PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp21 No. 2 hlm. 7-9
  • Kapan Donya Iki Disingkirké?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Kapan Donya Iki Disingkirké?
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SING DIOMONGKÉ YÉSUS:
  • TANDHA-TANDHANÉ
  • ”AKHIR JAMAN”
  • SEDHÉLA MANÈH BUMI DADI FIRDAUS
  • Apa Pungkasané Donya Wis Cedhak?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Pirdus Ora Suwé Manèh
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Apa Waé Tandhané ”Akhir Jaman”?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
wp21 No. 2 hlm. 7-9
Yésus ngandhani murid-muridé tandha-tandhané akhir jaman.

Kapan Donya Iki Disingkirké?

Kaya sing wis dibahas ing artikel sakdurungé, nèk Alkitab ngomong donya iki arep disingkirké, kuwi maksudé dudu planèt buminé sing dihancurké utawa manungsané sing dipatèni kabèh. Sing bakal disingkirké kuwi pemerintahané manungsa lan wong-wong sing jahat. Kapan kuwi kelakon? Apa Alkitab ya njelaské?

SING DIOMONGKÉ YÉSUS:

”Mula, kowé kudu terus jaga-jaga, merga kowé ora ngerti dina utawa jamé.”—MATIUS 25:13.

”Kowé kudu terus jaga-jaga lan tetep waspada, merga kowé ora ngerti kapan wektu sing ditentokké kuwi.”—MARKUS 13:33.

Dadi, ora ana wong sing ngerti kapan persisé donya iki bakal disingkirké. Tapi, wis ana ”wektu sing ditentokké” karo Gusti Allah, termasuk ”dina lan jamé” kanggo nyingkirké kabèh sing jahat. (Matius 24:36) Tapi, apa kuwi berarti awaké dhéwé blas ora isa ngerti kapan donya iki arep disingkirké? Ya ora. Yésus wis tau ngandhani murid-muridé apa waé tandhané nèk donya iki wis arep disingkirké.

TANDHA-TANDHANÉ

Ana beberapa peristiwa sing dadi tandhané ”akhir jaman”. Yésus kandha, ”Bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan. Bakal ana kelaparan lan gempa bumi ing endi-endi.” (Matius 24:3, 7) Yésus ya kandha nèk bakal ana ”wabah penyakit”. (Lukas 21:11) Apa njenengan setuju nèk peristiwa-peristiwa sing diomongké Yésus kuwi saiki lagi kelakon?

Wong-wong saiki susah merga ana perang, kurang pangan, gempa bumi, lan wabah penyakit. Misalé, taun 2004 ana gempa bumi ing Samudra Hindia sing marahi tsunami. Akibaté, ana kira-kira 225.000 wong sing mati. Terus selama telung taun pandemi, ing sak donya kira-kira ana 6,9 juta wong sing mati merga COVID-19. Yésus ngomong nèk peristiwa-peristiwa iki dadi tandha nèk donya iki wis arep disingkirké.

”AKHIR JAMAN”

Alkitab njelaské sakdurungé donya iki disingkirké kuwi disebut ”akhir jaman”. (2 Pétrus 3:3, 4) Loro Timotius 3:1-5 nyebutké nèk kelakuané wong-wong ing akhir jaman bakal tambah ora nggenah. (Deloken kothak ”Keadaané Donya Sakdurungé Disingkirké”.) Apa njenengan setuju nèk wong-wong saiki padha mikirké kepentingané dhéwé, srakah, kejem, lan ora sayang karo wong liya? Iki ya dadi bukti nèk sedhéla manèh donya iki wis arep disingkirké.

Alkitab njelaské nèk ”wektuné mung tinggal sedhéla”. Ora suwé manèh, Gusti Allah bakal nyingkirké ”wong-wong sing lagi ngrusak bumi”.—Wahyu 11:15-18; 12:12.

Perang

Tentara sing lagi némbaki mungsuh pas perang.
  • Taun 2007 nganti 2017, jumlahé wong-wong sing mati merga perang lan téroris nambah nganti 118 persèn

Penyakit

Bapak-bapak lagi dirawat nèng rumah sakit.
  • Akèh sing mati merga lara jantung, lara paru-paru, stroke, nduwé kelainan pas lair, diaré, kanker, tuberkulosis

Kurang Pangan

Cah wédok sing kelaparan lagi nyekeli mangkok.
  • Taun 2021, sing kelaparan jumlahé 9,8 persèn saka penduduk sak donya, lan nèk misalé ana 3 balita, sing siji kelaparan

Kabar Apik Diwartakké

Seksi-Seksi Yéhuwah lagi ngadeg ing sebelahé rak beroda omong-omongan karo wong lanang.
  • Sing martakké (Seksi-Seksi Yéhuwah) ana luwih saka 8,6 juta ing 240 negara lan mbagi wacan sing dicétak luwih saka 1.000 basa

SEDHÉLA MANÈH BUMI DADI FIRDAUS

Gusti Allah wis nemtokké dina lan jamé kanggo nyingkirké pemerintahané manungsa lan wong-wong sing jahat. (Matius 24:36) Tapi, sakjané Gusti Allah ”ora péngin ana wong sing disingkirké”. (2 Pétrus 3:9) Gusti Allah mènèhi kesempatan bèn wong-wong isa sinau soal kepénginané Gusti Allah lan manut karo préntahé. Kenapa? Merga Gusti Allah péngin awaké dhéwé slamet wektu donya iki disingkirké lan urip ing donya sing anyar, yaiku ing bumi sing wis digawé dadi firdaus.

Gusti Allah wis ngatur bèn kabar apik diwartakké ing sak donya kanggo mbantu wong-wong ngerti carané bèn isa urip ing donya anyar, sing dipréntah karo Kerajaané Gusti Allah. Yésus kandha nèk kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah bakal diwartakké ”ing kabèh wilayah ing bumi”. (Matius 24:14) Seksi-Seksi Yéhuwah ing sak donya nggunakké milyaran jam kanggo martakké kabar apik lan mulang wong-wong soal harapan sing dicritakké ing Alkitab. Yésus kandha nèk kabar apik bakal diwartakké ing sak donya sakdurungé donya iki disingkirké.

Pemerintahané manungsa ora suwé manèh arep disingkirké. Tapi, kabar apiké njenengan isa dislametké lan urip ing bumi Firdaus sing dijanjèkké Gusti Allah. Piyé carané? Kuwi bakal dibahas ing artikel berikuté.

KEADAANÉ DONYA SAKDURUNGÉ DISINGKIRKÉ

”Ing akhir jaman, keadaané bakal angèl diadhepi lan berbahaya. Wong-wong bakal mung mikirké kepentingané dhéwé, ngutamakké harta, nyombongké dhiri, rumangsa hébat, seneng ngrèmèhké, ora manut karo wong tuwa, ora nduwé rasa maturnuwun, ora setya, ora sayang karo keluargané, ora gelem setuju karo wong liya, seneng mitnah, ora isa ngendhalèni dhiri, kejem, sengit karo apa sing apik, seneng ngianati, ngèyèl, sombong, mung nggolèk senengé dhéwé lan ora nresnani Gusti Allah, lan ing ngarepé wong liya kétoké ngibadah marang Gusti Allah ning tumindaké ora sesuai karo ibadahé.” —2 TIMOTIUS 3:1-5.

Ramalané Yésus soal ”akhir jaman” nggawé awaké dhéwé nduwé harapan

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim