PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwbr19 November hlm. 1-10
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
  • Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2019
  • Subjudhul
  • 4-10 NOVEMBER
  • 11-17 NOVEMBER
  • 18-24 NOVEMBER
  • 25 NOVEMBER–1 DESEMBER
Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2019
mwbr19 November hlm. 1-10

Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil

4-10 NOVEMBER

SINAU SAKA ALKITAB | 1 YOHANES 1-5

”Aja Nresnani Donya Iki utawa sing Ana ing Donya”

(1 Yohanes 2:15, 16) Aja nresnani donya iki utawa kabèh perkara sing ana ing donya. Nèk wong nresnani donya iki, dhèwèké ora nresnani Bapak, 16 merga kabèh perkara sing ana ing donya iki, yaiku pepénginané badan sing dosa, pepénginané mripat, lan pepénginan kanggo pamèr bandha, asalé ora saka Bapak nanging saka donya.

w05-IN 1/1 10 ¶13

Niru Contoné Yésus

13 Ana sing mikir nèk ora kabèh sing ana ing donya iki salah. Senajan ngono, kuwi isa nggawé awaké dhéwé dadi ora nglayani Yéhuwah. Kabèh sing ana ing donya iki ora isa nggawé awaké dhéwé tambah akrab karo Gusti Allah. Mula, nèk mulai nresnani sing ana ing donya, termasuk sing mungkin ora salah, kuwi isa nggawé awaké dhéwé éntuk masalah. (1 Timotius 6:9, 10) Sakliyané kuwi, sing ana ing donya iki akèh-akèhé isa mènèhi pengaruh sing èlèk kanggo awaké dhéwé. Nèk nonton film utawa acara TV sing isiné soal kekerasan, seneng mburu bandha, utawa hubungan sèks sing ora sah, suwé-suwé awaké dhéwé nganggep kuwi dadi biasa, utawa malah dadi nyenengké. Nèk bergaul karo wong sing seneng mburu bandha, awaké dhéwé ya isa nduwé cara mikir sing padha.​—Matius 6:24; 1 Korintus 15:33.

(1 Yohanes 2:17) Sakliyané kuwi, donya iki lan pepénginané wis arep sirna, nanging wong sing nindakké kersané Gusti Allah bakal urip saklawasé.

w13-IN 15/8 27 ¶18

Njenengan Kudu Dadi Wong sing Kaya Apa?

18 Awaké dhéwé ya isa nolak ”kabèh perkara sing ana ing donya” nèk éling apa kandhané Yohanes, ”Donya iki lan pepénginané wis arep sirna, nanging wong sing nindakké kersané Gusti Allah bakal urip saklawasé.” (1 Yohanes 2:17) Senajan kétoké bakal terus ana, donyané Sétan bakal disirnakké. Kabèh sing ditawarké Sétan ya bakal sirna. Mula, awaké dhéwé ora gelem kegodha karo sing ditawarké Sétan.

Wulangan Penting

(1 Yohanes 2:7, 8) Sedulur-sedulur sing tak tresnani, sing tak tulis marang kowé iki dudu préntah anyar, nanging préntah lawas sing wis kok tampa saka wiwitan. Kowé kabèh wis tau krungu préntah lawas iki. 8 Senajan ngono, préntah sing tak tulis iki anyar. Préntah iki wis ditindakké karo Yésus lan uga kowé. Lan saiki, pepeteng wis mèh ilang lan pepadhang sejati wis sumunar.

w13-IN 15/9 10 ¶14

Apa sing Diwulangké Yéhuwah Isa Dipercaya

14 Kitab-Kitab Yunani Kristen mulang awaké dhéwé soal carané nduduhké katresnan. Yésus ngomong nèk préntah keloro sing paling penting yaiku, ”Tresnaa marang pepadhamu kaya kowé nresnani awakmu dhéwé.” (Mat. 22:39) Yakobus sedulur tiriné Yésus nyebutké nèk katresnan kuwi ”hukum raja.” (Yak. 2:8) Rasul Yohanes nulis, ”Sedulur-sedulur sing tak tresnani, sing tak tulis marang kowé iki dudu préntah anyar, nanging préntah lawas sing wis kok tampa saka wiwitan.” (1 Yoh. 2:7, 8) Apa sing dimaksud karo ”préntah lawas”? Kuwi maksudé préntah kanggo nresnani. Kuwi disebut ”lawas” merga préntah kuwi wis diwènèhké Yésus ”saka wiwitan”, utawa puluhan taun sakdurungé. Kuwi ya disebut ”anyar” merga para murid bakal ngadhepi keadaan sing durung tau diadhepi lan perlu nduduhké katresnan sing réla berkorban. Awaké dhéwé mesthi bersyukur banget merga diwulang bèn ora kena pengaruh saka sipat sing umum ing donya iki yaiku égois. Awaké dhéwé dibantu kanggo terus nduduhké katresnan.

(1 Yohanes 5:16, 17) Nèk ana wong sing weruh seduluré nindakké dosa, nanging dudu dosa sing marahi seduluré mau pantes mati, wong kuwi kudu ndongakké seduluré mau, lan Gusti Allah bakal maringi urip marang seduluré mau. Kuwi kanggo wong-wong sing dosané ora marahi wong-wong kuwi pantes mati. Nanging, ana dosa sing marahi wong pantes mati. Aku ora ngongkon sapa waé ndongakké wong sing nindakké dosa kaya ngono. 17 Kabèh tumindak sing ora bener kuwi dosa, nanging ana dosa sing ora marahi wong pantes mati.

it-1-IN 116 ¶4

Pangapura

Awaké dhéwé isa ndonga njaluk pangapura saka Gusti Allah kanggo wong liya, utawa malah kanggo jemaat. Musa nindakké kuwi kanggo bangsa Israèl. Dhèwèké ngakoni lan njaluk ngapura kanggo dosa-dosané bangsa kuwi. Hasilé, Yéhuwah ngrungokké dongané Musa. (Wi 14:19, 20) Sakliyané kuwi, wektu ngresmèkké bait, Salomo ndonga bèn Yéhuwah gelem ngapurani umaté sing gelem mertobat lan berubah saka tumindaké sing salah. (1Ra 8:30, 33-40, 46-52) Ézra dadi wakil kanggo wong-wong Yahudi sing mulih ing kuthané wektu dhèwèké ngakoni dosané wong-wong kuwi ing ngarepé wong akèh. Merga Ézra ndonga lan njaluk tenanan, wong-wong kuwi akhiré ngupaya bèn isa diapurani Yéhuwah. (Éz 9:13–10:4, 10-19, 44) Yakobus ngongkon bèn wong sing nindakké dosa njaluk didongakké para pinituwa, lan ”nèk dhèwèké wis nindakké dosa, dhèwèké bakal diapura.” (Yak 5:14-16) Ning, wong sing sengaja nindakké ”dosa sing marahi wong pantes mati”, yaiku dosa merga ngrèmèhké roh suci, ora bakal diapura. Wong Kristen ora bakal ndongakké wong sing nindakké dosa kaya ngono.​—1Yoh 5:16; Mat 12:31; Ibr 10:26, 27; deloken DOSA; ROH.

Maca Alkitab

(1 Yohanes 1:1–2:6) Aku kabèh nulis marang kowé bab sabda sing marakké urip, sing wis ana saka wiwitan, sing wis padha tak rungokké, tak delok nganggo mripatku, tak amati, lan tak demèk nganggo tanganku. 2 (Urip langgeng wis dadi nyata kanggo aku kabèh. Aku kabèh wis ndelok kuwi, lan saiki aku kabèh mènèhi kesaksian lan nyritakké bab kuwi marang kowé kabèh. Urip langgeng iki asalé saka Bapak lan kuwi wis dadi nyata kanggo aku kabèh.) 3 Apa sing wis padha tak delok lan tak rungokké kuwi uga tak critakké marang kowé kabèh, supaya kowé kabèh uga nyawiji karo aku kabèh, lan kuwi tegesé kowé nyawiji karo Bapak kita lan Putrané, yaiku Yésus Kristus. 4 Lan aku kabèh nulis bab-bab iki supaya rasa bungah kita dadi sampurna. 5 Iki warta sing padha tak rungokké saka Yésus, lan saiki tak critakké marang kowé kabèh: Gusti Allah kuwi sumberé pepadhang, lan babar blas ora ana pepeteng ing Panjenengané. 6 Nèk kita kandha, ”Aku kabèh nyawiji karo Gusti Allah,” nanging tetep mlaku ing pepeteng, kuwi tegesé kita ngapusi lan ora nindakké apa sing bener. 7 Nanging nèk kita mlaku ing pepadhang, kaya Gusti Allah dhéwé ana ing pepadhang, kita kabèh bakal nyawiji. Lan getihé Yésus, Putrané, isa ngresiki kita saka sakabèhé dosa. 8 Nèk kita kandha, ”Aku ora nduwé dosa,” kuwi tegesé ngapusi awak kita dhéwé lan apa sing bener ora ana ing kita. 9 Gusti Allah kuwi setya lan adil, mula nèk kita ngakoni dosa, Panjenengané bakal ngapurani dosa kita, lan ngresiki kita saka kabèh tumindak ala. 10 Nèk kita kandha, ”Aku ora tau nindakké dosa,” kuwi tegesé kita ndadèkké Gusti Allah tukang ngapusi, lan pangandikané ora ana ing ati kita.

2 Anak-anakku sing tak tresnani, aku nulis kabèh iki marang kowé supaya kowé ora nindakké dosa. Nanging nèk ana sing nindakké dosa, ana sing nulung kita, yaiku Yésus Kristus, sing ana bareng karo Bapak lan sing nindakké apa sing bener ing ngarsané Gusti Allah. 2 Dhèwèké kuwi kurban kanggo dosa-dosa kita sing ngrukunké kita karo Gusti Allah, malah ora mung kanggo dosa kita waé nanging uga kanggo dosané wong sak donya. 3 Nèk kita terus nindakké préntah-préntahé, kuwi mbuktèkké nèk kita kenal dhèwèké. 4 Wong sing kandha, ”Aku kenal dhèwèké,” nanging ora nindakké préntah-préntahé, wong kuwi tukang ngapusi lan apa sing bener ora ana ing njero atiné. 5 Nanging sapa waé sing nindakké omongané, wong kuwi mbuktèkké nèk bener-bener nresnani Gusti Allah. Nèk kita uga nindakké kuwi, kita nduduhké nèk nyawiji karo dhèwèké. 6 Wong sing ngaku nyawiji karo Yésus wajib nindakké sing padha kaya sing ditindakké Yésus.

11-17 NOVEMBER

SINAU SAKA ALKITAB | 2 YOHANES 1–YUDAS

”Ngupaya Tenanan Bèn Tetep Setya”

(Yudas 3) Sedulur-sedulur sing tak tresnani, senajan aku wis ngupaya tenanan kanggo nulis marang kowé bab keslametan sing wis padha-padha awaké dhéwé tampa, nanging saiki aku rumangsa kudu nulis iki marang kowé, yaiku supaya kowé saya mempeng mbélani iman sing wis dipasrahké sepisan kanggo saklawasé marang wong-wong suci.

w04-IN 15/9 11-12 ¶8-9

”Terusa Ngupaya kanggo Éntuk Kuwasa saka Gusti”

8 Awaké dhéwé isa ngerti siasat-siasaté Sétan saka Alkitab. (2 Korintus 2:11) Sétan nyerang Ayub nggunakké masalah ékonomi, kematiané wong sing disayangi, tentangan saka keluarga, masalah keséhatan, lan kanca-kanca palsu sing nudhuh lan ngèlèk-èlèk. Ayub dadi ngrasa susah banget lan mikir nèk Gusti Allah wis ninggalké dhèwèké. (Ayub 10:1, 2) Senajan mungkin dudu Sétan sing nyebabké akèh kesusahan saiki, Sétan isa nggunakké keadaan kuwi kanggo mengaruhi akèh wong Kristen.

9 Ing jaman saiki, ana akèh sing isa mengaruhi kerohaniané awaké dhéwé. Wong-wong luwih ngutamakké bandha ketimbang perkara-perkara rohani. Film, acara TV, lan iklan nggambarké nèk hubungan sèks sing ora sah kuwi nyenengké lan ora bakal nggawé lara ati. Akèh-akèhé wong ya luwih ”nresnani kesenengan ketimbang nresnani Gusti Allah”. (2 Timotius 3:1-5) Cara mikir sing kaya ngono isa mengaruhi kerohaniané awaké dhéwé nèk awaké dhéwé ora ”mempeng mbélani iman”.​—Yudas 3.

Wulangan Penting

(Yudas 4) Alesanku, yaiku merga ana sapérangan wong sing nlusup ing antaramu, sing wiwit mbiyèn wis ditemtokké Kitab Suci kanggo dihukum. Wong-wong kuwi ora ngajèni Gusti Allah, lan nggunakké welas asihé Gusti Allah sing nggumunké dadi alesan kanggo tumindak ora nduwé isin. Wong-wong kuwi kebukti ora setya marang siji-sijiné ndara lan Gusti kita, yaiku Yésus Kristus.

(Yudas 12) Wektu wong-wong kuwi teka bareng kowé ing pésta-pésta sing kok anakké kanggo nduduhké katresnan marang sedulur-sedulur, wong-wong kuwi kaya watu karang sing ora kétok ing njero banyu, kaya pangon sing nggolèk pangan kanggo wetengé dhéwé tanpa rasa wedi, kaya méga sing kabur kena angin nanging ora dadi udan, kaya wit sing ora ngetokké woh ing musimé, sing wis bener-bener mati lan oyodé wis kejabut.

it-2-IN 546 ¶3

Pésta-Pésta kanggo Nduduhké Katresnan

Alkitab ora njelaské apa sing dimaksud karo pésta-pésta kuwi lan ping pira pésta-pésta kuwi dianakké. (Yud 12) Gusti Yésus Kristus utawa para rasulé ora mréntahké pésta-pésta kuwi dianakké. Terus, pésta-pésta kuwi sakjané ya ora kudu ditindakké. Ana sing ngomong nèk pésta kuwi maksudé wektu wong Kristen sing luwih sugih ngundang para sedulur sing miskin. Bocah yatim, para randha, wong sugih, lan sing miskin isa mangan bareng-bareng.

it-1-IN 830 ¶8

Watu Karang

Kata Yunani liyané, yaiku spilasʹ, kétoké maksudé watu karang sing ana ing njero banyu. Yudas nggunakké kata kuwi kanggo nggambarké wong-wong sing mlebu ing jemaat ning nduwé niat sing jahat. Kaya watu-watu karang sing ora kétok isa dadi bahaya kanggo kapal, wong-wong kuwi ya isa dadi bahaya kanggo para sedulur. Yudas ngomong nèk wong-wong kuwi kaya ”watu karang sing ora kétok ing njero banyu” wektu wong-wong kuwi ”teka bareng kowé ing pésta-pésta sing kok anakké kanggo nduduhké katresnan marang sedulur-sedulur.”​—Yud 12.

(Yudas 14, 15) Hénokh, keturunan sing kapitu saka Adam, uga wis ngramalké bab wong-wong kuwi, kandhané, ”Deloken! Yéhuwah rawuh bareng karo puluhan éwu malaékaté sing suci 15 kanggo ngadili kabèh wong, lan nduduhké kesalahané kabèh wong dosa sing ora ngajèni Panjenengané, merga wong-wong kuwi wis tumindak jahat lan omongané ngrèmèhké Panjenengané.”

wp17.1 12 ¶1

”Ndadèkaké Keparenging Allah”

Apa isi ramalané Hénokh? Alkitab kandha, ”Lah Pangéran rawuh ginarebeg ing abdiné para suci puluhan éwu karsa nindakaké pangadilan tumrap wong kabèh, sarta matrapi paukuman marang sakèhing pratingkah mblasar kang padha dilakoni, sarta jalaran saka sakèhing tembung kang nistha, kang diucapaké déning para wong dosa kang mblasar iku marang Pangéran.” (Yudas 14, 15) Saka carané ngomong, kétok nèk Hénokh yakin tenan nèk ramalan kuwi mesthi bakal kelakon. Akèh ramalan liyané sing dicathet ing Alkitab uga dicritakké nganggo cara sing nduduhké nèk kaya-kayané ramalan kuwi wis kelakon.​—Yésaya 46:10.

wp17.1 12 ¶3

”Ndadèkaké Keparenging Allah”

