PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 Mei hlm. 14-19
  • Ngarep-arep ”Kutha sing Terus Ana Saklawasé”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ngarep-arep ”Kutha sing Terus Ana Saklawasé”
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • PERCAYA KARO YÉHUWAH MERGA DHÈWÈKÉ ORA BAKAL NINGGALKÉ
  • MANUT KARO”WONG-WONG SING MIMPIN”
  • SALING MENYAYANGI LAN MURAH HATI
  • SING BAKAL KELAKON SUKMBÈN
  • Mempelajari Suraté Paulus Bèn Isa Tetep Setya Nganti Akhir
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Nggawé Keputusan sing Mbuktèkké Nèk Ngendelké Yéhuwah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
  • Rendah Hati Ngakoni Nèk Ana Hal-Hal sing Awaké Dhéwé Ora Ngerti
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Isa Cedhak karo Para Sedulur Kuwi Hal sing Apik
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 Mei hlm. 14-19

ARTIKEL PELAJARAN 21

LAGU 21 Kudu Ngutamakké Kerajaan

Ngarep-arep ”Kutha sing Terus Ana Saklawasé”

”Awaké dhéwé lagi ngentèni kutha sing bakal teka.”—IBR. 13:14.

INTI

Pelajaran saka Ibrani bab 13 sing isa bermanfaat kanggo saiki lan sukmbèn.

1. Yésus ngandhani murid-muridé ramalan apa soal Yérusalèm?

PIRANG-PIRANG dina sakdurungé mati, Yésus ngandhani murid-muridé ramalan soal Yérusalèm. Yésus ngomong nèk mengko bakal ”ana akèh tentara sing ngepung Yérusalèm”. (Luk. 21:20) Nah, wektu meréka ndelok akèh tentara kuwi, meréka dikon ndang mlayu ninggalké Yudéa. Ramalané Yésus kuwi kelakon tenan. Yérusalèm dikepung tentara Romawi.—Luk. 21:​21, 22.

2. Rasul Paulus ngekèki pengingat apa kanggo wong-wong Kristen ing Yudéa lan Yérusalèm?

2 Beberapa taun sakdurungé tentara Romawi ngepung Yérusalèm, Rasul Paulus nulis surat sing saiki dikenal dadi buku Ibrani. Isiné surat kuwi penting banget. Ing surat kuwi Paulus ngandhani wong-wong Kristen ing Yudéa lan Yérusalèm bèn meréka siap ngadhepi masa-masa sulit sing bakal kelakon. Mémangé arep ana apa? Yérusalèm bakal dihancurké. Nèk meréka péngin slamet, meréka kudu siap ninggalké omah lan bisnisé. Makané soal kutha Yérusalèm, Paulus nulis, ”Ing kéné, awaké dhéwé ora nduwé kutha sing terus ana saklawasé, ning awaké dhéwé lagi ngentèni kutha sing bakal teka.”—Ibr. 13:14.

3. ”Kutha sing nduwé pondhasi sing kokoh” kuwi apa, lan ngapa kok kudu ngarep-arep kuwi?

3 Wong Kristen sing mutuské kanggo ninggalké Yérusalèm lan Yudéa kétoké diécé lan dianggep bodho karo wong-wong. Tapi, malah merga nggawé keputusan kuwi, meréka dadi slamet. Nah saiki, merga ora ngendelké manungsa lan ora ngutamakké harta, awaké dhéwé ya diécé lan dianggep bodho. Awaké dhéwé gelem melakukan kuwi merga ngerti nèk sedhéla manèh hal-hal kuwi bakal disingkirké. Awaké dhéwé pilih ngarep-arep Kerajaané Gusti Allah merga ngerti nèk kuwi ”kutha sing nduwé pondhasi sing kokoh”.a (Ibr. 11:10; Mat. 6:33) Ing artikel iki bakal dibahas piyé suraté Paulus (1) marakké wong Kristen wektu kuwi dadi ngarep-arep ”kutha sing bakal teka”, (2) marakké meréka siap ninggalké Yérusalèm, lan (3) bermanfaat kanggo awaké dhéwé saiki.

PERCAYA KARO YÉHUWAH MERGA DHÈWÈKÉ ORA BAKAL NINGGALKÉ

4. Ngapa kok Yérusalèm kuwi kutha sing penting kanggo wong Kristen wektu kuwi?

4 Kanggoné wong Kristen wektu kuwi, Yérusalèm kuwi kutha sing penting. Soalé jemaat Kristen sing pertama, dibentuk ing kono taun 33 M. Terus, pengurus pusat ya ana ing kutha kuwi. Uripé akèh wong Kristen ing kono wis cukup mapan. Meréka nduwé omah lan barang-barang. Tapi, Yésus ngélikké nèk meréka bakalé kudu mlayu ninggalké Yérusalèm lan Yudéa.—Mat. 24:16.

5. Apa sing dilakukan Paulus bèn wong Kristen siap wektu mengko dikon ninggalké Yérusalèm?

5 Paulus péngin bèn wong Kristen siap wektu dikon ninggalké Yérusalèm. Makané, dhèwèké berupaya mbantu meréka paham pandhangané Yéhuwah soal kutha Yérusalèm. Paulus ngélingké nèk menurut Yéhuwah, bait, para imam, lan korban sing dipersembahké ing Yérusalèm kuwi wis ora suci manèh. (Ibr. 8:13) Akèh-akèhé penduduk kutha kuwi ya wis nolak Mésias. Wong ora perlu lunga manèh ing Yérusalèm kanggo ngibadah. Yérusalèm lan baité bakal dihancurké.—Luk. 13:​34, 35.

6. Ngapa kok pengingaté Paulus ing Ibrani 13:​5, 6 kuwi tepat waktu?

6 Wektu Paulus nulis surat kanggo wong Kristen Ibrani, Yérusalèm kuwi kutha sing makmur. Ana penulis Romawi sing nyebut Yérusalèm ”kutha sing paling terkenal ing dhaérah Wétan”. Saben taun, wong Yahudi saka endi-endi mara ing Yérusalèm kanggo nekani perayaan-perayaan. Kuwi marakké Yérusalèm perékonomiané maju. Beberapa wong Kristen ya mungkin dadi sugih merga kuwi. Kétoké, kuwi sebabé Paulus ngandhani meréka, ”Aja nresnani dhuwit. Kowé kudu ngrasa puas karo apa sing wis mbok duwèni.” Paulus ya nyebutké janjiné Yéhuwah kanggo saben umaté yaiku, ”Aku mesthi bakal mbantu kowé lan ora bakal ninggalké kowé.” (Wacanen Ibrani 13:​5, 6; PT. 31:6; Mzm. 118:6) Wong Kristen ing Yérusalèm lan Yudéa bakal bener-bener ngrasakké manfaaté nèk ngéling-éling janjiné Yéhuwah kuwi. Soalé, ora suwé bar nampa surat kuwi, meréka kudu ninggalké omahé, bisnisé, lan hartané. Terus, ya kudu ngadhepi akèh tantangan ing panggonan sing anyar.

7. Ngapa kok kèt saiki kudu bener-bener percaya karo Yéhuwah?

7 Sing isa dipelajari: Sedhéla manèh bakal ana ”sengsara gedhé” lan donya sing jahat iki bakal disingkirké. (Mat. 24:21) Kaya wong Kristen jaman mbiyèn, awaké dhéwé kudu terus setya lan siap kèt saiki. (Luk. 21:​34-36) Selama sengsara gedhé, awaké dhéwé mungkin kudu ninggalké omah lan kabèh sing diduwèni. Wektu kuwi, kudu bener-bener percaya nèk Yéhuwah ora bakal ninggalké umaté. Bahkan saiki, sakdurungé sengsara gedhé, ya kudu mbuktèkké nèk bener-bener ngendelké Yéhuwah. Pikirna, ’Apa keputusan lan rencanaku kanggo sukmbèn, nduduhké nèk aku ngendelké Yéhuwah, dudu harta?’ (1 Tim. 6:17) Ya mémang, awaké dhéwé isa niru contoné wong Kristen jaman mbiyèn, tapi sengsara gedhé sukmbèn kuwi bakal luwih abot manèh. Dadi, bèn isa ngerti apa sing kudu dilakukan wektu sengsara gedhé mulai, kudu piyé?

MANUT KARO”WONG-WONG SING MIMPIN”

8. Yésus ngekèki petunjuk apa kanggo murid-muridé?

8 Beberapa taun sakwisé nampa suraté Paulus, wong Kristen Ibrani ndelok nèk tentara Romawi ngepung kutha Yérusalèm. Meréka langsung kèlingan nèk kuwi wektuné kudu mlayu, soalé kutha Yérusalèm arep dihancurké. (Mat. 24:3; Luk. 21:​20, 24) Tapi, arep lunga ing endi? Yésus mung ngomong, ”Wong-wong sing ana ing Yudéa kudu mulai mlayu menyang pegunungan.” (Luk. 21:21) Ing dhaérah kono ana akèh pegunungan, dadi kudu mlayu ing gunung endi?

9. Apa sing isa waé marakké wong Kristen wektu kuwi bingung arep mlayu ing endi? (Deloken péta.)

9 Beberapa pegunungan sing isa dituju kuwi misalé, Pegunungan Samaria, Pegunungan ing Galiléa, Gunung Hèrmon, Pegunungan Lébanon, lan pegunungan-pegunungan ing sebrangé Kali Yordan. (Deloken péta.) Ing dhaérah pegunungan kuwi ana beberapa kutha sing kétoké aman. Misalé, kutha Gamla. Kutha kuwi ana ing pucuk gunung lan kétoké angèl dijangkau. Ana wong Yahudi sing mikir nèk mlayu ing kono bakalé aman. Tapi ternyata tentara Romawi nyerang lan ngancurké kutha Gamla lan matèni akèh penduduké.b

Péta sing isiné keterangan beberapa gunung lan kutha ing Israèl pas jamané wong Kristen mbiyèn. Ing sebelah loré Yérusalèm kuwi ana Pegunungan Lébanon, Galiléa, Samaria, lan Giléad, karo Gunung Hèrmon lan Gunung Tabor. Terus ya ana kutha Gamla, Kaisaréa, lan Pélla. Ing sebelah kidulé Yérusalèm kuwi ana Pegunungan Yudéa, Pegunungan Abarim, lan kutha Masada. Ing péta iki ya ana keterangan jalur serangané tentara Romawi lan dhaérahé wong Yahudi sing direbut tentara Romawi taun 67 M nganti 73 M.

Sakjané ana akèh panggonan sing isa dienggo ngungsi wong Kristen wektu kuwi, tapi durung tentu aman (Deloken paragraf 9)


10-11. (a) Kétoké, Yéhuwah ngekèki petunjuk liwat sapa? (Ibrani 13:​7, 17) (b) Apa manfaaté manut karo ”wong-wong sing mimpin”? (Deloken gambar.)

10 Kétoké, wektu kuwi Yéhuwah ngekèki petunjuk liwat wong-wong sing mimpin ing jemaat. Ahli sejarah sing jenengé Eusebius nulis nèk wektu kuwi kétoké Gusti Allah ngekèki petunjuk beberapa sedulur ing Yérusalèm. Wong Kristen dikon lunga ninggalké Yérusalèm, terus mlayu ing Pélla, kutha ing Péréa. Kutha Pélla kétoké kutha sing cocog dienggo ngungsi soalé jaraké ora adoh saka Yérusalèm. Dadi, perjalanan mranané ora angèl. Sakliyané kuwi, akèh-akèhé wong ing Pélla kuwi dudu wong Yahudi. Dadi, meréka ora bakal berupaya mbrontak nglawan tentara Romawi.—Deloken péta.

11 Merga ’manut karo wong-wong sing mimpin’ ing jemaat, wong Kristen wektu kuwi padha mlayu ing pegunungan, yaiku ing kutha Pélla. (Wacanen Ibrani 13:​7, 17.) Meréka manut, makané slamet. Merga terus percaya karo Kerajaané Gusti Allah yaiku, ”kutha sing nduwé pondhasi sing kokoh”, Yéhuwah ora ninggalké meréka.—Ibr. 11:10.

Sak rombongan wong Kristen sing lagi mlaku ngliwati pegunungan karo nggawa barang-barang.

Panggonan sing aman kanggo ngungsi kuwi kutha Pélla (Deloken paragraf 10-11)


12-13. Piyé Yéhuwah ngarahké umaté selama masa sing sulit?

12 Sing isa dipelajari: Nganti saiki, Yéhuwah isih ngekèki petunjuk spésifik liwat ”wong-wong sing mimpin” ing organisasi. Ing Alkitab ana akèh conto piyé pas masa sulit Yéhuwah ngarahké umaté liwat wong-wong lanang sing dadi gembala. (PT. 31:23; Mzm. 77:20) Saiki, awaké dhéwé ya malah wis ndelok dhéwé nèk Yéhuwah terus nuntun umaté liwat ”wong-wong sing mimpin” ing organisasi.

13 Misalé pas pandemi COVID-19, ”wong-wong sing mimpin” ngekèki arahan kanggo jemaat-jemaat. Para pinituwa dikèki petunjuk piyé bèn para sedulur isa terus ngibadah lan nginjil. Mung beberapa bulan sakwisé pandemi, ana pertemuan gabungan wilayah ing luwih saka 500 basa sing diadakké liwat internèt, TV, lan radio. Sing pasti, selama pandemi, para sedulur terus nampa petunjuk sing dibutuhké saka Yéhuwah. Hasilé, umaté Yéhuwah isa terus bersatu. Dadi, yakina nèk ora soal tantangan apa sing bakal diadhepi, Yéhuwah bakal terus ngarahké ”wong-wong sing mimpin” bèn meréka isa nggawé keputusan sing bener. Nah, sakliyané percaya karo Yéhuwah lan manut petunjuké, awaké dhéwé kudu ngapa manèh?

SALING MENYAYANGI LAN MURAH HATI

14. Menurut Ibrani 13:​1-3, terutama sakdurungé Yérusalèm dihancurké, wong Kristen kudu nduduhké sifat apa?

14 Ana conto sing apik sing isa ditiru saka wong Kristen ing Yérusalèm lan Yudéa. Mémang, meréka wis terbukti selalu saling menyayangi. (Ibr. 10:​32-34) Tapi, beberapa taun persis sakdurungé Yérusalèm dihancurké, meréka kudu luwih ”nresnani sedulur liyané” lan luwih ”murah hati” timbang sakdurungé.c (Wacanen Ibrani 13:​1-3.) Nah pas sengsara gedhé sukmbèn, awaké dhéwé ya kudu luwih saling menyayangi timbang sakdurungé. Makané, kuwi isa diupayakké kèt saiki.

15. Bar mlayu saka Yérusalèm, apa waé sing marakké wong Kristen Ibrani kudu nduduhké nèk sayang lan murah hati karo seduluré?

15 Wektu tentara Romawi sing ngepung Yérusalèm ngerti-ngerti lunga, kuwi kesempatan wong Kristen isa mlayu. Tapi merga mlayuné cepet-cepet, sing isa digawa mung sithik. (Mat. 24:​17, 18) Dadi, selama perjalanan lan pas tekan ing kutha Pélla, meréka kudu saling mbantu soalé kuwi panggonan anyar lan mesthi ana akèh kesulitan. Nah, ”pas ana sing bener-bener mbutuhké”, meréka isa saling nulungi lan saling berbagi. Kuwi kesempatan kanggo mbuktèkké nèk bener-bener sayang lan murah hati karo seduluré.—Tit. 3:14.

16. Piyé nduduhké nèk sayang karo para sedulur sing butuh bantuan? (Deloken gambar.)

16 Sing isa dipelajari: Merga sayang, awaké dhéwé gelem sak isa-isané mbantu para sedulur sing mbutuhké. Misalé, akèh sedulur réla nulungi sedulur-sedulur sing dadi pengungsi merga perang utawa bencana alam. Meréka nyedhiakké tempat tinggal lan apa sing dibutuhké. Meréka ya nyemangati bèn para sedulur kuwi isa terus setya nglayani Yéhuwah. Ana sedulur wédok sing kudu ngungsi saka Ukraina merga perang, sing crita, ”Aku wis ngrasakké dhéwé bantuané Yéhuwah sing nuntun lan nulungi aku liwat para sedulur. Para sedulur nyambut lan bener-bener nggatekké aku selama ing Ukraina, Hongaria, lan saiki ing Jerman.” Dadi nèk murah hati lan seneng nulungi, kuwi berarti awaké dhéwé kerja sama karo Yéhuwah.—WB. 19:17; 2 Kor. 1:​3, 4.

Sepasang suami istri lansia sing nyambut sak keluarga sing ngungsi ing omahé. Keluarga kuwi mung nggawa koper siji lan tas beberapa.

Saiki para sedulur sing ngungsi ya butuh bantuané awaké dhéwé (Deloken paragraf 16)


17. Ngapa kok kèt saiki kudu nduduhké nèk saling menyayangi lan murah hati?

17 Selama sengsara gedhé, awaké dhéwé kudu luwih seneng saling mbantu. (Hab. 3:​16-18) Makané kèt saiki, Yéhuwah nglatih awaké dhéwé bèn saling menyayangi lan murah hati. Sifat-sifat kuwi sing bakal dibutuhké selama sengsara gedhé.

SING BAKAL KELAKON SUKMBÈN

18. Piyé carané niru wong Kristen Ibrani sing mlayu ing pegunungan?

18 Pas Yérusalèm dihancurké, wong Kristen sing mlayu ing pegunungan akhiré slamet. Meskipun meréka wis ninggalké kabèh sing diduwèni, Yéhuwah tetep ngopèni meréka. Yéhuwah ora tau ninggalké meréka. Nah, nèk saiki piyé? Mémang, awaké dhéwé ora ngerti kabèh sing bakal kelakon sukmbèn. Tapi, Yésus wis ngélingké nèk awaké dhéwé kudu siap manut. (Luk. 12:40) Makané, ayo ngrenungké lan ngetrapké naséhaté Paulus kanggo wong Kristen Ibrani. Élinga nèk Yéhuwah dhéwé wis janji ora bakal ninggalké awaké dhéwé. (Ibr. 13:​5, 6) Nèk terus ngarep-arep ”kutha sing terus ana saklawasé” yaiku Kerajaané Gusti Allah, awaké dhéwé bakal menikmati berkah nganti saklawasé.—Mat. 25:34.

APA JAWABANÉ?

  • Ngapa kok kudu berupaya bèn semakin percaya karo Yéhuwah kèt saiki?

  • Ngapa kok selama ”sengsara gedhé” awaké dhéwé kudu siap manut?

  • Ngapa kok kèt saiki kudu berupaya saling menyayangi lan murah hati?

LAGU 157 Kabèh Damai Bakalé

a Jaman mbiyèn ana kutha-kutha sing dipréntah karo raja. Kutha kaya ngono isa dianggep kerajaan.—PD. 14:2.

b Peristiwa iki kelakon taun 67 M, ora suwé sakwisé wong Kristen mlayu saka Yudéa lan Yérusalèm.

c Istilah ”nresnani sedulur liyané” ing ayat iki isa berarti kasih sayang ing antarané anggota keluarga. Tapi Paulus nggunakké kuwi kanggo nggambarké kasih sayang ing antarané para sedulur ing jemaat.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim