ARTIKEL PELAJARAN 20
LAGU 7 Yéhuwah Gunung Watuku
Penghiburan saka Yéhuwah
”Muga-muga Gusti Allah . . . dipuji. Dhèwèké kuwi Bapak sing gampang mesakké lan Gusti Allah sing mènèhi penghiburan ing keadaan apa waé.”—2 KOR. 1:3.
INTI
Sing isa dipelajari saka carané Yéhuwah menghibur wong Yahudi sing ditawan ing Babilon.
1. Ngapa kok wong Yahudi butuh dihibur?
SELAMA bertaun-taun, wong Yahudi bola-bali ora manut karo Yéhuwah. Akibaté, negarané dihancurké wong Babilon lan meréka digawa dadi tawanan ing Babilon. (2 Bb. 36:15, 16, 20, 21) Ya mémang, pas ditawan ing Babilon, meréka isih isa melakukan kegiatan sehari-hari. (Yér. 29:4-7) Tapi tetep waé kuwi ora gampang. Mesthi meréka sakjané ora péngin ngalami kaya ngono. Piyé perasaané meréka? Ana salah siji sing ngomong, ”Awaké dhéwé lungguh ing pinggiré kali-kali sing ana ing Babilon. Awaké dhéwé nangis pas kèlingan Zion.” (Mzm. 137:1) Wong-wong Yahudi kuwi bener-bener butuh dihibur. Tapi, sapa sing isa menghibur meréka?
2-3. (a) Apa sing dilakukan Yéhuwah kanggo wong Yahudi sing ditawan? (b) Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?
2 Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing mènèhi penghiburan ing keadaan apa waé”. (2 Kor. 1:3) Yéhuwah sayang lan péngin nguwatké umaté. Yéhuwah ngerti nèk wong-wong sing ditawan kuwi bakal ana sing menyesal lan péngin nglayani Dhèwèké manèh. (Yés. 59:20) Makané, luwih saka 100 taun sakdurungé meréka ditawan ing Babilon, Yéhuwah ngongkon Nabi Yésaya nulis buku Yésaya. Kanggo apa? Kaya sing disebutké Yésaya, ”Gusti Allah ngomong, ’Tulung umat-Ku dihibur.’” (Yés. 40:1) Ing buku Yésaya, Yéhuwah ngekèki penghiburan kanggo wong-wong Yahudi sing ditawan kuwi.
3 Kaya wong Yahudi, kadhang awaké dhéwé ya butuh dihibur. Ing artikel iki bakal dibahas cara-carané Yéhuwah menghibur meréka. (1) Yéhuwah janji bakal ngampuni wong-wong sing wis bertobat, (2) Yéhuwah ngekèki harapan, lan (3) Yéhuwah mbantu bèn meréka ora wedi manèh. Terus, ya bakal dibahas piyé Yéhuwah menghibur umaté saiki nganggo cara-cara kuwi.
YÉHUWAH NGAMPUNI
4. Apa buktiné nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing gampang mesakké? (Yésaya 55:7)
4 Yéhuwah kuwi ”Bapak sing gampang mesakké”. (2 Kor. 1:3) Buktiné, Dhèwèké janji bakal ngampuni wong Yahudi sing bertobat. (Wacanen Yésaya 55:7.) Yéhuwah ngomong, ”Aku bakal mesakké karo kowé merga Aku nduduhké katresnan sing langgeng marang kowé saklawasé.” (Yés. 54:8, cathetan ngisor) Piyé Yéhuwah mbuktèkké rasa mesakkéné? Meskipun wong Yahudi isih kudu ngrasakké akibat saka kesalahané, Yéhuwah wis janji nèk meréka ora bakal saklawasé ing Babilon. (Yés. 40:2) Wong Yahudi sing bertobat lan menyesal mesthi bakal ngrasa terhibur.
5. Nèk dibandhingké wong Yahudi, ngapa kok awaké dhéwé isa luwih yakin nèk Yéhuwah bener-bener gelem ngampuni?
5 Apa pelajarané? Yéhuwah gelem ngampuni umaté nganti tuntas. Nèk dibandhingké wong Yahudi sing ditawan, awaké dhéwé kuduné luwih yakin nèk Yéhuwah bener-bener gelem ngampuni. Soalé, awaké dhéwé ngerti apa sing wis dilakukan Yéhuwah bèn isa ngampuni. Kira-kira 700 taun sakwisé Yésaya ngomongké soal pengampunané Yéhuwah, Yéhuwah ngongkon Anaké teka ing bumi bèn dadi tebusan. Merga korban tebusané Yésus, dosané awaké dhéwé isa diampuni. (Kis. 3:19; Yés. 1:18; Éf. 1:7) Yéhuwah bener-bener Gusti Allah sing gampang mesakké.
6. Ngapa kok awaké dhéwé isa dadi terhibur nèk mikirké pengampunané Yéhuwah? (Deloken gambar.)
6 Nèk isih ngrasa bersalah merga kesalahan sing mbiyèn padahal wis bertobat, kata-katané Yéhuwah ing Yésaya 55:7 isa menghibur awaké dhéwé. Perasaan bersalah kuwi isa waé muncul merga saiki lagi ngrasakké akibat saka kesalahan kuwi. Tapi, nèk wis ngakoni lan ora mbalèni manèh, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah wis ngampuni, sing artiné dosa kuwi wis ora diéling-éling manèh. (Bandhingna Yérémia 31:34.) Dadi, nèk Yéhuwah waé wis ora ngéling-éling kesalahan kuwi, awaké dhéwé kuduné ya ngono. Sing penting kanggo Yéhuwah kuwi apa sing awaké dhéwé upayakké saiki, dudu kesalahan sing mbiyèn-mbiyèn. (Yèh. 33:14-16) Ora suwé manèh, ing donya anyar, Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh kesusahan sing dialami merga kesalahan sing dilakukan mbiyèn.
Sing penting kanggo Yéhuwah kuwi dudu kesalahané awaké dhéwé mbiyèn, tapi apa sing awaké dhéwé upayakké saiki (Deloken paragraf 6)
7. Nèk wis nggawé dosa gedhé, apa sing marakké awaké dhéwé gelem ngaku karo para pinituwa?
7 Piyé nèk hati nuraniné terganggu merga wis nggawé dosa gedhé tapi didhelik-dhelikké? Menurut Alkitab, awaké dhéwé dikon njaluk bantuané para pinituwa. (Yak. 5:14, 15) Mémang, ngakoni dosa kuwi mungkin ora gampang. Tapi, kudu éling nèk pinituwa wis dikon Yéhuwah mbantu awaké dhéwé. Meréka ya bakal kaya Yéhuwah sing penyayang lan gampang mesakké. Nèk ngrenungké soal kuwi lan nduwé kepénginan kanggo bertobat, awaké dhéwé mesthi dadi péngin ngaku. Gatèkna pengalamané Sedulur Arthur.a Hati nuraniné terganggu merga kesalahan sing dilakukan mbiyèn. Gatèkna piyé Yéhuwah mbantu liwat para pinituwa. Arthur crita, ”Selama kira-kira setaun, aku nonton pornografi. Tapi bar ngrungokké ceramah soal hati nurani, aku ngaku karo bojoku lan para pinituwa. Bar kuwi aku lega, tapi isih kecéwa karo diri sendiri. Para pinituwa ngélingké nèk Yéhuwah isih gelem nampa aku. Disiplin kuwi malah bukti nèk Dhèwèké sayang karo aku. Aku tersentuh karo omongané pinituwa kuwi. Aku dadi yakin nèk Yéhuwah bener-bener ngampuni aku.” Saiki, Arthur nglayani dadi perintis biasa lan abdiné jemaat. Rasané nentremké banget merga ngerti Yéhuwah selalu siap ngampuni nèk awaké dhéwé wis bener-bener menyesal.
YÉHUWAH NGEKÈKI HARAPAN
8. (a) Yéhuwah ngekèki harapan apa kanggo wong Yahudi sing ditawan? (b) Menurut Yésaya 40:29-31, merga ana harapan kuwi, meréka dadi piyé?
8 Wong Yahudi isa waé mikir nèk meréka ora bakal bali ing Yérusalèm. Soalé, wong Babilon ora tau mbébaské tawanané. (Yés. 14:17) Tapi, Yéhuwah ngekèki umaté harapan. Dhèwèké janji bakal mbébaské meréka, lan janji kuwi mesthi bakal kelakon. (Yés. 44:26; 55:12) Kanggoné Yéhuwah, Babilon kuwi mung kaya debu. Disebul waé langsung ilang. (Yés. 40:15) Dadi, mbébaské umaté saka Babilon kuwi gampang banget kanggo Yéhuwah. Wong Yahudi mesthi dadi terhibur banget. Tapi ora mung kuwi. Yésaya nulis, ”Wong sing berharap marang Yéhuwah bakal dadi kuwat manèh. Wong-wong kuwi bakal kaya elang sing mabur dhuwur banget nganggo sayapé.”—Wacanen Yésaya 40:29-31.
9. Apa sing marakké wong Yahudi sing ditawan isa yakin karo janjiné Yéhuwah?
9 Yéhuwah ya ngekèki bukti-bukti bèn wong Yahudi yakin karo janjiné. Ana akèh ramalané Yéhuwah sing wis kelakon sing didelok dhéwé karo wong Yahudi. Misalé, Asiria ngalahké kerajaan Israèl sisih lor lan nggawa penduduké dadi tawanan. (Yés. 8:4) Yérusalèm ya dihancurké Babilon lan penduduké ditawan. (Yés. 39:5-7) Raja Babilon nggawé Zédékia dadi wuta, terus nggawa dhèwèké ing Babilon. (Yér. 39:7; Yèh. 12:12, 13) Kabèh sing diramalké Yéhuwah kelakon tenan. (Yés. 42:9; 46:10) Kabèh peristiwa kuwi mesthi marakké wong Yahudi tambah yakin karo janjiné Yéhuwah nèk meréka mesthi bakal dibébaské.
10. Bèn harapan isa kétok jelas ing pikiran, awaké dhéwé kudu piyé?
10 Apa pelajarané? Wektu lagi sedhih utawa putus asa, awaké dhéwé isa tetep semangat lan terhibur merga nduwé harapan. Keadaan jaman saiki saya kacau lan tambah akèh sing ora seneng karo umaté Yéhuwah. Tapi, awaké dhéwé ora éntuk putus asa. Yéhuwah janji awaké dhéwé bakal urip saklawasé ing Firdaus. Ing kono, keadaané aman lan damai. Harapan kuwi kudu terus jelas ing pikiran. Harapan kuwi isa diumpamakké kaya pemandangan sing apik banget sing isa didelok saka jendhéla. Nèk jendhélané reged, pemandangané dadi ora kétok jelas. Nah, piyé carané ”ngresiki jendhéla” kuwi? Kudu nyisihké wektu kanggo mbayangké harapan ing donya anyar. Isa maca artikel, nonton vidéo, utawa ngrungokké lagu sing isiné soal harapan. Wektu ndonga, awaké dhéwé ya isa crita karo Yéhuwah soal janji apa sing awaké dhéwé entèn-entèni ing donya anyar.
11. Critakna piyé Sedulur Joy isa semangat manèh meskipun lara parah.
11 Gatèkna pengalamané Sedulur Joy sing lara parah. Dhèwèké isa semangat lan terhibur merga nduwé harapan. Dhèwèké crita, ”Wektu aku ngrasa masalahku abot banget, kabèh tak critakké karo Yéhuwah. Aku ngerti nèk Dhèwèké memahami aku. Terus, Yéhuwah ngekèki aku ’kekuwatan sing luar biasa’.” (2 Kor. 4:7) Joy ya mbayangké wektu dhèwèké wis ing donya anyar. Ing kono ora ana wong sing ”bakal ngomong, ’Aku lara.’” (Yés. 33:24) Dadi, nèk nyritakké kabèh kekuwatiran ing Yéhuwah lan ngupayakké bèn harapan terus jelas ing pikiran, awaké dhéwé ya bakal éntuk kekuwatan kanggo ngadhepi masalah.
12. Apa sing marakké awaké dhéwé yakin karo janjiné Yéhuwah? (Deloken gambar.)
12 Saiki, Yéhuwah ya ngekèki bukti-bukti bèn awaké dhéwé yakin karo janjiné Yéhuwah. Ana akèh ramalan sing wis kelakon. Misalé, soal pamréntahan sing paling kuwat sak donya sing terbukti ”kuwat sebagéan lan rapuh sebagéan”. (Dan. 2:42, 43) Ana akèh ”gempa bumi ing endi-endi”. Terus, kabar apik ya diumumké kanggo ”kabèh bangsa”. (Mat. 24:7, 14) Merga ndelok dhéwé ramalan kuwi lan ramalan liyané kelakon, awaké dhéwé dadi tambah yakin nèk janjiné Yéhuwah mesthi bakal dadi kenyataan.
Awaké dhéwé isa percaya janjiné Yéhuwah merga wis ndelok ramalan-ramalan sing kelakon (Deloken paragraf 12)
YÉHUWAH NGGAWÉ AWAKÉ DHÉWÉ ORA WEDI MANÈH
13. (a) Wektu arep dibébaské, apa sing bakal diadhepi wong Yahudi? (b) Kaya sing disebutké ing Yésaya 41:10-13, piyé Yéhuwah menghibur wong Yahudi sing ditawan?
13 Mémang, wong Yahudi terhibur merga janjiné Yéhuwah. Tapi, Yéhuwah ya ngerti nèk meréka isa waé wedi. Soalé wektu meréka arep dibébaské, ana raja sing bakal ngancurké bangsa-bangsa ing sekitaré Babilon, terus ya nyerang Babilon. (Yés. 41:2-5) Tapi, sakjané wong Yahudi ora perlu wedi. Bertaun-taun sakdurungé kuwi, Yéhuwah wis menghibur umaté. Dhèwèké ngomong, ”Aja wedi merga Aku ndhukung kowé. Aja kuwatir merga Aku Gusti Allahmu.” (Wacanen Yésaya 41:10-13.) Apa maksudé wektu Yéhuwah ngomong ”Aku Gusti Allahmu”? Yéhuwah ora lagi ngongkon wong Yahudi nyembah Dhèwèké, merga meréka wis ngerti soal kuwi. Yéhuwah lagi ngélingké nèk Dhèwèké bakal selalu ana ing pihaké meréka.—Mzm. 118:6.
14. Apa manèh sing dilakukan Yéhuwah bèn wong Yahudi ora wedi?
14 Bèn wong Yahudi sing ditawan ora wedi, Yéhuwah ngélingké meréka soal kuwasa lan pengetahuané sing luar biasa. Yéhuwah ngongkon meréka ndelok langit sing akèh bintangé, terus ngomong nèk Dhèwèké ora mung nyiptakké, tapi ya ngerti jenengé saben bintang. (Yés. 40:25-28) Nèk jenengé saben bintang waé Yéhuwah ngerti, Dhèwèké ya mesthi ngerti jenengé saben umaté. Terus nèk Yéhuwah nduwé kuwasa kanggo nyiptakké bintang-bintang, Dhèwèké mesthi ya isa nulungi umaté. Dadi, wong Yahudi sing ditawan kuwi ora perlu kuwatir utawa wedi.
15. Wektu arep dibébaské, wong Yahudi sing ditawan dikon ngapa?
15 Yéhuwah ya ngandhani apa sing kudu dilakukan wong Yahudi wektu meréka arep dibébaské. Ing Yésaya 26:20, Yéhuwah wis ngandhani, ”Mlebua ing kamarmu, lan tutupen lawangé. Kowé kudu ndhelik sedhéla nganti Aku ora nesu manèh.” Kétoké, wong Yahudi manut préntah kuwi pas Raja Korès nyerang Babilon. Ana ahli sejarah Yunani sing ngomong nèk wektu Korès nyerang Babilon, dhèwèké ”ngongkon [prajurité] matèni kabèh sing ana ing njaba omah”. Wong-wong sing ana ing Babilon wektu kuwi mesthi wedi banget. Tapi, wong-wong Yahudi sing ditawan kétoké slamet merga manut préntahé Yéhuwah.
16. Ngapa kok ora perlu wedi ngadhepi sengsara gedhé sukmbèn? (Deloken gambar.)
16 Apa pelajarané? Sedhéla manèh, awaké dhéwé bakal ngadhepi peristiwa sing paling medèni, yaiku sengsara gedhé. Wektu kuwi kelakon, wong-wong sak donya bakal bingung lan kewedèn. Tapi nèk umaté Yéhuwah ora wedi, soalé ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allahé awaké dhéwé. Awaké dhéwé bakal tetep kendel merga ngerti nèk ’ora suwé manèh bakal dibébaské’. (Luk. 21:28) Bahkan wektu diserang gabungan bangsa-bangsa, awaké dhéwé bakal terus percaya Yéhuwah. Yéhuwah bakal nglindhungi liwat malaékat lan ngekèki petunjuk-petunjuk. Piyé Yéhuwah mengko ngekèki petunjuk-petunjuk kuwi? Saiki awaké dhéwé ora ngerti. Tapi, mungkin kuwi bakal disampèkké liwat jemaat. Dadi isa waé, jemaat kuwi sing dipadhakké kaya ’kamar’ sing isa marakké awaké dhéwé terlindung. Berarti kèt saiki kudu piyé? Kudu akrab karo para sedulur, manut arahané organisasi, lan yakin nèk Yéhuwah sing ngarahké organisasi iki.—Ibr. 10:24, 25; 13:17.
Merga ngrenungké kuwasané Yéhuwah kanggo nylametké, sukmbèn selama sengsara gedhé ora perlu wedi (Deloken paragraf 16)b
17. Bèn isa terus ngrasakké penghiburané Yéhuwah, awaké dhéwé kudu piyé?
17 Meskipun wong Yahudi sing ditawan uripé susah, Yéhuwah ngekèki penghiburan. Yéhuwah ya bakal kaya ngono karo awaké dhéwé, ora soal apa sing bakal kelakon. Makané, kudu percaya nèk Yéhuwah bener-bener mesakké lan gelem ngampuni umaté. Harapan ya kudu terus jelas ing pikiran. Terus, ya ora perlu wedi, merga Yéhuwah kuwi Gusti Allahé awaké dhéwé.
LAGU 3 Kekuwatan, Harapan, lan Sing Tak Percaya
a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.
b PENJELASAN GAMBAR: Beberapa sedulur seiman lagi ngumpul bareng. Wektu ndelok bintang-bintang, meréka éling nèk Yéhuwah nduwé kuwasa sing gedhé lan isa nglindhungi umaté ing endi waé.