Nurut pandhangané Gusti Allah, wong-wong ing jaman saiki tumindaké uga bejat padha kaya ing jamané Hénokh. Awaké dhéwé perlu nduwé iman sing kuwat lan kendel kaya Hénokh. Kabar paukuman sing diwartakké Hénokh kelakon wektu Yéhuwah ngukum wong-wong sing jahat ing jamané Nuh nganggo Banjir Gedhé. Sukmbèn Yéhuwah uga bakal ngukum wong-wong sing jahat. (Matéus 24:38, 39; 2 Pétrus 2:4-6) Kaya sing wis kelakon mbiyèn, saiki Yéhuwah lan para malaékaté wis siap-siap arep ngukum wong-wong jahat. Kita kabèh perlu nggatèkké kabar sing diwartakké Hénokh lan martakké kabar kuwi marang wong liya. Mbokmenawa awaké dhéwé rumangsa dhèwèkan merga nduwé iman sing béda karo keluarga utawa kanca. Ning, Yéhuwah ora tau ninggalké abdiné sing setya, kaya mbiyèn Yéhuwah ora ninggalké Hénokh.

Maca Alkitab

(2 Yohanes 1-13) Aku iki pinituwa lan aku nulis surat marang kowé, yaiku sedulur wadon sing dipilih Gusti Allah, lan marang anak-anakmu. Aku bener-bener nresnani kowé kabèh. Ora mung aku, nanging uga kabèh wong sing wis ngerti wulangan sing bener uga nresnani kowé, 2 merga wulangan sing bener ana ing njero ati kita lan bakal terus ana karo kita saklawasé. 3 Kita bakal nampa welas asih sing nggumunké, welas asih, lan katentreman saka Gusti Allah, Bapak kita, lan saka Yésus Kristus, Putrané Bapak, sarta nampa apa sing bener lan katresnan. 4 Aku bungah banget merga ngerti ana anak-anakmu sing mlaku ing dalan sing bener, kaya sing dipréntahké Bapak marang kita. 5 Mula saiki, aku nyuwun marang kowé, sedulur wadon, supaya kita padha nresnani siji lan sijiné. (Aku nulis marang kowé, dudu préntah anyar, nanging préntah sing wis kita tampa saka wiwitan.) 6 Nresnani kuwi tegesé kita terus nindakké préntah-préntahé. Préntah kuwi wis kok rungokké saka wiwitan, yaiku kowé kudu terus nduduhké katresnan. 7 Waspadaa, merga ana akèh tukang ngapusi ing donya iki, sing ora ngakoni nèk Yésus Kristus wis teka dadi manungsa. Wong-wong kuwi tukang ngapusi lan antikristus. 8 Ngati-atia, supaya kowé aja nganti kélangan perkara-perkara sing wis aku kabèh hasilké kanthi mempeng. Banjur, kowé bakal nampa berkah sing wis Gusti Allah siapké kanggo kowé. 9 Saben wong sing nglangkahi piwulangé Kristus lan ora manut marang piwulang kuwi, ora nyenengké Gusti Allah. Nanging, wong sing terus manut marang piwulang kuwi nyenengké Bapak lan Putra. 10 Nèk ana wong sing teka marang kowé lan mulangké piwulang sing béda karo piwulangé Kristus, aja nampa dhèwèké ing omahmu utawa ngucapké salam marang dhèwèké. 11 Wong sing ngucapké salam marang dhèwèké, kuwi tegesé ndhukung tumindaké sing jahat. 12 Isih ana akèh manèh sing péngin tak tulis marang kowé, nanging aku ora péngin ngomongké kuwi liwat kertas lan tinta. Nanging aku péngin ketemu kowé lan ngomong langsung karo kowé, supaya kowé bener-bener ngrasa bungah. 13 Anak-anak saka sedulurmu wadon, sedulurmu wadon sing dipilih Gusti Allah, padha ngirim salam kanggo kowé.

18-24 NOVEMBER

SINAU SAKA ALKITAB | WAHYU 1-3

”Aku Ngerti Apa sing Kok Tindakké”

(Wahyu 1:20) Pitung bintang sing kok delok ing tanganku tengen lan pitung wadhah lampu saka emas kuwi rahasia suci, lan iki artiné: Pitung bintang nggambarké para malaékat ing pitung jemaat, lan pitung wadhah lampu nggambarké pitung jemaat.

w12-IN 15/10 13-14 ¶8

Semangat Apa sing Njenengan Duduhké?

8 Bèn ora nduduhké semangat sing kaya ngono, awaké dhéwé isa éling nèk ana ’pitung bintang ing tangan tengené’ Yésus. ʼBintang-bintang’ kuwi maksudé ora mung para pengawas terurap, ning ya isa maksudké kabèh pinituwa ing jemaat-jemaat. Yésus isa ngarahké ʼbintang-bintang’ kuwi manut karo apa sing Yésus péngini. (Why. 1:16, 20) Yésus kuwi Kepalané jemaat Kristen. Dadi, dhèwèké sing ngarahké para pinituwa. Nèk ana pinituwa sing kudu dikorèksi, Yésus sing ”mripaté murub kaya geni sing mulad-mulad” bakal ndelok kuwi lan mastèkké bèn pinituwa kuwi dikorèksi ing wektu sing pas lan nganggo cara sing cocog. (Why. 1:14) Awaké dhéwé kudu ngajèni wong-wong sing dilantik roh suci. Paulus nulis, ”Kowé kabèh kudu manut lan tundhuk marang wong-wong sing mimpin kowé, merga wong-wong kuwi sing njaga kowé lan sing bakal tanggung jawab marang Gusti Allah, supaya wong-wong sing mimpin kowé isa nindakké tugasé kanthi bungah lan ora karo sambat, merga kuwi isa nggawé kowé rugi.”​—Ibr. 13:17.

(Wahyu 2:1, 2) ”Marang malaékaté jemaat ing Éfésus, nulisa ngéné: Iki omongané dhèwèké sing nyekel pitung bintang ing tangané tengen lan sing mlaku ing tengah-tengahé pitung wadhah lampu saka emas: 2 ’Aku ngerti apa sing kok tindakké, anggonmu kerja mempeng lan ketekunanmu. Kowé ora gelem nampa wong jahat. Kowé nguji wong-wong sing ngaku dadi rasul, padahal wong-wong kuwi dudu rasul, lan kowé ngerti nèk wong-wong kuwi tukang ngapusi.

w12-IN 15/4 29 ¶11

Yéhuwah Nglindhungi Awaké Dhéwé Bèn Isa Slamet

11 Ing penglihatan sing dicathet ing Wahyu bab 2 lan 3, Yésus sing wis dimulyakké lagi mriksa pitung jemaat ing Asia Kecil. Penglihatan kuwi nduduhké nèk Kristus bener-bener nggatèkké keadaan sing luwih rinci saka jemaat-jemaat kuwi. Malah, ana wong-wong sing langsung disebutké jenengé karo Yésus. Dhèwèké ya ngalem utawa mènèhi naséhat sing dibutuhké. Apa artiné penglihatan kuwi? Pitung jemaat nggambarké wong Kristen sing diurapi roh suci sakwisé taun 1914. Senajan naséhat kuwi kanggo wong-wong sing diurapi roh suci, kuwi ya isa ditrapké kabèh umaté Gusti Allah jaman saiki. Dadi, awaké dhéwé isa nyimpulké nèk Yéhuwah nggunakké Putrané kanggo mimpin umaté. Piyé carané awaké dhéwé isa éntuk manfaat saka tuntunan kuwi?

w01-IN 15/1 20-21 ¶20

Terus Manut Organisasiné Yéhuwah

20 Nèk terus manut organisasiné Yéhuwah, berarti awaké dhéwé ngakoni Yésus sing ditugaské Gusti Allah kanggo dadi ”kepalané jemaat.” (Éfésus 5:22, 23) Njenengan ya isa nggatèkké Yésaya 55:4, ”Lah dhèwèké wus Suntetepaké dadi seksi tumrap para bangsa, dadi ratu lan nyekel papréntahan tumrap para suku bangsa.” Yésus mesthi ngerti carané mimpin. Yésus ya kenal karo domba-dombané lan ngerti tumindaké. Malah, wektu mriksa pitung jemaat ing Asia Kecil, Yésus ngomong nganti ping lima, ”Aku ngerti tumindakmu.” (Wahyu 2:2, 19; 3:1, 8, 15) Kaya Yéhuwah, Yésus ya ngerti apa sing awaké dhéwé butuhké. Sakdurungé mènèhi conto donga, Yésus ngomong, ”Bapakmu ngerti apa sing kok butuhké, malah sakdurungé kowé nyuwun.”​—Matius 6:8-13.

Wulangan Penting

(Wahyu 1:7) Dhèwèké bakal teka nganggo méga-méga, lan saben wong bakal ndelok dhèwèké, klebu wong-wong sing tau nujeb dhèwèké. Kabèh suku bangsa ing bumi bakal nggebugi awaké kanthi sedhih merga dhèwèké. Ya, Amin.

kr 226 ¶8

Kratoné Allah Nyingkirké Mungsuhé

8 Ramalané Yeśus bab dina-dina pungkasan nduduhké nèk bakal ana kedadéan-kedadéan penting sakdurungé Armagédhon. Rong kedadéan kapisan sing bakal dirembug disebutké ing Injil Matéus, Markus, lan Lukas.​—Wacanen Matéus 24:29-31; Mk. 13:23-27; Lk. 21:25-28.

kr 226 ¶10

Kratoné Allah Nyingkirké Mungsuhé

10 Keputusan pengadilan. Sakwisé kuwi, kabèh mungsuhé Kratoné Allah bakal dipeksa ndelok kedadéan sing nggawé saya nelangsa. Yésus kandha, ”Wong bakal padha weruh Putraning Manungsa rawuh nitih méga kalawan ngagem sakabèhing panguwasa lan kamulyané.” (Mk. 13:26) Kedadéan sing nggumunké iki bakal dadi tandha nèk Yésus teka kanggo ngumumké keputusan pengadilan. Ing ramalan liya bab dina-dina pungkasan, Yésus mènèhi katrangan luwih akèh bab keputusan sing bakal diumumké. Katrangan kuwi ana ing umpama bab wedhus gèmbèl lan wedhus jawa. (Wacanen Matéus 25:31-33, 46.) Sing setya ndhukung Kratoné Allah bakal disebut ”wedhus gèmbèl” lan bakal ’njenggèlèk’, merga ngerti ’wis cedhak anggoné bakal kaluwaran [utawa, slamet]’. (Lk. 21:28) Ning, sing nglawan Kratoné Allah bakal diadili dadi ”wedhus jawa” lan bakal ”ngadhuh-adhuh”, merga ngerti bakal disingkirké saklawasé.​—Mt. 24:30; Wy. 1:7.

(Wahyu 2:7) Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan apa sing diomongké roh suci marang jemaat-jemaat: Wong sing menang bakal tak ijinké mangan woh saka wit kauripan, sing ana ing firdausé Gusti Allah.’

w09-IN 15/1 31 ¶1

Piwulang Penting saka Buku Wahyu—I

2:7—Apa maksudé ”firdausé Gusti Allah”? Kata-kata iki ditulis kanggo wong-wong Kristen sing diurapi roh suci. Mula, firdaus ing kéné maksudé keadaan ing swarga sing kaya firdaus ing ngarepé Yéhuwah. Wong-wong sing diurapi roh suci sing terus setya bakal diijinké mangan woh saka ”wit kauripan”. Wong-wong kuwi bakal nampa ”badan sing ora isa mati”.​—1 Kor. 15:53.

Maca Alkitab

(Wahyu 1:1-11) Iki bab-bab sing disingkapké Yésus Kristus. Yésus nampa bab-bab iki saka Gusti Allah kanggo nduduhké marang budhak-budhaké Gusti Allah apa sing sedhéla manèh mesthi bakal kelakon. Yésus ngutus para malaékaté marang Yohanes, yaiku budhaké Gusti Allah, kanggo ngandhani bab-bab kuwi liwat lambang-lambang. 2 Yohanes mènèhi kesaksian bab kabèh sing didelok dhèwèké, yaiku pangandika saka Gusti Allah lan kesaksiané Yésus Kristus. 3 Bungah wong sing macakké ramalan iki nganggo swara seru lan sing ngrungokké sarta manut marang apa sing ditulis ing njeroné, merga wektu sing wis ditemtokké wis cedhak. 4 Yohanes nulis kanggo pitung jemaat ing Provinsi Asia: Muga-muga kowé kabèh nampa welas asih sing nggumunké lan katentreman saka ”Gusti Allah sing mbiyèn ana, sing terus ana, lan sing bakal rawuh”, lan saka pitung roh suci sing ana ing ngarep tahtané, 5 uga saka Yésus Kristus, yaiku ”Seksi sing Setya”, ”sing sepisanan diuripké manèh saka antarané wong mati”, lan ”Panguwasané raja-raja ing bumi”. Dhèwèké nresnani kita lan mbébaské kita saka dosa-dosa kita nganggo getihé dhéwé, 6 lan sing ndadèkké kita raja lan imam kanggo ngladèni Gusti Allahé lan Bapaké. Kanggo dhèwèké kamulyan lan kuwasa ing saklawas-lawasé. Amin. 7 Dhèwèké bakal teka nganggo méga-méga, lan saben wong bakal ndelok dhèwèké, klebu wong-wong sing tau nujeb dhèwèké. Kabèh suku bangsa ing bumi bakal nggebugi awaké kanthi sedhih merga dhèwèké. Ya, Amin. 8 Gusti Allah Yéhuwah ngendika, ”Aku Alfa lan Oméga. Aku iki Sing Mahakuwasa, sing mbiyèn ana, sing terus ana, lan sing bakal rawuh.” 9 Aku Yohanes, sedulurmu, sing padha-padha ngalami kasangsaran bareng kowé, sing padha-padha dadi raja, lan sing padha-padha tekun dadi pengikuté Yésus. Aku ana ing Pulau Patmos merga ngomongké bab Gusti Allah lan mènèhi kesaksian bab Yésus. 10 Merga éntuk ilham saka Gusti Allah, aku ana ing dinané Gusti. Aku krungu swara seru kaya swara trompèt ing mburiku, 11 kandhané, ”Apa sing kok delok, tulisen kuwi ing sawijiné gulungan lan kirimen menyang pitung jemaat: ing Éfésus, ing Smirna, ing Pergamus, ing Tiatira, ing Sardis, ing Filadèlfia, lan ing Laodikia.”

25 NOVEMBER–1 DESEMBER

SINAU SAKA ALKITAB | WAHYU 4-6

”Sing Nunggang Jaran Papat”

(Wahyu 6:2) Sakwisé kuwi, aku weruh ana jaran putih, lan sing nunggang jaran kuwi nggawa panah lan Gusti Allah maringi mahkota marang dhèwèké. Dhèwèké mangkat kanggo ngalahké mungsuh-mungsuhé lan ngrampungké perangé.

wp17.3 4 ¶3

Jaran Papat lan sing Nunggang—Sapa Waé Kuwi?

Sapa sing nunggang jaran putih kuwi? Buku Wahyu njelaské nèk sing nunggang jaran kuwi disebut ”Sabdaning Allah”. (Wahyu 19:11-13) Kuwi sebutan kanggo Yésus Kristus, sing nyampèkké pangandikané Gusti Allah. (Yokanan 1:1, 14) Dhèwèké uga disebut ”Ratuné para ratu lan Gustiné para gusti”, sarta ”Kang Setya lan Kang Sanyata”. (Wahyu 19:11, 16) Dadi, sing nunggang jaran kuwi nduwé wewenang dadi raja-pejuang, lan ora nggunakké kuwasané kanggo tumindak bejat utawa kasar. Ning, ana pitakonan liyané manèh.

wp17.3 4 ¶5

Jaran Papat lan sing Nunggang—Sapa Waé Kuwi?

Kapan para penunggang kuwi mulai maju? Penunggang jaran sing kapisan, yaiku Yésus, mulai maju wektu dhèwèké dadi Raja. (Wahyu 6:2) Kapan Yésus dadi Raja ing swarga? Yésus ora langsung dadi Raja wektu balik menyang swarga sakwisé mati. Alkitab kandha nèk Yésus kudu ngentèni dhisik. (Ibrani 10:12, 13) Yésus ngandhani murid-muridé bab tandha-tandha akir jaman lan wiwitané pamréntahané ing swarga. Yésus kandha nèk wektu dhèwèké mulai mréntah, kahanan donya bakal dadi rusak parah. Bakal ana perang, kurang pangan, lan penyakit. (Matéus 24:3, 7; Lukas 21:10, 11) Ora let suwé sakwisé Perang Donya I ing taun 1914, manungsa mulai ngalami jaman rekasa sing disebut ”dina-dina wekasan” ing Alkitab.​—2 Timotéus 3:1-5.

(Wahyu 6:4-6) Banjur ana sawijiné jaran liya metu, warnané abang mbranang. Sing nunggang diijinké kanggo ngrampas katentreman saka bumi supaya manungsa padha matèni siji lan sijiné kanthi kejem. Dhèwèké wis diwènèhi pedhang sing gedhé. 5 Wektu Cempé kuwi mbukak meterai sing katelu, aku krungu kerub sing katelu kandha, ”Majua!” Banjur aku ndelok sawijiné jaran ireng, lan sing nunggang nyekel timbangan. 6 Aku krungu ana swara ing tengah-tengahé kerub papat kuwi sing kandha, ”Sak liter gandum regané sak dinar, lan telung liter barli regané sak dinar. Gandum lan minyak zaitun aja dientèk-entèkké.”

wp17.3 5 ¶2

Jaran Papat lan sing Nunggang—Sapa Waé Kuwi?

Sing nunggang jaran iki nggambarké peperangan. Alkitab kandha nèk dhèwèké ngilangi tentrem rahayu saka saklumahing bumi. Ing taun 1914, mulai ana perang donya sing kapisan. Sakwisé kuwi, ana perang donya kapindho, sing akibaté luwih parah. Wiwit taun 1914, sing mati merga perang lan pertempuran nganggo senjata kira-kira ana luwih saka 100 yuta wong. Lan ana akèh wong liyané sing ngalami luka parah.

wp17.3 5 ¶4-5

Jaran Papat lan sing Nunggang—Sapa Waé Kuwi?

”Tumuli aku weruh: lah, ana jaran ireng, kang nunggangi nyekel timbangan. Aku tumuli krungu ana swara ing tengah-tengahé makluk papat iku tembungé: ’Gandum sataker sadinar, lan sair [barli] telung taker sadinar. Ananging aja ngrusakaké lenga [lenga jaitun] lan anggur iku.’”​—Wahyu 6:5, 6.

Sing nunggang jaran iki nggambarké kahanan kurang pangan. Bahan pangan dadi larang banget nganti sak taker (1.08 L) gandum waé regané sak dinar, kuwi kaya opahé wong kerja sedina ing abad kapisan. (Matéus 20:2) Sak dinar kuwi uga isa kanggo tuku telung taker (3.24 L) barli, wiji sing kwalitasé sak ngisoré gandum. Piyé carané nyukupi kebutuhané sak keluarga gedhé? Wektu kuwi, lenga jaitun lan anggur dadi bahan pokok sing umum. Dadi, wong-wong diélikké supaya ngirit, merga jumlahé bahan pokok mung ana sithik.

(Wahyu 6:8) Banjur aku ndelok sawijiné jaran pucet, sing nunggang jenengé Pati. Lan Kuburan ngetutké dhèwèké saka cedhaké. Pati lan Kuburan kuwi diwènèhi wewenang tumrap seprapaté bumi kanggo matèni nganggo pedhang dawa, nganggo kurang pangan, nganggo penyakit sing isa nyebabké pati, lan nganggo kéwan buas ing bumi.

wp17.3 5 ¶8-10

Jaran Papat lan sing Nunggang—Sapa Waé Kuwi?

Sing nunggang jaran iki nggambarké pati merga penyakit sing nular lan sebab liyané. Ora let suwé sakwisé taun 1914, ana puluhan yuta wong sing mati merga flu Spanyol. Ana kira-kira 500 yuta wong sing kena penyakit kuwi, lan sing tetep urip mung 1 saka 3 wong.

Ning, ora mung kuwi thok. Para ahli kandha nèk kira-kira ana atusan yuta luwih sing mati merga penyakit cacar ing abad ke-20. Nganti saiki, jutaan wong mati merga AIDS, tuberkulosis, lan malaria, senajan wis ana penelitian mèdis sing intènsif.

Perang, kurang pangan, lan penyakit padha-padha marahi mati. Kuburan kanthi kejem nglumpukké akèh kurban tanpa ana pengarep-arep.

Wulangan Penting

(Wahyu 4:4) Ana 24 tahta sing ngubengi tahta kuwi, lan aku weruh 24 pinituwa lungguh ing tahta-tahta kuwi. Para pinituwa kuwi nganggo klambi putih lan mahkota emas.

(Wahyu 4:6) Ing ngarepé tahta kuwi, ana sing kétoké kaya laut sing kaya kaca utawa kaya kristal. Tahta kuwi ana ing tengah-tengahé, lan ing sak ubengé ana kerub papat. Bagéan ngarep lan bagéan mburi badané kerub kuwi kebak mripat.

re-IN 76-77 ¶8

Takhtané Yéhuwah sing Agung ing Swarga

8 Yohanes ngerti nèk imam-imam dilantik kanggo nglayani ing tabernakel jaman mbiyèn. Mula, dhèwèké nggumun wektu ndelok, ”Ana 24 tahta sing ngubengi tahta kuwi, lan aku weruh 24 pinituwa lungguh ing tahta-tahta kuwi. Para pinituwa kuwi nganggo klambi putih lan mahkota emas.” (Wahyu 4:4) Kuwi dudu imam. Ning, kuwi 24 pinituwa sing dilantik lan diwènèhi mahkota kaya para raja. Sapa waé wong-wong kuwi? Kuwi wong Kristen terurap sing wis dibangkitké lan éntuk jabatan sing wis dijanjèkké Yéhuwah. Kok isa?

re-IN 80 ¶19

Takhtané Yéhuwah sing Agung ing Swarga

19 Makhluk-makhluk kuwi maksudé sapa? Penglihatan sing didelok karo Yèhèzkièl mbantu awaké dhéwé ngerti jawabané. Yèhèzkièl ndelok Yéhuwah lungguh ing kréta lan ana makhluk-makhluk sing mirip kaya sing digambarké Yohanes. (Yèhèzkièl 1:5-11, 22-28) Bar kuwi, Yèhèzkièl ndelok manèh kréta lan makhluk-makhluk kuwi. Saiki, dhèwèké nyebut makhluk-makhluk kuwi kerub. (Yèhèzkièl 10:9-15) Patang makhluk sing didelok Yohanes kuwi nggambarké kerub-kerubé Gusti Allah. Kerub kuwi ciptaané Gusti Allah sing paling dhuwur tingkatané ing swarga. Yohanes mesthi ora nggumun wektu ndelok para kerub kuwi ana ing cedhaké Yéhuwah. Kuwi merga ing tabernakel jaman mbiyèn, ana rong kerub sing digawé saka emas ing tutupé pethi perjanjian, lan pethi perjanjian kuwi nggambarké takhtané Yéhuwah. Ing antarané kerub loro, Yéhuwah mréntahké apa sing kudu disampèkké kanggo bangsa Israèl.​—Pangentasan 25:22; Jabur 80:2.

(Wahyu 5:5) Nanging salah siji saka para pinituwa kuwi kandha marang aku, ”Kowé aja nangis manèh. Singa saka suku Yéhuda, saka keluargané Daud, wis menang, mula dhèwèké pantes mbukak gulungan kuwi lan pitung meterainé.”

cf-IN 36 ¶5-6

”Singa saka Suku Yéhuda”

5 Singa biasané nglambangké sipat kendel. Apa njenengan wis tau ndelok langsung singa jantan sing wis déwasa? Nèk wis tau, mungkin njenengan ndelok singa kuwi ing kebun binatang. Njenengan tetep aman merga singa kuwi ana ing njero kandhang. Ning, isa waé njenengan tetep wedi. Wektu njenengan ndeloki singa, terus singa kuwi balik ndeloki, njenengan bakal mikir nèk singa kuwi ora wedi karo apa waé. Alkitab ngomong soal ”singa kang prakosa dhéwé padha-padha kéwan, sarta ora mundur ngadhepi apa baé.” (Wulang Bebasan 30:30) Yésus ya kendel kaya singa.

6 Ayo ngrembug carané Yésus nduduhké sipat kendel kaya singa wektu mbéla wulangan sing bener, wektu mbéla keadilan, lan wektu ngadhepi tentangan. Ora masalah awaké dhéwé asliné wis nduwé sipat kendel apa ora, awaké dhéwé isa niru Yésus sing nduduhké sipat kendel.

Maca Alkitab

(Wahyu 4:1-11) Sakwisé kuwi, aku weruh ana lawang sing kebukak ing swarga. Swara kapisan sing tak rungokké, ngomong marang aku kaya swarané trompèt, kandhané, ”Ayo munggah mréné. Aku bakal nduduhké apa sing mesthi bakal kelakon.” 2 Sakwisé kuwi, roh suciné Gusti Allah langsung nguwasani aku, lan aku weruh ana sawijiné tahta ing swarga, lan ana sing lungguh ing tahta kuwi. 3 Pribadi sing lungguh ing tahta kuwi sumunar kaya watu jasper lan watu sardis. Ing sak ubengé tahta kuwi ana pelangi sing kétok kaya zamrud. 4 Ana 24 tahta sing ngubengi tahta kuwi, lan aku weruh 24 pinituwa lungguh ing tahta-tahta kuwi. Para pinituwa kuwi nganggo klambi putih lan mahkota emas. 5 Saka tahta kuwi metu kilat, swara, lan gludhug. Ing ngarepé tahta kuwi ana pitung lampu sing wujudé geni sing murub, lan iki nglambangké pitung roh suciné Gusti Allah. 6 Ing ngarepé tahta kuwi, ana sing kétoké kaya laut sing kaya kaca utawa kaya kristal. Tahta kuwi ana ing tengah-tengahé, lan ing sak ubengé ana kerub papat. Bagéan ngarep lan bagéan mburi badané kerub kuwi kebak mripat. 7 Kerub sing kapisan kétok kaya singa, sing kapindho kétok kaya sapi lanang, sing katelu wajahé kaya manungsa, lan sing kapapat kétok kaya manuk elang sing lagi mabur. 8 Saben kerub sing cacahé papat mau, nduwé swiwi enem, lan kabèh swiwiné kebak mripat. Awan lan bengi, kerub-kerub kuwi terus-terusan kandha, ”Suci, suci, suci Gusti Allah Yéhuwah, Sing Mahakuwasa, sing mbiyèn ana, sing terus ana, lan sing bakal rawuh.” 9 Kerub-kerub kuwi mènèhké kamulyan, kaurmatan, lan ucapan sokur marang Pribadi sing lungguh ing tahta kuwi, sing urip langgeng saklawas-lawasé. Saben para kerub kuwi nindakké kuwi, 10 para pinituwa sing cacahé 24 mau padha sujud nyembah Pribadi sing lungguh ing tahta kuwi, sing urip langgeng saklawas-lawasé. Para pinituwa kuwi uga nguncalké mahkotané ing ngarepé tahta kuwi lan kandha, 11 ”Yéhuwah, Gusti Allahku sing kebak kuwasa, Panjenengan pantes dimulyakké lan dihormati, merga Panjenengan wis nyiptakké sakabèhé, lan kabèh kuwi ana lan diciptakké miturut kersané Panjenengan.”

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim