PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp21 No. 2 hlm. 10-12
  • Njenengan Isa Urip ing Donya Anyar

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Njenengan Isa Urip ing Donya Anyar
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • BÈN SLAMET ”KUDU KENAL” KARO GUSTI ALLAH
  • MACA ALKITAB SABEN DINA
  • NDONGA NJALUK BANTUANÉ GUSTI ALLAH
  • Apa sing Wis Dilakukan Gusti Allah?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
  • Apa Sebabé Yésus Sengsara lan Séda?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Urip Langgeng ing Bumi
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
  • Awaké Dhéwé Isa Urip Saklawasé
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
wp21 No. 2 hlm. 10-12

Njenengan Isa Urip ing Donya Anyar

Ing artikel sakdurungé wis dijelaské nèk pemerintahané manungsa karo wong-wong sing jahat sedhéla manèh bakal disingkirké. Dadi, mengko wis ora ana wong sing susah manèh. Awaké dhéwé isa yakin nèk kuwi mesthi bakal kelakon. Kenapa? Merga ing Alkitab wis ditulis:

”Donya iki wis arep disingkirké.”​—1 YOHANES 2:17.

Awaké dhéwé ya isa yakin nèk bakal ana wong-wong sing dislametké merga ing ayat kuwi ya ditulis:

”Wong sing nindakké karepé Gusti Allah bakal urip saklawasé.”

Dadi, nèk péngin dislametké ya kudu manut karo Gusti Allah. Nah, bèn isa ngerti apa sing dikarepké Gusti Allah ya kudu kenal karo Gusti Allah.

BÈN SLAMET ”KUDU KENAL” KARO GUSTI ALLAH

Gambar: 1. Perawat sing lagi ndhéprok ing rumah sakit merga strès lan kekeselen. 2. Dhèwèké ngaso ing kantin terus ndelok kancané lagi maca majalah karo mèsem. 3. Kancané kuwi macakké ayat Alkitab terus ngekèki kartu kontak jw.org.

Yésus kandha, ”Bèn isa urip saklawasé, wong-wong kuwi kudu kenal karo Njenengan, siji-sijiné Gusti Allah sing sejati.” (Yohanes 17:3) Bèn isa slamet lan urip saklawasé, awaké dhéwé ”kudu kenal” karo Gusti Allah. Sing dimaksud kenal kuwi ora mung percaya nèk Gusti Allah ana utawa ngerti Gusti Allah kuwi sapa. Tapi, awaké dhéwé ya perlu dadi kancané Gusti Allah. Nèk karo kanca biasané awaké dhéwé sering bergaul bèn tambah akrab. Karo Gusti Allah ya ngono, bèn tambah akrab awaké dhéwé kudu sinau Alkitab.

Saka Alkitab Isa Ngerti Apa Waé?

Perawat mau mbukak situs jw.org ing omah.

Ngerti nèk sakjané Gusti Allah péngin awaké dhéwé urip ing Firdaus.

Wektu nyiptakké manungsa sing pertama, Adam karo Hawa, Gusti Allah wis nyiapké panggonan sing apik banget sing disebut taman Èden. Wong loro kuwi sampurna, uripé bahagia, lan apa waé sing dibutuhké wis disedhiakké karo Gusti Allah. Wong loro kuwi sakjané isa urip saklawasé nèk gelem manut lan tetep cedhak karo Gusti Allah. Tapi, Adam lan Hawa malah nglanggar préntahé Gusti Allah padahal préntahé kuwi ora angèl.

Ngerti kenapa uripé awaké dhéwé saiki susah.

Merga Adam ora manut Gusti Allah, dhèwèké lan kabèh keturunané ora isa urip saklawasé. Alkitab njelaské, ”Dosa mlebu ing donya liwat wong siji, lan kematian nyebar liwat dosa kuwi. Kuwi sebabé kabèh wong bakal mati.” (Roma 5:12) Kuwi kaya wong sing nduwé penyakit merga wong tuwané ya nduwé penyakit kuwi. Dadi merga Adam nduwé dosa, kabèh keturunané ya nduwé dosa lan ora sampurna. Makané awaké dhéwé isa dadi tuwa lan mati.

Ngerti apa buktiné Gusti Allah perduli karo awaké dhéwé.

Alkitab kandha, ”Merga tresna banget karo wong-wong ing donya iki, Gusti Allah nganti gelem mènèhké Anaké siji-sijiné, supaya saben wong sing nduduhké iman marang Anaké ora mati, ning isa urip saklawasé.” (Yohanes 3:16) Gusti Allah ngutus Yésus ing bumi kanggo ngorbanké uripé bèn awaké dhéwé isa urip saklawasé. ”Kuwi bukti nèk Yéhuwaha sayang banget karo aku. Dadi, aku isa nduwé harapan urip saklawasé,” jaréné Prabhakar, wong lanang sing umuré 86 taun saka India.

Ngerti carané mbuktèkké nèk awaké dhéwé bersyukur karo Gusti Allah.

Menurut Alkitab, nèk awaké dhéwé bersyukur karo Gusti Allah, awaké dhéwé bakal ”nindakké préntah-préntahé”. (1 Yohanes 2:3) Yéhuwah Gusti Allah sing apikan ngandhani carané bèn uripé awaké dhéwé saiki isa bahagia. (Yésaya 48:17, 18) Gusti Allah ora péngin uripé awaké dhéwé susah. Gusti Allah janji nèk awaké dhéwé manut karo préntahé, awaké dhéwé saiki isa bahagia. Terus, awaké dhéwé ya isa nduwé harapan urip saklawasé.

MACA ALKITAB SABEN DINA

Perawat mau ndelok langit sakwisé maca Alkitab pas ngaso ing njaba.

Njenengan isa dislametké pas donya iki disingkirké nèk njenengan kerep ndonga lan manut karo préntahé Gusti Allah

Saben dina awaké dhéwé mangan bèn tetep urip. Ning Yésus ngomong, ”Manungsa kudu urip ora mung saka panganan waé, ning saka saben omongan sing diucapké Yéhuwah.”—Matius 4:4.

Awaké dhéwé isa ngerti omongané Gusti Allah saka Alkitab. Nèk sinau Alkitab, njenengan isa ngerti mbiyèn Gusti Allah wis ngapa waé, terus saiki ngapa waé, lan sukmbèn nduwé rencana apa waé kanggo manungsa.

NDONGA NJALUK BANTUANÉ GUSTI ALLAH

Piyé nèk njenengan péngin nglakoni sing bener manut Gusti Allah, tapi rasané kok angèl? Nèk ngono, njenengan isa njaluk tulung karo Gusti Allah.

Ana wong wédok sing jenengé Sakura, sing mbiyèné uripé ora nggenah. Bar sinau Alkitab, dhèwèké dadi ngerti nèk Gusti Allah péngin awaké dhéwé ”cepet-cepet nolak hubungan sèks sing ora pantes”. (1 Korintus 6:18) Sakura ndonga njaluk bantuané Gusti Allah lan akhiré isa berubah. Tapi, kadhang dhèwèké isih nduwé kepénginan sing salah. Sakura ngomong, ”Nèk aku mulai mikirké sing ora-ora, aku langsung ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Soalé aku ora isa nèk ora dibantu Yéhuwah. Merga kerep ndonga, aku dadi tambah cedhak karo Yéhuwah.” Kaya Sakura, akèh sing péngin cedhak karo Gusti Allah. Gusti Allah bakal mbantu wong-wong sing péngin manut préntahé bèn wong-wong kuwi isa berubah lan nyenengké Gusti Allah.—Filipi 4:13.

Nèk njenengan terus berusaha bèn kenal Gusti Allah, njenengan ya isa dikenal Gusti Allah lan ”dadi kanca akrabé”. (Galatia 4:9; Mazmur 25:14) Nèk wis ngono, njenengan mengko isa dislametké lan urip ing donya anyar. Tapi, donya anyar kuwi kaya apa? Kuwi bakal dibahas ing artikel berikuté.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah sing ana ing Alkitab.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim