Referensi kanggo Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil
2-8 DESEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | WAHYU 7-9
”Yéhuwah Mberkahi Kumpulan Gedhé”
(Wahyu 7:9) Sakwisé kuwi, aku ndelok ana kumpulan gedhé wong akèh sing cacahé ora isa diétung. Wong-wong kuwi asalé saka kabèh bangsa, suku, golongan, lan basa. Wong-wong kuwi nganggo jubah putih lan ngadeg ing ngarepé tahta lan ing ngarepé Cempé kuwi, karo nggawa godhong palem.
it-1-IN 1364 ¶5
Kumpulan Gedhé
Terus, ana pitakonan: Nèk ”kumpulan gedhé” kuwi wong-wong sing slamet lan tetep ana ing bumi, terus piyé wong-wong kuwi ”ngadeg ing ngarepé tahta lan ing ngarepé Cempé”? (Why 7:9) Ing Alkitab, posisi ”ngadeg” kadhang digunakké kanggo nduduhké nèk wong kuwi wis nyenengké wong sing ana ing ngarepé. (Ms 1:5; 5:6; WB 22:29, AT; Luk 1:19) Ing pasal sakdurungé saka buku Wahyu, ”para raja ing bumi, para pejabat penting, komandan militèr, wong sugih, wong kuwat, uga saben budhak lan saben wong merdéka” digambarké bakal ndhelik ”saka Pribadi sing lungguh ing tahta kuwi lan saka murkané Cempé kuwi. Merga dina murkané sing gedhé banget wis teka. Sapa sing isa slamet?” (Why 6:15-17; bandhingna Luk 21:36.) Dadi, kétoké ”kumpulan gedhé” iki maksudé wong-wong sing wis dilindhungi saksuwéné dina murkané Gusti Allah lan ”ngadeg” dadi wong sing ditampa Gusti Allah lan Cempé kuwi.
(Wahyu 7:14) Aku langsung njawab, ”Gustiku, panjenengan sing ngerti jawabané.” Banjur dhèwèké kandha, ”Kuwi wong-wong sing slamet ngliwati sengsara gedhé. Wong-wong kuwi wis ngumbah lan nggawé putih jubahé nganggo getihé Sang Cempé.
(Wahyu 7:15-17) Kuwi sebabé, wong-wong kuwi ana ing ngarep tahtané Gusti Allah. Wong-wong kuwi nindakké tugas suci marang Panjenengané awan lan bengi ing baité Panjenengané. Lan Pribadi sing lungguh ing tahta kuwi bakal nglindhungi wong-wong kuwi. 16 Wong-wong kuwi ora bakal luwé utawa ngelak manèh. Wong-wong kuwi ora bakal kelaran merga kepanasen utawa kena panasé srengéngé sing ngenthang-ngenthang, 17 merga Sang Cempé sing ana ing tengah-tengahé tahta bakal ngengon wong-wong kuwi lan nuntun wong-wong kuwi menyang sumber banyu kauripan. Lan Gusti Allah bakal ngusapi sakèhé luh saka mripaté wong-wong kuwi.”
it-1-IN 1364 ¶4
Kumpulan Gedhé
Idèntitasé Kumpulan Gedhé. Kunci kanggo ngerti idèntitasé ”kumpulan gedhé” kuwi digambarké ing Wahyu pasal pitu lan ing katrangan liya sing padha. Wahyu 7:15-17 nyebutké nèk Gusti Allah ”bakal nglindhungi [utawa, ”bakal ngegarké kémahé kanggo ngayomi”, ctn] wong-wong kuwi”, bakal nuntun ing ”sumber banyu kauripan”, lan bakal ngusapi ”sakèhé luh saka mripaté wong-wong kuwi”. Ing Wahyu 21:2-4 awaké dhéwé isa nemokké kata-kata sing padha, yaiku ”Kémahé Gusti Allah ana ing antarané manungsa”, Panjenengané bakal ”ngusapi sakèhé luh saka mripaté wong-wong kuwi”, lan ”pati ora bakal ana manèh”. Penglihatan kuwi ora ana hubungané karo wong-wong ing swarga, sing liwat wong-wong kuwi ’Yérusalèm Anyar mudhun’. Ning, penglihatan kuwi ana hubungané karo wong-wong ing bumi, yaiku ing antarané manungsa.
Wulangan Penting
(Wahyu 7:1) Sakwisé kuwi, aku ndelok malaékat papat ngadeg ing patang pojoké bumi. Para malaékat kuwi nahan patang angin bumi, supaya ora ana angin ing bumi, ing laut, utawa ing wit-witan apa waé.
re-IN 113 ¶4
Mènèhi Meterai kanggo Israèlé Gusti Allah
4 Patang malaékat iki mesthi nggambarké patang kelompok malaékat sing digunakké Yéhuwah kanggo nahan hukuman saka Yéhuwah nganti wektu sing wis ditentokké. Wektu malaékat-malaékat kuwi ngeculké angin murkané Gusti Allah saka lor, kidul, wétan, lan kulon, kehancurané bakal parah banget. Kehancurané mèh padha kaya wektu Yéhuwah nggunakké angin papat kanggo ngancurké lan nyirnakké wong-wong Élam ing jaman mbiyèn, ning luwih gedhé. (Yérémia 49:36-38) Kehancurané ya bakal luwih parah ketimbang wektu Yéhuwah nggunakké ”angin gedhé” kanggo nyirnakké bangsa Amon. (Amos 1:13-15) Ora bakal ana bagéan saka organisasiné Sétan ing bumi sing isih ana wektu dina murkané Yéhuwah. Wektu kuwi Yéhuwah bakal neguhké haké kanggo mréntah kanggo saklawasé.—Jabur 83:16, 19; Yésaya 29:5, 6.
(Wahyu 9:11) Walang-walang kuwi nduwé raja, yaiku malaékat sing njaga jurang sing jero banget. Ing basa Ibrani, jenengé raja kuwi Abadon, lan ing basa Yunani jenengé Apolion.
it-1-IN 9 ¶8–10 ¶1
Abadon
Abadon, malaékat sing njaga jurang sing jero banget—sapa kuwi?
Ing Wahyu 9:11, kata ”Abadon” digunakké dadi jenengé ”malaékat sing njaga jurang sing jero banget.” Nèk ing basa Yunani disebut Apolion, sing artiné ”Sing Nyirnakké.” Ing abad 19, ana sing ngupaya kanggo nduduhké nèk ayat iki kanggo ngramalké tokoh-tokoh kaya Kaisar Vespasianus, Muhammad, lan Napoleon. Malaékat kuwi biasané dianggep ”nduwé sipat kaya Sétan”. Ning, ing Wahyu 20:1-3, malaékat sing nggawa ”kunci jurang sing jero banget” disebutké dadi wakilé Gusti Allah saka swarga, lan ora ”nduwé sipat kaya Sétan”. Malah, dhèwèké nalèni lan nguncalké Sétan ing jurang sing jero banget. Wektu ngomentari Wahyu 9:11, The Interpreter’s Bible ngomong, ”Ning, Abadon kuwi malaékaté Gusti Allah, dudu malaékaté Sétan. Dhèwèké nyirnakké merga dipréntahké karo Gusti Allah.”
Ing ayat-ayat saka Kitab-Kitab Ibrani sing lagi waé dirembug, jelas nèk ’avaddohn’ dipadhakké karo Syéol lan pati. Ing Wahyu 1:18, Yésus Kristus kandha, ”Aku bakal urip kanggo saklawas-lawasé, aku nduwé kunciné pati lan kunciné Kuburan.” Lukas 8:31 nyebutké nèk Yésus nduwé kuwasa marang jurang sing jero banget. Yésus nduwé kuwasa kanggo nyirnakké, klebu nyirnakké Sétan. Kuwi kebukti saka Ibrani 2:14, sing kandha nèk Yésus dadi manungsa bèn ”liwat patiné, dhèwèké isa nyirnakké sing nyebabké pati, yaiku Iblis”. Terus, Wahyu 19:11-16 nggambarké nèk Yésus ditetepké Gusti Allah dadi Sing Nyirnakké utawa Sing Ngukum.—Deloken APOLION.
Maca Alkitab
(Wahyu 7:1-12) Sakwisé kuwi, aku ndelok malaékat papat ngadeg ing patang pojoké bumi. Para malaékat kuwi nahan patang angin bumi, supaya ora ana angin ing bumi, ing laut, utawa ing wit-witan apa waé. 2 Banjur aku ndelok malaékat liyané munggah saka sisih wétan. Malaékat kuwi nggawa meterai saka Gusti Allah sing urip. Lan dhèwèké ngomong nganggo swara seru marang para malaékat sing diparingi kuwasa kanggo ngrusak bumi lan laut kuwi, 3 kandhané, ”Aja ngrusak bumi, laut, utawa wit-witan nganti aku kabèh rampung mènèhi meterai ing bathuké budhak-budhaké Gusti Allah kita.” 4 Aku krungu nèk wong-wong sing nampa meterai kuwi cacahé 144.000. Wong-wong kuwi asalé saka saben suku Israèl. 5 Saka suku Yéhuda ana 12.000 sing diwènèhi meterai, saka suku Rubèn 12.000, saka suku Gad 12.000, 6 saka suku Asyèr 12.000, saka suku Naftali 12.000, saka suku Manasyé 12.000, 7 saka suku Siméon 12.000, saka suku Lèwi 12.000, saka suku Isakhar 12.000, 8 saka suku Zébulon 12.000, saka suku Yusuf 12.000, saka suku Bényamin ana 12.000 sing diwènèhi meterai. 9 Sakwisé kuwi, aku ndelok ana kumpulan gedhé wong akèh sing cacahé ora isa diétung. Wong-wong kuwi asalé saka kabèh bangsa, suku, golongan, lan basa. Wong-wong kuwi nganggo jubah putih lan ngadeg ing ngarepé tahta lan ing ngarepé Cempé kuwi, karo nggawa godhong palem. 10 Wong-wong kuwi terus mbengok nganggo swara seru, ”Aku kabèh nampa keslametan saka Gusti Allahku sing lungguh ing tahta, lan saka Sang Cempé.” 11 Kabèh malaékat ngadeg ing sak ubengé tahta lan para pinituwa, lan ing sak ubengé kerub papat kuwi, banjur padha sujud ing ngarep tahta kuwi lan padha nyembah Gusti Allah, 12 karo kandha, ”Amin! Muga-muga pujian, kamulyan, kaurmatan, lan ucapan sokur diwènèhké kanggo saklawas-lawasé marang Gusti Allah kita sing wicaksana, sing kuwasa, lan sing nduwé kekuwatan. Amin.”
9-15 DESEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | WAHYU 10-12
”’Seksi Loro’ sing Dipatèni lan Diuripké Manèh”
(Wahyu 11:3) Aku bakal ngutus seksi-Ku loro kanggo mènèhi ramalan saksuwéné 1.260 dina karo nganggo kain goni.”
w14-IN 15/11 30
Pitakonané sing Maca
Sapa sing dimaksud karo seksi loro sing disebutké ing Wahyu bab 11?
Wahyu 11:3 nyebutké soal seksi loro sing mènèhi ramalan saksuwéné 1.260 dina. Terus, dikandhakké nèk seksi loro kuwi bakal ”dikalahké, lan dipatèni” kéwan buas. Ning, sakwisé ”telu setengah dina”, seksi loro iki bakal diuripké manèh. Kuwi nggawé wong-wong sing ndelok dadi wedi banget.—Why. 11:7, 11.
Sapa seksi loro iki? Ana katrangan-katrangan ing crita kuwi sing isa njelaské. Sing pertama, awaké dhéwé dikandhani nèk seksi loro kuwi ”dilambangké karo wit zaitun loro lan wadhah lampu loro”. (Why. 11:4) Iki mèh padha karo wadhah lampu lan wit zaitun loro sing disebutké ing ramalané Zakharia. Wit-wit zaitun kuwi nggambarké ”wong loro kang dijebadi”, yaiku Gubernur Zérubabèl lan Imam Agung Yosua ”kang ngadeg ana ing ngarsané Pangéraning salumahé bumi”. (Zf. 4:1-3, 14) Sing keloro, disebutké nèk seksi loro kuwi nindakké mukjijat sing mirip kaya mukjijat sing ditindakké Musa lan Èlia.—Bandhingna Wahyu 11:5, 6 karo Wilangan 16:1-7, 28-35 lan 1 Para Raja 17:1; 18:41-45.
Saka ayat-ayat kuwi, apa sing padha? Ayat-ayat kuwi maksudké kaum terurap sing mimpin saksuwéné umaté Gusti Allah diuji. Dadi, sing disebutké ing Wahyu 11 kuwi maksudé kaum terurap sing mimpin wektu Kratoné Allah mulai mréntah ing swarga taun 1914, sing nginjil ”karo nganggo kain goni” saksuwéné telu setengah taun.
Sakwisé telu setengah taun ngabar ”karo nganggo kain goni”, kaum terurap kuwi kaya-kayané dipatèni wektu dipenjara saksuwéné telu setengah dina. Mungsuh-mungsuhé nganggep nèk gawéan nginjil wis mandheg. Mula, mungsuh-mungsuh kuwi padha seneng.—Why. 11:8-10.
Ning, kaya sing wis diramalké, seksi loro kuwi diuripké manèh sakwisé telu setengah dina. Wong-wong terurap iki dibébaské saka penjara. Terus, ana sing dilantik Gusti Allah liwat Yésus. Ing taun 1919, wong-wong kuwi termasuk sing dilantik dadi ”budhak sing setya lan wicaksana”. Wong-wong kuwi nduwé tugas kanggo nyedhiakké kebutuhan rohaniné umaté Gusti Allah ing akhir jaman.—Mat. 24:45-47; Why. 11:11, 12.
Terus, Wahyu 11:1, 2 nyebutké nèk peristiwa-peristiwa kuwi bakal kelakon wektu bait rohani diukur, utawa dipriksa. Maléakhi 3 ya nyebutké soal bait rohani sing dipriksa, terus diresiki. (Ml. 3:1-4) Sepira suwéné bait kuwi dipriksa lan diresiki? Kuwi ditindakké saka taun 1914 nganti awal taun 1919. Kuwi berarti klebu 1.260 dina (42 sasi) lan ”telu setengah dina” sing disebutké ing Wahyu 11.
Awaké dhéwé mesthi seneng banget merga Yéhuwah wis nggawé pengaturan iki bèn isa nyucèkké umaté sing nindakké apa sing apik! (Titus 2:14) Awaké dhéwé ya mesthi ngajèni apa sing wis ditindakké seksi loro kuwi yaiku kaum terurap sing setya sing mimpin ing wektu sing angèl diadhepi.
(Wahyu 11:7) Sakwisé rampung anggoné martakké warta mau, seksi loro kuwi bakal diserang, dikalahké, lan dipatèni karo kéwan buas sing metu saka jurang sing jero banget.
(Wahyu 11:11) Sakwisé telu setengah dina, Gusti Allah nguripké manèh nabi loro kuwi. Nabi loro kuwi banjur ngadeg, lan wong-wong sing padha ndelok dadi wedi banget.
Wulangan Penting
(Wahyu 10:9, 10, ctn.) Banjur aku lunga nemoni malaékat kuwi lan njaluk gulungan cilik kuwi. Dhèwèké kandha, ”Jupuken lan panganen nganti entèk. Kuwi bakal nggawé wetengmu pait, nanging ing cangkemmu kuwi bakal legi kaya madu.” 10 Aku njupuk gulungan cilik kuwi saka tangané malaékat mau, banjur tak pangan. Ing cangkemku, kuwi rasané legi kaya madu, nanging pas aku wis mangan kuwi, wetengku pait.
it-1-IN 826 ¶2
Gulungan
Kanggo Dadi Lambang. Ing Alkitab, ana akèh conto kata ”gulungan” sing digunakké dadi gambaran. Yèhèzkièl ndelok gulungan sing ditulisi bolak-balik. Zakharia ya ngalami peristiwa sing padha. Biasané gulungan mung bakal ditulisi ngarepé thok. Nèk nganti ditulisi bolak-balik, berarti berita penghukuman sing ditulis ing kono kuwi bener-bener serius lan penting. (Yk 2:9–3:3; Za 5:1-4) Ing penglihatan sing dicathet ing buku Wahyu, pribadi sing lungguh ing tahta kuwi nyekel gulungan ing tangan tengené. Gulungan kuwi ditutup nganggo pitung meterai bèn isiné ora kétok nganti Cempé kuwi sing mbukakké. (Why 5:1, 12; 6:1, 12-14) Terus, ing penglihatan kuwi Yohanes diwènèhi gulungan lan dikongkon mangan gulungan kuwi. Rasané legi, ning nggawé wetengé Yohanes krasa pait. Merga gulungan kuwi kebukak lan ora diwènèhi meterai, kuwi berarti isi gulungané isa dingertèni. Isiné ”legi” kanggo Yohanes, ning dhèwèké ya kudu martakké apa sing ”pait”. (Why 10:1-11, ctn.) Yèhèzkièl ya ngalami sing padha wektu diwènèhi gulungan sing isiné ”kidung pangadhuh, pangesah lan pasambat”.—Yk 2:10.
(Wahyu 12:1-5) Banjur, aku ndelok ana kedadéan sing nggumunké ing langit. Ana wong wadon sing nganggo klambi srengéngé, lan bulan ana ing ngisor sikilé. Lan ing sirahé ana mahkota sing digawé saka 12 bintang. 2 Dhèwèké lagi mbobot, lan dhèwèké njerit merga kelaran arep nglairké. 3 Ana kedadéan liya sing tak delok ing langit. Ana naga gedhé warnané abang mbranang. Endhasé ana pitu lan sunguné ana sepuluh. Ing saben endhasé ana siji mahkota. 4 Buntuté nyèrèd sepertelu bintang ing langit, lan dhèwèké nguncalké bintang-bintang kuwi menyang bumi. Naga kuwi terus-terusan ngadeg ing ngarepé wong wadon mau, supaya wektu wong wadon kuwi nglairké, naga kuwi isa nguntal anaké wong wadon mau. 5 Wong wadon kuwi nglairké anak lanang, sing bakal ngengon kabèh bangsa nganggo tongkat wesi. Sakwisé lair, anak lanang kuwi langsung diplayokké menyang Gusti Allah sing lungguh ing tahtané.
it-2-IN 701 ¶5-7
Lara Arep Nglairké
Ing penglihatan sing ditampa Rasul Yohanes ing buku Wahyu, dhèwèké ndelok ana wong wédok ing swarga sing njerit merga ”kelaran arep nglairké”. Sing lair yaiku ”anak lanang, sing bakal ngengon kabèh bangsa nganggo tongkat wesi”. Senajan arep diuntal naga, ”anak lanang kuwi langsung diplayokké menyang Gusti Allah sing lungguh ing tahtané”. (Why 12:1, 2, 4-6) Merga anak kuwi digawa Gusti Allah, berarti Gusti Allah nampa anak kuwi dadi duwèké dhéwé. Kuwi kaya kebiasaan ing jaman mbiyèn, yaiku nggawa anak ing ngarepé bapaké bèn ditampa bapaké. (Deloken LAIR.) Dadi, ”wong wadon” kuwi ”bojoné” Gusti Allah, ”Yérusalèm sing ana ing ndhuwur”, lan ”ibu” saka Kristus lan sedulur-sedulur rohaniné.—Gal 4:26; Ibr 2:11, 12, 17.
”Wong wadon” sing ana ing swarga kuwi ora ngrasakké lara wektu nglairké merga dhèwèké sampurna. Rasa larané kuwi mung kanggo nggambarké nèk ”wong wadon” kuwi ngerti sedhéla manèh arep nglairké. Dhèwèké wis siap nèk kuwi kelakon ora suwé manèh.—Why 12:2.
”Anak lanang” kuwi sapa? Dhèwèké bakal ”ngengon kabèh bangsa nganggo tongkat wesi”. Kuwi disebutké ing Jabur 2:6-9 sing ngramalké soal Raja lan Mésias sing dipilih Gusti Allah. Ning, Yohanes ndelok penglihatan kuwi suwé sakwisé Kristus lair, mati, lan dibangkitké ing bumi. Penglihatan kuwi kétoké maksudké lairé Kratoné Mésias sing dipimpin karo Putrané Gusti Allah yaiku Yésus Kristus sing wis dibangkitké. Dhèwèké ”lungguh ing sisih tengené Gusti Allah, karo nunggu nganti mungsuh-mungsuhé didadèkké ancik-aciké sikilé”.—Ibr 10:12, 13; Ms 110:1; Why 12:10.
Maca Alkitab
(Wahyu 10:1-11) Banjur aku ndelok malaékat liyané sing kuwat, mudhun saka swarga, kemulan méga lan ana pelangi ing ndhuwur sirahé. Rupané malaékat kuwi kaya srengéngé, lan sikilé kaya cagak geni. 2 Dhèwèké nyekel gulungan cilik sing kebukak. Sikilé sing tengen napak ing laut, lan sikilé sing kiwa napak ing daratan. 3 Banjur dhèwèké mbengok nganggo swara seru kaya singa sing nggero. Wektu dhèwèké mbengok, aku krungu pitung gludhug ngomong. 4 Wektu pitung gludhug kuwi ngomong, aku wis siap-siap arep nulis, nanging ana swara saka langit sing ngongkon aku, ”Dhelikna bab-bab sing diomongké pitung gludhug kuwi, lan aja kok tulis.” 5 Malaékat sing tak delok ngadeg ing laut lan daratan kuwi ngangkat tangané tengen ing langit. 6 Lan dhèwèké sumpah demi Pribadi sing urip langgeng saklawas-lawasé, sing nggawé langit lan sak isiné, bumi lan sak isiné, uga laut lan sak isiné. Dhèwèké kandha, ”Gusti Allah ora bakal ngundur-undur manèh. 7 Nanging wektu malaékat sing kapitu mèh nyebul trompèté, rahasia suciné Gusti Allah bakal bener-bener kelakon. Iki rahasia suci sing Gusti Allah wartakké dadi kabar apik marang budhak-budhaké, yaiku para nabi.” 8 Banjur aku krungu ana swara saka langit sing ngomong marang aku, ”Lungaa, jupuken gulungan sing kebukak, sing ana ing tangané malaékat sing ngadeg ing laut lan ing daratan mau.” 9 Banjur aku lunga nemoni malaékat kuwi lan njaluk gulungan cilik kuwi. Dhèwèké kandha, ”Jupuken lan panganen nganti entèk. Kuwi bakal nggawé wetengmu lara, nanging ing cangkemmu kuwi bakal legi kaya madu.” 10 Aku njupuk gulungan cilik kuwi saka tangané malaékat mau, banjur tak pangan. Ing cangkemku, kuwi rasané legi kaya madu, nanging pas aku wis mangan kuwi, wetengku lara. 11 Banjur aku diwènèhi préntah iki, ”Kowé kudu ngramal bab wong-wong, bangsa-bangsa, basa-basa, lan akèh raja.”
16-22 DESEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | WAHYU 13-16
”Aja Wedi karo Kéwan-Kéwan Buas”
(Wahyu 13:1, 2) Banjur dhèwèké tetep ngadeg ing pantai. Lan aku ndelok ana kéwan buas sing njedhul saka laut. Kéwan iki sunguné sepuluh, endhasé pitu, lan ing saben sunguné ana mahkotané, lan ing saben endhasé ana jeneng-jeneng sing ngrèmèhké Gusti Allah. 2 Kéwan buas sing tak delok kuwi wujudé kaya macan tutul, nanging sikilé kaya sikil beruang, lan cangkemé kaya cangkem singa. Naga kuwi mènèhi kewan buas iki kekuwatané, tahtané, lan kuwasa sing gedhé.
w12-IN 15/6 8 ¶6
Yéhuwah Kuwi sing Nyingkapké Rahasia
6 Ing akhir abad pertama Masèhi, Yésus sing wis dibangkitké mènèhi rasul Yohanes akèh penglihatan sing luar biasa (Why 1:1) Ing salah siji penglihatané, Yohanes ndelok naga, yaiku Iblis, sing ngadeg ing pantai. (Wacanen Wahyu 13:1, 2.) Yohanes ya ndelok ana kéwan buas sing anèh njedhul saka laut lan éntuk kuwasa sing gedhé saka Iblis. Bar kuwi, ana malaékat sing ngandhani Yohanes nèk kéwan buas sing endhasé pitu, yaiku patung kéwan buas sing disebutké ing Wahyu 13:1, nglambangké ”pitung raja”, utawa pamréntahan. (Why 13:14, 15; 17:3, 9, 10) Wektu Yohanes nulis kuwi, limang pamréntahan wis hancur, siji lagi mréntah, lan siji manèh ”durung teka”. Kerajaan-kerajaan, utawa kuasa dunia apa sing dimaksud ing penglihatan iki? Ayo sinau soal apa sing digambarké karo endhas-endhasé kéwan buas ing buku Wahyu. Awaké dhéwé ya bakal mriksa ramalan ing buku Danièl, sing wis mènèhi katrangan soal iki pirang-pirang abad sakdurungé kerajaan-kerajaan kuwi ana.
(Wahyu 13:11) Banjur aku ndelok kéwan buas liyané njedhul saka njero bumi. Kéwan buas kuwi sunguné loro, lan sunguné kuwi mirip karo sunguné cempé, nanging carané ngomong kaya naga.
(Wahyu 13:15) Dhèwèké uga diijinké kanggo mènèhi napas marang patung kéwan buas kuwi, mula patung kuwi isa ngomong lan mènèhi préntah kanggo matèni kabèh wong sing ora gelem nyembah patung kéwan buas kuwi.
re-IN 194 ¶26
Nglawan Kéwan Buas Loro
26 Sapa kuwi? Kuasa Dunia Anglo-Amerika. Kuwi padha karo endhas kepitu saka kéwan buas sing pertama, ning nduwé tugas khusus. Ing penglihatan iki, dhèwèké dipisahké dadi kéwan buas liyané bèn awaké dhéwé isa luwih paham apa sing dhèwèké tindakké ing donya iki. Sungu loroné nggambarké pamréntahan loro sing padha-padha nduwé kuwasa, ning kerja sama. Sungu loro sing ”mirip karo sunguné cempé” maksudé dhèwèké péngin kétok alus, apikan, lan dadi pamréntahan sing apik bèn kabèh bangsa gelem ndhukung. Ning, dhèwèké ngomong ”kaya naga” merga dhèwèké nindhes, ngancem, lan malah nindakké kekerasan nèk ana sing ora manut karo aturané. Dhèwèké ora ngongkon wong-wong manut karo Kratoné Allah sing dipréntah Sang Cempé, ning ngongkon manut karo Sétan, si naga gedhé. Dhèwèké nggawé wong-wong nyembah kéwan buas sing pertama nganggo cara mengaruhi wong-wong kuwi dadi ora rukun.
re-IN 195 ¶30-31
Nglawan Kéwan Buas Loro
30 Sejarah nduduhké nèk patung iki yaiku organisasi sing awalé disebut Liga Bangsa Bangsa. Organisasi iki diusulké, dikembangké, lan didhukung karo Inggris lan Amerika Serikat. Terus, ing Wahyu bab 17, organisasi iki digambarké dadi kéwan buas sing warnané abang mbranang sing urip lan dudu bagéan saka kéwan buas liyané. Organisasi iki ”ngomong”, nèk mung organisasi iki sing isa nggawé manungsa dadi damai lan aman. Ning, nyatané bangsa-bangsa anggotané malah ora rukun. Organisasi iki ya ngancem bakal nggawé bangsa utawa kabèh wong sing ora gelem manut dadi susah. Malah organisasi kuwi ya wis ngetokké bangsa-bangsa sing ora setuju karo pendapaté. Ing awal sengsara gedhé, sungu-sungu militèr saka patung kéwan buas iki bakal nindakké tugasé kanggo ngancurké.—Wahyu 7:14; 17:8, 16.
31 Kèt Perang Donya II, patung kéwan buas sing saiki disebut Perserikatan Bangsa Bangsa wis matèni akèh wong. Contoné, ing taun 1950 pasukané PBB nggawé Korea Utara lan Korea Selatan perang. Pasukané PBB bareng karo wong Korea Selatan matèni kira-kira 1.420.000 wong Korea Utara lan Cina. Kuwi ya kelakon manèh ing taun 1960 nganti 1964 wektu tentarané PBB ana ing Kongo (Kinshasa). Para pemimpin donya, termasuk Paus Paulus VI lan Paus Yohanes Paulus II ya terus nandheské nèk patung iki dadi harapan sing paling apik kanggo manungsa bèn isa damai. Wong-wong kuwi ngomong nèk manungsa bakal hancur nèk ora gelem manut. Dadi, organisasi iki sing ”matèni” wong-wong sing ora gelem nyembah patung kuwi.—Pangandharing Torèt 5:8, 9.
(Wahyu 13:16, 17) Dhèwèké meksa kabèh wong kanggo nampa tandha ing tangan tengen utawa ing bathuk, embuh kuwi wong biasa utawa wong penting, wong sugih utawa wong miskin, wong merdéka utawa budhak. 17 Ora ana sing isa dol-tinuku nèk ora nduwé tandha kuwi, yaiku jenengé kéwan buas kuwi utawa angka sing nglambangké jenengé kuwi.
w09-IN 15/2 4 ¶2
Piwulang Penting saka Buku Wahyu—II
13:16, 17. Senajan ngalami akèh kesusahan wektu nindakké kegiatan saben dina kaya ”dol-tinuku”, aja nganti awaké dhéwé dikendhalèni karo kéwan buas. Nèk nampa ”tandha ing tangan tengen utawa ing bathuk”, kuwi berarti awaké dhéwé ngijinké kéwan buas ngendhalèkké tumindak lan pikirané awaké dhéwé.
Wulangan Penting
(Wahyu 16:13, 14) Banjur aku weruh naga, kéwan buas, lan nabi palsu sing padha ngetokké omongan sing najis saka cangkemé. Telung omongan sing najis kuwi kétok kaya kodhok. 14 Sakjané, kuwi kabèh omongan sing asalé saka roh-roh jahat lan dirungokké karo kabèh raja ing bumi. Omongan-omongan kuwi nggawé akèh mukjijat supaya raja-raja kuwi padha ngumpul ing perang ing dinané Gusti Allah Sing Mahakuwasa.
w09-IN 15/2 4 ¶5
Piwulang Penting saka Buku Wahyu—II
16:13-16. ”Omongan sing najis” nglambangké apa waé sing digunakké hantu-hantu bèn para raja ing bumi ora kena pengaruh saka murkané Gusti Allah sing ana ing pitung mangkok sing diesokké. Para raja kuwi malah dituntun bèn nglawan Yéhuwah.—Mat. 24:42, 44.
(Wahyu 16:21) Banjur saka langit ana udan ès sing nibani wong-wong. Saben prongkolan ès sing tiba aboté kira-kira 20 kilogram. Lan wong-wong padha ngrèmèhké Gusti Allah merga bencana udan ès sing medèni banget kuwi.
Tetep Setya Bèn Isa Slamet saka ”Sengsara Gedhé”
9 Saiki, awaké dhéwé nduwé tugas kanggo martakké kabar apik bab Kratoné Allah lan mbantu wong-wong bèn dadi muridé Yésus. Pas sengsara gedhé sukmbèn ya bakal ana kabar sing kudu diwartakké. Wektu kuwi, mungkin awaké dhéwé kudu martakké kabar penghukuman saka Yéhuwah, sing digambarké kaya udan ès sing nibani wong-wong. (Why. 16:21) Awaké dhéwé mungkin bakal ngandhani wong-wong nèk donya sing dikuwasani Sétan iki wis mèh disirnakké. Sukmbèn, awaké dhéwé mesthi bakal dikandhani soal kabar apa sing kudu diwartakké. Awaké dhéwé mesthi ya bakal dikandhani soal piyé carané martakké, apa bakal nggunakké cara sing padha kaya saiki utawa nganggo cara sing liyané. Ora soal apa sing kelakon sukmbèn, iki bakal dadi tugas sing istiméwa kanggo awaké dhéwé.—Yk. 2:3-5.
Maca Alkitab
(Wahyu 16:1-16) Banjur aku krungu swara seru saka panggonan suci kuwi ngongkon malaékat pitu kuwi, ”Lungaa lan esokna murkané Gusti Allah sing ana ing pitung mangkok kuwi menyang bumi.” 2 Malaékat sing kapisan lunga lan ngesokké mangkoké menyang bumi. Banjur wong sing nduwé tandha kéwan buas kuwi lan sing nyembah patungé padha kena bisul sing lara banget lan mbebayani. 3 Malaékat sing kapindho ngesokké mangkoké menyang laut. Lan laut dadi getih, kaya getihé wong sing dipatèni. Kabèh makhluk sing urip, sing ana ing laut, padha mati. 4 Malaékat sing katelu ngesokké mangkoké menyang kali lan sumber-sumber banyu. Banjur kuwi kabèh dadi getih. 5 Aku krungu malaékat sing nduwé kuwasa marang banyu kuwi kandha, ”Panjenengan Gusti Allah sing setya, sing mbiyèn ana, lan sing terus ana. Panjenengan adil merga wis nindakké pengadilan kuwi. 6 Wong-wong kuwi wis ngwutahké getihé para wong suci lan para nabi, kuwi sebabé Panjenengan nggawé wong-wong kuwi ngombé getih. Kuwi pantes ditampa wong-wong kuwi.” 7 Banjur aku krungu swara saka mésbah kuwi kandha, ”Gusti Allah Yéhuwah, Sing Mahakuwasa, pengadilan-pengadilan sing Panjenengan tindakké kuwi bener lan adil.” 8 Malaékat sing kapapat ngesokké mangkoké menyang srengéngé. Lan srengéngé diijinké kanggo ngobong manungsa. 9 Manungsa banjur padha gosong merga saking panasé. Wong-wong kuwi ora mertobat, nanging malah ngrèmèhké asmané Gusti Allah, lan ora ngluhurké Gusti Allah sing nduwé kuwasa kanggo nyebabké bencana-bencana mau. 10 Malaékat sing kalima ngesokké mangkoké menyang tahtané kéwan buas kuwi. Banjur kratoné kéwan buas kuwi dadi peteng, lan wong-wong padha nggeget ilaté merga saking larané. 11 Nanging wong-wong kuwi ora mertobat saka tumindaké sing ala. Wong-wong kuwi malah padha ngrèmèhké Gusti Allah sing nduwé kuwasa tumrap swarga merga rasa lara lan merga saka bisulé mau. 12 Malaékat sing kaenem ngesokké mangkoké menyang kali sing gedhé, yaiku Éfrat. Terus banyuné dadi asat, mula raja-raja saka wétan isa liwat ing kali kuwi. 13 Banjur aku weruh naga, kéwan buas, lan nabi palsu sing padha ngetokké omongan sing najis saka cangkemé. Telung omongan sing najis kuwi kétok kaya kodhok. 14 Sakjané, kuwi kabèh omongan sing asalé saka roh-roh jahat lan dirungokké karo kabèh raja ing bumi. Omongan-omongan kuwi nggawé akèh mukjijat supaya raja-raja kuwi padha ngumpul ing perang ing dinané Gusti Allah Sing Mahakuwasa. 15 Banjur ana swara, ”Waspadaa! Aku bakal teka kaya maling. Bungah wong sing tetep waspada lan ora ana sing njupuk klambi njabané, supaya wong-wong ora ndelok dhèwèké wuda, banjur dhèwèké kisinan.” 16 Raja-raja kuwi banjur diklumpukké ing panggonan sing disebut Armagédon ing basa Ibrani.
23-29 DESEMBER
SINAU SAKA ALKITAB | WAHYU 17-19
”Perang Terakhiré Gusti Allah”
(Wahyu 19:11) Aku ndelok langit kebukak, lan ana jaran putih siji. Sing nunggang disebut Setya lan Bener. Dhèwèké ngadili lan perang demi kaadilan.
(Wahyu 19:14-16) Pasukan ing swarga ngetutké dhèwèké karo nunggang jaran putih. Pasukan kuwi nganggo klambi saka linen alus, sing putih, lan resik. 15 Saka tutuké metu pedhang sing dawa lan landhep, sing digunakké kanggo nyirnakké bangsa-bangsa. Dhèwèké bakal ngengon bangsa-bangsa nganggo tongkat wesi. Dhèwèké uga ngidak-idak papan kanggo meres anggur, sing nglambangké murka sing mulad-mulad saka Gusti Allah sing Mahakuwasa. 16 Ing klambi njabané, yaiku ing bagéan pupuné, ana jeneng sing katulis, yaiku: Rajané kabèh raja lan Gustiné kabèh gusti.
w08-IN 1/4 8 ¶3-4
Armagédon—Perangé Gusti Allah kanggo Ngakhiri Kabèh Perang
Wong-wong bener ora bakal isa damai lan aman nèk wong jahat isih ana. (Wulang Bebasan 29:2; Kohèlèt 8:9) Awaké dhéwé ora mungkin isa misahké kejahatan saka wong-wong sing nindakké kuwi. Mula, bèn ana keadilan lan damai saklawasé, wong-wong jahat kudu disingkirké. Salomo nulis, ”Wong duraka iku kanggo tebusané wong bener.”—Wulang Bebasan 21:18.
Merga Gusti Allah sing dadi hakim, awaké dhéwé isa yakin nèk ing saben masalah, wong jahat bakal diadili nganggo cara sing adil lan bener. Abraham takon, ”Punapa Hakiming jagad boten nindakaken kaadilan?” Abraham akhiré ngerti nèk Yéhuwah kuwi mesthi bener. (Purwaning Dumadi 18:25) Terus, Alkitab nggawé awaké dhéwé yakin nèk sakjané Yéhuwah ora seneng nyingkirké wong jahat. Kuwi ditindakké merga wis ora ana pilihan liya.—Yéheskièl 18:32; 2 Pétrus 3:9.
it-1-IN 1353 ¶1
Jaran
Ing penglihatan sing ditampa Rasul Yohanes, Yésus Kristus sing dimulyakké lagi nunggang jaran putih lan dikancani karo pasukan sing ya nunggang jaran-jaran putih. Penglihatan iki disingkapké kanggo Yohanes bèn dadi gambaran nèk perangé Yésus Kristus nglawan kabèh mungsuhé kanggo kepentingané Yéhuwah kuwi perang sing adil lan bener. (Why 19:11, 14) Sakdurungé, Kristus sing tumindak dadi raja lan bencana-bencana sing kelakon sakwisé kuwi digambarké karo penunggang-penunggang jaran lan jaran-jarané.—Why 6:2-8.
(Wahyu 19:19, 20) Banjur aku ndelok kéwan buas kuwi, raja-raja ing bumi, lan pasukané ngumpul bareng kanggo perang nglawan sing nunggang jaran kuwi lan pasukané. 20 Kéwan buas kuwi dicekel bareng karo nabi palsu sing nduduhké mukjijat ing ngarepé kéwan buas kuwi. Nabi kuwi nyasarké wong-wong sing nampa tandha saka kéwan buas kuwi lan wong-wong sing nyembah patungé. Banjur kéwan buas lan nabi palsu kuwi dicemplungké urip-urip menyang danau geni sing mulad-mulad merga belérang.
re-IN 285 ¶24
Raja-Pejuang Menang ing Armagédon
24 Kéwan buas sing endhasé pitu lan sunguné sepuluh sing metu saka laut nggambarké organisasi politiké Sétan. Organisasi kuwi disirnakké bareng karo nabi palsu yaiku kuasa dunia sing kepitu. (Wahyu 13:1, 11-13; 16:13) Wektu isih kerjasama nglawan umaté Gusti Allah, kéwan lan nabi palsu kuwi ”dicemplungké urip-urip” ing ”danau geni”. Apa iki danau geni tenanan? Ora. Kaya kéwan buas lan nabi palsu, danau geni iki ya dudu danau tenanan. Danau geni kuwi dadi lambang nèk kabèh sing mlebu kono bakal disirnakké lan ora bakal urip manèh. Kematian, Hadès, lan Iblis ya bakal dicemplungké mrono. (Wahyu 20:10, 14) Iki mesthi dudu neraka, merga Yéhuwah ora seneng nyiksa wong.—Yérémia 19:5; 32:35; 1 Yohanes 4:8, 16.
(Wahyu 19:21) Nanging sing liyané dipatèni nganggo pedhang dawa sing metu saka tutuké sing nunggang jaran kuwi. Lan kabèh manuk mangan dagingé nganti wareg.
re-IN 286 ¶25
Raja-Pejuang Menang ing Armagédon
25 Kabèh sing dudu bagéan langsung saka pamréntah, ning tetep dadi bagéan sing ora isa didandani saka donya sing jahat iki ya bakal ’dipatèni nganggo pedhang dawa saka sing nunggang jaran kuwi’. Yésus bakal ngumumké nèk wong-wong kuwi pantes mati. Merga ora disebutké soal ”danau geni”, apa iki berarti wong-wong kuwi bakal dibangkitké? Awaké dhéwé ora ngerti apa wong-wong sing dihukum karo Hakimé Yéhuwah wektu kuwi bakal diuripké manèh. Kaya kandhané Yésus, kabèh sing dudu ”wedhus gèmbèl” bakal ’mlebu ing geni sing langgeng, sing disiapké kanggo Iblis lan para malaékaté’, yaiku ”bakal disirnakké saklawasé”. (Matius 25:33, 41, 46) Iki dadi puncaké ”dina pengadilan lan dina kanggo nyirnakké wong-wong sing ora ngajèni Gusti Allah”.—2 Pétrus 3:7; Nahum 1:2, 7-9; Maléakhi 4:1.
Wulangan Penting
(Wahyu 17:8) Kéwan buas sing kok delok kuwi mbiyèn tau ana, nanging saiki ora ana, lan sedhéla manèh dhèwèké bakal metu saka jurang sing jero banget, lan dhèwèké bakal disirnakké. Penduduk bumi, sing jenengé ora ditulis ing gulungan kauripan saka wiwitané donya, bakal padha nggumun merga kéwan buas kuwi mbiyèn ana, saiki ora ana, nanging bakal ana manèh.
re-IN 247-248 ¶5-6
Rahasia sing Luar Biasa Disingkapké
5 ”Kéwan buas . . . kuwi mbiyèn tau ana.” Kéwan kuwi yaiku Liga Bangsa-Bangsa sing ana kèt tanggal 10 Januari 1920. Anggotané ana 63 negara sing nggabung ing wektu sing béda-béda. Ning, Jepang, Jerman, lan Italia ngundurké diri. Terus, Uni Soviet ditokké saka Liga kuwi. Ing sasi September 1939, diktator Nazi saka Jerman mulai Perang Donya II. Merga ora isa njaga donya tetep damai, Liga Bangsa-Bangsa bener-bener kaya mlebu ing jurang sing jero lan ora isa ngapa-ngapa manèh. Ing taun 1942, Liga Bangsa-Bangsa dadi kaya sing ”mbiyèn tau ana”. Pas kuwi, Yéhuwah langsung ngandhani umaté arti saka penglihatan kuwi. Ing Kebaktian Téokratis Donya Anyar, Sedulur N. H. Knorr kandha nèk kaya ramalan kuwi, ”kéwan buas . . . kuwi saiki ora ana”. Terus, dhèwèké takon, ”Apa Liga kuwi bakal tetep ana ing jurang?” Karo ngutip Wahyu 17:8 dhèwèké njawab, ”Organisasi bangsa-bangsa bakal ana manèh.” Ramalané Yéhuwah kebukti bener merga peristiwa kuwi kelakon tenanan.
Metu saka Jurang sing Jero Banget
6 Kéwan buas sing warnané abang mbranang kuwi metu saka jurang sing jero banget. Ing tanggal 26 Juni 1945 ing San Fransisco, A.S., ana 50 negara sing nyetujoni Piagam saka organisasi Perserikatan Bangsa-Bangsa. Tujuané organisasi iki kanggo ”njaga perdamaian lan keamanan ing antarané bangsa-bangsa”. Ana akèh sing padha antarané Liga Bangsa-Bangsa lan Perserikatan Bangsa-Bangsa. The World Book Encyclopedia kandha, ”PBB kuwi mèh padha karo Liga Bangsa-Bangsa, sing dibentuk sakwisé Perang Donya I . . . Akèh negara sing ngedegké Liga Bangsa-Bangsa ya mèlu ngedegké PBB. Kaya Liga Bangsa-Bangsa, PBB dibentuk kanggo njaga bèn bangsa-bangsa isa damai. Bagéan-bagéan utamané PBB kuwi mirip banget karo bagéan-bagéané Liga Bangsa-Bangsa.” Mula, PBB kuwi sakjané kéwan buas sing wernané abang mbranang sing urip manèh. Jumlah anggotané kira-kira 190 negara. Kuwi luwih akèh ketimbang Liga Bangsa-Bangsa sing mung 63 negara. PBB ya nduwé tanggung jawab sing luwih gedhé ketimbang Liga Bangsa-Bangsa.
(Wahyu 17:16, 17) Sepuluh sungu sing kok delok lan kéwan buas kuwi bakal sengit marang pelacur kuwi, ngrampas kabèh duwèké, nggawé dhèwèké wuda, mangan dagingé, lan ngobong dhèwèké nganti entèk. 17 Kuwi merga Gusti Allah ndèlèhké ing atiné sepuluh raja kuwi pepénginan kanggo nindakké kersané Panjenengané. Sepuluh raja kuwi nduwé tujuan sing padha, yaiku masrahké kratoné marang kéwan buas kuwi, nganti pangandikané Gusti Allah kelakon.
w12-IN 15/6 18 ¶17
Yéhuwah Nyingkapké Apa sing ”Sedhéla Manèh Mesthi Bakal Kelakon”
17 Agama palsu ora bakal sirna alon-alon. Pelacur kuwi bakal isih nduwé pengaruh sing gedhé lan ngupaya ngongkon para raja kanggo nindakké kepénginané. Ning, Gusti Allah bakal nggawé para raja kuwi nindakké sing dipéngini Gusti Allah. (Wacanen Wahyu 17:16, 17.) Ora suwé manèh, Yéhuwah bakal nggawé wong-wong ing bidang politik sing diwakili karo PBB kanggo nyerang agama palsu. PBB bakal nyirnakké pengaruhé pelacur kuwi lan ngrampas kabèh duwèké. Saiki, pelacur kuwi isih isa njogèd-njogèd ing mburiné kéwan buas sing wernané abang mbranang. Ning, pelacur kuwi ora bakal kélangan kedudukané alon-alon. Dhèwèké bakal disirnakké dadakan.—Why. 18:7, 8, 15-19.
Maca Alkitab
(Wahyu 17:1-11) Salah siji saka malaékat pitu sing nggawa pitung mangkok kuwi teka lan kandha marang aku, ”Ayo, tak duduhi hukuman kanggo pelacur gedhé sing lungguh ing ndhuwuré banyu sing akèh. 2 Raja-raja ing bumi nindakké hubungan sèks sing ora sah karo dhèwèké, lan penduduk bumi digawé mendem merga angguré, yaiku hubungan sèks sing ora sah sing dhèwèké tindakké.” 3 Malaékat kuwi banjur nggawa aku menyang padhang belantara nganggo kuwasané roh suci. Terus aku ndelok wong wadon lungguh ing ndhuwuré kéwan buas sing wernané abang mbranang. Kéwan kuwi endhasé pitu lan sunguné sepuluh, lan sak awaké kebak jeneng-jeneng sing ngrèmèhké Gusti Allah. 4 Wong wadon kuwi nganggo klambi ungu lan abang mbranang, uga nganggo perhiasan emas, permata, lan mutiara. Dhèwèké nyekel gelas saka emas sing isiné kebak karo perkara-perkara sing njijiki lan perkara-perkara sing najis saka hubungan sèks sing ora sah sing dhèwèké tindakké. 5 Ing bathuké katulis sawijiné jeneng sing rahasia: ”Babilon Gedhé, mbok-mbokané kabèh pelacur lan perkara-perkara sing njijiki ing bumi.” 6 Lan aku ndelok wong wadon kuwi mendem merga ngombé getihé para wong suci lan getihé seksi-seksiné Yésus. Wektu aku ndelok dhèwèké, aku nggumun banget. 7 Mula malaékat kuwi kandha marang aku, ”Ngapa kowé nggumun? Aku bakal ngandhani kowé sapa saktenané wong wadon kuwi lan kéwan buas sing ditunggangi, sing endhasé pitu lan sunguné sepuluh. 8 Kéwan buas sing kok delok kuwi mbiyèn tau ana, nanging saiki ora ana, lan sedhéla manèh dhèwèké bakal metu saka jurang sing jero banget, lan dhèwèké bakal disirnakké. Penduduk bumi, sing jenengé ora ditulis ing gulungan kauripan saka wiwitané donya, bakal padha nggumun merga kéwan buas kuwi mbiyèn ana, saiki ora ana, nanging bakal ana manèh. 9 ”Kanggo ngertèni bab iki, wong kudu nduwé pikiran sing wicaksana: Endhas pitu kuwi maksudé pitung gunung, lan wong wadon kuwi lungguh ing ndhuwuré. 10 Pitu-pituné maksudé pitung raja: Lima wis ambruk, siji isih ana, lan siji manèh durung teka. Nanging nèk dhèwèké teka, dhèwèké mung bakal ana kanggo sedhéla waé. 11 Kéwan buas sing mbiyèn ana nanging saiki ora ana kuwi yaiku raja sing kawolu, nanging asalé saka pitung raja mau, lan dhèwèké bakal disirnakké.
30 DESEMBER–5 JANUARI
SINAU SAKA ALKITAB | WAHYU 20-22
”Deloken! Aku Nggawé Kabèh Dadi Anyar”
(Wahyu 21:1) Banjur aku ndelok langit anyar lan bumi anyar. Langit sing lawas lan bumi sing lawas wis ora ana, lan laut uga wis ora ana.
re-IN 301 ¶2
Langit Anyar lan Bumi Anyar
2 Atusan taun sakdurungé jamané Yohanes, Yéhuwah ngomong karo Yésaya, ”Awitdéné lah Ingsun nitahaké langit kang anyar lan bumi kang anyar; bab-bab kang biyèn ora bakal diélingi manèh, lan ora bakal tuwuh manèh ing sajroning ati.” (Yésaya 65:17; 66:22) Ramalan iki pertama kali kelakon wektu wong Yahudi sing dibuwang ing Babilon saksuwéné 70 taun akhiré bali ing Yérusalèm ing taun 537 SM. Wektu kuwi, wong-wong kuwi dadi ”bumi anyar,” sing dipréntah karo ”langit anyar”. Ning, Rasul Pétrus nduduhké nèk ramalan kuwi bakal kelakon manèh. Dhèwèké ngomong, ”Nanging ana langit anyar lan bumi anyar sing kita entèni miturut janjiné Gusti Allah, lan ing kana wong-wong bakal tansah nindakké apa sing bener.” (2 Pétrus 3:13) Yohanes nduduhké nèk janji kuwi kelakon ing dinané Gusti. ”Langit sing lawas lan bumi sing lawas”, yaiku sistemé Sétan lan pamréntahan manungsa sing dipengaruhi karo Sétan lan hantu-hantuné bakal disirnakké. ”Laut”, utawa manungsa sing jahat lan seneng mbrontak ya bakal disirnakké. Terus, kuwi bakal diganti karo ”langit anyar lan bumi anyar”, yaiku rakyat ing donya anyar sing dipréntah karo Kratoné Allah.—Bandhingna Wahyu 20:11.
(Wahyu 21:3, 4) Aku krungu swara seru saka tahta kuwi sing kandha, ”Kémahé Gusti Allah ana ing antarané manungsa. Panjenengané bakal manggon bareng karo wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dadi umaté. Gusti Allah bakal ana bareng karo wong-wong kuwi. 4 Panjenengané bakal ngusapi sakèhé luh saka mripaté wong-wong kuwi. Lan pati ora bakal ana manèh. Kasusahan, tangisan, lan rasa lara uga ora bakal ana manèh. Perkara-perkara sing mbiyèn kelakon wis ora ana manèh.”
w13-IN 1/12 11 ¶2-4
”Deloken! Aku Nggawé Kabèh Dadi Anyar”
”Panjenengané bakal ngusapi sakèhé luh saka mripaté wong-wong kuwi.” (Wahyu 21:4) Sing bakal diusapi kuwi dudu air mata merga bahagia utawa air mata sing isa nglindhungi mripaté awaké dhéwé. Gusti Allah janji bakal ngusapi air mata merga rasa sedhih utawa susah. Gusti Allah ora mung ngusapi air mata. Ning, Gusti Allah bakal ngilangi air mata. Carané yaiku nyingkirké apa waé sing isa nggawé awaké dhéwé nangis, contoné rasa susah lan sedhih.
”Pati ora bakal ana manèh.” (Wahyu 21:4) Ora ana sing isa nggawé awaké dhéwé luwih sedhih ketimbang kélangan wong sing disayangi merga kematian. Yéhuwah bakal mbébaské umaté saka kematian. Piyé carané? Yéhuwah bakal nyingkirké apa sing nyebabké kematian, yaiku dosa warisané Adam. (Roma 5:12) Yéhuwah bakal nggawé manungsa sing manut dadi sampurna merga ana korban tebusané Yésus. Bar kuwi, mungsuh sing terakhir yaiku kematian, ”bakal disirnakké”. (1 Korintus 15:26) Manungsa bakal urip sampurna kanggo saklawasé kaya sing dipéngini Yéhuwah.
”Rasa lara uga ora bakal ana manèh.” (Wahyu 21:4) Rasa lara apa sing bakal disingkirké? Kabèh rasa lara ing pikiran, émosi, lan fisik sing ana merga dosa.
(Wahyu 21:5) Pribadi sing lungguh ing tahta kuwi ngendika, ”Deloken! Aku nggawé kabèh dadi anyar.” Panjenengané uga ngendika, ”Tulisen bab iki, merga tembung-tembung iki bener lan isa dipercaya.”
w03-IN 1/8 12 ¶14
Yéhuwah, Gusti Allahé Apa sing Bener
14 Awaké dhéwé kudu manut karo kandhané Yéhuwah ing Alkitab. Apa waé sing Yéhuwah omongké soal Dhèwèké lan soal apa waé sing bakal ditindakké kuwi mesthi bener. Awaké dhéwé isa percaya tenanan karo Gusti Allah. Awaké dhéwé isa percaya wektu Yéhuwah ngomong nèk Dhèwèké bakal ”ngukum wong-wong sing ora kenal Gusti Allah lan sing ora manut kabar apik bab Gusti kita Yésus.” (2 Tésalonika 1:8) Awaké dhéwé ya isa percaya wektu Gusti Allah ngomong nèk sayang karo wong-wong sing ngupaya dadi adil lan bener, bakal nggawé wong-wong sing nduwé iman isa urip saklawasé, lan bakal ngilangi rasa lara, tangisan, lan kematian. Yéhuwah nandheské nèk janjiné kuwi bakal kelakon. Dhèwèké ngongkon Rasul Yohanes, ”Tulisen bab iki, merga tembung-tembung iki bener lan isa dipercaya.”—Wahyu 21:4, 5; Wulang Bebasan 15:9; Yohanes 3:36.
Wulangan Penting
(Wahyu 20:5) Wong-wong kuwi sing sepisanan diuripké manèh. (Wong-wong mati liyané ora nampa urip nganti 1.000 taun kuwi rampung.)
it-1-IN 926 ¶4
Urip
Saka préntahé Gusti Allah kanggo Adam, awaké dhéwé isa ngerti nèk Adam ora bakal mati nèk dhèwèké tetep manut. (Pd 2:17) Dadi, wektu mungsuh terakhir yaiku kematian disirnakké, dosa wis ora isa nyebabké manungsa sing manut dadi mati. Manungsa bakal isa urip saklawasé. (1Kor 15:26) Kematian bakal diilangi wektu pamréntahané Kristus arep rampung. Nurut buku Wahyu, pamréntahan kuwi bakal ana nganti 1.000 taun. Ing kéné disebutké nèk wong-wong sing bakal dadi raja lan imam karo Kristus bakal ”urip manèh lan dadi raja bareng karo Kristus 1.000 taun suwéné”. ”Wong-wong mati liyané” sing ora diuripké manèh ”nganti 1.000 taun kuwi rampung” kuwi maksudé wong-wong sing isih urip wektu 1.000 taun kuwi rampung, ning sakdurungé Sétan dibébaské saka jurang sing jero banget kanggo nguji manungsa. Wektu pamréntahan sèwu taun kuwi rampung, manungsa bakal dadi sampurna, kaya keadaané Adam lan Hawa sakdurungé dosa. Pas kuwi, manungsa bakal bener-bener dadi sampurna. Wong-wong sing tetep setya wektu Sétan dibébaské sedhéla saka jurang sing jero banget bakal urip saklawasé.—Why 20:4-10.
(Wahyu 20:14, 15) Banjur pati lan Kuburan diuncalké menyang danau geni. Danau geni iki maksudé pati sing kapindho. 15 Sakliyané kuwi, sapa waé sing jenengé ora katulis ing buku kauripan bakal diuncalké menyang danau geni.
it-1-IN 525 ¶4-6
Danau Geni
Istilah iki mung ana ing buku Wahyu lan jelas nèk iki mung gambaran. Alkitab mènèhi penjelasan soal gambaran kuwi, yaiku ”Danau geni iki maksudé pati sing kapindho.”—Why 20:14; 21:8.
Ana ayat-ayat liya ing buku Wahyu sing nyebutké istilah kuwi. Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti kaya apa sakjané danau geni kuwi. Disebutké nèk kematian bakal diuncalké ing danau geni iki. (Why 19:20; 20:14) Kematian ora isa diobong. Iblis, malaékat sing ora kétok, ya diuncalké ing danau kuwi. Padahal, malaékat ora isa ngrasa lara merga geni.—Why 20:10; bandhingna Pa 3:2 lan PH 13:20.
Merga danau geni kuwi nggambarké ”pati sing kapindho” lan ing Wahyu 20:14 disebutké nèk ”pati lan Kuburan” bakal diuncalké ing kono, jelas nèk danau kuwi ora nggambarké kematian sing diwarisi manungsa saka Adam (Rm 5:12), lan ya ora maksudké Hadès (Syéol). Mula, danau iki mesthi nggambarké kematian sing liya. Sing mlebu kono ora bakal isa urip manèh, merga ora ana cathetan nèk ”danau” kuwi masrahké isiné kaya kematian sing disebabké Adam lan Hadès (Syéol). (Why 20:13) Dadi, wong-wong sing jenengé ora ditulis ing ”buku kauripan” yaiku wong-wong sing nentang haké Yéhuwah kanggo mréntah lan ora mertobat, bakal diuncalké ing danau geni. Kuwi berarti wong-wong mau bakal disirnakké kanggo saklawasé, utawa ngalami pati sing keloro.—Why 20:15.
Maca Alkitab
(Wahyu 20:1-15) Banjur aku ndelok ana malaékat sing mudhun saka swarga karo nggawa kunci jurang sing jero banget lan ranté gedhé ing tangané. 2 Malaékat kuwi nangkep naga kuwi, yaiku ula sing wiwitan, sing disebut Iblis lan Sétan, banjur ngranté dhèwèké 1.000 taun suwéné. 3 Malaékat kuwi nguncalké naga kuwi menyang jurang sing jero banget, terus nutup jurang mau, lan masang meterai ing ndhuwuré, supaya naga kuwi ora isa nyasarké manèh bangsa-bangsa nganti 1.000 taun kuwi rampung. Sakwisé kuwi, dhèwèké bakal dieculké sedhéla. 4 Banjur aku ndelok tahta-tahta, lan wong-wong sing lungguh ing ndhuwuré diparingi kuwasa kanggo ngadili. Ya, aku ndelok getihé wong-wong sing dipatèni merga mènèhi kesaksian bab Yésus lan ngomong bab Gusti Allah. Wong-wong kuwi ora nyembah kéwan buas kuwi utawa patungé. Wong-wong kuwi uga ora gelem nampa tandha ing bathuké lan tangané. Wong-wong kuwi urip manèh lan dadi raja bareng karo Kristus 1.000 taun suwéné. 5 Wong-wong kuwi sing sepisanan diuripké manèh. (Wong-wong mati liyané ora nampa urip nganti 1.000 taun kuwi rampung.) 6 Sapa waé sing sepisanan diuripké manèh kuwi bungah lan suci. Wong-wong kuwi ora bakal ngalami pati sing kapindho, nanging bakal dadi imam-imam kanggo Gusti Allah lan kanggo Kristus, uga bakal mréntah dadi raja bareng Kristus 1.000 taun suwéné. 7 Ora suwé sakwisé 1.000 taun kuwi rampung, Sétan bakal dieculké saka penjarané, 8 banjur dhèwèké bakal lunga kanggo nyasarké bangsa-bangsa ing patang pojoké bumi, yaiku Gog lan Magog. Dhèwèké bakal nglumpukké wong-wong kuwi kanggo maju perang. Cacahé wong-wong kuwi kaya pasir ing laut. 9 Wong-wong kuwi banjur mencar ing saklumahing bumi lan ngepung kémah-kémahé para wong suci lan kutha sing ditresnani Gusti Allah. Nanging geni mudhun saka langit lan ngentèkké wong-wong kuwi. 10 Banjur, Iblis sing nyasarké wong-wong kuwi diuncalké menyang danau geni lan belérang. Ing kono wis ana kéwan buas lan nabi palsu kuwi. Lan ing kono uga, kuwi mau kabèh bakal padha dihukum awan lan bengi kanggo saklawas-lawasé. 11 Aku ndelok tahta putih sing gedhé lan Pribadi sing lungguh ing ndhuwuré. Bumi lan langit ilang saka ing ngarsané lan ora ana manèh. 12 Banjur aku ndelok wong-wong mati, yaiku wong biasa lan wong penting, padha ngadeg ing ngarepé tahta kuwi, lan gulungan-gulungan dibukak. Nanging ana gulungan liya sing dibukak, yaiku gulungan kauripan. Wong-wong mati kuwi diadili miturut apa sing ditulis ing gulungan kuwi, miturut tumindaké wong-wong kuwi. 13 Laut masrahké wong-wong mati sing ana ing njeroné. Pati lan Kuburan masrahké wong-wong mati sing ana ing njeroné. Saben wong diadili miturut tumindaké dhéwé-dhéwé. 14 Banjur pati lan Kuburan diuncalké menyang danau geni. Danau geni iki maksudé pati sing kapindho. 15 Sakliyané kuwi, sapa waé sing jenengé ora katulis ing buku kauripan bakal diuncalké menyang danau geni.