Dampak Perang kanggo Kabèh Wong
”Kèt Perang Donya Keloro, perang tambah akèh. Ana rong milyar wong sing kena dampaké merga manggon ing dhaérah perang.”
Amina J. Mohammed, Deputi Sekretaris-Jéndral Perserikatan Bangsa-Bangsa, 26 Januari 2023.
Perang isa ujug-ujug ana bahkan ing negara sing kétoké aman lan damai. Kuwi isa berpengaruh, bahkan kanggo wong-wong sing ora manggon ing dhaérah perang. Malah, sakwisé perangé mandheg dampaké isih tetep ana. Misalé:
Kurang pangan. Menurut Program Pangan Dunia, ”perang dadi penyebab utama kelaparan. Akèh-akèhé wong ing sak donya kelaparan merga manggon ing dhaérah perang”.
Masalah keséhatan fisik lan méntal. Wektu ngerti ing negarané isa waé ana perang, wong-wong dadi tambah strès lan kuwatir. Wong-wong sing manggon ing dhaérah perang ora mung terluka, tapi kuwi ya isa marahi trauma. Sing luwih parah, meréka ora isa éntuk obat-obatan lan bantuan mèdis.
Kudu ngungsi. Menurut Komisaris Tinggi PBB untuk Pengungsi, nganti sasi September 2023, luwih saka 114 juta wong sak donya kudu ngungsi. Wong-wong kuwi kudu ngungsi merga ana perang.
Masalah ékonomi. Merga perang dadi ana masalah ékonomi. Misalé, barang-barang dadi luwih larang timbang biasané. Akèh wong ya sengsara merga dana sing biasané dienggo perawatan keséhatan lan pendidikan malah digunakké pamréntah kanggo tuku senjata. Terus, biaya kanggo mbangun bangunan sing rusak merga perang ya akèh banget.
Lingkungan dadi rusak. Wong-wong sengsara merga sumber daya alamé wis rusak. Pencemaran udara, air, lan tanah ya nggawé wong-wong kena penyakit. Bahkan sakwisé perang, wong-wong isa mati utawa luka-luka merga kena ranjau darat utawa alat peledak sing dipendhem ing njero lemah.
Perang bener-bener ngrusak lan ngentèkké akèh biaya