PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp25 No. 1 hlm. 14-15
  • Isa Ayem Meskipun Ana Perang

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Isa Ayem Meskipun Ana Perang
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2025
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Perang Peristiwa sing Tragis
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2025
  • Apa Kandhané Alkitab?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Katentreman—Piyé Carané?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Piyé Perasaané Gusti Allah bab Kasusahané Panjenengan?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2025
wp25 No. 1 hlm. 14-15

Isa Ayem Meskipun Ana Perang

Gary, sing mbiyèné tentara, ngomong, ”Sakdurungé sinau Alkitab, aku ora ngerti ngapa kok ana akèh kejahatan, ora ana keadilan, lan akèh masalah ing donya iki. Tapi sakwisé sinau Alkitab, aku dadi ngerti alesané. Aku dadi ora terlalu kuwatir merga yakin Gusti Allah Yéhuwah bakal nggawé keadaan ing bumi dadi aman lan ayem tentrem.”

Ora mung Gary sing ngrasa kaya ngono. Gatèkna pengalamané wong-wong iki sing terhibur merga mikirké ayat ing Alkitab.

AYAT: ”Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi apikan lan gelem ngapura.”—Mazmur 86:5.

MANFAATÉ: ”Saka ayat iki, aku yakin nèk Yéhuwah kuwi apikan. Mbiyèn aku tentara lan mèlu perang. Aku yakin nèk Yéhuwah gelem ngapura kesalahanku mbiyèn.”—Wilmar, Kolombia.

AYAT: ”Aku nyiptakké langit anyar lan bumi anyar. Kabèh sing mbiyèn kelakon ora bakal diéling-éling manèh, lan kuwi ora bakal ana manèh ing ati.”—Yésaya 65:17.

MANFAATÉ: ”Merga mèlu perang, aku ngalami gangguan strès pasca trauma lan déprèsi. Tapi saka ayat kuwi, aku yakin nèk ora suwé manèh Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh kenangan buruk, lan kuwi ora bakal diéling-éling manèh. Kuwi hadiah sing luar biasa saka Yéhuwah.”—Zafirah, Amerika Serikat.

AYAT: ”Wektu [Yésus] mréntah, wong sing bener bakal thukul kaya suket, lan uripé wong-wong kuwi bakal ayem saksuwéné bulan isih ana ing langit.”—Mazmur 72:7.

MANFAATÉ: ”Aku kerep mikirké ayat kuwi. Sukmbèn perang ora bakal ana manèh lan keadaané bakal aman. Dadi sukmbèn aku ora bakal kuwatir kaya saiki.”—Oleksandra, Ukraina.

AYAT: ”Wong sing mati bakal urip manèh. . . . Hé kowé sing manggon ing debu, ayo tangi lan sorak-sorak.”—Yésaya 26:19.

MANFAATÉ: ”Pas ana pembantaian suku Tutsi, mèh kabèh anggota keluargaku dipatèni. Tapi, ayat iki nggawé aku yakin nèk aku isa ketemu manèh karo meréka. Aku ngarep-arep isa krungu swarané meréka pas meréka diuripké manèh.”—Marie, Rwanda.

AYAT: ”Sedhéla manèh, wong sing jahat ora bakal ana manèh. . . . Tapi wong sing wataké alus bakal terus manggon ing bumi. Wong-wong kuwi bakal seneng merga ngrasa ayem banget.”—Mazmur 37:​10, 11.

MANFAATÉ: ”Meskipun perangé wis bar, isih ana wong sing jahat lan ora adil karo wong liya. Tapi ayat iki menghibur aku. Aku yakin nèk digatèkké Yéhuwah. Yéhuwah janji nèk kabèh kuwi bakal disingkirké lan ora bakal diéling-éling manèh.”—Daler, Tajikistan.

Wong-wong sing disebutké ing majalah iki kuwi Seksi-Seksi Yéhuwah sing akhiré isa ngrasakké ayem tentrem sakwisé sinau Alkitab. Meréka berusaha tetep rukun meskipun ras, suku, lan werna kulité béda-béda. (Éfésus 4:​31, 32) Seksi-Seksi Yéhuwah ya ora mèlu-mèlu urusan politik lan ora gelem mèlu perang.—Yohanes 18:36.

Seksi-Seksi Yéhuwah saling mbantu seduluré ing sak donya. (Yohanes 13:35) Kuwi sing dirasakké karo Oleksandra, sing disebutké sakdurungé. Dhèwèké karo mbakyuné kudu lunga saka negarané merga ana perang. Dhèwèké ngomong, ”Pas tekan perbatasan, kami disambut karo Seksi-Seksi Yéhuwah ing kono. Meskipun kudu ngungsi, tapi merga bantuané sedulur-sedulur kami isa ngrasa nyaman.”

Kami seneng ngundang njenengan mèlu pertemuan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah. Ing kono bakal dibahas saran-saran ing Alkitab sing isa nggawé njenengan bahagia. Njenengan isa mbukak jw.org/jv nèk arep nggolèk panggonan pertemuan ibadah sing paling cedhak utawa nèk péngin sinau Alkitab gratis karo Seksi-Seksi Yéhuwah nganggo buku Bahagia Saklawasé.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim