PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp25 No. 1 hlm. 3
  • Perang Peristiwa sing Tragis

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Perang Peristiwa sing Tragis
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • TENTARA
  • MASYARAKAT
  • Isa Ayem Meskipun Ana Perang
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2025
  • Perang Rusia lan Ukraina Wis Setaun
    Topik Liyané
  • Perang Ora Mung Ngentèkké Biaya Triliunan, Apa Manèh Dampak Liyané?
    Topik Liyané
  • Dampak Perang kanggo Kabèh Wong
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2025
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2025
wp25 No. 1 hlm. 3

Perang Peristiwa sing Tragis

Perang kuwi dampaké parah banget lan isa nggawé trauma. Embuh tentara sing mèlu perang utawa masyarakat, kabèh kena dampaké.

TENTARA

”Kami kerep ndelok wong dipatèni utawa luka parah. Kuwi terus-terusan nggawé kami ora tenang.”—Gary, Britania.

”Gegerku karo wajahku tau ketémbak. Aku ndelok akèh wong mati termasuk anak-anak lan wong tuwa. Kuwi nggawé aku terbiasa ndelok wong menderita lan mati. Aku ya dadi mati rasa.”—Wilmar, Kolombia.

”Nèk tau ndelok ana wong sing ketémbak, kowé ora bakal isa nglalèkké peristiwa kuwi. Kowé bakal terus kèlingan piyé wong kuwi kelaran lan bengok-bengok.”—Zafirah, Amerika Serikat.

MASYARAKAT

”Aku ngrasa nèk aku ora bakal isa bahagia manèh. Aku wedi nèk dipatèni. Tapi, aku luwih wedi nèk keluargaku lan kancaku dipatèni.”—Oleksandra, Ukraina.

”Kami tau kudu ngantri panganan saka jam 2 ésuk nganti jam 11 bengi. Kami wedi banget soalé isa waé ketémbak.”—Daler, Tajikistan.

”Wong tuwaku mati pas perang. Aku dadi yatim piatu lan ora ana sing perduli karo aku.”—Marie, Rwanda.

Meskipun wong-wong sing nyritakké pengalamané mau menderita merga perang, tapi akhiré meréka isa ayem lan terhibur. Meréka yakin nèk perang lan kejahatan bakal ora ana manèh. Piyé kuwi isa kelakon? Ing majalah iki bakal dijelaské soal kuwi.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim