mènèhi tuntunan ya ora sampurna.​—Purwaning Dumadi 2:15-17; 3:1-7; Jabur 51:7; Roma 5:12.

4 Merga ora sampurna, awaké dhéwé gampang dadi sombong. Sipat kuwi sing nggawé awaké dhéwé ngrasa abot nèk dikon manut. Contoné, ing jaman Israèl mbiyèn, Yéhuwah milih Musa kanggo mimpin umaté. Senajan ngono, Musa ora sombong. Malah, Musa disebut wong sing paling rendah hati wektu kuwi. Ning, ana wong lanang sing jenengé Korah, sing wis suwé ngabdi marang Yéhuwah, dadi sombong lan akhiré ora gelem manut karo Musa. Dhèwèké ya mengaruhi wong-wong bèn ora manut. Apa akibaté? Korah lan wong-wong kuwi akhiré mati. (Wilangan 12:3; 16:1-3, 31-35) Ing Alkitab, ana akèh conto sing nduduhké nèk sipat sombong kuwi bahaya.​—2 Babad 26:16-21; deloken Cathetan 10.

5. Sebutna contoné wong-wong sing nggunakké kuwasané sak senengé dhéwé.

5 Kèt mbiyèn, ana akèh wong sing nggunakké kuwasané sak senengé dhéwé. (Wacanen Kohèlèt 8:9.) Contoné, yaiku Saul. Wektu dipilih Yéhuwah dadi raja Israèl, Saul apikan lan ora sombong. Ning, suwé-suwé Saul dadi sombong lan gampang mèri. Kuwi sebabé dhèwèké nganiaya Daud. (1 Samuèl 9:20, 21; 10:20-22; 18:7-11) Sakwisé kuwi, Daud ya dadi raja, malah dadi salah siji raja sing paling apik ing Israèl. Ning, Daud ya tau nggunakké kuwasané sak senengé dhéwé. Daud nindakké hubungan sèks karo Bat-syéba, bojoné Uria, lan kanggo nutupi dosané, Daud ngatur bèn Uria mati wektu perang.​—2 Samuèl 11:1-17.

APA SEBABÉ MANUT KARO YÉHUWAH?

6, 7. (a) Merga nresnani Yéhuwah, awaké dhéwé péngin ngapa? (b) Piyé contoné Yésus isa mbantu awaké dhéwé manut marang Yéhuwah senajan kuwi mungkin abot?

6 Merga nresnani Yéhuwah, awaké dhéwé péngin nyenengké Yéhuwah lan manut tuntunané. (Wacanen Wulang Bebasan 27:11; Markus 12:29, 30.) Kèt jamané Adam lan Hawa ing taman Èden, Sétan péngin wong-wong ora manut karo Yéhuwah. Sétan ya péngin bèn awaké dhéwé nganggep nèk Yéhuwah ora nduwé hak kanggo mènèhi tuntunan. Ning, kuwi salah. Alkitab kandha, ”Yéhuwah, Gusti Allahku sing kebak kuwasa, Panjenengan pantes dimulyakké lan dihormati, merga Panjenengan wis nyiptakké sakabèhé.”​—Wahyu 4:11.

7 Wektu isih cilik, njenengan mungkin ngrasa abot nèk dikon manut karo wong tuwané njenengan. Awaké dhéwé ya kadhang kala ngrasa kaya ngono nèk dikon manut karo Yéhuwah. Ning, merga nresnani lan ngajèni Yéhuwah, awaké dhéwé ngupaya bèn isa manut karo Yéhuwah. Awaké dhéwé isa niru contoné Yésus. Dhèwèké manut karo Yéhuwah senajan kuwi abot. Mula, Yésus isa kandha karo Bapaké, ”Dudu karepku sing kuduné kelakon, mung kersané Panjenengan sing kudu kelakon.”​—Lukas 22:42; deloken Cathetan 11.

8. Yéhuwah mènèhi tuntunan nganggo cara apa waé? (Deloken kothak ”Rungokna Naséhat”.)

8 Saiki, Yéhuwah mènèhi tuntunan nganggo akèh cara. Contoné, léwat Alkitab lan para pinituwa ing jemaat. Nèk manut karo wong-wong sing digunakké Yéhuwah kanggo mènèhi tuntunan, kuwi bukti nèk awaké dhéwé manut karo Yéhuwah. Nèk ora gelem manut, kuwi padha waé ora manut karo Yéhuwah. Wektu wong Israèl ora manut karo Musa, Yéhuwah nganggep nèk kuwi dosa gedhé merga wong Israèl padha waé ora manut karo Yéhuwah.​—Wilangan 14:26, 27; deloken Cathetan 12.

RUNGOKNA NASÉHAT

WEKTU ana sing mènèhi naséhat saka Alkitab, isa waé rasané abot kanggo nampa naséhat kuwi. Apa sebabé?​—Wulang Bebasan 19:20.

  • Ngrasa nèk naséhat kuwi ora cocog. Mungkin awaké dhéwé ngrasa nèk wong sing mènèhi naséhat ora ngerti tenan keadaané awaké dhéwé. (Ibrani 12:5) Ning, awaké dhéwé isa mikir, ’Apa pancèn ana alesané dhèwèké mènèhi aku naséhat kaya ngono?’ (Wulang Bebasan 19:3) Nèk ngerti alesané naséhat kuwi diwènèhké, awaké dhéwé isa dadi luwih gampang nampa naséhat mau.​—Wacanen Wulang Bebasan 4:13.

  • Ora seneng karo carané wong kuwi mènèhi naséhat. Mung manungsa sampurna sing naséhaté mesthi bener lan isa mènèhi naséhat nganggo cara sing mesthi apik. (Roma 3:23; Yakobus 3:2) Gatèkna isi naséhaté lan pikirna carané ngetrapké, timbang mung mikirké carané wong kuwi mènèhi naséhat.

  • Ngrasa ora butuh naséhat merga luwih tuwa utawa nduwé pengalaman luwih akèh. Raja Israèl ya nampa naséhat saka para nabi, imam, lan wong liya. (2 Samuèl 12:1-13; 2 Babad 26:16-20) Nèk gelem nampa naséhat saka Alkitab, hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah bakal saya cedhak.​—Titus 3:2.

Naséhat sing dhasaré saka Alkitab kuwi anugrah saka Yéhuwah. Yéhuwah nresnani lan péngin awaké dhéwé bahagia.

9. Apa sebabé awaké dhéwé dadi luwih gampang manut karo tuntunan nèk nresnani para sedulur?

9 Nèk gelem manut, kuwi ya bukti nèk awaké dhéwé nresnani para sedulur. Misalé, wektu ana bencana alam, tim SAR kudu kerja sama bèn isa nylametké sak akèh-akèhé wong. Bèn tugasé isa lancar, kudu ana wong siji sing ngatur, lan anggota liyané kudu manut. Ning, piyé nèk ana sing ora manut lan ora gelem diatur? Senajan tujuané mungkin apik, kuwi isa nggawé anggota liya cilaka. Awaké dhéwé ya isa nyusahké para sedulur nèk ora gelem manut karo Yéhuwah lan wong-wong sing digunakké Yéhuwah kanggo mènèhi tuntunan. Ning, nèk manut karo Yéhuwah, kuwi bukti nèk awaké dhéwé nresnani para sedulur lan manut tuntunané Yéhuwah.​—1 Korintus 12:14, 25, 26.

10, 11. Apa sing bakal dirembug?

10 Kabèh tuntunané Yéhuwah mesthi ana manfaaté. Nèk manut karo wong-wong sing nduwé wewenang ing keluarga, ing jemaat, lan karo pamréntah, kuwi ana manfaaté kanggo awaké dhéwé.​—Pangandharing Torèt 5:16; Roma 13:4; Éfésus 6:2, 3; Ibrani 13:17.

11 Dadi, awaké dhéwé isa luwih gampang manut nèk ngerti alesané kudu manut. Saiki, ayo dirembug carané mbuktèkké nèk awaké dhéwé manut karo wong-wong sing nduwé wewenang ing keluarga, ing jemaat, lan karo pamréntah.

WEWENANG ING KELUARGA

12. Piyé carané wong lanang mbuktèkké nèk manut karo Yéhuwah?

12 Yéhuwah kuwi sing nggawé keluarga lan mènèhi tanggung jawab kanggo saben anggota keluarga. Nèk saben anggota keluarga nglakoni tanggung jawabé, keluarga isa bahagia. (1 Korintus 14:33) Yéhuwah mènèhi wong lanang tanggung jawab dadi kepala keluarga. Kuwi maksudé wong lanang kudu ngopèni lan nggatèkké keluargané. Nèk wong lanang ora nglakoni tanggung jawabé, hubungané karo Yéhuwah isa rusak. Wong lanang kudu apikan lan nresnani keluargané, kaya Yésus nresnani jemaat. Kuwi bukti nèk wong lanang manut karo Yéhuwah.—Éfésus 5:23; deloken Cathetan 13.

Bapak sing lagi sinau Alkitab karo anaké

Nèk ngopèni keluargané, kuwi bukti nèk kepala keluarga niru Yésus

13. Piyé carané wong wédok mbuktèkké nèk manut karo Yéhuwah?

13 Wong wédok ya nduwé tanggung jawab sing penting. Dhèwèké isa ndhukung upayané bojoné bèn dadi kepala keluarga sing apik. Wong wédok isa kerja sama karo bojoné kanggo mulang anaké. Salah siji cara mulang anaké bèn isa manut yaiku léwat tumindaké. (Wulang Bebasan 1:8) Wong wédok kudu manut lan ndhukung keputusané bojoné. Nèk ora setuju karo keputusané bojoné, wong wédok isa nyritakké pendapaté nganggo cara sing apik. Wong wédok sing bojoné dudu abdiné Yéhuwah mungkin ngadhepi masalah liya. Ning, nèk dhèwèké tetep nresnani lan manut karo bojoné, isa waé bojoné akhiré gelem sinau Alkitab lan dadi abdiné Yéhuwah.​—Wacanen 1 Pétrus 3:1.

14. Piyé carané bocah-bocah mbuktèkké nèk manut karo Yéhuwah?

14 Merga nganggep nèk bocah-bocah kuwi berharga, Yéhuwah péngin bocah-bocah dilindhungi lan diarahké. Nèk bocah-bocah gelem manut, wong tuwané mesthi seneng banget. Sing paling penting, kuwi bukti nèk manut karo Yéhuwah lan isa nggawé Yéhuwah seneng. (Wulang Bebasan 10:1) Ana bocah-bocah sing mung diopèni karo bapaké utawa ibuné thok. Iki mesthi ora gampang kanggo bocah-bocah kuwi lan wong tuwané. Ning, nèk bocah-bocah gelem manut lan ndhukung bapak utawa ibuné, keluargané isa tetep bahagia. Senajan ora ana keluarga sing sampurna, ning keluarga isa bahagia nèk saben anggotané gelem manut karo Yéhuwah. Kuwi isa ngluhurké Yéhuwah, sing nggawé kabèh keluarga.—Éfésus 3:14, 15.

WEWENANG ING JEMAAT

15. Piyé carané awaké dhéwé mbuktèkké nèk manut karo tuntunané Yéhuwah ing jemaat?

15 Yéhuwah nuntun awaké dhéwé léwat jemaat sing dipimpin karo Yésus. (Kolose 1:18) Yésus mènèhi tuntunan kanggo umaté Yéhuwah ing bumi léwat ”budhak sing setya lan wicaksana”. (Matius 24:45-47) Sing dimaksud ”budhak sing setya lan wicaksana” kuwi Pengurus Pusat. Pengurus Pusat mènèhi tuntunan sing cocog karo kebutuhané awaké dhéwé, lan kuwi isa nguwatké imané awaké dhéwé. Para pinituwa, abdiné jemaat, lan pinituwa wilayah ndhukung jemaat lan nampa arahan saka Pengurus Pusat. Kabèh sedulur kuwi nduwé tugas kanggo nggatèkké awaké dhéwé lan kudu tanggung jawab marang Yéhuwah soal carané nindakké tugas kuwi. Mula, nèk manut karo para sedulur mau, awaké dhéwé sakjané manut karo Yéhuwah.​—Wacanen 1 Tésalonika 5:12; Ibrani 13:17; deloken Cathetan 14.

16. Apa maksudé pinituwa lan abdiné jemaat dipilih nganggo roh suci?

16 Para pinituwa lan abdiné jemaat mbantu para sedulur ing jemaat bèn tetep rukun lan setya. Senajan ora sampurna, ning wong-wong kuwi dipilih merga sipat lan tingkah lakuné cocog karo syarat-syarat sing ana ing Alkitab. (1 Timotius 3:1-7, 12; Titus 1:5-9) Wektu nulis syarat-syarat mau, para penulis Alkitab dituntun karo Yéhuwah léwat roh suciné. Para pinituwa ndonga njaluk roh suciné Yéhuwah wektu ngrembug para sedulur sing diusulké dadi pinituwa utawa abdiné jemaat. Dadi, Yéhuwah lan Yésus sing nuntun jemaat. (Kisah 20:28) Para sedulur sing dipilih kuwi pancèn anugrah saka Gusti Allah.—Éfésus 4:8.

17. Nèk kudu nindakké tugasé sedulur lanang sing wis dibaptis, sedulur wédok kudu piyé?

17 Kadhang kala, ing jemaat ora ana pinituwa utawa abdiné jemaat. Nèk ngono, sedulur lanang liya sing wis dibaptis isa mbantu. Ning, nèk ora ana, sedulur wédok isa nindakké tugasé sedulur lanang sing wis dibaptis. Dhèwèké isa nganggo kudhung utawa topi. (1 Korintus 11:3-10) Kuwi bukti nèk sedulur wédok mau manut karo wewenangé Yéhuwah ing keluarga lan ing jemaat.​—Deloken Cathetan 15.

WEWENANGÉ PAMRÉNTAH

18, 19. (a) Piyé carané ngetrapké Roma 13:1-7? (b) Piyé carané awaké dhéwé mbuktèkké nèk manut karo pamréntah lan wong liya sing nduwé wewenang?

18 Awaké dhéwé kudu manut karo pamréntah merga Yéhuwah mènèhi pamréntah kesempatan kanggo ngatur negara lan rakyaté. Pamréntah ya nyedhiyakké sing dibutuhké rakyaté. Wong Kristen kudu manut karo kandhané Roma 13:1-7. (Wacanen.) Awaké dhéwé manut karo ”pamréntah” lan hukumé. Ana hukumé pamréntah sing ngatur soal keluarga, gawéan, lan barang-barangé awaké dhéwé. Contoné, awaké dhéwé kudu mbayar pajeg lan ngurus surat-surat penting kaya sing diwajibké pamréntah. Ning, piyé nèk pamréntah ngongkon awaké dhéwé nglanggar hukumé Gusti Allah? Rasul Pétrus kandha, ”Aku kabèh kudu luwih manut marang Gusti Allah ketimbang marang manungsa.”​—Kisah 5:28, 29.

19 Wektu urusan karo pejabat pamréntah, misalé hakim utawa polisi, sikapé awaké dhéwé kudu tetep apik. Cah-cah sekolah ya kudu ngajèni guru lan pegawé sekolah. Awaké dhéwé ya kudu ngajèni majikan senajan pegawé liyané ora. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé niru Rasul Paulus sing ngajèni para pejabat senajan kadhang kala kuwi angèl. (Kisah 26:2, 25) Awaké dhéwé ya kudu tetep apikan karo wong sing sikapé ora apik karo awaké dhéwé.​—Wacanen Roma 12:17, 18; 1 Pétrus 3:15.

20, 21. Apa manfaaté nèk awaké dhéwé ngajèni wong liya?

20 Jaman saiki, saya akèh wong sing ora ngajèni liyané. Ning, umaté Yéhuwah ora kaya ngono. Awaké dhéwé ngajèni kabèh wong, kaya kandhané Rasul Pétrus, ”Ajènana kabèh wong.” (1 Pétrus 2:17) Saka sikapé awaké dhéwé, wong liya bakal ngerti nèk awaké dhéwé ngajèni dhèwèké. Yésus kandha, ”Duduhna pepadhangmu liwat tumindak sing apik, supaya wong-wong isa ndelok tumindakmu sing apik kuwi lan ngluhurké Bapakmu.”​—Matius 5:16.

21 Nèk awaké dhéwé manut karo wong-wong sing nduwé wewenang, kuwi isa nggawé wong liya péngin sinau Alkitab. Nèk ngajèni wong liya, kuwi bukti nèk awaké dhéwé manut lan tresna karo Yéhuwah. Yéhuwah mesthi seneng banget.

PATHOKANÉ ALKITAB

1 YÉHUWAH NUNTUN LÉWAT MANUNGSA

”Ajènana kabèh wong, . . . wedia marang Gusti Allah.”​—1 Pétrus 2:17

Apa sebabé rasané abot nèk dikon manut?

  • Wilangan 16:1-3; Kohèlèt 8:9; Roma 5:12

    Wong-wong sing digunakké Yéhuwah kanggo mènèhi tuntunan ora sampurna.

  • Lukas 22:42

    Awaké dhéwé isa niru contoné Yésus sing manut karo Yéhuwah.

  • Wulang Bebasan 27:11; Markus 12:29, 30

    Merga nresnani Yéhuwah, awaké dhéwé gelem manut karo wong-wong sing nduwé wewenang. Misalé, kepala keluarga, guru, lan para pinituwa.

2 WEWENANG ING KELUARGA KUWI SAKA YÉHUWAH

”Aku jèngkèng ing ngarsané Bapak. Kabèh keluarga . . . ana merga Panjenengané.”—Éfésus 3:14, 15

Apa sebabé Yéhuwah péngin awaké dhéwé manut karo wong-wong sing nduwé wewenang ing keluarga?

  • Wulang Bebasan 10:1

    Tujuané Yéhuwah nggawé keluarga yaiku bèn anak-anak isa didhidhik lan diopèni, lan kabèh anggota keluarga isa ngrasa ditresnani.

  • Wulang Bebasan 1:8; 1 Korintus 11:3; Éfésus 6:1-3; 1 Pétrus 3:1

    Nèk saben anggota keluarga nglakoni tanggung jawabé, keluarga isa bahagia.

3 YÉHUWAH NUNTUN LÉWAT JEMAAT SING DIPIMPIN YÉSUS

”Kristus kuwi kepalané jemaat.” —Éfésus 5:23

Apa sebabé kudu manut karo tuntunané Yéhuwah ing jemaat?

  • Matius 24:45-47

    Yésus mènèhi tuntunan kanggo umaté Yéhuwah ing bumi léwat ”budhak sing setya lan wicaksana”.

  • 1 Tésalonika 5:12; Ibrani 13:17

    Para pinituwa lan abdiné jemaat mbantu para sedulur ing jemaat bèn tetep rukun lan setya. Nèk manut karo para sedulur kuwi, awaké dhéwé sakjané manut karo Yéhuwah.

  • Kisah 20:28

    Yéhuwah péngin awaké dhéwé manut karo para sedulur sing nduwé wewenang ing jemaat bèn jemaat isa tetep rukun.

4 YÉHUWAH MÈNÈHI PAMRÉNTAH KESEMPATAN KANGGO NGATUR NEGARA LAN RAKYATÉ

”Merga kabèh kekuwasaan asalé saka Gusti Allah. Lan pamréntah sing ana kuwi padha ditetepké Gusti Allah ing wewenangé dhéwé-dhéwé.”​—Roma 13:1

Piyé carané awaké dhéwé mbuktèkké nèk manut karo pamréntah?

  • Matius 5:16; 1 Pétrus 3:15

    Omongan lan tingkah lakuné awaké dhéwé mbuktèkké nèk awaké dhéwé manut karo pamréntah. Kuwi isa ngluhurké Yéhuwah.

  • Kisah 26:2, 25; Roma 12:17, 18

    Awaké dhéwé manut karo hukumé pamréntah. Awaké dhéwé ya kudu tetep apikan karo wong sing sikapé ora apik karo awaké dhéwé.

  • Roma 13:1-4

    Pathokané Alkitab isa mbantu awaké dhéwé manut karo wong-wong sing nduwé wewenang.

  • Matius 22:37-39; 26:52; Yohanes 18:36; Kisah 5:27-29; Ibrani 10:24, 25

    Nèk pamréntah ngongkon awaké dhéwé nglanggar hukumé Gusti Allah, awaké dhéwé kudu mutuské arep manut apa ora.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim