PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp25 No. 1 hlm. 4-5
  • Dampak Perang kanggo Kabèh Wong

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Dampak Perang kanggo Kabèh Wong
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2025
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Menurut Alkitab, Kapan Perang Bakal Berakhir?
    Topik Liyané
  • Perang Ora Mung Ngentèkké Biaya Triliunan, Apa Manèh Dampak Liyané?
    Topik Liyané
  • Piyé Perang Bakal Disingkirké?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2025
  • Perang Rusia lan Ukraina Wis Setaun
    Topik Liyané
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2025
wp25 No. 1 hlm. 4-5

Dampak Perang kanggo Kabèh Wong

”Kèt Perang Donya Keloro, perang tambah akèh. Ana rong milyar wong sing kena dampaké merga manggon ing dhaérah perang.”

Amina J. Mohammed, Deputi Sekretaris-Jéndral Perserikatan Bangsa-Bangsa, 26 Januari 2023.

Perang isa ujug-ujug ana bahkan ing negara sing kétoké aman lan damai. Kuwi isa berpengaruh, bahkan kanggo wong-wong sing ora manggon ing dhaérah perang. Malah, sakwisé perangé mandheg dampaké isih tetep ana. Misalé:

  • Kurang pangan. Menurut Program Pangan Dunia, ”perang dadi penyebab utama kelaparan. Akèh-akèhé wong ing sak donya kelaparan merga manggon ing dhaérah perang”.

  • Masalah keséhatan fisik lan méntal. Wektu ngerti ing negarané isa waé ana perang, wong-wong dadi tambah strès lan kuwatir. Wong-wong sing manggon ing dhaérah perang ora mung terluka, tapi kuwi ya isa marahi trauma. Sing luwih parah, meréka ora isa éntuk obat-obatan lan bantuan mèdis.

  • Kudu ngungsi. Menurut Komisaris Tinggi PBB untuk Pengungsi, nganti sasi September 2023, luwih saka 114 juta wong sak donya kudu ngungsi. Wong-wong kuwi kudu ngungsi merga ana perang.

  • Masalah ékonomi. Merga perang dadi ana masalah ékonomi. Misalé, barang-barang dadi luwih larang timbang biasané. Akèh wong ya sengsara merga dana sing biasané dienggo perawatan keséhatan lan pendidikan malah digunakké pamréntah kanggo tuku senjata. Terus, biaya kanggo mbangun bangunan sing rusak merga perang ya akèh banget.

  • Lingkungan dadi rusak. Wong-wong sengsara merga sumber daya alamé wis rusak. Pencemaran udara, air, lan tanah ya nggawé wong-wong kena penyakit. Bahkan sakwisé perang, wong-wong isa mati utawa luka-luka merga kena ranjau darat utawa alat peledak sing dipendhem ing njero lemah.

Perang bener-bener ngrusak lan ngentèkké akèh biaya

Ramalan ing Alkitab soal Perang

Ing Alkitab ana ramalan nèk salah siji tandhané ”akhir jaman” kuwi bakal ana akèh perang. (Matius 24:3) Yésus tau ngomong:

  • ”Kowé bakal krungu swara perang lan berita-berita soal perang. . . . Bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan.”—Matius 24:​6, 7.

  • ”Nèk kowé krungu swara perang lan gègèran, aja kuwatir.”—Lukas 21:9.

    Ing basa asliné, kata ”gègèran” kuwi berarti seneng mbrontak, ora seneng diatur, padu merga politik, lan nglawan pamréntah.

Nèk péngin ngerti keterangan luwih akèh, wacanen artikel ”Apa Waé Tandhané ’Akhir Jaman’?” ing jw.org/jv.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim