PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp25 No. 1 hlm. 6-8
  • Apa Manungsa Isa Nyingkirké Perang?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Apa Manungsa Isa Nyingkirké Perang?
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • NGGAWÉ ÉKONOMI STABIL
  • NGGAWÉ PERJANJIAN DAMAI
  • NGURANGI LAN NYINGKIRKÉ SENJATA
  • KERJA SAMA KARO NEGARA LIYA
  • Kenapa Keadaan Saiki Ora Isa Damai?
    Topik Liyané
  • Menurut Alkitab, Kapan Perang Bakal Berakhir?
    Topik Liyané
  • Piyé Perang Bakal Disingkirké?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2025
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2025
wp25 No. 1 hlm. 6-8

Apa Manungsa Isa Nyingkirké Perang?

Ana akèh penyebab perang. Misalé politik, ékonomi, utawa wong-wong péngin diperlakukan adil. Penyebab liyané, mungkin ana sing péngin nguwasani dhaérah tertentu lan sumber daya alamé. Terus ya ana sing perang merga béda suku lan agama. Apa sing wis diupayakké bèn ora ana perang manèh? Apa upayané kuwi berhasil?

NGGAWÉ ÉKONOMI STABIL

Tujuan: Bèn masyarakat uripé sejahtera. Nèk rakyaté sejahtera, ora bakal ana perang.

Ngapa kok kuwi angèl: Pamréntah kudu nggunakké dana negara kanggo nggawé masyarakat sejahtera. Pas taun 2022, ing sak donya, dana sing digunakké bèn masyarakat sejahtera kira-kira 550 triliun rupiah. Kuwi jumlah sing sithik banget nèk dibandhingké karo dana sing dienggo tuku peralatan militèr.

”Dhuwit lan barang-barang sing digunakké kanggo mbantu korban perang luwih akèh daripada sing dienggo nyegah perang.”—António Guterres, Sekretaris-Jéndral PBB.

Menurut Alkitab: Pamréntah lan organisasi-organisasi mémang isa mbantu wong miskin, tapi ora bakal bener-bener isa nyingkirké kemiskinan.—Pangandharing Torèt 15:11; Matius 26:11.

NGGAWÉ PERJANJIAN DAMAI

Tujuan: Antar negara mbahas carané nyegah perang utawa ngrampungké masalah bèn isa damai lan saling menguntungkan.

Ngapa kok kuwi angèl: Ana negara sing ora gelem mbahas soal kuwi, ora gelem kerja sama, utawa ora gelem nggawé perjanjian damai. Terus ya ana sing gelem nggawé perjanjian damai, tapi akhiré ora nepati kuwi.

”Nggawé perjanjian damai kuwi ora selalu berhasil. Kadhang perjanjian damai kuwi ora nggawé perangé rampung tapi malah nambahi masalahé.”—Raymond F. Smith, American Diplomacy.

Menurut Alkitab: Wong-wong kudu ”ngupaya rukun”. (Mazmur 34:14) Tapi, saiki wong-wong ”ora setya, . . . ora gelem setuju karo wong liya, . . . [lan] seneng ngianati”. (2 Timotius 3:​1-4) Kuwi nggawé pemimpin, bahkan pemimpin sing apik, ora isa ngrampungké masalah soal perang.

NGURANGI LAN NYINGKIRKÉ SENJATA

Tujuan: Bèn ing negara kuwi senjatané berkurang utawa ora ana senjata, terutama senjata nuklir, senjata kimia, lan senjata biologis.

Ngapa kok kuwi angèl: Negara-negara ora gelem nyingkirké senjatané merga wedi diserang negara liya lan ora nduwé pertahanan. Bahkan meskipun wis ana upaya kanggo ngurangi lan nyingkirké senjata, wong-wong isih nduwé kepénginan kanggo perang.

”Akèh pamréntahan sing janji arep nyingkirké senjatané sakwisé taun 1991, tapi ora nepati janjiné. Mereka ora ngupaya ngurangi penyebab perang, ora njaga hubungan apik antar negara, lan ora berusaha nggawé keadaané damai.”—”Securing Our Common Future: An Agenda for Disarmament”.

Menurut Alkitab: Wong-wong kuduné ora nggunakké senjata, lan ”nggawé pedhangé dadi pisau bajak”. (Yésaya 2:4) Bèn ora ana perang manèh, wong-wong ora mung kudu nyingkirké senjata. Tapi saka atiné, meréka ya ora péngin mèlu perang.—Matius 15:19.

KERJA SAMA KARO NEGARA LIYA

Tujuan: Negara-negara kerja sama nglindhungi negarané saka mungsuh. Mereka mikir nèk negara mungsuh ora bakal nyerang soalé nèk nyerang kudu nglawan akèh negara.

Ngapa kok kuwi angèl: Meskipun wis kerja sama tapi kuwi ora njamin nèk negara-negara kuwi ora bakal diserang. Negara-negara sing kerja sama ora selalu nepati janjiné lan durung tentu gelem mèlu nyerang negara mungsuh.

”Liga Bangsa-Bangsa lan Perserikatan Bangsa-Bangsa dibentuk bèn negara-negara bersatu lan gelem kerja sama. Tapi kenyataané upayané kuwi ora isa nyegah perang.”—”Encyclopedia Britannica”.

Menurut Alkitab: Kerja sama biasané hasilé mémang apik. (Pengkhotbah 4:12) Tapi pamréntah lan organisasi-organisasi ora isa bener-bener nggawé damai lan aman. Kaya sing disebutké ing Alkitab, ”Aja percaya karo manungsa utawa para pemimpin sing ora isa nylametké. Wektu manungsa mati, dhèwèké bali dadi debu. Wektu kuwi, dhèwèké wis ora mikir apa-apa manèh.”—Mazmur 146:​3, 4.

Meskipun negara-negara berusaha tenan bèn isa damai, tapi kenyataané isih ana perang

Apa saiki keadaané luwih damai?

Ana wong-wong sing ngomong nèk saiki keadaané luwih damai timbang mbiyèn. Soalé, nèk dibandhingké perang jaman mbiyèn, saiki perangé mung sedhéla lan ora akèh sing mati. Tapi, ya ana wong-wong sing ragu soal kuwi.

Ora soal apa pandhangané wong-wong, perang ana dampaké kanggo wong-wong ing sak donya termasuk awaké dhéwé.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim