Piyé Perang Bakal Disingkirké?
Ing Alkitab disebutké nèk Gusti Allah sing bakal ”ngendhegké perang ing bumi”, dudu manungsa.—Mazmur 46:9.
GUSTI ALLAH BAKAL NYINGKIRKÉ PAMRÉNTAHANÉ MANUNGSA
Kaya sing disebutké ing Alkitab, Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh pamréntahané manungsa pas perang sing disebut Armagédon.a (Wahyu 16:16) Pas kuwi, ”raja-raja ing bumi” bakal diklumpukké ”ing perang sing bakal kelakon ing dinané Gusti Allah sing Mahakuwasa”. (Wahyu 16:14) Sakwisé perang Armagédon ora bakal ana perang manèh ing bumi.
Gusti Allah bakal ngganti pamréntahané manungsa karo Kerajaané. Kerajaan kuwi bakal mréntah saka swarga lan ana nganti saklawasé. (Danièl 2:44) Gusti Allah wis milih Anaké, Yésus Kristus, kanggo dadi Raja. (Yésaya 9:6, 7; Matius 28:18) Pas ing bumi, Yésus ngongkon murid-muridé ndongakké Kerajaané Gusti Allah.b (Matius 6:9, 10) Mengko mung Kerajaané Gusti Allah sing mréntah ing bumi, dadi kabèh manungsa isa bersatu.
Ora kaya pemimpin manungsa, Yésus ora bakal nggunakké wewenangé kanggo kepentingané dhéwé. Merga Yésus adil lan ora pilih kasih, rakyaté bakal bersatu lan rukun meskipun ras, bangsa, lan werna kulité béda. (Yésaya 11:3, 4) Wong-wong bakal ngrasa seneng lan keadaané bakal damai merga Yésus nggatèkké kebutuhané saben wong. Ing Alkitab disebutké, ”[Yésus] bakal nylametké wong mlarat sing njaluk tulung. Dhèwèké ya bakal nylametké wong cilik lan wong sing ora digatèkké. . . . Dhèwèké bakal nylametké wong-wong kuwi saka wong sing nindhes lan wong sing jahat.”—Mazmur 72:12-14.
Liwat Kerajaané, Gusti Allah bakal ngancurké kabèh senjata ing bumi. (Mikha 4:3) Mengko ya ora ana manèh wong jahat. (Mazmur 37:9, 10) Kabèh wong bakal ngrasa aman.—Yèhèzkièl 34:28.
Pas Kerajaané Gusti Allah mréntah ing bumi, kabèh wong bakal bahagia lan damai. Masalah-masalah kaya kemiskinan, kurang pangan, utawa ora nduwé omah bakal ora ana manèh. Kabèh wong bakal isa mangan panganan sing séhat lan nduwé tempat tinggal sing nyaman.—Mazmur 72:16; Yésaya 65:21-23.
Gusti Allah ya bakal nyingkirké dampak perang. Ora ana manèh sing cacad, nduwé penyakit méntal, utawa trauma merga perang. Bahkan sing wis mati bakal diuripké manèh ing bumi. (Yésaya 25:8; 26:19; 35:5, 6) Kabèh keluarga isa ngumpul manèh lan ora bakal kèlingan karo kenangan sing nggawé sedhih soalé ’kabèh sing mbiyèn nyebabké sedhih wis ora ana manèh’.—Wahyu 21:4.
GUSTI ALLAH BAKAL NYINGKIRKÉ DOSA
Pas Kerajaané Gusti Allah mréntah, kabèh wong mung bakal nyembah Yéhuwahc, ”Gusti Allah sing nggawé ayem lan sing gedhé katresnané”. (2 Korintus 13:11) Wong-wong bakal diwulang carané bèn isa urip damai. (Yésaya 2:3, 4; 11:9) Kabèh sing gelem manut Gusti Allah bakal bébas saka dosa lan dadi sempurna.—Roma 8:20, 21.
GUSTI ALLAH BAKAL NYINGKIRKÉ SÉTAN LAN HANTU-HANTU
Liwat Kerajaané, Gusti Allah bakal nyingkirké Sétan lan hantu-hantu sing mempengaruhi wong-wong kanggo perang. (Wahyu 20:1-3, 10) Nèk Sétan lan hantu-hantu wis disingkirké, keadaané ”bakal ayem”.—Mazmur 72:7.
Njenengan isa yakin nèk janjiné Gusti Allah kanggo nyingkirké perang lan kejahatan mesthi bakal kelakon. Gusti Allah péngin lan sanggup nyingkirké perang.
Gusti Allah kuwi wicaksana lan nduwé kuwasa kanggo nyingkirké perang lan kejahatan. (Ayub 9:4) Kabèh rencanané mesthi bakal berhasil.—Ayub 42:2.
Gusti Allah sedhih wektu ndelok wong-wong susah. (Yésaya 63:9) Dhèwèké ya ”sengit marang wong sing seneng karo tumindak kejem”.—Mazmur 11:5.
Gusti Allah selalu nepati janjiné lan ora tau ngapusi.—Yésaya 55:10, 11; Titus 1:2.
Ing masa depan Gusti Allah bakal nggawé wong-wong damai nganti saklawasé
a Wacanen artikel ”Armagédon Kuwi Apa?” ing jw.org/jv.
b Deloken vidéo Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa? ing jw.org/jv.
c Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.—Mazmur 83:18.