Ngapa Kok Isih Ana Perang?
Ing Alkitab disebutké apa penyebabé perang lan ngapa kok kuwi isih ana nganti saiki.
DOSA
Gusti Allah nyiptakké manungsa sing pertama, Adam lan Hawa, mirip karo Dhèwèké. (Purwaning Dumadi 1:27) Kuwi maksudé manungsa isa niru sifat-sifaté Gusti Allah, misalé seneng rukun lan saling menyayangi. (1 Korintus 14:33; 1 Yohanes 4:8) Tapi Adam lan Hawa ora manut karo Gusti Allah lan nggawé dosa. Akibaté kabèh keturunané dosa lan akhiré mati. (Roma 5:12) Merga nduwé dosa, pikiran lan tingkah lakuné manungsa dadi jahat.—Purwaning Dumadi 6:5; Markus 7:21, 22.
PAMRÉNTAHAN MANUNGSA
Gusti Allah ora nyiptakké manungsa kanggo mréntah liyané. Ing Alkitab disebutké nèk manungsa bahkan ”ora isa milih dalané dhéwé”. (Yérémia 10:23) Makané pamréntahané manungsa ora isa bener-bener nyingkirké perang lan kejahatan.
SÉTAN LAN HANTU-HANTU
Ing Alkitab disebutké nèk ”donya iki dikuwasani Sétan”. (1 Yohanes 5:19) Sétan si Iblis kuwi tukang matèni. (Yohanes 8:44) Sétan karo hantu-hantu mempengaruhi wong-wong dadi jahat lan akhiré padha perang.—Wahyu 12:9, 12.
Manungsa ora isa nyingkirké perang, sing isa mung Gusti Allah